You are on page 1of 7

Lalaran fiqih jawan

#Bismillahirohmanirohim.
Alhamdulilah kito muji ing gusti alloh
solawat salam mugo tetep ing rosululloh
Sawise wong islam kudu ngerteni carane

Anggone nglakoni ngibadah serto liyanne

Mulo ngudio siro kabeh goleko ngilmu

Fiqih supoyo bisa gawe slamet awakmu

Jalaran ngilmu fiqih iku ngilmu kang perlu

Kanggo nglakoni ngibadahe sunat lan ferdhu

Ya allah mugi panjenengan paring karidhon

Kito bade ngerthosi fiqih saweg kawitan

Senajan kanti cara mawi bahasa jawan

Namung mugio alloh paring kemanfangatan

BAB ISLAM

Saben wong islam kudu ngerti rukun kang limo

Serto ngerteni maring kaneh rukun kang limo

Rukune islam syahadat sholat lan zakat

Puoso lan haji ing mekah yen duwe ragat

Dene arane huum ferdhu sunnah lan harom

Mekruh lan mubah iku kabeh hukume islam


BAB TOHAROH

Saben wong kang ngelakoni sholat kudu sesuci

Sebab sholat ora ketompo anging wis suci

Rupane ngilangi najis lan adus lan wudhu

Carane ninda’ake nganggo sucine banyu

Dene rupane banyu suci banyu kang metu

Songko langit lan bumi tanpo najis kang telu

Mukhofafah muthawasitoh lan mugholadzoh

Kabeh yen ngenani da’suci mungguhe allah

BAB FERDHUNE WUDHU

Ferdhune wudhu iku ono nenem wernane

Siji niat bareng naliko masuh raine

Loro masuh rai telu masuh tangan loro

Sehinggo tumekane masuh sikute karo

Ngusap setengahe sirah iku ping papate

Limo masuh sikil loro lan polok karone

Nomer kaping neneme iku arane tertib


Tegese songko ngarep teko mburi da’selip
BAB PERKORO KANG MBATALAKE WUDHU

Dene batale wudhu iku limo wernane


Siji barang kang metu songko kubul dzubure
Loro turune wong kang ora tetep lungguhe
Telu ilang ngakale krono ono sebabe
Koyo mendem lan loro edan ayan rupane
Kabeh iku biso batalke maring wudhune
Papat senggolan lanang wadon kang da’ mahrome
Tanpa aling aling antara lanang wadone
Nomer kaping limone iku sebabe ndemek
Qubul utowo dzubur kelawan epek epek

BAB NERNGAKE HUKUME


WONG KANG BATAL WUDHUNE

Dene lamun siro wis batal anggone wudhu


siro harom ngelakoni marang perkoro telu
siji harom sholat loro harom ndemek mushaf
kaping telu siro harom ngelakoni towaf

BAB NERANGAKE PIRO PIRO PERKORO


KANG MAJIBAKE ADUS LAN SUNAHE ADUS
Dene kabeh perkoro kang majibake adus
Ono nenem bakal kaitung tumeko putus
Nomer sijine jima’loro metu manine
Nomer ping telune haid nifas nomr papate
Nomer limone wadon rampung ngetoke bayi
Nomer neneme wajib adus sebabe mati
Dene sunahe adus iku moco bismillah
Wudhu serto kusukan nuli nuli di kumbah

BAB NERANGAKE HAROME


WONG KANG JUNUB HAID LAN NIFAS

Saben wong junub harom sholat lan harom towaf


Harom meneng ing mesjid ndemek lan moco mushaf
Wadon kang lagi haid lan nifas den haromake
Podo harome wong kang junub poso tambahe

BAB NERANGAKE WONG KANG


KEWAJIBAN NGELAKONI SHOLAT

Dene wong kang di wajibake ngelakoni sholat


Iku wong islam aqil baligh da’keno telat
Lan tumrape wong tuo prentah maring anake
Sawise teko umur pitung taun wajibe
Lamun wes tumeko sepuluh taun umure
Wajib den gitik lamun tinggal maring sholate
Kabeh sholat kang wajib iku limo wernane
Dzuhur ashar lan maghrib isha subuh arane

BAB NERANGAKE PIRO PIRO WEKTUNE SHOLAT


Sholat wajib kang limo iku nduweni wektu
Kang ora biso putus sebab kabeh tertentu
Wektu dzuhur iku awit lingsire serngenge
Nganti padane barang karo ayang ayange
Dene padane barang karo ayang ayange
Iku manjinge ashar tekan surup serngenge
Wektu maghrib iku songko surupe serngenge
Nganti katekan mego abang jelas ilange
Wektune isya saking ilange mego abang
Nganti metune fajar shodiq da’ keno mamang
Wektune subuh saking metune fajar shodiq
Nganti serngenge metu saking arane masryik

BAB SYARATE SHOLAT

Syarate sholat iku ono nenem wernane


Siji suci saking hadast cilik lan gedene
Loro kudu suci badane lan sandangane
Lan panggonane kabeh tanpa ono najise
Nomer telune kudu ketutupan aurate
Lamun wong lanang awit puser tekan dengkule
Dene ngaurate wadon iku kabehe badan
Kejobo rai lan telapak lorone tangan
Nomer papat kudu wis manjing wektune sholat
Nomer kaping limo iku kudu madep qiblat
Nomer ping neme kudu ngerti syarat rukune
Kabeh kang wis ketutur nduwur iku syarate

BAB NERANGAKE PIRO PIRO RUKUNE SHOLAT


Dene rukune sholat iku ono telulas
Bakal kaitung kabeh kanti runtut tur jelas
Siji niat lorone ngadek lamun kuoso
Telune moco takbirotul ikhrom kang cetho
Papat moco fatihah limo rukuk sertone
Tu’maninnah tegese anteng kabeh nggotane
Nomer nenem i’tidal serto tu’maninahe
Pitune sujud loro serto tu’maninahe
Nomer wolu lungguh antara sujud lorone
Serto tu’mninahe kabeh dadi rukune
Nomer songone iku lungguh tahyatul akhir
Ping sepuluh anggone moco tahyatul akhir
Nomer kaping sewelas moco sholawat nabi
Nomer ping rolas moco salam kang nomer siji
Telulas kudu tertib utowo urut urut
Tegese awit ngarep teko mburi kang runtut

BAB NERANGAKE PERKORO


KANG MBATALAKE SHOLAT
Perkoro kang mbatalke sholat iku sewelas
Siji ngomong kang njarak senajan durung jelas
Loro penggawean kang akeh tur nuli nuli
Koyo mlaku lan ngeplak lemut kang bola bali
Hadast cilik lan gede iku kang nomer telu
Papat keno najis kang ora kena di ma’fu
Limo ora nutupi aurot naliko sholat
Nomer kaping neneme iku owahe niat
Pitu ngungkuri qiblat nomer wolune mangan
Nomer songo ngumbe nomer sepuluh guyonan
Sewelase perkoro kang mbatalke ing sholat
Yo iku megot islam tegese aran murtad

PUNGKASAN
Alhamdulillah ingkang kagungan sifat rohman
Ingkang sampun paring pitedah lan pitulungan
Lan sampun paring keslametan lan kerohmatan
Dateng kanjeng nabi muhammad nnabi pungkasan
Lan dateng kawulo wargo lan poro sohabat
Lan umumipun kabeh umat islam sejagad
Lan mugi kanti fiqih jawan dados dedasar
Kito bade ngertosi kitab fiqih kang jembar
Aamiin ya alloh aamiin kito nyuwun manfa’at
Fiqih jwan cuplikan meniko sampun tamat

You might also like