Professional Documents
Culture Documents
3. Ceritane kaya piye : Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan
garwa sisihaning gesang. Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan,
lajeng dipek anak lan dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa
kanggo Ande-nde Lumut kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing
melu saembara yaiku Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning. Sanajan
Klenting abang, klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha
bedo karo klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora
enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire Klenting kuning sing
dipilih Ande-ande lumut dadi garwane
. 4. Tokoh :
f. Klenting ijo : manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. g. Klenting biru : edan
donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
5. Alur : Maju
Konflik :
· Mbok rondho dhadhapan ora setuju yen ande-ande lumut mlih klenting kuning.
a. Panggonan :
ü Ing alas
ü Ing kali
c. Swasana :
ü Bingung
ü Susah
ü Gething
ü Seneng
“Ande-ande Lumut”
PROLOG :
KADADOSAN ING NEGARI INGKANG GEMAH RIMPAH LOH JINAWI, TATA TENTREM KERTA
RAHARJA. WONTEN SALAH SAWIJINING PANGERAN INGKANG GESANGIPUN SARWA
KACEKAPAN. PANGERAN MENIKA PUTRA MAHKOTA INGKANG BADHE NGLAJENGAKE TAHTA
KERAJAAN. ANANGING PANGERAN KALAWAU MBOTEN MAREM KALIH GESANGIPUN INGKANG
KACEKAPAN. PANGERAN KEPINGIN LELONO. NGLAMAHI WONO. PANGERAN KEPINGIN
MADOSI JATI DIRINE UGI PENGALAMAN GESANG. SAKING MRIKU KAWIWITAN LELAMPAHAN
GESANGIPUN PANGERAN INGKANG MANGGIHAKE SISIHAN GESANGIPUN INGGIH MENIKA
LARE WADON INGKANG SAE MANAHIPUN LAN AYU PASURYANE.
BABAK 1 :
( ING ALAS ) KALIH TIYANG KANEMAN MLAMPAH NGLEWATI WANA INGKANG RIMBUN.
NINGALI KIWO TENGENE MBOTEN WONTEN KEWAN UTAWA PEKSI INGKANG SAGET
DIPUNBURU. KANEMAN BAGUS KALIHAN PANDHEREKE WAU SAKYEKTOSIPUN INGGIH MENIKA
PANGERAN INGKANG LELONO KANGGE PADOS JATI DIRINIPUN. (KALIH TIYANG MLAHPAH
KANTHI WASADAPA NGINGETI ANA NGISOR LAN NDHUWURE NGGOLEKI KEWAN KANG ISO
DIBURU).
BEJO : “Hehehe…ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran wonten wingking kula.”
(PANGERAN NYEDAK MARANG MBOK RONDHO, MBOK RONDHO KAGET WEROH PANGERAN)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?”
PANGERAN : “Kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar mboten ngertos dalane.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-ande
lumut ya le?”
BABAK 2 :
(KLENTING KUNING TEKO NGGAWA SAPU, NYAPU LAN NGEPEL JOGAN. LINGEH MOJOK ANA
RUANGAN. ORA SUWE MBOK RONDHO TEKO NGAWASI KLENTING KUNING. NYUSUL
SEDULURE KLENTING ABANG, KLENTING IJO LAN KLENTING BIRU)
KLENTING BIRU : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus
banget, jenenge ande-ande lumut?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Iya… mbok rondho dhadhapan gawe saembara “Sinden Idol”
kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa pendamping.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri
sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut.”
KLENTING ABANG : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”
KLENTING IJO : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”
KLENTING BIRU : “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune mbakyu-mbakyu
ngalah karo aku!”
KLENTING ABANG : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu!”
MBOK RONDHO KLENTING : “Wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah
do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!”
(KLENTING ABANG, IJO, LAN BIRI NINGGAL MBOK RONDHO LAN MLEBU OMAH)
MBOK RONDHO KLENTING : “Matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?”
KLENTING KUNING : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek saembara
“Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.”
(MBOK RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG KLENTING
KUNING)
MBOK RONDHO KLENTING : “Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo
gone mbok neng kali kono.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwane ande-ane lumut
yaiku salah sijine anak-anakku, dudu klenting kuning.”
