You are on page 1of 8

Tresnaku Marang Sampeyan

Aku Laila, aku duweni kanca kang jenenge


Yogo. Yogo iku kanca SMA-ku kang jabat dadi ketua
osis. Aku kenal Yogo amarga sak kelas lan sak
kelompok wektu acara MOS utawa Masa Orientasi
Sekolah. Kagete maneh, tibakne Yogo iku tangga cedhak
omahku. Dheweke wis weruh aku saking cilik, nanging
aku cakut weruh lan kenal Yogo pas mlebu SMA,
amarga aku biyen saka SMP swasta lan jarang metu
omah.
Yogo iku bocahe dhuwur, gagah, lan bagus.
Dheweke uga duweni watak sing apik, grapyak marang
kancane, lan pituture katon alus marang kabeh kancane.
Senajan Yogo iku Ketua Osis SMA Negeri 3 Jombang,
akeh arek sing seneng karo Yogo lan ngungkapake
perasaane marang Yogo, tapi ora diterima karo Yogo.
Aku lan Yogo wis cedhak banget. Yen ditakoni
aku seneng karo Yogo apa ora, wangsulanku iya, tapi
aku ora duwe kuwanen gawe ngungkapake apa sing tak
rasa iki. Aku ora pengin hubunganku lan Yogo ambyar.
Luwih apik, tak simpen dhewe wae rasa iki.
“La, arep nang kelas ta? Ayo bareng!” Yogo teka
saka mburi lan ngajak menyang kelas bareng.
“Nggeh, ayo!” wangsulku.
Aku lan Yogo mlaku saka gerbang sekolah
menyang kelas bareng. Akeh arek sing ngerasa iri ndelok
aku lan Yogo mlaku bareng. Nganthi teka menyang
ngarep kelas uga akeh arek sing ngomongno
kacedhakanku karo Yogo, nanging aku lan Yogo padha-
padha cuek.
“La, sampeyan wis nggarap tugas kimia ta?”
takone Yogo sak marine dheweke ndeleh tas ing
bangkune.
“Sampun, arep sampeyan silih ta?” takokku.
“Iya, weruh sampeyan iku hehehe...” wangsule
kanthi nyengir.
Wis biasa yen aku lan Yogo silih-silihan buku
saking kelas 10 biyen. Biasane aku nyilih buku
matematikane Yogo lan gantine, Yogo nyilih buku
kimiaku. Amarga aku ora bisa matematika, Yogo sing
mulangi aku pelajaran iku. Senadyan Yogo bisa
matematika, nanging dheweke ora bisa kimia, dadi aku
sing gantian mulangi Yogo pelajaran kimia.
Sak marine Yogo mbalekake buku kimiaku, ora
suwe, guru sing wayahe mulang nang kelasku teka.
***
Kriiiiiing
Bel istirahat muni, aku lan kanca-kanca liyane
gupuh-gupuh metu kelas lan mlaku menyang kantin.
Saking gupuhe, aku ora sengaja nubruk arek nang ngarep
kelas.
“Sepurane ya, aku ora sengaja!”
“Kowe yen mlaku iku sing bener, ben ora nabrak
wong! Aja rumangsa kowe kenal cedhak karo Yogo,
kowe dadi sak penake dhewe!” arek iku mau muring-
muring marang aku.
“He, aja ngomong sak penakmu, Laila ora
sengaja nabrak!” ujug-ujug Yogo teka lan mbelani aku.
Arek sing tak tabrak mung meneng wae, nanging
pandhelenge kaya ora seneng karo aku. Ora jawab, arek
iku malah ngliwati aku lan Yogo ngunu wae. Aku lan
Yogo uga meneng wae lan nutukake mlaku menyang
kantin, amarga istirahate mung 30 menit, wedi yen bakal
ora sempet mangan.
Sak tekane aku lan Yogo anggone kantin, wis
akeh arek sing ngantri tuku mangan. Nalika aku arepe
antri, Yogo nyegat aku.
“Aku wae sing antri, La. Sampeyan nggoleka
panggon lungguh, aku ya arep tuku bakso.” Yogo
ngomong kanthi mesem.
“Duh, atiku kok deg-degan?” Batinku.
“La! Kok ngelamun wae?”
Aku sadar saka lamunanku, aku mung manthuk-
manthuk wae lan ninggalake Yogo, nggolek panggon
lungguh ing kantin. Sepuluh menit olehku ngenteni
Yogo, akhire Yogo teka karo gawa bakso lan es teh.
“Iki baksone sampeyan, La. Sepurane ya, suwe.”
Yogo lungguh ing ngarepku.
“Ora apa-apa, Go. Matur nuwun nggeh.”
Yogo mung mesem wae. Akhire, aku lan Yogo
mangan bareng.
***
Sak tekane aku saka sekolah, aku langsung mlebu
kamar lan turu anggone kasur. Aku isih mikirna apa sing
dilakokake dening Yogo iki mau wektu istirahat. Aku
langsung guling-guling ing kasur amarga baper (bawa
perasaan/gawa perasaan).
“Duh, kenapa toh atiku iki?”
“Rasa apa toh iki? Apa iya aku seneng karo
Yogo?”
Aku isih bingung karo apa sing tak rasa iki. Aku
milih tangi saka kasur lan adus. Sak marine aku adus,
aku mbukak HP (Handphone) amarga enek SMS.

