You are on page 1of 15

Latihan Soal

____ 1.
Serangan jantung bisa disebabake tekanan dharah kang dhuwur lan merga rokok
. Mula kasus serangan jantung luwih akeh kelakon ing priya tinimbang wanita. Wong
kang nduwe penyakit dharah tinggi lan kolesterol dhuwur luwih gedhe resikone ken
a serangan jantung. Mula yen nduwe penyakit kaya kang kasebut ing dhuwur mau kudu
prayitna ngati-ngati njaga kasarasane. Diupayakake tekanan dharahe lan kadar kol
esterol ora kliwat wates klawan ngatur dhaharan lan njaga boboting awak satimbang
, ora kelemon.

Serangan jantung bisa disebabake amarga ....


a. Tekanan dharah rendah d. Boboting awak kang kurang
b. Kadhar kolesterol rendah e. Ora seneng rokok
c. Tekanan dharah kang dhuwur
____ 2. Kencur wis dianggo jamu para leluhur kita turun tumurun. Sakliyane kanggo jamu k
ena kanggo bobok sendhi kang abuh, pegel,, linu, njarem,. Biasane dicampur karo b
eras sing wis dibubuk alus. Kena kanggo bumbu masak, senajan ambune ora enak lan
rasane rada pedhes getar. Bumbu pecel, urap, (gudhangan), ora bakal sedhep tanpa
kencur.

Kencur sakliyane kanggo jamu uga bisa dimanfaatake kaya kang kasebut ing ngisor
iki, kajaba....
a. kanggo bobok sendhi sing abuh d. kanggo bumbu pecel lan urap
b. kanggo tamba pegel linu e. kanggo tamba lara mata
c. kanggo obat njarem
____ 3. Kencur wis dianggo jamu para leluhur kita turun tumurun. Sakliyane kanggo jamu k
ena kanggo bobok sendhi kang abuh, pegel,, linu, njarem,. Biasane dicampur karo b
eras sing wis dibubuk alus. Kena kanggo bumbu masak, senajan ambune ora enak lan
rasane rada pedhes getar. Bumbu pecel, urap, (gudhangan), ora bakal sedhep tanpa
kencur.

Pethilan teks ing ndhuwur kalebu jenis karangan...


a. narasi d. persuasi
b. deskripsi e. argumentasi
c. eksposisi
____ 4.
Setitekna teks ing ngisor iki!
Tempe
Ora kaya panganan dhele tradhisional liyane kang biyasane asale saka Cina lan Je
pang.
Tempe iku asli Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku kawitan. Nanging
nyatane panganan tradhisional iki wis dikenal wiwit pirang-pirang abad kawuri, ut
amane ing tatanan budaya panganan masyarakat Jawa. Ing bab 3 lan bab 12 manuskrip
Serat Centhini kanthi seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung tempe,
umpamane kanthi nyebut jeneng nyamikan jae santen tempe (saemper masakan tempe ng
anggo santen) lan dhele tempe srundengan. Tembung tempe dirasa saka basa Jawa kun
a. Ing jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung kang dia
rani tumpi. Tempe seger kang awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kaseb
ut. Saliyane iku ana rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus Ja
wa-Belanda.

Alinea ing dhuwur kalebu teks....


a. narasi d. persuasi
b. deskripsi e. prediksi
c. argumentasi
____ 5. Jroning cerita pewayangan ing lakon Brubuh Ngalengka, sing njalari dumadine papr
angan antarane raja Ngalengka lan raja Pancawati yaiku merga pokal gawene raja Ng
alengka sing ndhusta Dewi Sinta.
Raja Ngalengka kang watake angkara murka jenenge...
a. Prabu Ramawijaya d. Prabu Rahwana
b. Raden Wibisono e. Prabu Destarastra
c. Prabu Kumbakarno
____ 6.
DEWI TRIJATHA

Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka,
dheweke dikancani Dewi Trijatha, anak wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana k
uwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dewi S
hinta saka godha lan patrape Prabu Dasamuka kang kurang ajar. Saben arep ngganggu
, Dewi Trijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa t
etep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengi
n ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.
Pratelan ing ngisor iki sing pas karo crita ing dhuwur, yaiku ....
a. Dasamuka nduweni watak kang d. Dewi Trijatha kuwi kapetung putune
wicaksana Prabu Dasamuka
b. Dewi Trijatha, anak wadone Prabu e. Dasamuka kang kepengin ngrebut
Dasamuka keratone Dewi Shinta
c. Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing
Taman Saloka

____ 7. Jroning cerita pewayangan ing lakon Brubuh Ngalengka, sing njalari dumadine papr
angan antarane raja Ngalengka lan raja Pancawati yaiku merga pokal gawene raja Ng
alengka sing ndhusta Dewi Sinta.

