You are on page 1of 8

Seni Pertunjukkan Tradisional Jawa

Wonten ing samadyaning masyarakat, seni sampun akrab lan mboten saged uwal
saking bebrayan. Seni pertunjukkan utawi ing bahasa Inggris dipunwastani performing art,
dipunwastani minangka tampil utawi aksinipun pawongan utawi kelompok ing papan lan
wegdal tartamtu. Penampilan saking seni pertunjukkan, biyasanipun anggadhahi sekawan
unsur, inggih menika ; wekdal, ruang, paraga, lan hubungan seniman kaliyan penontonipun.
Tiyang ingkang maragaaken seni pertunjukan utawi ngolah ing bidang seni dipunwastani
seniman.
Ing tanah Jawa menika ugi kathah seni pertunjukkan ingkang asring dipunpentasaken.
Seni pertunjukkan biyasanipun dipunpentasaken ing adicara pahargyan utawi mengeti acara
adat tartamtu. Ing pementasanipun, seni pertunjukan tradisional mbeta pesen utawi amanat
ingkang badhe dipunaturaken dhumateng penontonipun, ing antawisipun asipat sosial, politik,
lan moral. Seni pertunjukan tradidional nggadhahi fungsi kathah, ing antawisipun fungsi
pendidikan, fungsi ritual, lan media tuntunan lan hiburan. Nanging ing jaman samenika seni
pertunjukkan dipungelar kangge nglipur masyarakat. Seni pertunjukkan tradisional Jawa ing
antawisipun; kethoprak, Srandul, Klothekan lesung, Dhagelan, Jathilan, Reog, Wayang,
Angguk, Calung, Ebeg, Tayuban, Begalan,lan Uyon-uyon.

A. Fungsi seni Pertunjukan Tradisional


1. Fungsi Ritual
Ing jaman rumiyin, seni pertunjukan tradisional thukul awit wontenipun
keperluan-keperluan ritual. Tuladhanipun seni pertunjukan tradisional minangka
sarana ritual inggih menika tari bedhaya ketawang. Tari menika dipungelar ing
jumenenganipun Kanjeng Sultan lan dipercaya ing tari menika manjing Kanjeng Ratu Kidul.
Tarian menika kedah dipunpentasaken putri cacah 9 ingkang tasih suci.
2. Fungsi pendidikan
Salah satunggaling fungsi seni pertunjukkan tradisional inggih menika fungsi
pendidikan. Dados seni pertunjukan saged dados media pendidikan utawi tuntunan
kangge para penontonipun. Paraga ing seni pertunjukkan tradisional sami mbeta misi
utawi pesen ingkang badhe dipunaturaken dhumateng penonton, saged mawi dialog
utawi obahing sarira.
3. Fungsi media penerangan utawi kritik sosial
Ing jaman samenika seni pertunjukkan saged efektif dingge srana kritik sosial.
Kanthi wontenipun tokoh punakawan upaminipun, saged kangge ngritik pagesangan
masyarakat ing bebrayan lan pamarintahan. Kanthi dialog-dialog sindiran saking para
tokohipun, pesen lan kritik ing masalah social masyarakat saged terealisasikan.
4. Fungsi Hiburan utawi minangka sarana lelipur
Biasanipun penonton ningali pagelaran seni pertunjukkan tradisional kangge
pados hiburan utawi nglelipur ati, ngilangaken kesel utawi setres. Tuladhanipun ing
gara-gara nalika pementasan ayang kulit, meika naming pyur hiburan kangge nglelipur
para penonton.

Kawaosa wacan ing ngandhap menika!

