You are on page 1of 9

Baskoro

Bocahe pancen ora mbejaji. Pakulitane ireng mangkak. Rambute arang-arang, kaku
tur njeprak kaya landhak. Luwih-luwih yen diwenehi hair gel. Bocah-bocah yen
ngarani Jell, salah sijne minyak rambut sing bisa ndadekake rambut kaku. Yen
disawang pancen klimis lan kinclong, nanging njeprake kuwi sing ora nguwati.
Upama yen ora diwenehi jell, mbok menawa ora ngono iku.ora pati njeprak. Mbuh
saka krenahe sapa Baskoro kok duwe idhe nganggo Jell barang, kamangka jell
rambut iku wis ora njamani Wis ora usum kaya taun-taun kepungkur.

Yen diarani kampungan utawa kurang gaul ketoke kok ora. Tumpakane wae
Kawasaki Ninja 250. Ketoke dheweke kuwi anake wang sugih. Ketambahan pinter
basket lan ngedram. Kegiyatan loro iku ing sekolahku kagolong mewah. Dadi ora
bener yen Baskoro diarani kampungan utawa ora gaul.

Merga dheweke pinter basket, sekolahku kasil ngumpulake sewelas piala.


Kawasisane basket lan ngedram, ndadekake Baskoro bisa ndhongkrak jenenge
sekolah. Saben ana lomba kang mbutuhake karosane awak utawa yen ana pentas
seni, dheweke sing makili.

Upama ora, dhuwite utawa mobile sing maju. Sekolah kari nilpun wong tuwane,
kabeh ruwet rentenge sekolah bakal diberesi. Cara ngene iki sing aku ora sarujuk,
merga kakehan kapotangan budi marang wang tuwane, nganti arep ngetokake
Baskoro wae kangelan.

Saben rapat yayasan, aku sering usul supaya Baskoro ditokake wae, merga bisa nulari
kancane. Bisa-bisa kanca sak yayasan padha dadi preman mung gara-gara
mempertahankan bocah siji iki. Baskoro jelas wis ora bisa didhidhik. Wis bola—bali
nerak aturan, nanging sekolah sajake ara bisa golek alasan kang pas kanggo
ngetokake Baskoro.

Aku yen ngomong perkara Baskoro sering dikomplain Bu Anggit. Aku iki omong apa
anane, ora tak gawe-gawe. Bu Anggit ketoke ora trima yen aku ngelek-elek Baskoro.

“Aja ndeleng njabane thok ta, Bu” celathune Bu Anggit. “Ben wae kumpulane karo
bocah-bocah ora nggenah, pergaulane karo bocah sing ugal-ugalan, saben dina trek-
trekan. Nanging sapa ngerti dheweke sejatine duwe karep gawe sadhare kanca-
kancane sing ugal-ugalan kuwi.”

Ah, mbelgedhes! Aku ora percaya.

Bisa-bisa malah Baskoro sing dadi bocah ora nggenah merga kena pangaruhe
pergaulan bebas. Tumrapku bocah kaya ngono kuwi ora perlu dieman.

“Ya aja mengkono ta, Bu” ujare Pak Dewa mbelani Bu Anggit “Eling lho Bu marang
tugas lan kuwajibane guru. Guru iku tugase ora mulang thok, ora mung menehi
materi, pelajaran thok. Nanging uga mulang budi pekerti uga tata krama. Yen aku
kok sarujuk Baskoro dipertahankan wae. Ora usah, muluk-muluk njejeli materi
pelajaran marang dheweke supaya lulus ujiane, nanging jejelana babagan tata krama
lan unggah-ungguh.”

Huh, kana belanana terus, dimen Bu Anggit sangsaya gedhe ndhase. Sangsaya
ngengrak-engrak kaya-kaya Bu Anggit iku anake ketua yayasane sing bisa gawe
abang birune sekolahan iki.

“Piye Bu? Kok malah termenung Njenengan setuju , yen Baskoro dipertahankan?”

Setuju kepiye ta? Wis bola-bali ngomong, kok ora ana sing nggatekake. Ya wis ora
urusan! Mengko yen ta Baskoro gawe gegere bocah sak yayasan lan nganti
perkarane tekan kepulisian ora bakalan aku bertahan ing sekolah kene. Metu tak
tekadi.
Sing paling njengkeleake, Pak Dewa melu-melu mbelani. Biyasane iki Pak Dewa
priyayine manutan. Apa maneh yen aku sing ngomong. Iki mau kok kadingaren
banget Pak Dewa beda panemu karo aku. Apa aku sing kebablasen utawa arogan
merga bisa gawe abang birune sekolahan?

Kanthi cedhak Pak Dewa suwaraku asring dirungokake. Nanging pisan iki Jebul ora,
aku bener-bener jengkel merga ora bisa mempengaruhi Pak Dewa.