Raja garwane Dewi Shinta jenenge...


a. Prabu Matswapati d. Prabu Dasamuka
b. Prabu Kumbakarno e. Prabu Ramawijaya
c. Prabu Destarastra
____ 8. Wayang kang nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik ngant
i perang Bharatayudha Jayabinangun yaiku ...
a. Kadhewatan d. Mahabharata
b. Arjuna Sasra e. Wayang Beber
c. Ramayana
____ 9.
Wacanen kanti teliti wacana ing ngisor iki!
"Tomas kuwi sawijining siswa kelas 11 ing SMK Karanganyar. Sawijining dina, ana
pertandingan persahabatan futsal. Sing ngenekake yaiku SMK Karya Nugraha Boyolali
. Dadi, minggu ngarep bakal ana pertandingan ing antarane SMK Karanganyar lan SMK
Karya Nugraha Boyolali. Ing wektu-wektu sadurunge pertandingan kuwi, Tomas latia
n kanthi sregep lan dhisiplin. Kamangka sadurunge Tomas ora tau melu latian. Nanging wektu
pertandingan ndilalah gawang SMK Karanganyar bisa dijebol dening SMK Karya Nugraha
Boyolali. Dadi pertandingan dimenangake SMK Karya Nugraha Boyolali kanthi skor 6-0. Sawise
pertandingan kuwi, Tomas wis ora tau melu latian kanca-kancane maneh.

Paribasan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ....


a. obor blarak d. kebo kabotan sungu
b. obor oncor e. ngutik ngutik macan turu
c. ana catur mungkur

____ 10.
Pak Brata sawijining pemimpin sing banget diajeni jalaran ngen
dikane kepenak, apa maneh yen janji mesthi ora mblenjani, ora gawe seriking liyan
.

Pratelan iku jumbuh karo unen-unen ....


a. Sapa nandur ngundhuh d. Ajining dhiri saka lathi
b. Jer basuki mawa beya e. Ajining raga saka busana
c. Becik ketitik ala ketara

____ 11. Gatekna paragraf ing ngisor iki!

Pak Bagiyo iku pancen jembar segarane tur yo loman banget, solah bawane yo sarwo
nyenengake. Ngomong saomong tembunge pait madu. Panjenengane iku kalebu wong sin
g sabuk galeng olehe nyambut gawe yo sregep banget. Beda karo anake, senajan wong
tuwane repot mung lumah tangan wae ora ngerti bot repote wong tuwa. Sujune wong
tuwane wong bandha bandhu, kepengin apa wae keturutan. Akhire ndadekake anake mal
ih gedhe endhase.

Jroning paragraf ing dhuwur sing kalebu tembung entar ...


a. jembar segarane, solah bawane, lumah d. sabuk galeng, lumah
tangan, bandha-bandhu tangan, bandha bandhu, gedhe endhase
b. jembar segarane, sabuk galeng, lumah e. jembar segarane, so
tangan, gedhe endhase lah bawane, lumah tangan, gedhe endhase
c. sabuk galeng, pait madu, lumah tangan, bot
repot, gedhe endhase
____ 12.
PUCUNG
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing dhuwur ngemot bab….
a. Pendidikan d. Moral
b. Budi Pekerti e. Cangkriman
c. Unggah-ungguh
____ 13.
SINOM
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sesama

Tumindak kang becik miturut tembang sinom ing dhuwur yaiku?


a. kudu dadi wong jawa d. kudu ngurangi hawa nafsu kanti laku
prihatin
b. kudu dadi wong kang gedhe e. kudu nindakake tapa
c. kudu nduwe pangkat lan kalungguhan kang
dhuwur
____ 14. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Mingkar mingkuring angkara,


Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama ageming aji.

