You are on page 1of 3

KEONG MAS

BAGIAN 1 : Ing sawijining dinten, Raden Inu Kertapati lan Candra kirana wonten ing kerajaan, ngewontenake
parepatan kangge ngrembag babagan nikahane Raden Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana. Ananging Dewi Galuh
sedereke Candra Kirana ora seneng, yen Raden Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana nikahan amarga Dewi galuh
nduweni rasa marang Raden Inu Kertapati. Dheweke banjur lunga saka kerajaan, kanggo nemoni Mbah Dukun sing
ana ing alas.

BAGIAN 2 : Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani Mbok Randha Dadapan sing lagi
golek iwak nganggo jala ing kali.

BAGIAN 3 : Saktekane ing kali…

BAGIAN 4 : Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang dijupuk
nganggo jala. Nanging, dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut ing jalane. Keong mas
mau banjur digawa bali karo Mbok Randha ing omah .

BAGIAN 5 : Sakwise tekan omah, keong mau banjur disimpen ana ing genthong lan diopeni dening Mbok Randha.
Dina sesuke, Mbok Randha bali menyang kali nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe… iwake ora
njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang ngomah.

BAGIAN 6 : Saktekane ing ngomah, Mbok Randha Dadapan digawe kaget amarga neng meja pawone wis ana
panganan kang enak-enak, dheweke kaget banget.

BAGIAN 7 : Mbok Randha banjur ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio ing sekitaran omah. Mbok Randha
tambah bingung mikir asale panganan kuwi saka ngendi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti
sapa sing menehi panganan kanggo dheweke.

BAGIAN 8 : Sesuke Mbok Randha ethok-ethok e lungo menyang kali padahal, dheweke menyang mburi omah
pengin ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha Dadapan digawe kaget amarga keong mas sing ana ing
genthong ngerti-ngerti dadi perawan ayu. Perawan mau banjur masak lan nyepakake panganan neng meja. Mbok
Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.

BAGIAN 9

Sakwise mangsuli pitakonan saka Mbok Randha, Candra Kirana banjur malih maneh dadi keong mas. Mbok Randha
Dadapan semaput amrga kaget karo kedadean sing awit dialami.

BAGIAN 10 : Raden Inu Kertapati krungu lan ngerti menawi Candra Kirana ilang. Dheweke banjur madosi Candra
Kirana kanthi nyamar dadi rakyat biasa.

BAGIAN 11 : Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep nggoleki Candra Kirana. Dheweke
banjur nyamar dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.

BAGIAN 12 : Nalika ana ing tengah dalan, Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke ketemu Mbah
Dukun kang nyamar dadi manuk gagak kan nduweni niat nyelakakake Raden Inu Kertapati nanging Raden Inu
Kertapati ora ngerti niat jahat mbah dukun.
BAGIAN 13 : Raden Inu Kertapati ngelanjutake langkah e kanggo nggoleki Candra Kirana. Nalika ana ing tengah
alas, Raden Inu Kertapati boten nemokake Candra Kirana, dheweke malah ketemu pengemis, pengemis iku kandha
yen Candra Kirana ana ing pinggir alas cedak kali, ing Desa Dadapan.

BAGIAN 14 : Raden Inu Kertapati lanjut nggolek i Candra Kirana. Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu
kekuatan

BAGIAN 15 : Wonten ing dadapan, Raden Inu Kertapati mampir ana ing salah sawijining gubuk arep mampir
ngombe. Dheweke kaget amarga Candra Kirana ana ing njero gubuk kuwi.

BAGIAN 16 : Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening baleke
Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan Candra kirana boten nesu kaliyan Dewi Galuh nanging, nasibe
Dewi Galuh yaiku sedereke Candra Kirana, tetep dimudhunke tingkatane amarga tumindhake sing nistha banjur ora
dadi dewi maneh nanging dadi rakyat biasa ing Desa Dadapan.

AMANAT CERITA: Kita aja seneng nduweni sifat iri lan dengki marang wong liya nganti nduweni niat
nyilakai lan ngerusak kebahagiaan e wong liya, amarga kabeh ulah jahat bakal nduweni balesan ing dina liyane.

You might also like