You are on page 1of 9

Palapuran Bahasa Jawa

Upacara Adat “Tedak Siten”

Dening :

1. Abdul Rosyid (01) 11. Moreno Figo (21)


2. Adinda Puspa (03) 12. M. Zaidan A (23)
3. Ainur Ravi (05) 13. Nabilah Fauziah Agustina (25)
4. Alif Rizqi (07) 14. Novianti Putri (27)
5. Cinta Adinda (09) 15. Nurul Qomarani (29)
6. Dziahullhaq M (11) 16. Rizka Ulfiatun N (31)
7. Farzah Dwi (13) 17. Sintia Nurwigianingsih (33)
8. Febri Musa (15) 18. Vidiasya Hastyarahma (35)
9. Frisca Flarisclarissa (17)
10. Lia Permatasari (19)

XI MIPA 5

SMA NEGERI 7 MALANG

TAHUN PELAJAR 2018/2019


ATUR PANGIRING

Puji syukur kula aturaken dhateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih kanthi
kuwaosipun dene kula keparang misungsungaken palapuran Bahasa Jawi kangge
ngaleksanaaken dhawuh saking pawiyatan khusuipun wacalan Basa Jawi.

Palapuran Basa Jawi punika kaajah kangge nambah pangertosan khususipun babagan
kawruh Basa Jawi, terutama pangajab upacara adat.

Wusana, winangka pungkasaning atur, kula gadhah pandonga mugi-mugi


pambudidaya kula, asupi Palapuran Bahasa Jawi punika saged kangge liyantu nyekapi
kabetatakan ing pawiyatan damel saening palapuran punika kula tampi kanthi remening
manah. Mugi-mugi paluparan niki saged dipunginakake kangge nglastantunaken upacara adat
Tedak Siten. punika wonten manfaatipun tumrap pamaos.
DHAFTAR ISI

Kaca Judhul................................................................................................................................1

Atur Pangiring............................................................................................................................2

Dhaftar Isi..................................................................................................................................3

Bab I (Purwaka).........................................................................................................................4

A. Lelandhesaning Panaliten.....................................................................................................4

B. Undering Panaliten...............................................................................................................4

C. Tujuwane Panaliten..............................................................................................................4

Bab II (Andharan)....................................................................................................................5

A. Mula Bukane Adat Tedak Siten..........................................................................................5

B. Tata Rakite Upacara Adat Tedak Siten...............................................................................5

C. Pralambang lan Maknane Uba Rampen Upacara Adat Tedak Siten..................................6

Bab III (Panutup).....................................................................................................................8

A. Dudutan...............................................................................................................................8

B. Panyaruwe...........................................................................................................................8

Kapustakan...............................................................................................................................9
BAB I

PURWAKA

A. Landhesing Panaliten
Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7
selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan
yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa.
Selapan iku pendhak 35 dinten pisan.
Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih
punika "tedhak” utawi idhak,tegese mudhun lan “siten" saking tembungsiti kang
tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi.
Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener
ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa
kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan
tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun
maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing
budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku
ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora
becik mula dianakake upacara tedhak siten.

B. Undering Panaliten
Adhedhasar landhesaning panaliten kang wis diandharake ing perangan sadurunge
bisa digawe undering panaliten kaya ing ngisor iki.
1. Kepriye mula bukane upacara adat tedak siten ?
2. Kepriye tata rakite upacara adat tedak siten ?
3. Apa pralambang lan makna kang kinandhut ing sajrone uba rampen upacara adat
tedak siten ?

C. Tujuwan Panaliten
Adhedhasar udering panaliten ing ndhuwur bisa didudut tujuwan panaliten kaya ing
ngisor iki.
1. Njlentrehake mula bukane upacara adat tedak siten.
2. Njeletrahake tata rakite upacara adat tedak siten.
3. Njelentrehake pralambang lan makna kang kinandhut ing sajrone uba rampen
upacara adat tedak siten.
BAB II
ANDHARAN

A. Mula Bukane Upacara Adat Tedak Siten


Ing kawitanupacara adat tedak siten ing SMA Negeri 7 Malang, diadakake
kanthi sederhana lan hikmat. Iki tegese adicara kang digelar mumg salumrahe
tanpa hiburan lan sapanunggalane.
Adicara tedak siten salah sawijime rasa syukur nalika bocah sampun nembe
pisanan ajar mlaku. Ing kene para tamu lan sanak saudara nyekseni kabagyan
kelurga saking bocah, wonten acara tedak siten.
Ing jaman biyen Upacara Tedhak siten dianakaké amarga ana kapitayan
masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala.
Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké
putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni
upacara iki, luwih becik miturut weton.
Mangkono mau andharan ngenani mula bukane upacara adat tedak siten ing
SMA Negeri 7 Malang. Sabanjure kepriye tata rakite lan uba rampe apa wae kang
ana ing sajrone upacara adat tedak siten, gatekna ing berangan ngisor iki.