Yen ditilik saka paugerane (guru gatra, guru lagu, guru wilangan) tembang ing nd
huwur kalebu jenis tembang....
a. Kinanthi d. Pucung
b. Gambuh e. Mijil
c. Pangkur
____ 15. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Mingkar mingkuring angkara,


Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama ageming aji.
Gatra “Mingkar mingkuring angkara; mrih kretarta pakartining ngelmu luhung” nggunakake
purwakanthi...
a. guru swara d. guru wilangan
b. guru sastra e. lumaksita
c. guru basa
____ 16. KANGEN
Dening: Edi Winarno

Aja nangis anakku


ibumu isih lunga
sedhela maneh teka

aja nangis, anakku


umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi
dakparani

Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ...


a. Wong tuwa iku mesti nduweni rasa kangen d. Ibu kang nggoleki anake te
marang anak kan Hongkong sinambi nyambut gawe ing
kana
b. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan e. Anak lagi kangen marang Ibu l
lor kali an Bapake kang nyambut gawe ing lor kali
c. Susahe Bapak dening tangise anak, sebab
kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing
Hongkong
____ 17. Gatekna pethilan teks geguritan ing ngisor iki!

Dhuh Gusti paringana kula kesabaran


Kanggo nerusake panguripan
Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati
Ora ana wangsulan sing mesthi

Tema kang kagambarake jroning geguritan ing ndhuwur yaiku...

a. Wong sing wis ora duwe pepenginan d. Angele golek pangayomane Gusti
b. Gegayuhan kang tansah gagal e. Pangarep-arep sing ora bisa kelakon
c. Pasrah lan nyenyuwun marang Gusti
____ 18. gemericik swaramu ing wayah esuk
agawe tentrem ing ati
kricik-kricik kaya tatanan tembang kang enda

kutipan geguritan ing dhuwur nggunaka panyitra (tembung imaji) ...


a. pandeleng d. pangrasa
b. pangganda e. panindak
c. pangrungu

____ 19. Ing reroncene adhicara panggih temanten, sakdurunge ijol-ijolan kembang mayang a

na adicara penganten kakung lan putri ambalang gantal. Adicara kasebut nggunakake
ubarampe ...
a. Tigan ayam jawi d. Kembar mayang
b. Kembang telon e. Beras punar
c. Suruh luminting

____ 20. Ancas dianankake upacara adat tingkeban yaiku ...


a. kanggo kaslametan bapa biyunge d. kanggo tulak balak
b. kanggo kaslametan jabang bayi e. kanggo kaslametan calon bayi lan ibune
utawa kan
ggo sing sipate tolak balak
c. kanggo kaslametan calon ibu

____ 21. Adicara kacar-kucur nunggal teges ….

a. Penganten sakloron nalika urip ing d. Penganten kakung wis samapta kanggo
bebrayan tansah urip kasih kinasihan menehi pangupa jiwa marang
penganten putri
b. Penganten kakung bisa menehi e. Penganten sakloron wis pikantuk restu
keturunan kang becik marang pengantin saka wong tuwane
putri
c. Penganten sakloron wis nduweni tekad
kang kuat kanggo ambangun balewisma
____ 22.
Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula hormati, kula kinten cekap sementen at
ur kula, kirang prayogi menawi kula kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya
. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan. Pramila sedaya kekirangan
kala wau nyuwun pangapunten. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing nduwur kang di arani . . . .
a. Purwaka basa d. Pambagya harja
b. Surasa basa e. Wasana basa
c. Salam pambuka

____ 23.
Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja p
utri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos
dipun anggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih w
anita inggih saged damel aruming bangsa.

Gempilan sesorah ing dhuwur saged kalebetaken dhateng perangan …


a. Purwaka basa d. Pambagya harja
b. Salam pambuka e. Wasana basa
c. Surasa basa

____ 24. “Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”

Ukara iku kalebu perangan ...


a. Salam pambuka d. Atur puji syukur
b. Atur pangayubagya e. Tetepangan
c. Atur pakurmatan

____ 25. Serat wedhatama yen ditulis nganggo aksara jawa dadine…
a. d.

b. e.

c.

____ 26.

iku julukan kanggo wong sing ....


a. bodho banget d. sugih banget
b. pinter banget e. lemu banget
c. sombong banget

____ 27.
Tembung diwenehake yen ditulis mawa aksara jawa...
a. d.

b. e.

c.

____ 28.
“Eyang putri ..., adhikku ..., aku ya .... pisan.”
Sampurnakna ukara kasebut supaya dadi basa ngoko alus.
a. d.

b. e.

c.

