You are on page 1of 5

AQIQAH

a. Pranatacara Aqiqah

Assalamualaikum wr. wb.

Bismillahirahmanirahim. Alhamdulillahirabbil alamin asso- latu wassalamu 'ala asrofil


ambiya'i wal mursalin, sayidina muhammadin wa ala alihi wasohbihi ajma in, amma ba’du.

Para pinisepuh, sesepuh ingkang dahat pinundhi, para rawuh kakung sumawana putri ingkang
kinurmatan, nuwun sewu, keparenga kula marak sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya
awit saking keparenganipun Bapak (yang berhajat) sakulawarga, kula kajibah dherekaken
lampahing adicara sukuran sarta aqiqoh lairipun putranipun ingkang pembajeng, ing dalu
menika.

Minangka panatacara, kaparenga kula langkung rumiyin puji syukur ing ngarsa Dalem Gusti
Allah Swt., dene awit saking rahmat saha hidayah-ipun, kula saha panjenengan sedaya ing
wekdal menika sampun kaparengaken kempal ing papan menika, kanthi bagas saras boten
kirang satunggal menapa.

Salajengipun minangka pranatacara, kaparenga kula ngaturaken rantaman adicara ing dalu
menika:

1. Adicara angka setunggal inggih menika pambuka

2. Adicara angka kalih -atur pambagyaharja saking ingkang hamengkugati

3. Adicara angka tiga pamedhar sabda sabda saking wakil

4. Adicara angka sekawan donga sabdatama kalajengaken

5. Adicara angka gangsal utawi pungkasan inggih menika panutup

Para rawuh ingkang satuhu minulya, makaten rantaman adicara ing dalu menika.

- Lumebet ing adicara angka setunggal inggih menika pambuka, sumangga adicara ing
dalu menika dipunbikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Bismillahirrahmanirrahim............ Matur nembah nuwun.


- Tumuju ing adicara angka kalih inggih menika atur pambagyaharja saking hamengku
gati, dhumateng panjenenganipun Bapak ..... wekdal saha panggenan kula
sumanggakaken.

.......................................

Mekaten atur pambagyaharja saking ingkang hamengkugari ingkang dipunsalirani


panjenenganipun Bapak ........ sampun paripurna. Dhumateng panjenenganipun Bapak
..... kula aturaken gunging panuwun.

- Para rawuh ingkang kinurmatan, dungkap adicara salajengipun inggih menika


pamedhar sabd lan atur puji pandonga, ingkang badhe dipunsalirani panjenenganipun
Bapak ...... Dhumateng Bapak ..... wekdal saha panggenan kula sumanggakaken.

Matur nembah nuwun dhuamteng Bapak .... mugi kanthi andharan kasebat saged
ndadosaken kita umat ingkang taat tumrap agami.

- Para rawuh ingkang minulya lumebet adicara ingkang pungkasan inggih menika
panutup. Sumangga adicara aqiqah ing dalu menika kita pungkasi kanthi waosan
hamdalah sesarengan. Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin.

Para rawuh ingkang tansah bagya mulya. Purwa, madya, lan wasana tumepaking
karya wonten ing wekdal punika saged kalampahan kanthi lancar. Kula minangka
pambiwara ingkang kajibah nuntun lampahanipun adicara dinten punika, menawi
taksih kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agungingsih samodra
pangaksami.

Akhirul kalam, wabillaihtaufiq wal hidayah wassalamualaikum wr. wb


b. Pambagyaharja Aqiqah

Assalamualaikum wr wb.

Bismillahirahmanirahim. Alhamdulillahirabbil alamin asso- latu wassalamu 'ala asrofil


ambiya'i wal mursalin, sayidina muhammadin wa ala alihi wasohbihi ajma in, amma badu

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung


nastiti. Dhumateng panjenenganipun Bapak (....) sakulawarga ingkang kula kurmati saha
dhumateng para rawuh kakung miwah putri ingkang tansah bagya mulya.

Matur nembah nuwun dhumateng Mas/ Mbak pranatacara ingkang sampun paring wekdal
saha panggenan tumrap kula.

Langkung rumiyin keparenga kula ngonjukaken puji sukur wonten ngarsanipun Allah Swt..
ingkang sampun paring kawilujengan, katentreman saha kasarasan dhumateng kula lan
panjenengan sedaya.

