You are on page 1of 3

Assalamu’alaikum wr. wb.

Panjenenganipun para rawuh, para takziyah ingkang kinurmatan, para


sesepuh, saha para pinisepuh ingkang minulya. Ugi panjenenganipun
para kadang mudha ingkang sami asung bela sungkawa, ingkang
linambaran ing tresna lan asih.

Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken


asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun
paring welas dhumateng kula panjenengan sedaya saengga kula
panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinaringan karaharjan
mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika,
sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan ngonjukaken raos
syukur kanthi maos kalimat tahmid, Alhamdulillahirabbil ‘alamin…

Madyaning panandhang ing kalenggahan punika, kula ingkang piniji


dening para kulawarga panandhang, inggih panjenenganipun Alm Bp.
Muhroni, kinen njejeri minangka pambiwara ingkang tartamtu
kaeneraken wonten tata upacara bidhaling layon.

Innalillahi Wa Innailaihi Raji’un…

Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa 70 tahun, swargi Bp.
Muhroni rikala dinten Senin Kliwon surya kaping 28 Juni 2021 watawis
tabuh 13.30, awit saking lantaran nandhang gerah sawatawis wekdal.

Para pambela sungkawa, para takziyah, takziin ingkang kinurmatan.

Keparenga kula ngaturaken menggah urut reroncening adicara


upacara bidhaling layon ingkang sampun karakit dening para kadang
kulawangsa.

1. Pambuka.

2. Atur Dhuhkita Sabda Kulawarga.

3. Jenazah kaangkataken.

4. Pambidhaling layon saha katutup donga saking Bp. Budi minangka


Modin.
Para pambela sungkawa ingkang kinurmatan, mekaten reroncening
adicara ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.

1. Sumangga adicara bidhaling layon dipunbuka kanthi waosan


Basmalah.

Bismillahirrahmanirrahim…

Maturnuwun, acara ingkang angka setunggal sampun kalampahan.

2. Acara ingkang angka kalih inggih menika atur Dhuhkita Sabda


Kulawarga. Dhumateng Bp. Ahmad sumangga. [pre-memori]

Maturnuwun.

3. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika Taushiyah.


Ingkang badhe dipunpimpin dening Ibu Nadya. Dhumateng Ibu Nadya
sumangga. [pre-memori] Ibu Nadya kula aturaken agunging panuwun.

4. Ingkang salajengipun para pambela sungkawa kakung putri ingkang


kinurmatan, angkating layon badhe kaleksanan dening para kulawarga
panandhang, ingkang punika dhumateng panjenenganipun para
kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon
kasumanggakaken. [pre-memori]

5. Layon badhe kapetak saha kasarekaken wonten ing astana laya


Suwaung Kali Amba sru panyuwunipun para panandhang.
Sakderengipun pambidhaling layon, dipunwiwiti ndedonga konjuk
wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang murbeng dumadi, wondene
ingkang piniji nuninggih panjenenganpun Bp. Budi minangka modin.
Dhumateng Bp. Budi wekdal kasumanggakaken. [pre-memori]

Mugi alusipun suwargi Bp. Ghufron Muhtadi tansah pinaringan


pangapunten saha tansah katampi anggenipun sowan ngarsa Gusti
ingkang maha Agung, Aamiin..

6. Lajeng mbok bilih para pambela sungkawa mboten wonten


pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing
astana laya Suwaung Kali Amba. Wondene wonten pakaryan ingkang
wigati kulawarga panandhang namung saget ngaturaken panuwun
saha ngaturaken sugeng kondur.
Kula pribadi minangka pranatacara mbok bilih anggen kula ngaturaken
urut reroncening adicara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah
kiranging basa, kula nyuwun lubering pangaksama.

Ing wasana akhirul kalam, wabilahittaufiq wal hidayah,


Wassalamu’alaikum wr. wb.

You might also like