____ 29. “Tahun 1945” yen ditulis aksara jawane yaiku...


a. d.

b. e.

c.
____ 30. Tuladha basa krama lugu (madya) ...
a. ibu kula dereng wangsul saking kelurahan. d. ibu durung sare amarga ngrampungake
tugase.
b. ibu kula sampun kondur saking kecamatan. e. ibu taksih dhahar kaliyan bapak wonte
n warung.
c. ibu nembe kemawon tindak dhateng
kantoripun.
____ 31. Tuladha basa krama alus (inggil) ...
a. Agemane Bapak durung disetrika d. Adhik taksih dereng purun sekolah.
b. Lik Darmuji niku sakit napa ta kang? e. Mangga sami dipundhahar tedhanipun
c. Panjenengan wis maos layangku tah?
____ 32.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.

Basa kang digunakake ing punggelan pacelathon kasebut, yaiku...


a. Ngoko lan krama d. Krama lugu
b. Ngoko lugu e. Krama alus
c. Ngoko alus

____ 33.
Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A : Punapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
B : Ya, kena wae arep takon apa?
A : Jenisipun ukara menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngert
os tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang k
alih menapa nggih….
B : O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora
nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
A : Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.

Paraga kang luwih enom yaiku….

a. Paraga A, katitik matur nganggo basa d. ParagaB, katitik matur nganggo basa
ngoko ngoko
b. ParagaA, katitik matur nganggo basa e. Paraga B, katitik maturnganggo basa
krama krama
c. Paraga A, katitik matur nganggo madya

____ 34. Ratna saben dina olehe budhal sekolah mung mlaku wae jalaran nganti saiki pancen
isih durung duwe sepedhah. Kajaba saka kuwi omahe Ratna karo sekolahan ya ora ad
oh. Yen dideleng saka undha-usuke basa, teks ing dhuwur migunakake basa...
a. krama alus d. ngoko lugu
b. ngoko alus e. ngoko krama
c. krama lugu
____ 35. Sakjane Bapak karo ibu mau olehe ... (1) ya wis rada suwe, nanging amarga mengk
o sore arepe ... (2) menyang Jakarta mulane ora tak gugah dhisik. Mengko wae yen
Eyang kakung wis ... (3) Bapak karo Ibu takgugahe. Nalika Bapak karo Ibu ana Ja
karta, Eyang kakung ... (4) ana omahe kene.
Tembung sing cocok kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur kanthi urut ...
a. (1) sare, (2) kesah, (3) rawuh, (4) tilem d. (1) sare, (2) tindak, (3) rawuh, (4)
sare
b. (1) tilem, (2) kesah, (3) rawuh, (4) tilem e. (1) tilem, (2) kesah, (3) dugi, (4)
tilem
c. (1) tilem, (2) tindak, (3) dugi, (4) sare
____ 36. Gatekna cerkak ing ngisor kanggo mangsuli pitakon!
Awan iku sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan pra
patan gang siji. Tujuane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sin
g kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine mahasiswa jurusan pendhi
dhikan lan sastra Jawa gupuh anggone nata kaca-kaca skripsine. Kamangka saka kos-
kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku pedhoman. Ora ngertine
teka prin-prinan isih ana sing kurang pener.
“Wis ta Da, sing mbok getuni ki apa? Iki kalodhangan pungkasan aja mbokjarne wae. Pokoke
Oktober awake dhewe kudu bisa wisudha, “kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.
“Iya pancen salahku dhewe. Ora wiwit mbiyen-mbiyen skripsi iki dakcandhak. Bareng wis mepet
arep yudisium lagi kedandapan, “sumaure Firda nggetuni lelakone.
...
Sakjane ngono perkarane mung sepele. Ing pungkasan sasi Januari kepungkur, antar
ane Firda lan Rendra, kanca atine kang kuliyah ing Bandung pedhot sesambungan. Ad
ohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan iku kang dadi jalarane. Kanggo F
irda, pedhote sesambungan iku ndadekake samubarang kang diadhepi uga melu buyar,
klebu kuwajiban ngrampungake skripsine. Ingatase lagi konsentrasi nggarap skripsi
, e lah kok ketaton atine. Ya perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa te
nanan anggone nggarap skripsi.