Pak Dewa marani aku, njur lenggah njejeri.

“Bu, kawit mau kok meneng wae. Ana apa ta ?” celathune.

Pak Dewa pancen njelehi. Wani-wanine nyedhaki aku. Kok ora kersa njaga perasaane
Bu Anggit. rak ya malah sangsaya cemburu ta panjenengane? Luwih-luwih Bu Anggit
ora percaya, yen cedhakku karo Pak Dewa mung merga pengin omonganku ana sing
ngrungokake. Cethane, aku mbudidaya supaya bisa nduweni pengaruh ing sekolah
iki.

Nanging aku ora pengin,cedhakku karo Pak Dewa dikira aku duwe sesambungan karo
panjenenqane. Ora! Babar pisan ora. dikirane aku pengin nduweni Pak Dewa, pengin
dadi penggantine Bu Sinta almarhum. Crita iki kasebar ing sekolahan, Jare aku
terlibat cinta segitiga karo Bu Anggit. Sak karepmu, ora urusan. Sing penting rak ora.
Ora ana gunane aku ngomong nganti lambe muruh karo wong sak yayasan yen
padha ora percaya. Nanging saumpama, iki mung sak umpama lho ya, yen Pak Dewa
nglamar aku lan pengin ndadekake aku minangka gantine Bu Sinta, aku ora bakalan
nulak. Aku ora munafik, aku uga mbutuhake tresnane kakung. Sanajan panjenengane
dhudha.

“Bu Reni, dipadosi Pak Wanto” Cluluke Bu Anggit nalika jam ngaso sepisanan.

“Dipadosi Pak Wanto apa Pak Dewa” clemonge Pak Han nggodha.
“Pak Dewa ya ra pa-pa. Dimen Bu Aggit sangsaya cemburu,” ngomongku canthas.
Tak cethakke sisan, merga bola-bali dheweke cemburu karo aku.

“Jan-jane temane ku apa ta, kok cemburu di gawa-gawa,” ujare Bu Anggit karo
menjep. Ngomonge pancen kaya mengkono, nanging menjebe ku ora bisa ngapusi
yen dheweke bener-bener cemburu.

“Saiki temane Baskoro. Tema cemburu buwang wae sing adoh,” celathune Bu Anggit
maneh.

“Iya kudu mengkono, Bu. Bener iku, ya wis taktemoni Pak Wanto dhisik,” ucapiku
atos.

Metu saka ruwang guru aku nuju ruwangane Pak Wanto. Aku wis siyap ngadhepi
kedadeyan kaya wingi. Kedadeyan sing ndadekake geger sak yayasan. Durung wae
aku mlebu ruwangane Pak Wanto, aku krungu suwarane priyayi kakung Lagi ngrasani
aku. Sajake tamu iku nggawa kabar kang wigati. Aku lungguhan ing teras, melu
nguping. Ora apa-apa. Yen aku kudu metu saka sekolahan iki wis tak tekadi, sak
liyane beda panemu masalah Baskoro, aku wingi bubar nempiling Baskoro nganti
irung lan kupinge gudras getih.

Wingi pas jam pelajaranku, dheeweke ijin arep nyang mburi. Tak ijini, awit kaya adat
sabene, yen tak penggak, dheweke mesthu bakal gawe ribut. Ngganggu kancane,
nganti kudu bengak-bengok supaya bisa menguasai kelas. Pancen njengkelake,
sepuluh menit sakwise istirahat. kok malah njaluk ijin menyang WC. Lha mau pas
istirahat ngapa? Istirahat 30 menit takkira luwih saka cukup. Cukup kanggo njajan lan
menehi kesempatan sing padha arep sholat dhuha. Yen baskoro ora nate dhuhanan,
mecthine istirahate ana yen Setengah jam. Ora kaya kanca-kanca liyane sing sholat
dhuha. wis lah ra pa-pa. Sholat dhuha iku mung sunah, nanging yen sholat dhuhur
kudu. Sajake Baskoro ngerti iki.
Lha nalika ijin nyang mburi tak enteni nganti 35 menit kok ora teka-teka, atiku
muntab. Genah yen bocah iki ngapusi aku. Sing Jenenge bocah kok nganti wani
ngapusi gurune, jelas.Iki dudu cah sekolah maneh, nanging preman. Kanggoku bocah
sing kaya mengkono iku, langsung wae ditangani.

Baskoro tak parani. Weruh kledhang-kledhangku dheweke mlayu, tak oyak. Merga
gang nuju WC buntu, Baskoro kecekel. Yen dheweke njaluk ngapura aku bisa lilih,
nanging iki ora. Dheweke malah mlayu, ati sing muntab sangsaya muntab. Ora ngerti
ujug-ujug tangan iki ngenani sirahe Baskoro. irung lan kupinge gudras getih.