B. Tata Rakite Upacara Adat Tedak Siten


Acara dibuka saka sambutan wong tua bocah tedak siten.
 Adicara ingkang kapisan inggih menika, bocah dituntun kaliyan ibukipun
mlampah maju kaliyan ngidhak jadah 7 warna ingkang dipundamel saking ketan.
Jadah dipun atur saking warna ingkang padhang kanthi warna ingkang peteng.
Punika pralambang : bocah saget nglampahi tantangan ing sugengipun.
Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko
Mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

 Adicara ingkang kapindho inggih menika, bocah dituntun minggah tanggah


ingkang dipundamel saking wit tebu “arjuna” lajeng mandhap maleh. Tebu
punika asalipun saking tembung “antebing kalbu” ingkang gadah teges : tekad
ing ati ingkang manteb. Ingkang “arjuna” punika gadah teges : supados bocas
saget lelakon kaya arjuna. Ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung
jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti
kaliyan Negara.

 Adicara ingkang katelu inggih menika, bocah dipuntuntun kangge mlampah ing
pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ateges : ingkang sampun gedhe saget
nyukupi kabutuhanipun.

 Adicara kaping sekawan inggih menika, bocah kalawau dipunlebetaken ing


kurungan. Ing kurungan wonten macem-macem benda ingkang kalawau sampun
disebutaken. Kurungan nglambangaken donya , dados dikarepken bocah kalawau
mlebet donya lan ing njero uripipun saged kacukupan awit saking pakaryanipun
ingkang sampun dipilih saking cilik.

 Adicara kaping gangsal inggih menika, bapak kaliyan simbahipun bocah nyebar
duwit logam. Nggadahi teges : supados bocah ingkang sampun dewasa saget
dados bocah ingkang dermawan. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged
dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan
seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

 Adicara kaping enem inggih menika, bocah dipunadusi kangge toya ingkang
sampun dipuncampur kaliyan kembang setaman.

 Adicara kapitu inggih menika, bocah dipundandani ngagem rasukan ingkang


resik lan apik. Gadah teges : bocah nggadahi dalan urip ingkang apik lan saged
nyukupi kaluwargane.

 Selanjute pembacaan doa saka Ustadz, supaya acara diberkahi lan ndueni
manfaat gae sak kabehe.

 Lan adicara bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

C. Pralambang lan Maknane Uba Rampen Upacara Adat Tedak


Siten

Pengaron sing diisi kembang setaman.


 Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
 Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké
suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1. Pari sabengket
2. Kapuk sabengket
3. Piranti nulis
4. Bokor kang diisi beras kuning
5. Werna-werna jinis dhuwit
6. "Perhiasan"
 Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
 Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
 Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak
undhakané urip sing arep dilakoni anak.
 Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon.
Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-
werna.
 Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
BAB III
PANUTUP

A. Dudutan
Adhedhasar andharan ngenani upacara adat tedak siten saged dianakake
minangka wujud rasa syukur nalika bocah sampun nembe pisanan ajar
mlaku. Saben adicara kasebut dadi pralambang ing sajrone adicara pahargyan,
uga ngandhut makna-makna kang becik kanggo bocah kasebut.

B. Panyaruwe
Ing palapuran iki akeh oirembungan kang durung karembung kanthi
sampurna. Kanggo kasampurnane palapuran iki panulis ngarepake panyaruwe
saka para pamaos. Sakabehe panyaruwe mau saperlu kanggo mbenerake
utawa nyalahake saengga wekasane bisa luwih sampurna.
Kapustakan

Berlyan, 2016. Upacara Adat Tedak Siten. Diambil dari :


http://berlyansalsabilla.blogspot.com/2016/03/upacara-adat-tedhak-siten.html

http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/08/tedhak-siten-dalam-bahasa-
jawa.html

dan Buku Lks Bahasa Jawa Lintas Jatim, kelas XI semester 1 halaman 31-38.
Disusun sesuai Pergub Jatim No 19 Tahun 2014

You might also like