You are on page 1of 1

PIDATO B.

JAWA

Assalamualaikum wr. wb

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMK Texmaco Semarang. Ingkang
kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMK Texmaco Semarang. Ingkang kula tresnani kanca-kanca
SMK Texmaco Semarang sedaya.

Puji syukur kula aturaken ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal
menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal.

Kula, saha wakil saking kelas kalih welas (12) ngaturaken agunging panuwun dhumateng
Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kula lan
kanca-kanca, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan SMK Texmaco Semarang.

Kula lan kanca-kanca namung saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan,
kasarasan, lan katentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos
paripurna kanthi biji ingkang sae.

Kula lan rencang-rencang ugi nyuwun gunging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu
Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih
Bapak Ibu Guru sedaya.
Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan
rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

You might also like