You are on page 1of 4

TATA PANGIBADAH MINGGU, 5 NOVEMBER 2023

TEMA : “Gesang cundhuk klayan kersanipun Gusti”


Warna Liturgis : Hijau PUKUL : 07.30 (Bhs. Jawa)
PF : PDT (Em.) Bambang Pratomo S.Th., M. Min.
GKJ KIARACONDONG
Persiapan :
- SAAT TEDUH / DOA PRIBADI DAN DOA KONSISTORIUM
- PEMBACAAN WARTA (P-1.) - PENYALAAN LILIN

1. (Pasamuan Jumeneng) TIMBALAN NGIBADAH (P-1)


P-1 : Pasamuwan ingkang dipun tresnani Gusti Yessu Kristus. Dinten sapunika Minggu
kapisan ing wulan November. Satunggal wulan malih kita sami lumebet ing
Mangsa Adven, mangsa pacawisan mahargya Natal Jejering piwulang Minggu
sapunika inggih punika GESANG CUNDHUK KLAYAN KERSANIPUN GUSTI.
Anggadhahi tujuan supados saben tiyang kristen samia ngetrapaken pakulinan
sae, inggih gesang cundhuk klayan kersanipun Gusti, ingkang pinangka bukti
anggen kita nglampahi piwulang-piwulang ing mangsa Wulan Brayat kepengker.
Sumangga kita miwiti pangibadah ,sami jumeneng, memuji Gusti kanthi
kekidungan : KPJ 14:1,3 “KULA SAMYA TETUNGGILAN”
1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran,
wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan
Reff : Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayom ing sihira sestu tentrem raharja.
3) Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah,
mangsa kang silih-gumanti, samukawis mung endah
Reff :

2. (Pasamuan Jumeneng) VOTUM LAN SALAM


PF. : Pitulungan kita,anamung wonten ing asmanipun Allah Sang Rama, ingkang
nitahaken langit,bumi lan saisinipun; ingkang kanthi sampurna ngrimati sadaya
titahipun.
Jem. :5 6 ‘ 5 6 ‘ 5 4 3
A m i n ! A min; A---min !
PF. : Sih rahmatipun Allah sang Rama lan sihipun Gusti Yesus, wonten ing para
sedherek sami.
Jem. : Wonten ing panjenengan ugi !
3. (Pasamuan Jumeneng) PAMBUKA
PF. :Kathah tiyang ingkang rumaos anggadhahi kasagedan mbangun rahayuning gesang
kanthi pokal pakaryanipun piyambak.Kamangka juru mazmur ing kitab Jabur 107
sampun ngengetaken bilih: “Gusti Allah wus nedahake dalan kang bener, temah
banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong”(ay.7)

1
Psm :“Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sangg Yehuwah” (ay.8)
PF :Gusti Allah makarya “ kali-kali kadadekake segara wedhi,tuking banyu. ara-ara
samun kadadekake blumbang, tanah cengkar kadadekake sumber.tumuli padha
nyebar lan metokaken woh-wohan minangka pametune.”(ay.33-35)
Psm :Anadene wong mau padha banget diberkahi dening Pangeran(ay.38)
PF :Sedayanipun kelampahan krana kersanipun Allah,boten krana daya pakaryanipun
manungsa. Pramila sumangga sami mbangun pitados bilih Allah ingkang mranata
samudayanipunlanmila saking punika kita tansah memuji Allah. Kita memuji Allah
kanthi KPJ 33:1-3 “SWAWI TA KANCA KULA”
1 Swawi ta kanca kula, sami memuji Allah ing dinten puniki;
kula dipun paring, bingah linuwih, bingah linuwih
2 Asurak-surak, kanca, sami asuka-suka;
manganggé kang saé, sampun kirang sekaré kang éndah-éndah. x2
3 Swawi anglembana, Allah Kang Mawilasa;
sanadyan Ma-agung, karsa miyarsakaken pamuji kula. x2
4. (Pasamuan Lenggah)LITANI TOBAT
Angger-anggeripun Gusti : Lukas 10 : 25 - 29
Kidung pangaken dosa: KPJ 52:1,2 “GUSTI SESTU KULA NALANGSA”
1) Gusti sestu kula nalangsa, awit asring mbalela,
damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya.
Reff : Dhuh Gusti, kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa.
Mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.
2) Sestu kula angraosaken awrat dening momotan.
nging awit Paduka nulungi, tan awrat babar pisan.
Reff :
5. PAWARTA SIHRAHMAT: Rum 6 : 10 - 11
6. (Pasamuan Jumeneng) RESPONSORIA : KPJ 95 : 1,4 “TANSAH DAKRANGKUL SALIBE”
1) Tansah dak rangkul salibé Gusti kang agung tresnane
sarta dhangan dakungsèni, dakrangkul salibé.
Reff : Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yéku margining sih rahmat, dakrangkul salibé.
4) Sanadyan ta nandhang susah utawa atiku bungah,
ditansah tresna mrîng Gusti; dakrangkul salibé.
Reff :
7. (Pasamuan Lenggah) PALADOSAN SABDA
a) Pandonga Epiklese
b) Maos Kitab Suci : -Mateus 23 : 1 - 12
c) Khotbah : “Gesang cundhuk klayan kersanipun Gusti”
d) Wekdal Hening

