You are on page 1of 3

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I

TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : ……………………


Kelas : VII (Tujuh) Waktu :07.30 – 09.30 WIB

SENDANG BIRU
Sendang biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan
Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.
Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune warnae
biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana
fasilitas wis sumadiya ing antarane yaiku penginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
1. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung wewengkon
tegese....
a. Bagean b. Panggonan c. Wilayah d. Dunung

2. Isine paragraf siji yaiku....


a. Pesisir Sendang Biru c. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang
b. Panggone Pesisir Sendang Biru d. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang

3. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran....


a. Wernae banyu segara katon biru c. Ana sumber sing banyune biru
b. Pemandhangane katon biru d. Wehine katon biru

4. Fasilitas sing sumadiya ing Sendang Biru yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba....
a. Prau sewan b. Panginepan c. Travel d. Omah jaga

5. Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku....


a. Ing Sendang biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan
prau sewan.
b. Para pengunjung yen kepengin menyang Sendang Biu bisa nganggo kendaraan pribadi utawa
kendaraan umum.
c. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan
Sumbermanjing.
d. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

6. Papan panggonan sing .... obyek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik. Tembung sing cocog kanggo
nggenepi ukara ing dhuwur yaiku....
a. Ndadekake b. Didadeni c. Didadekake d. Ndadeni

7. Sing klebu tuladhane tembung penggandheng yaiku....


a. apa, pira, kaya c. karo, nalika, lan
b. apik, resik, padhang d. loro, akeh, sepuluh

8. Panulise tembung ing ukara ngisor iki bener, kajaba....


a. Adhiku duwe pitik kate cacah limo.
b. Wayah sore akeh kalong mabur golek pangan.
c. Ajining dhiri dhumunung ana ing lathi.
d. Para kadang tani sengkud tandang gawe ing sawah.

9. Panggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku....


a. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar.
b. Pak Marto ora weruh yen ana tamu.
c. Siti tumbas sekul tigang bungkus

| PTS I BAHASA JAWA KELAS VII TAPEL 20../20.. 1


d. Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo.
10. Tuladha tembung sing nganggo swara [i] miring yaiku....
a. wajik, sapi, ublik, petis c. lading, kalis, arit, alis
b. siji, sawi, klambi, mati d. wiwitan, dhuwite, adhine

11. Tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan barang utawa sing dianggep barang diarani....
a. Tembung ancer-ancer c. Tembung sesulih
b. Tembung kahanan d. Tembung panguwuh

12. Tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang diarani....
a. Tembung sesulih b. Tembung aran c. Tembung Katrangan d. Tembung Wilangan

13. Sing klebu tuladhane tembung kahanan yaiku....


a. saiki, sesuk, awan, bengi c. lunga, dolan, tuku, turu
b. gunung, jaran, jeep, pura d. sengsara, panas, sugih, luwe

14. Sing klebu tuladhane tembung wilangan yaiku....


a. nalika, mula, yen, manawa c. lan, hore!, para, kuwi
b. siji, loro, telu, selawe d. siji, satus, akeh, banjur

15. Sing klebu tuladhane basa ngoko lugu, kajaba....


a. Bocah-bocah padha mangan rujak legi.
b. Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar.
c. Para wisatawan seneng lunga menyang gunung Bromo.
d. Budi ngombe wedang jahe.

16. Wacanen teks ing ngisor iki sing titi!


Rafida Helmi lair tanggal 3 Juli 1998 Ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi
lan ibu Rofi’ah. Rafida pancen pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi
kedokteran Ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Setaun sinau ing TK banjur mlebu
SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran mlebu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan
SMA uga mlebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasine Rafida ngetutkake
mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil
jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dhewe-dhewe.
Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....
a. Rafida pinter lan genius c. Prestasine Rafida ngetutkake mbakyune
b. Ing SD mlebu kelas akselerasi d. Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran

17. Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks yaiku....
a. Prestasine c. isih enom dadi dokter
b. kesadharan sinau dhewe d. mlebu kelas akselerasi

18. “Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dhewe-dhewe.”
Ukara ing dhuwur kalebu bagean teks....
a. Orientasi b. prastawa c. masalah d. reorientasi

19. Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959
Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk
karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani
nganti saiki dadi lambange Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.
Tembung lelabuhan tegese....
a. cita-cita b. jasa c. andhil d. modal

20. Teks ing nomer 4 kalebu bageane struktur teks profil tokoh....
a. Prastawa b. orientasi c. masalah d. reorientasi

21. Tut wuri handayani, sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki tegese yaiku....
a. Ing mburi tansah menehi tuladha c. Ing mburi tansah menehi pamrayoga
b. Saka mburi tansah paring tetulung d. Saka mburi tansah nyengkuyung

| PTS I BAHASA JAWA KELAS VII TAPEL 20../20.. 2


22. Pak Isman .... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa Merah Putih Biru engga kari Merah Putih ing
Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku....
a. Ndelok b. nyawang c. nyekseni d. mriksani

23. Tembung sing durung owah saka asale diarani....


a. Tembung rangkep b. Tembung lingga c.Tembung andhahan d.Tembung dwipurwa

24. Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara. Pandhapuke tembang jeron kurung
yaiku....
a. Mbaleni b. bola-bali c. bali-bali d. dibaleni

25. Tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus yaiku....


a. Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
b. Sinten ingkang Sampeyan percados dados ketua kelas?
c. Kulo diutus tumbas camilan datheng warung
d. Panjenengan sesuk apa sida tindak Lamongan?

26. “Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889 kagungan asma asli RM Suwardi
Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa....
a. ngoko alus b. ngoko lugu c.krama alus d. krama lugu

27. Ing ngisor iki sing klebu tembung Rangkep, kajaba....


a. Tembung dwilingga c. Tembung andhahan
b. Tembung dwipurwa d. Tembung camboran

28. Sing klebu tuladhane tembung lingga yaiku....


a. sapu duk, rujak uleg, bola-bali c. apik, sapu, banyu, sugih
b. diparingi, digawa, nyapu, nyawang d. sugih, nyawang, lunga, nyolong

29. Tembung kang ngrangkep wasanane utawa wanda diarani....


a. Tembung camboran c. Tembung dwiwasana
b. Tembung dwilingga d. Tembung andhahan

30. Tembung loro dicambor dadi siji, lan sing dicambor wujud wancahan utawa tugelane tembung diarani....
a. Tembung camboran wancah c. Tembung camboran wutuh
b. Tambung lingga d. Tembung andhahan

II. Tulisen nganggo aksara jawa!


1. Atiku bungah amarga dadi juara

2. Bude surti rawuh saking solo

3. Marang wong tuwa kudu manut

4. Bola – bali ora tau menehi kabar

5. Lunga menyang Surabaya nitih sepeda

| PTS I BAHASA JAWA KELAS VII TAPEL 20../20.. 3

You might also like