KLENTING KUNING NAMPI MENAPA INGKANG DIPUNUTUS DENING MBOK RONDHO LAN
DILAMPAHI KANTHI SABAR. (ING OMAHE KLENTING-KLENTING)
BABAK : 3
(PERJALANAN MARAK ING KALI) KLENTING KUNING SABEN DINTEN NYAMBUT DAMEL
NGRESIKI GRIYA, UGI NYAMBUT DAMEL WONTEN LADING. MBOTEN KRAOS SAYAH LAN KELUH
KESAH. SINAOS PIYAMBAKE DIPUNDAMEL MBOTEN SAE KALIYAN MBOK RONDHO KLENTING
LAN PARA SEDULURE. NAMING PIYAMBAKE UGI GUSTI ALLAH INGKANG NGERTOS SENGKOWO
PIYAMBAKE. PIYMBAKE NGAJENGAKEN GUSTI ALLAH BADHE MARINGI GANJARAN INGKANG
SAE KANGGE PIYAMBAKIPUN.
KLENTING KUNING : “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti
lemah manah.”
WIDODARI : (WONG KANG ORA DISANGKA MARA) “Hei… cah ayu.” KLENTING KUNING : “Sapa
kuwi?” WIDODARI : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”
WIDODARI : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo pusaka iki keguna
kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.”
KLENTING KUNING : “Injih matur nuwun.” WIDODARI : “Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo
kabecikan!”
KLENTING KUNING : “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.” (KLENTING KUNING
NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING DIWENEHKE WIDODARI)
BABAK : 4
ING SALAH SAWIJINING LEPEN INGKANG TOYONIPUN SANTER BANGET, WONTEN MRIKU
YUYU KANGKANG GESANG. PIYAMBAKE INGKANG NGUASANI LEPEN MENIKA. PIYAMBAKE SI
YUYU KANGKANG INGKANG JULIK.
(YUYU KANGKANG SING NJAGA LEEN LAGI MONDAR-MANDIR NGWASI MENAWA ANA WONG
TEKO)
YUYU KANGKANG : “Hohohoho….Godong waru kok bolong-bolong… bocah ayu kok moblong-
moblong….Sapa kae sing teko?” (LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING
PINGGIR KALI)
KLENTING BIRU : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu saembarane mbok
rondho dhadhapan?!”
KLENTING IJO LAN BIRU : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.”
KLENTING ABANG : “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan adhik-
adikku lewat kali iki…”
YUYU KANGKANG : “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu….enek imbalane.”
KLENTING ABANG : “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata
duwitan!” KLENTING IJO : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
KLENTING BIRU : “Ya… piro jalukmu mengko tak bayar!!” YUYU KANGKANG : “Dudu duwit…aku
rak doyan…. Hahaha”
KLENTING-KLENTING : “Prett…”
KLENTING ABANG : “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii”
YUYU KANGKANG : “Ya wis yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalane nambah…”
(YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN)
YUYU KANGKANG : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..”
(KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)
YUYU KANGKANG : “Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.”
KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu
kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali iki.” YUYU
KANGKANG : “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”
KLENTING KUNING : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
DUMADAN LEPEN MENIKA ASAT, YUYU KANGKANG KACILAKAN LAJENG KESAH TEBIH LAN
MATI. SAK LAJENGIPUN KLENTING KUNING SAGET LUMPRAH NYEBRANG LEPEN MENUJU GRIYA
MBOK RONDHO DHADHAPAN, GRIYANIPUN SI ANDE-ANDE LUMUT.
BABAK 5 :
(ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN) SALAH SAWIJINING DUSUN INGKANG NAMA
DHADHAPAN, MBOK RONDHO NEMBE NYAPU GRIYA, WONTEN NDALEM MRIKU WAU SI
ANDE-ANDE LUMUT NEMBE NGAJI WONTEN SALAH SWIJINING SURAU. NGENTOSI
GEGANTILANING MANAH INGKANG DIPUNJANJIAKEN GUSTI ALLAH KANGGE PIYAMBAKE.
(MBOK RONDHO LAGI NYAPU ING OMAHE, UJUK-UJUK TEKO ROMBONGANE WONG WADON
AYU-AYU YAIKU KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU).
KLENTING-KLENTING : “Assalamu’alaikum…”
KLENTING-KLENTING : “Badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande
lumut mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi siji-siji?!”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut .
mlebu siji-siji ya!”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten meduun.. najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
KLENTING ABANG : “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani sisane yuyu
kangkang.” (KLENTING ABANG METU BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU)
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana utri kang unggah-
unggahi…putrine ngger sing ayu rupane…klenting biru iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten medun… najan ayu
sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…” (KLENTING
KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN)
KLENTING KUNING : “Kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara “sinden idol” supaya
bisa dadi garwane ande-ande lumut.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta
kuwe iki?”
KLENTING ABANG : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa
mneh kuwe?”
KLENTING KUNING : (NYANYI “CIDRO”) (KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO)
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan ala
menika kang putra suwun.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Lho…apa ra salah kowe le tole?”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula menika sakjane pangeran ingakang mangembara golek
pengalaman urip lan sisihing urip.”