2
8. (Pasamuan Jumeneng) PANGAKENING SABADAD (Pinisepuh)
9. (Pasamuan Lenggah) Pandonga Syafaaat ( Pdt dipun pungkasi Donga Rama Kawula: KPJ 152)
Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna,
Kraton Paduka rawuh, karsa Paduka klampah ing bumi kadya aneng swarga.
Ing dinten sapunika sinunga cekap rejeki;
kula kaapuntena, kadya kula ugi ngapunteni tyang kalepatan;
sampun nandukken kula dhateng panggodha,
kalepasna kula saking piawon,
jer Gusti kang kagungan kraton lan wisesa
sarta kamulyannya ngantos slami-laminya.
Amin, amin

10.(Pasamuan Lenggah) ATUR PISUNGSUNG (Diaken)


a) Pangatag Atur Pisungsung:
Para kekasihipun Gusti Yesus,berkahipun Gusti tansah mbanyu-mili ing gesang kita,
awujud sandhang, tetedhan, papan dalah berkah sanesipun kangge gesang kita.
Minangka umat kagunganipun sumangga sami migatosaken dhawuh bab puji panuwun
sukor tumrap sedaya berkahipun Gusti wau. Kados ingkang kacariosaken ing Markus
12:41-44, wonten randha miskin ingkang sukarila ngaturaken sadaya barang
darbekipun kapisungsungaken dhateng Allah tanpa raos was sumelang kangge gesang
saben-dintenipun. Makaten mesthinipun tumrap kita sami ing jaman sapunika; inggiha
kanthi sukarila sesaos dhateng Gusti, inggih misungsungaken bandha arta tanpa was
sumelang; jalaranGusrti mesthi tetep ngluberaken kacekapaning berkah.
b) Kekidungan atur pisungsung : KPJ 165:1-3 “KONJUK MRING KANG MAHAAGUNG”
1) Konjuk mring Kang Mahaagung, kula saos pisungsung;
cihnaning bingahing manah, wit berkahing Allah;
sumengka wah sinengkera, lan temen rineksa,
dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti.
2) Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur,
kebabaring raos urmat wit tansah rinimat,
dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti,
dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah.
3) Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah,
tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya.
Mugi Gusti nggih karenan, temah binerkahan,
dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi.

c) Pandonga Atur Pisungsung Lan Akhir Ibadah.

3
11.(Pasamuan Jumeneng) PASAMUAN KAUTUS & BERKAH
KPJ 421:1,2 “URIPKU PINDHA PANGIDUNG”
1) Uripku pindha pangidung sumaos mring Pangéran.
nadyan nèng donya lwih agung sedhih lan kasusahan,
nging satengahing pasambat, tansah dènya umanggung
pangidungé pra mlaékat. yogya aku ya ngidung.
2) Sirnaa saliring bungah Gustiku datan gingsir
nadyan karoban ing susah, padhangku tan sumingkir
atiku asukarena, dé tan pegat jinangkung
ing sih rahmaté Sang Rama. sayogya aku ngidung.

12.PANGATAG KANGGE GESANG CUNDHUK KERSANIPUN GUSTI


PF. : ------------sami ngenerna manah dhateng Gusti--------
Psm. : Kawula sami ngeneraken manah kawula dhumateng Gusti.
PF. : Ing satengahing kawontenan ingkang tansah ngalami ewah-ewahan, sinten ta
ingkang dados sumbering pitulungan panjenengan ?
Psm. : Pitulungan kawula anamung saking Allah Rama, Allah Putra lan Allah Rohsuci.
PF. : Sami dadosa seksinpun Sang Kristus ing sauruting gesang panjenengan.
Psm : Amin, pinujia Allah kawula !
PF. : (Panglantaraning Berkahipun Gusti.)
Psm : 1 2 3 4 3 . ‘ 3 . 1 ‘ 4 . 2 1
A------min, a- min, a--min !

13. NYANYIAN AKHIR IBADAH: KPJ 120:1,3 “KULA MBOTEN BADHÉ NILAR”
1) Kula mboten badhé nilar dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak, kula ndhérék Paduka
Reff : Kula tutwingking Gusti ing salamimya kula gesang
awit yén tanpa Gusti kawula tan sages mimpang
3) Kula tansah ndhérék Gusti, nadyan sring kamomotan
nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan
Reff :

======= Tuhan Yesus Memberkati =======

You might also like