Yogo

Sugeng siang, La.


Sugeng dalu, Go.
Sepurane ya yen aku ganggu sampeyan
Mboten, Go.
Ana apa, Go?
Mene sampeyan enek wektu ta?
Nggeh, enek, Go.
Jam 4 sore, saged ta, La?
Saged, Go.
Arepe lapo, Go?
Sampeyan teka ae, La.
Sampeyan gawe aku penasaran.
Mene sampeyan weruh dhewe.
Sabar ya. Hahaha...
Iya-iya, aku sabar.
Nggeh pun, La. Aja lali, mene jam 4 sore ing
taman cedhak omah ya:)
Nggeh, Go.

Aku mesem-mesem ndeleng SMS saka Yogo.


Aku penasaran apa sing kate diomongake utawa
dilakokake dening Yogo mene, apa maneh mene iku
dina Sabtu. Senajan omahku lan omahe Yogo cedhak,
nanging ora biasane Yogo ngajak aku metu. Yogo
biasane luweh seneng ngomong langsung tinimbang
SMS ngene iki, nanging yen dheweke SMS ngene,
mesthi ana sing penting sing arep diomongake nanging
areke rada kikuk.
Aku milih mangan dhisik lan nggarap tugas,
amarga mene aku arep ketemu Yogo, wedine mene ora
sempet nggarap tugas. Uga supaya aku ora kepikiran apa
sing arep diomongake utawa dilakokake dening Yogo.

***
Sabtu tanggal 17 Juli 2022, dina iki, dina sing tak
enteni. Saiki, aku wis mlaku anggone taman cedhak
omah, panggon sing dikandani Yogo wingi. Sak tekaku
ing taman, aku digawe kaget banget. Ing kono, ora mung
ana Yogo, nanging ana bapak lan ibuke Yogo, uga bapak
lan ibukku. Ing taman iku ya wis dihias kanthi apik lan
ana kue ulang tahun, malah aku lali yen dina iki dina
ulang tahunku. Kabeh padha nyanyi lagu ulang tahun
kanggo aku, aku mung bisa mesem, ora ngerti kudu piye.
“Sugeng tanggap warsa ya, cah ayu... Mugi sehat
lan sukses lahir baitn, uga tansah pinaringan sih
rahmatipun Gusti.” Bapak lan ibuke Yogo ngaturake
sugeng tanggap warsa marang aku.
“Matur nuwun, Pak, Bu.” Wangsulku.
“Sugeng tanggap warsa ya, anakku. Mugi sehat,
sukses, lan bisa dadi bocah sing luweh apik maneh.”
Bapak lan ibukku ya ngaturake sugeng tanggap warsa.
“Nggeh, matur nuwun, Pak, Bu.”
“Sugeng tanggap warsa, La. Mugi apa sing kok
karepna bisa kawujud.” Yogo ngomong kanthi gawa kue
ulang tahun.

Aku nyebul lilin ing dukure kue ulang tahun sing


digawa dene Yogo, sak marine dedonga.
“Matur nuwun ya, Go... Sak tenane, aku lali yen
dina iki dina ulang tahunku, nanging sampeyan malah
wis nyiapno sakabehe. Matur nuwun banget ya, Go...”
wangsulku kanthi mesem.
“Ana siji maneh sing arep dak omongno marang
sampeyan, La... Aku ya wis ngomongno iki karo bapak
lan ibukku, uga bapak lan ibukke sampeyan.” Yogo
ngomong karo nyawang aku jero.
“Sak tenane...” Yogo sengaja nggantungake
omongane.
“Aku seneng karo sampeyan, La. Wiwit cilik,
aku tansah nggatekake sampeyan. Nganti akhire kelas
10, awake dhewe padha sak sekolah lan sak kelas. Aku
isih seneng karo sampeyan nganti saiki, aku ora bisa
nahan rasa iki maneh. Aku duduk cah romantis sing bisa
ngomong romantis, nanging apa sampeyan gelem ngajari
aku? Ngajari supaya aku bisa pantes nyanding karo
sampeyan. Apa sampeyan gelem nampa tresnaku iki,
La?” Yogo ngomong kanthi nyawang aku, aku bisa
ngrasakake ketulusan iku.
Aku mung manthuk lan mesem, amarga isin
dideleng bapak lan ibuke Yogo uga bapak lan ibukku.
Bapak ibukku lan Yogo seneng banget bisa ndeleng
anake seneng, uga Yogo. Aku ora weruh piye dalan
katresnananku lan Yogo iki, nanging aku percaya yen
jodoh mesthi ora bakal pisah. Dina iki, tanggal 17 Juli
2022, pas dina ulang tahunku, aku entuk hadiah momen
sing ora bakal bisa tak lalekne.
***
RAMPUNG

You might also like