You are on page 1of 2

SARIDIN

Saridin utawa Syekh Jangkung kuwi salah sawijining tokoh Islam sing uga kesuwur sekti ing tanah
Jawa. Saka Pati, Saridin budhal menyang Kudus kanggo memperdalam ilmu Agama ing Panti Kudus
(sebutan podok pesantren ing zaman mbiyen).

Saridin merguru maring sunan Kudus yaiku Panembahan Kudus putrane syekh Ja’far Shodiq.

Ing cerita wiwitan wau sakwise kedadeyan ing Pati, Saridin banjur mlayu menyang pondok pesantren
ing tlatah Kudus. Sapa sing ngakon Saridin? Karepe dewe opo ono sing dhawuhi? Minurut sumber
sing tak tompo, mondoke Saridin ing Kudus iki merga diutus Sunan Kalijaga, guru sejatine Mbah
Saridin.

Ing Suluk Saridin selain katulis babagan syariat yo ono thoriqah sing nglairake sawijining prinsip
kayata:

Ojo jupuk yen ora dikongkon

Ojo njaluk yen ora di wei

Ojo njiwit yen ora kepingin dijiwit

Ilmu kui kelakone kanthi laku

Ojo: drengki srei, tukar padu, dahpen kemeren, kutil njumput, bedhog colong.

Prinsip-prinsip iku dadi pitutur lan piweling sakwise saridin sepuh lan nduwe gelar syekh jangkung.
“tak jangkung kowe, ning ndi wae tak jangkung,” istilah tak jangkung niku tegese tak lindungi, tak jaga.
Saridin tansah dijaga dening sunan kalijaga. Gelar syekh jangkung niku sangking sunan kalijaga.

Ing Kudus, akhire Saridin ditampi dadi muride Raden Kudus. Merga kepinterane sing nonjol, akih
santri sing meri maring kepinteran panjenengane. Status murid senior junior kayae wis ono ing
wekdhal punika. Wayah kabih santri podo rengkut mergawe, saridin ewoh ora mergawe dhewe. Ora
mergo keset nanging merga kabih ember sing nggo ngisi kulah lan padasan wis di nggo kabih. Saridin
dikerjani. Ora kurang akal, saridin njipuk keranjang lan ngangsu nganggo keranjang wau. Iki aneh
tapi tibak’e bisa, jedinge kebak. Senior-senior sing kepingin ngerjani Saridin akhire malah dikerjani.
Dadi ilmu iku ibarat banyu, lan awak dhewe kui ibarat wadahe. Pancen ketoane keranjang kui ora bisa
di nggo ngangsu nanging tetep wae yen dicemplungno banyu tetep teles.

Tegese senajan ora patio pinter, nanging gelem ngaji, ono krenteg sing kuat mesti tetep teles lan ono
tipak banyune. Kui uga berlaku kanggo awak dhewe. Man jadda wajadda, yen ono krenteg mulo ono
dalane.

Ing cerito tutur liyane, ing sawjining dina, Saridin ora kumanan lawoh iwak neng pondok, merga wis
dientekno karo seniore. Ora kurang akal, banjur Saridin nyemplung peceren lan nawu peceren iku.
Santri liyane pada heran. “Kok bisa-bisane bocah iki nggolek iwak ing Peceren.”

“He din, kowe ki lapo?”

“luru iwak”

“Karepem iki kepiye wong golek iwak kok neng peceren, opo kabih banyu kui mbok kira ono iwake?”

“Heem ono, iki ono iwake”

Saridin oleh iwak akeh. Para santri liyane podo gumun nanging moh dikalahke.

“SIK SIK SIK, yen kabih banyu kui mesti ono iwake, opo iyo sumur karo jeding kui ono iwake din?”

jawabe saridin, “yo ono, ono iwake

Jebul bareng ditilik ono iwake tenanan


Akhire santri-santri podo gumun lan pondok dadi geger. Ora let suwe, Raden Kudus mireng kabar niki.
Lan nimbali Saridin.

“Din..,”

“dalem, nyadong dhawuuh”

“Le opo yo bener, awakmu ngomong yen kabih banyu ono iwake”

“nggih leres. niki, sampun kula bakar ajeng kula neda.”

“Opo ucapanmu bener?”

“nggih leres.”

“Opo yen kendi iki yo ono iwake?”

“nggiih wonten.”

Banjur salah sawijining santri diutus mecahke kendi wau. Pyaaarrr

“opo neng klopo kae yo ono iwake?”

“nggih wonten” jawabe Saridin.

“penek, jupuken siji”

Saridin njupuk siji lan nibakno klopo kui, klopone banjur dipecah bener metu iwake gloget-gloget.

Saridin wis keterucut omong. Mergane wis kadung ngomong yen kabih banyu mesti ono iwake, mula
nalika Raden Kudus takon ono iwake? yo Saridin kudu bisa komitmen mbuktikaken. Amerga omongan
kui kudu bisa dicekel. Mula ati-ati karo ucapan, lan tulisan ing media sosial.

Mekaten cerios kula, menawi wonten kelintu ugi khilafipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Maturnuwun kagem sedaya ingkang sampun sami mirengaken. Akhirul kalam, wassalam…

*referensi cerita iki saka https://youtu.be/hi_JTLDb-3c?si=leevz16TZnZ4nyLp


(Makam Saridin/Syekh Jangkung ing Kayen Pati)

You might also like