Kang dadi paraga utamane cerkak Yen Wis Getun yaiku...


a. Kiki d. Firda lan Rendra
b. Firda e. Firda lan Kiki
c. Rendra
____ 37. Satemene aku ya emoh mikir lan nyampuri urusane Deni, nanging rasane ora kepenak
umpama durung ngerti sumber dhuwite Deni.
Apa Deni main judi? batinku elek. “Astaghfirulah!” banjuraku istghfar eling, ora kena duwe
prasangka elek marang wong liya sadurunge ngerti buktine.
Rasane kudu takon wae marang Deni bab sumber dhuwite iku, nanging wedi Deni emos
i. Aku ngerti wateke Deni iku ora bisa kecenthok. Kesinggung sithik wae langsung
kobong.
“Entuk kiriman tambahan ya, Den?” takonku iseng.
“Ora, aku malah durung entuk kiriman saka bapak.”
Aku saiki sing malah saya bingung. Aku wedi Deni kecemplung ing tumindhak sing a
la. Kaya iku mau judhi, ngedharake narkoba, colong jupuk, lan sapiturute. ...

Watake Deni ing kutipan cerkak ing dhuwur yaiku ...


a. curiga d. perhatian marang kancane
b. kuwatir e. gampang emosi
c. sumelang
____ 38. Gatekna cerkak ing ngisor kanggo mangsuli pitakon!
Awan iku sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan pra
patan gang siji. Tujuane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sin
g kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine mahasiswa jurusan pendhi
dhikan lan sastra Jawa gupuh anggone nata kaca-kaca skripsine. Kamangka saka kos-
kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku pedhoman. Ora ngertine
teka prin-prinan isih ana sing kurang pener.
“Wis ta Da, sing mbok getuni ki apa? Iki kalodhangan pungkasan aja mbokjarne wae. Pokoke
Oktober awake dhewe kudu bisa wisudha, “kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.
“Iya pancen salahku dhewe. Ora wiwit mbiyen-mbiyen skripsi iki dakcandhak. Bareng wis mepet
arep yudisium lagi kedandapan, “sumaure Firda nggetuni lelakone.
...
Sakjane ngono perkarane mung sepele. Ing pungkasan sasi Januari kepungkur, antar
ane Firda lan Rendra, kanca atine kang kuliyah ing Bandung pedhot sesambungan. Ad
ohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan iku kang dadi jalarane. Kanggo F
irda, pedhote sesambungan iku ndadekake samubarang kang diadhepi uga melu buyar,
klebu kuwajiban ngrampungake skripsine. Ingatase lagi konsentrasi nggarap skripsi
, e lah kok ketaton atine. Ya perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa te
nanan anggone nggarap skripsi.

Watake paraga Kiki ing cerkak Yen Wis Getun ...

a. Sombong d. Meksa-meksa
b. Prasetya marang kanca e. Ora tlaten
c. Kuminter
____ 39. Satemene aku ya emoh mikir lan nyampuri urusane Deni, nanging rasane ora kepenak
umpama durung ngerti sumber dhuwite Deni.
Apa Deni main judi? batinku elek. “Astaghfirulah!” banjuraku istghfar eling, ora kena duwe
prasangka elek marang wong liya sadurunge ngerti buktine.
Rasane kudu takon wae marang Deni bab sumber dhuwite iku, nanging wedi Deni emos
i. Aku ngerti wateke Deni iku ora bisa kecenthok. Kesinggung sithik wae langsung
kobong.
“Entuk kiriman tambahan ya, Den?” takonku iseng.
“Ora, aku malah durung entuk kiriman saka bapak.”
Aku saiki sing malah saya bingung. Aku wedi Deni kecemplung ing tumindhak sing a
la. Kaya iku mau judhi, ngedharake narkoba, colong jupuk, lan sapiturute. ...

Miturut cerkak ing ndhuwur, pamawas kang digae pangripta yaiku ...
a. kapisan d. sarwa weruh
b. kapindho e. katelu paraga panyengkuyung
c. katelu paraga utama
____ 40.
1. Wong wadon iku nyritakake sakabehing keanehan sing dialami
2. Tibake wong wadon mau duwe lara irung karo lara kuping (mulane nalika ngentut
ora mambu lan ora krungu). Akhire dening dokter diwenehi obat irung lan obat kup
ing.
3. Ana sawijining pawongan (wong wadon) sing ngrumangsani duwe penyakit ngentut
an, terus dipriksakne menyang dhokter.
4. Sedhela-dhela ngentut, nanging rumangsane ora mambu lan ora krungu.
5. Dening dhokter diwenehi obat lara irunge karo lara kupinge.
Saka rerangkene teks anekdot ing nduwur, urutan kang bener yaiku...
a. 1 – 2 – 3 – 4 – 5 d. 3 – 2 – 1 – 4 – 5
b. 1 – 4 – 5 – 3 – 2 e. 3 – 5 – 4 – 1 – 2
c. 3 – 1 – 4 – 5 – 2