A. Ludruk

Ludruk inggih menika kesenian drama tradisional saking Jawa Timur. Ludruk
dipunparagakaken dening grup kesenian, dipunggelar ing panggung kanthi mendhet cariyos
padintenan, cariyos perjuangan, lan sapanunggalanipun. Ing salebeting cariyos ludruk
dipunselingi lawakan lan dipuniringi gamelan.
Seni ludruk minangka manunggaling sekawan unsur ingkang boten saged
dipunpisahaken, inggih menika ngremo, kidungan, dhagelan, lan cariyos (lakon). Pacelathon
(dialog lan monolog) ing kesenian ludruk asipat minangka pangglipur, lan damel gumujeng
pamirsanipun. Migunakaken basa khas Surabaya, kanthi basa ingkang lugas supados gampil
dipuntampi dening pamirsa ing sedaya kalanggan. Paggelaran ludruk biyasanipun dipunwiwiti
pagelan tari remo. Tokoh ing donyaning ludruk ing antawisipun inggih menika Kartolo, pelawak
ludruk legendaris saking Surabaya. Kartolo sampun 40taun, gesang ing salebeting seni ludruk.
Swanten lan banyolan ingkang khas ndadosaken Kartolo moncer lan kawentar ing jagading
seni ludruk.

B. Dhagelan

Ngayogyakarta ing antawisipun taun 1938 ngantos dugi taun 1960 dados punjeripun
dhagelan Magtaram (DM). Ananging sakmenika Dhagelan Mataram sampun mbleret. Ing
tengahing bebrayan agung Jawa, kiprahipun DM sanggsaya langka. Kamangka, kanthi
lantaran DM, kathah bab-bab ingkang saged dipunpethik lan dipunsinau mungguhing gesang
ing alam donya. Kejawi lucu, DM ngemu pitutur ingkang murakabi tumrab ingkang mresani.
Rumiyin, saking kalokane, DM sumrambah ngantos Jawa Tengah, jawa Timur, Jawa Barat,
lan Jakarta. Lakon ingkang kawentar ing antawisipun Maling Kontrang-Kantringan, Basiyo
Mbecak, Basiyo Kapusan, Impen Daradasih, Popok Wewe, lan Pari Bengkong.
Ngantos samenika, sauntawis pelawak-pelawak mudha Yogyakarta ugi sami damel
kreasi saking perangan-perangan penting ing DM, upami ing babagan ide, lan pembabakan.
Ide-ide DM biasanipun dipunpendhet saking prakawis padintenan ing masyarakat.
Sasampunipun ide katemokaken, lajeng dipunolah kanthi bumbu humor lumantar gerak,
dhialog, lan obahing pasuryan. Pentas DM biyasanipun namung betahaken wegdal 45-90
menit, ingkang dipunbagi tigang babak, ingggih menika ngudarasa, wacana, lan lidding
dongeng. Ngudarasa inggih menika paraga ngandharaken kawontenanipun (bermonolog),
wacana inggih menika paraga sesambungan kalih paraga sanesipun ingkang wigatinipun sami
ngembangaken ide-ide cerita, lan liding dongeng inggih menika dudutan lakon. Wonten ing
mriki para paraga tasih ndagel sanajan lan sampun rampung. Sedaya saged kalampah
amarggi dhagelan minanggka sawijining seni improvisasi ingkang dipunsaranani basa Jaswa
lan aksi. Titikane DM paraganipun ngagem busana Jawa. Paraga kakung ngginakaken cakrik
Surakarta,dene pacakan asuryanipun mboten dipun gatosaken, menawi dipunpacaki nggih
namung kangge panyengkuyung supados ketingal lucu. Supados pamentasan DM sansaya
regeng, dipun iringi gamelan lan saben babakane dipunselingi tembang-tembang lucu utawi
gecul.

(kapethik saking Jayabaya, dening dhanu Priyo Prabowo, kanthi owah-owahan saperlune)
Tembung jathilan asalipun saking tembungg jawi “jan” ingkang tegesipun kasinggihan,
ugi “thil thilan” ingkang tegesipun kathah obah. Jathilan inggih menika beksan tradisional
ingkang paraganipun migunakaken jaran kepang. Jathilan dipunpentasaken minangkan
beksan pangglipur ing pahargyan supitan, resepsi manten, lan sapanunggalanipun. Beksan
dipunpentasaken dening tiyang enem kanthi pasangan. Paraganipun inggigh menika prajurit,
buto, anoman, barongan, saha penthul. Busananipun kadosta celana sadhengkul, jarik batik,
kaos lengen panjang, stagen, srempang, sampur, iket, sumping, saha kacatingal cemeng.