Nyuwun pangapunten. Kula minangka sulih saliranipun Bapak (.....) sakulawarga. Ingkang
sepisan, kula ngaturaken sugeng rawuh lan atur agunging panuwun dhumateng para rawuh,
dene panjenengan sampun kersa nglodhangaken wekdal saha penggalih rawuh wonten
adicara aqiqah Bapak (....) sakulawarga.

Kajawi saking menika Bapak (...) ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan dhumateng sanak kadang, tangga tepalih, para mudha sarta sedaya kemawon awit
paringipun sumbang sih sarta pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon. Mugi amal
kesaenan panjenengan sedaya pikantuk ganjaran saking Gusti Allah Swt.

Para rawuh ingkang kinurmatan, rikala dinten (.....) tanggal (...) jam (...) Bapak lan ibu (...)
pikantuk kanugrahaning Gusti inggih menika pinaringan momongan ingkang mijil
kakung/estri wonten ing griya sakit (nama rumah sakit) kanthi bergas saras boten wonten
alangan satunggal menapa. Wondene jabang bayi pinaringan pusaka asma... (nama bayi).

Dhumateng panjenenganipun para rawuh, keparenga paring donga, mugi-mugi putra ingkang
nembe mijil punika tansah pinaringan rahmating Gusti Allah Swt., dados putra ingkang bekti
dhateng tiyang sepuhipun sarta migunani dhateng agami, bangsa lan negari.
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangka pungkasaning atur, mbokbilih anggenipun nampi
rawuh panjenengan sedaya kathah kekiranganipun, kula minangka wakilipun Bapak (....)
sakulawarga, nyuwun agunging panuwun. Semanten ugi kula pribadi, menawi kathah
kalepataning atur saha tindak-tanduk ingkang boten mranani, kula nyuwun agunging samudra
pangaksami. Matur nembah nuwun.

Akhirul kalam, wasalamualaikum wr. Wb.


c. Pamedhar Sabda Aqiqah

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh.

Sedaya undangan ingkang kula kurmati.

Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sedaya senantiasa raos sokur dhumateng
ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat lan hidayahipun saengga wekdal
menika kita saged rawuh ing dalemipun Bapak ....... sakuluwarga wonten ing adicara aqiqah.

Shalawat ugi salam, mugiya tetep dipunparingaken dhumateng Nabi kita Muhammad SAW,
kaluwarganipun, para sahabatipun lan sedaya kaum muslimin ingkang purun ngelampahi
ajaran Islam kanthi estu lan leres. Mugiya kita kalebet umat beliau ingkang nglampahi ajaran
Islam kanthi estu - estu lan leres.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan. Ing wekdal menika ingkang kaping ( malam
ke : )......kelairane yoga ingkang kaping ( anak ke : ) saking Bapak........lan Ibu
………….ingkang asma…...... Saking raosipun sokur lan bingah dhumateng Allah SWT,
kula lan panjenengan sedaya wekdal menika dipunaturi kaperlu tasakuran ing dalem acara
aqiqah yogahipun. Kita sedaya kedah sumerep, bilih aqiqah menika sunnah ukumipun.
Pangendikanipun Nabi Muhammad SAW, wonten hadist riwayat Bukhari saking Salman bin
Amar Adh Dhahabi, ingkang artasipun : " Saktemene anak iku nduweni hak diaqiqahi,
mangka kanggo dheweke tumpahna getih lan adahna marang penyakit saking dheweke
( kelawan nyukyr rambute ). " Semanten ugi ing dalem hadist riwayat Thirmidzi saking
Aisyah radhiyallahu anhu ngucap, saktemene Nabi Muhammad SAW ngendika : "kanggo
anak lanang iku disembelihna wedhus akehe loro kang padha umure. Lan kanggo anak wadon
iku disembelihna wedhus siji ". Para rawuh ingkang satuhu minulya. Mekaten kalawau
pamedhar sabda saking kula, kirang langkungipun kula nyuwun agunge pangapunten
dhumateng para rawuh sedaya.

TEKS DOA CARI SENDIRI YAAA


Akhirul Kaalam. Wassalamu'alaikum Warrahmatullaahi Wabarakatuh.

You might also like