____ 41.
Gatekna andharan ing ngisor iki
(1) Murid sing durung sepira bisa basa krama nyuwun pirsa marang gurune.
(2) Swasana ing kantin pak guru sing lagi dhahar ing kantin ketoke rada duka.
(3) Amarga ana bocah sing nyapa marang guru liyane tanpa nggunakake basa krama, anan
ging malah nggunakake basa ngoko kasar.
(4) Pak guru kaget, kok ana murid matur marang gurune nggunakake basa sing kasar.
(5) Untunge pak guru sabar, murid kuwi mau banjur diwejangi lan diwarahi basa krama
alus.
Struktur teks anekdot sing diarani reaksi, yaiku ana ing nomer ....
a. 1 d. 4
b. 2 e. 5
c. 3
____ 42.
Gara – gara Tegesan Rokok
Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bias dadi anggota DPR s
aka partai EDST (Esuk Dele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketal
i, mula budhal saka kampong biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP. Ananging mbuh
kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Band
hot, MM, M.Si.
Kanthi kedhok nindakake study bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan se
neng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nan
ging tindak-tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmata
n. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngro
kok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwa
ng mak prung ceblok ing sisih tengen sikile.
Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar
aturan ?”
“ Aturan apa sing tak langgar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik.
“ Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan
bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu.
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau
dijupuk banjur disedhot karo muni, “Ooo…. sepurane, rokokku ceblok”.
“Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe kang ora pati gatel.

Papan padunungan sajrone teks kasebut …


a. Malaysia d. Singapura
b. Vietnam e. Korea
c. Perancis
____ 43.
Gara – gara Tegesan Rokok
Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bias dadi anggota DPR s
aka partai EDST (Esuk Dele Sore Tempe)? Nalika isih cilik uripe ketula-tula ketal
i, mula budhal saka kampong biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP. Ananging mbuh
kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Band
hot, MM, M.Si.
Kanthi kedhok nindakake study bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan se
neng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nan
ging tindak-tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmata
n. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngro
kok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwa
ng mak prung ceblok ing sisih tengen sikile.
Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar
aturan ?”
“ Aturan apa sing tak langgar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik.
“ Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan
bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu.
Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau
dijupuk banjur disedhot karo muni, “Ooo…. sepurane, rokokku ceblok”.
“Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe kang ora pati gatel.

Aturan apa sing dilanggar dening Bandhot …


a. Ngrokok kebal-kebul d. Lungguh ing bangku
b. Kakehan blanja e. Malangkerik sembarangan
c. Mbuwang sampah sembarangan
____ 44.
Bentusan Budaya
Ing pendhapa omah tuwa mapan kang ana ing padesan. Kahanane tinata rapi, apik,
s
enadyan ora katon nguthani. Ing sisih kiwa lan tengen omah gumantung kurungan isi
manuk kutut.
Bapak : (metheti manuj kutut karo ngudarasa) “Wong urip iku pancen ngewuhake.
Urip ijen ora kepenak, ananging duwe bojo yen ora duwe turun ya anane mung
padudon. Lha duwe anak yen ora kaurus ya tambah ora karuwan. Dadi wong
mlarat uripe rekasa, dadi wong sugih wedi dirampok brandhal. Healah….
Wayah awan ngene iki kepenake ya ura-ura tetembangan, tinimbang kesepen.
Lha piye ta, anak lunga sekolah menyang kutha kabeh. Bune!”
Ibu : “Kula Pakne!”
Bapak : “Tulung aku diastakne teh anget bu..”
Ibu : “Inggih sekedhap.”
Bapak : (dhedhem karo nyandhak majalah) “Nah iki, kepeneran ana tembang
Dhandhanggula. Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa sami anuladha, …
Anak : “Pak, mbok ampun ura-ura.” (katon ora seneng)
Bapak : “Kosik le, ana wong tuwa ura-ura kok ora kena ki kepriye?”
Anak : “Menika kuna pak, sampun boten jamane malih.”
Bapak : “Karepmu kepriye ta le?” (rada cuwa penggalih)

Alur saka crita ing dhuwur yaiku …


a. Alur mundur d. Alur flashback
b. Alur maju e. Ora ana alure
c. Alurcampuran

____ 45. Gatekna cekakan drama ing ngisor iki!

Adegan 1

Wayah bedhug tengange , ana pemulung loro rumangsa bungah atine sinambi ngetung
dhuwit mulih menyang gubuge.

