You are on page 1of 2

Omah Hantu

(Dening Caecilia lalita F/ XI-5/10)


Ing sawijiining kaluwarga sing sugih, urip ono wong lanang sing nduweni bojo lan
anak wadon ayu jeneng e Layla. Layla kuwi ayu, aktif lan sumringah bocah e. wektu
layla umur 12 tahun layla ngalami musibah. Sawijining dina layla lan kaluwargane
lunga menyang jabaning kutha migunakake mobil Layla ngalami kecelakaan. Mobil
kang ditumpak i tergelincir lan melbu menyang jurang. Naas e wong tuwa Layla ora
bisa selamet amarga tatune sing nemen banget nyebabkake Layla kudu kelangan
wong tuwane. Layla uga pungkasae diurus dening sedulur saking bapak e, yaiku
Paklek Odent. Paklek Odent seneng ngurusi Layla, nanging amarga krisis ekonomi lan
desakan kaluwarga Paklek Odent sing ora seneng karo Layla nyebabkake Paklek
Odent akhire mindahkake Layla ning luar negri. Negara kang dituju Paklek Odent lan
Layla yaiku Negara Arvis. Ing negara kui Layla dipasrahaken marang pakde ne, jeneng
pakde ne yaiku Pakde Lucas. Awal e Pakde Lucas wegah nampa Layla, nanging merga
mesake marang Layla akhir e Pakde Lucas nampa Layla ning omah e.

Setunggal tahun kapengker Layla dadi bocah sing sregep lan manut marang pakdene.
Ing cedak omah pakde ne ono alas kang jembar banget. Layla nduweni hobi yaiku
ngelukis manuk-manuk sing ana ning njero alas lan seneng ngerungakake kicauan
manuk kasebut. Ing sawijining dina pas Layla iseh ngelukis sawijining manuk ning alas
kasebut, Layla kepincut marang kupu-kupu raseksa kang nduweni werna sayap sing
apik. Kupu-kupu kasebut nuntun Layla ing sawijining omah kang gedhe ing njero alas
kasebut. Omah kui nduwe latar sing amba banget. Saka adoh omah kui ketok kaya
omah sing ora tau dinggoni. Layla mlaku melbu ing latar omah kasebut. Dumadakan
ana bocah lanang lan kang katon seumuran karo Layla ana ning pojok latar omah
kasebut. Bocah kuwi banjur diparani dening Layla. Bocah lanang kasebut nduweni
rupa kang pucet lan ekspresine datar bocah kui ndelengi Layla kaya wong sing ora
seneng. Layla uga takon “ hai, apa kowe sing nduweni omah kan gedhe iki?” bocah
kuwi mung meneng tok lan nganggu. Layla pun ngendika “wah, koe mesti wong
sugih” nanging bocah kui mung meneng tok. Layla pun takon meneh “apa aku oleh
ngeleboni omah mu kui?” bocah kuwi nesu lan mbengok “ORAK!” Layla pun kaget
banjur njaluk pangapura ing bocah kasebut. Layla pun banjur pamit mulih ing bocah
kasebut. Saktekan e omah Layla cerita marang Pakde Lucas tentang kejadian sing
mau dialami. Pakdene banjur kagetmerga jare Pakdene ning alas kasebut mboten
enten sing ninggali. Layla pun akhir e manut marang Pakdene. Nanging sing jeneng e
bocah mesti nduweni rasa kepo kang gedhe. Sesok e Layla mlaku-mlaku meneh
menyang alas lan bener ing kana tetep ana omah gedhe lan bocah kasebut. Layla
marani bocah kasebut lan tako sapa jeneng seka bocah kasebut. Jebul jeneng bocah
kasebut yaiku mathew. Layla banjur ngejak I bocah kasebut dolan bareng ing latar
omah kasebut lan pas sore Layla pamit bali. Layla lan Mathew sering dolanan mawar
ireng kang ana ing latar omah kasebut. Setungal tahun punjul Layla sering dolan karo
mathew akhir e mathew mulai ngetokake senyuman e marang Layla. Nganti
sawijining dina Layla teka menyang omah kasebut nanging Mathew kang biasane ana
ing latar omah kasebut saiki ora ana ing latar kasebut. Banjur Layla nduweni inisiatif
kanggo ngintip ing jendela omah kasebut. Amarga ora ketok akhir e Layla nekat
melbu padahal sakdurung e Mathew wes tau ngomong nek Layla ora intuk melbu
ning omah kasebut. Ing njero omah kasebut Layla akeh nemoni akeh banget lilin
abang lan tulisan kuno seko dinding omah kasebut. Layla mlaku ning sawijning
ruangan. Sakwis e ndelelng apa isi saka ruangan kasebut Layla kaget nganti
mbengok. Banjur teka-teka Mathew ana ning mburine lan ngomong “saiki kowe wis
ngerti nek aku wes mati, lan saiki wektuku lunga seka kene” Mathew mesem nanging
ketok seka atine sing paling njero duka karo peristiwa kasebut. Sakwis e kuwi omah
kasebut ngalami guncangan gedhe, banjur Layla lunga metu saka omah kasebut.
Sakwis e tekan njaba omah kasebut Layla banjur madep mburi ning omah e kuwi.
Kaget e Layla amarga omah kang gedhe kui jebul e mung puing-puing bangunan kang
wis bobrok.

You might also like