Jathilan asring senibut trance inggih menika tari kesurupan. Wonten versi ingkang
nyebataken nenawi tarian menika nggambaraken cariyos perjuangan Raden Patah ingkang
dipun biyantu kaliyan Sunan Kalijaga mengsah Walanda. Versi sanesipun nyebataken menawi
tarian menika nyariyosaken gladhen perang pasukan Mataran ingkang dipunpandheggani
dening Kanjeng Sultan Hamengku Buwono I kanggge ngadhepi pasukan Walandi.

Instrumen jathilan ing antawisipun; kendhang, saron, gong, bonang, slompret, saha ketipung.
Pagelaran jathilan kaperang dados tiga, inggih menika :

a. Sesi perang, inggih menika prajurit ingkang nembe gladhen perang


b. Sesi lawakan inggih menika prajurit sami ngaso anggenipun beksan, lajeng medal juru
panglipur inggih menika naga, penthul, celeng, pacet, lan sapanunggalanipun.
c. Sesi trance inggih menika sasampunipun sesi perang, sami ngaso lan anggenipun
ngaso sami kesurupan roh kuda satemah sami polah ingkang boten kantenan. Prajurit
wau saged nyrumbat klapa ngangge waja, ngremus mawa, tebu, lan
sapanunggalanipun.

C. Kethoprak

Kethoprak minangka seni pertunjukan ingkang sampun kondhang ing Jawi Tengah, Jawi
Wetan, saha Ngayogyakarto. Kethoprak menika seni pertunjukkan ingkang ngginakaken basa
Jawa. Kethoprak lair watawis taun 1920 ing Sala, ananging nembe moncer ing taun 1950-an.
Ing seratipun Kuswandjikawindra Susanta, ngandharaken bilih tembung kethoprak asalipun
saking nama alat inggih menika tiprak. Tembung tiprak, mula bikanipun saking prak, prak,
pramila lajeng dipunwastani kethoprak.
Kethoprak menika seni pertunjukan hiburan rakyat, ingkang karibta ing sanjawining
kraton. Wonten ing pagelaran kethoprak, dipuncawisaken panggung, lan kaentha raja,
pangeran, patih, putri, utawi sinten kemawon ingkang dipunkajengaken. Ing salebeting cariyos
wonten dagelanipun supados sansaya gayeng. Kethoprak saged dados medhiya tradisional,
ingkang nggadhahi fungsi kangge nggayuh pembangunan, amargi medhiya menika gadhah
audiensi (penonton) ingkang wiyar, kethoprak menika merakyat. Pramila, nggadhahi kakiyatan
kangge nglantaraken warta dhateng masyarakat tanpa dipunpeksa, amargi kethoprak sampun
mbalung sungsum nyawiji ing pagesangan tiyang dhusun.

Jinis kethoprak:
a. Kothekan lesung
Wujud mulabukanipun kethoprak lan dados winih pagelaran kethoprak.
b. Kethoprak lesung wiwitan
Wonten tari-tarian lan jangkep kaliyan cariyos gesangipun para tani.
c. Kethoprak lesung
Pagelaran carita jangkep, nggangge carita rakyat kairing gamelan.
d. Kethoprak gamelan
Dipunjangkepi kaliyan cariyos Panji lan ageman Mesiran
e. Kethoprak gamelan pendhapa
Pagelaranipun ing pangggung tanpa payon
f. Kethoprak panggung
Kethoprak ingkang dipungelaraken ing panggung, kanthi awujud carita rakyat,
sejarah, legenda, babad, lan ugi adaptasi cariyos saking negara manca.