Ayu : Enak tenan….

Desi : Yen ben dina ngene iki wahhh......jaaann…

Ayu : Edan tenan…

Desi : Lho, kok edan…?

Ayu : Ya, edan…mosok ben dina wong kon ngrongsok barange ? Ora mungkin ta ?

Desi : Ya mungkin wae ?

Ayu : Wis…wis…ngomong sing mungkin – mungkin wae !


................................................................................
........................................................
Saka pethikan drama ing nduwur, perangan kang di tulis miring kalebu struktur te
ks drama kang diarani …
a. Orientasi d. Koda
b. Komplikasi e. Opera
c. Resolusi

____ 46. Gatekna pethilan drama ing ngisor iki!


................................................................................
...................................
Emak : Ya wis, bocah – bocah…kowe aja sok aji mumpung ! Emak seneng ndeleng
kowe sregep nyambut gawe, kaya – kaya sesuk ora bakal mati.
Nanging, isih ana kewajiban utama kang isih kudu koktindakake .
Anak 1, 2, lan 3 : Maaakk…( kabeh ngrungket emake )
Emak : Sejatine kowe kuwi anake sapa , ora penting. Sing penting tugasmu
ndongakake,
muga – muga wong tuwamu diparingi apura Gusti Allah, sih urip apa dene wis mati.
Anak 1, 2, lan 3 : Maaak… ( kabeh rumangsa getun )
Emak : Emak seneng ndeleng kowe kabeh sregep lan rukun. Ngetus kringet trutusan
turut
lurung. Amarga kringete dhewe mono luwih seger tinimbang nyecep kringete wong li
ya.
Anak 1, 2, lan 3 : Maaakkk....( Kabeh njaluk salaman karo emak)
Emak : Sadhar yen duwe salah kuwi luwih penting njaluk apura tinimbang mung
ngajak sala
man wae !
Anak 1, 2, lan 3 : Maaak….sepurane ya maaakk..…
Emak : Ya wis, kae ….upa – upa sing kececeran kae jumputana, yen kok pangan
kanthi rasa syukur bakal akeh mupangate. Kana...ora sah nangis
terus....mesema...amarga mesem iku nuwuhake kedamaian, ngguyu
bisa nuwuhake bahagia!
Saka pethilan drama ing nduwur, perangan drama kang kacithak miring diarani ....
..
a. Komplikasi d. Klimaks
b. Resolusi e. Orientasi
c. Koda

____ 47.
Ing sawijining negeri urip keluarga sing lagi ngalami kedadean kaya ngene.
[embok Bawang putih jero kaanan gerah. Dheweke paring wejangan marang putrine ya
iku bawang putih]
Bawang putih : "nggeh, mbok."
Simbok Bawang putih: "Sakwise embok ra ana, tetepo dadi anak sing santun, lan aja lali
kanggo updat
e status facebooke simbok ."
Bawang putih : [karo ngelap eluh.] "Enggeh, mbok..."
Bapak Bawang putih : [nangis, ndeleng kedadean kesebut.]
Simbok Bawang putih : “ Uhuk-uhuk. Simbok mati dhisik ya :
Bawang putih : “ Enggeh mbok.. ati-ati neng dalan “

Manut isining pacelathon, bawang putih duwe watek sing kepiye …


a. Nakal d. Sombong
b. Sregep e. Alus ing budhi
c. Ladak

____ 48.
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
1) pameran batik
2) tanggap wacana
3) sendra tari Ramayana
4) upacara larung
5) ukir-ukiran

Saka pratelan ing dhuwur sing kalebu seni pertunjukan, yaiku …

a. 1 d. 4
b. 2 e. 5
c. 3

____ 49. Jaranan Turangga Yaksa minangka salah sawijine saka seni pertunjukan Jawa. Saka

tlatah ngendi seni pertunjukan kasebut?

a. Tulungagung d. Blitar
b. Ponorogo e. Kediri
c. Trenggalek

____ 50. Kang dadi ciri khas pertunjukan ludruk yaiku


a. Lengguk d. Gara-gara
b. Jathilan e. Klenengan
c. Kidungan

You might also like