You are on page 1of 1

KEPENGURUSAN KEGIATAN RUTINAN

FORUM REMAJA DUSUN KEMPONG (FRDK)


Dusun Kempong, Desa Donorojo, Kecamatan Tegalrejo
Kabupaten Magelang

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak Kadus dusun Kempong, Desa Donorojo, Tegalrejo, Magelang. Poro
‘Alim Ulama ingkang kulo ta’dhimi, Sesepuh pini sepuh kasepuhan ingkang minulya saha para
wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah SWT Ingkang Maha Kuwaos, panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan
dumatheng kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun
keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan ing
malem 17 Agustus punika.

Mboten kesupen sholawat soho salam kulo aturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad Shollallahu alaihi wasalam, bi qoulina Allahumma sholli ala Sayyidina Muhammad. Mugi
kulo soho panjenengan sami pinaringan safa’at benjang ing yaumil kiamat amiin...

Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya
masyarakat saha remaja dusun kempong ... sampun sami kepareng paring pambyantu punapa
kemawon datheng panitya, murih saged ipun kaleksanaan mahargya syukuran pengetan tanggap
warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 77 (pitung dhoso pitu) surya kaping 17 Agustus 2022 (pitulas
agustus kaleh ewu kaleh doso kaleh).

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan
Indonesia ingkang kaping pitung doso pitu (77).

Poro rawuh ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu
tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajengipun
langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka. Ugi sesarengan nyenyuwun mugi Dusun Kempong
puniko waget tambah kesaenan ipun, rahayu, tata tentrem, paring barokah samudayanipun, dipun
tebihaken saking musibah saha ponco boyo lir ing sambikolo.

Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken kirang
renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged nyuwun agunging
pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken lelenggahan kanthi mardikaning
penggalih, sarta panutuping atur,

Wallahul mufawiq ilaa aqwami thoriq


Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like