Ciri kethoprak
a. Carita kanthi paraga/ pemain
b. Kairing tabuhan gamelan
c. Ngangge tembang ingkang dados tetenger kethoprak
d. Wonten dialog, monolog,
e. Migunakaken kostum

Isi cariyos kethoprak


a. Cariyos saking dongeng, tuladhanipun lakon andhe-andhe Lumut, Angglingdarma,
Rara Mendhut, Panji Jaka Kembang Kuning, joko bodho
b. Cariyos saking sejarah, tuladhanipun lakon Gajah Mada
c. Cariyos saking legenda, tuladhanipun rara jongrang, baru klinthing
d. Cariyos saking manca, tuladhanipun lakon Abu Nawas, Sampek Eng thay, Maling
Saka Bagdat, lsp.
D. Wayang

Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking


wewayanggan ingkang sinungging. Wayang wiwit wonten ing samadyaning bebrayan
ageng tiyang Jawa udakara abad kapingg 1, rikala jaman Prabu Airlangga kados
ingkang sinerat selebeting kakawin arjunawiwaha yasanipun Mpu Kanwa. Jinising
wayang ingkang ginelar ing pagelaran wayang:
1. Wayang beber, wujudipun lulang ingkang dipunsungging tanpa tinatah, mendhet
lampahan cariyos panji.
2. Wayang Purwa, wujudipun lulangg sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Ramayana lan mahabarata
3. Wayang madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet
lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.
4. Wayang golek, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan
cariyos menak.
5. Wayang klithik, wayang ingkang nyariyosaken babad tanah Jawa lan pasundan,
wujudipun saking kajeng memper wayang kulit.
6. Wayang gedhog, wandanipun saemper wayang kulit purwa namung bedanipun
bogten mawi gelungg sepit urang, cariyosipun mendhet lampahan saking cariyos
Panji.
7. Wayang kancil, Wujudipun lulang ingkang sinungging lan ikukiran mawi
gegambaran sato kewan. Mendhet lampahan cariyos para kewan.
8. Wayang wong, wayang ingkang paraganipun tiyang lan mendhet
lampahan Mahabarata lan Ramayana.

Ubarampe salebeting wayang purwa punika wigatos sanget, awit lumantar


menika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan gtingali, wondene
ubarampenipun antawisipun :
 Layar/geber
Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit
utawi cemeng.
 Blencong
Lampu kangge madhangi geber,
 Wayang
 Cempurit
Piranti kanggge ngapit wayang kadamel saking sunggu kebo, penjalin/pring
 Cempala
Kangge ndhodog kothak paring sasmita tumrape para nayaga.
 Keprak
 Niyaga lan pesindhen
 Gamelan

E. Tari
Seni tari inggih mnenika salah satunggaling cabang seni ingkang
dipunwujudaken kanthi obahing awak lan dipuniringi kanthi gendingan utawi
lelagon. Ing wewengkon Ngayogakarta, kathah jenis tari tradisional ingkang
tasih dipun uri-uri dening masyarakat, ing antawisipun:

a. Tari angguk
anguk inggih menika tarian saking Kulon progo, wiwit ing taun 1900an,
muncul amargi wontenipun pesta malik jaman Walanda.
b. Tari bedhaya semang
Tari bedhaya semang dipungelar kangge kepertuan kraton, kadosta ing
adicara jumenengan. Penarinipun cacah sanga.
c. Tari golek Ayun-ayun
Tari menika dipungelaraken kangge nyambut tamu pening ing adicara kraton.
d. Tari srimpi
Tarian menika rumiyin naming dipungelar ing adicara resmi kraton.
Namung ing Kaman samenika tari srimpi saged dipungelaraken ing
adicara sanesipun kadostanyambut tamu.
e. Tari satriyo watang
Tari menika dipunsebut ugi tari prawiro watang. Tari menika nyariyosaken
gagahipun prajurit jaman rumiyin.

You might also like