Ketone anggonku nempiling biyasa wae, nanging kok nganti gudras getih. Aku lali
anggonku nempiling mau kanthi ati kang muntab, njero dhadha kebak geni kang
makantar-kantar Mbok menawa iku jalarane.

Yen kedadeyan wingi nganti tekan wong tuwane, lan nganti aku diskors utawa
dipecat, aku lila. Aku ikhlas yen pangupajiwaku ucul saka tanganku, aku ora perduli
prinsipku, aku ora mulang ora apa apa. Dene golek pangan iku dudu kuwajibanku,
nanging kuwajibane kakung. Aku cukup nyang omah nata bale wisma lan
nggulawenthah anak-anakku mbesuke.

Pancen cara mmikir iki kalebu kampungan lan ora umum, nanging kepriye maneh.
Tanpa guna aku sekolah dhuwur, minterake lan nggulawenthah anake liyan yen
anakku dhewe digulawenthah rewang lan kulawargaku dadi kethetheran. Iki
prinsipku. Nanging yen mbesuke bojoku akon supaya melu ngrewangi golek pangan
ya ra pa-pa. Sing penting manut karepe, sauger ora nerak wewaler lan pranatan.

Aku bisa ngomong ngene iki sawise duwe murid sing jenenge Baskoro. Biyen-biyen
aku ora kaya mengkono iku. Aku njur ngerti kepiye wae ibu iku uga nduweni
tanggung jawab kang gedhe marang putrane. Yen kuwajibane bapak rak nyukupi
kebutuhan ngomah, golek pangupa jiwa. Iki ngendikane Gusti. Sithik-sithik aku
pengin mituhu marang apa sing didhawuhake Gusti lumantar Kanjeng Nabi.
“Bu Reni. Mangga Bu,” aloke Pak Wanto nalika weruh kumledhangku.

Tanpa diambali, aku langsung njujug kursi sing dilungguhi tamune Pak Wanto mau.
Ora kaya biyasane yen dhong ngadhep Pak Wanto kae, kursi empuk sing tak lungguhi
iki krasa panas. Aku ngerti apa tegese iki, njero atiku mung ana rong ukara, diskors
utawa resign.

“Ora usah basa-basi, Bu” ngendikane Pak Wanto karo nata napas. “Iki ana
pamundhutan yen njenengan kapeksa kudu resign saka sekolahan kene..”

Aku pancen wis mbadhe, aku wis siyap krungu salah sijine ukara mau. Nanging atiku
kok durung nrima keputusan iki. Dijupuk positife wae. Mbokmenawa Gusti lagi nodhi
prasetyaku anggonku bakal leladi marang garwa lan putra. Mbok menawa iki dalan
tumuju marang perkara iku.

“Jane sekolah isih ngondheli njenengan,” ngendikane Pak Wanto maneh.

“Sekolah butuh guru-guru kang duwe dhedikasi lan loyalitas. Ora usah akeh-akeh.
Cukup loro wae. Nyatane kanthi anane njenengan sekolah bisa kadhongkrak
jenenge.”

“Alah, Pak kaya ngendikane njenengan mau, ora usah basa-basi. Sing bares wae, yen
pancen aku kudu resign aku wis siyap kok Pak. Njenengan ora usah pekewuh,
mbokmenawa,resign-ku iki merga ana sing luwih mbutuhake aku tinimbang sekolah”

“Berarti njenengan wis pirsa, Bu?”

“Pirsa menapa ?”

“Pancen Bu, njenengan iki bener-bener lagi dibutuhake. Malah nembe wae priyayine
saka kene, njur aku nimbali njenengan mau. Yen njenengan mau langsung mrene,
malah tak kenalake sisán”
Sajak Pak Wanto ora pirsa yen aku melu nguping ngendikane karo tamu mau,
sanajan ora jelas babar blas. Sing mesthi aku ngerti yen tamu mau ngomongake aku.

“Sinten ta, Pak. Kok bener-bener mbutuhake aku iku cethane piye?”

“Pak Wahono. Bapake Baskoro,” ucape Pak Wanto.

Pak Wahono ditugasake nyang Palembang. Mesthine ngajak njenengan, jarene


njenengan arep krama karo Pak Wahono. Njenengan didhawuhi melu
nggulawenthah Baskoro supaya dadi bocah sing nggenah.”

Rasane ati iki jan kelara-Iara. Wingi aku kepeksa nampa lamarane Pak Wahono,
dudha tangga desa kang ditinggal minggat sing wadon. Malah saiki aku kudu melu
nggulawenthah anake dhudha iku. Sarehne umurku wis ngancik 36 taun, aku ora bisa
golek pawadan kanggo mbatalake lamaran iku.
Kunjungi https://bocahkampus.com untuk informasi menarik lainnya!

You might also like