You are on page 1of 10

TUGAS

PRESENTASI
Oleh :
Kelompok 5
KELOMPOK 5
Devanda Prawira W(9)
Dewi Sekar Tanjung(11)
Firman Prakoso A. (13)
Meisya Yushara(17)
Vesya Fishicella(28)
MATERI
PEMBAHASAN
PANGERTEN

Istilah Ruwat asale saka istilah Ngaruati sing artine njaga marang nasib sial.
Ing masyarakat Jawa, tradhisi ruwatan dikenal. Dene ruwatan mujudake ritual
sesuci sing isih akeh ditindakake dening masyarakat Jawa
SEJARAH UPACARA RUWATAN

Tradhisi Ruwatan mujudake wujud upacara sesuci utawa ritual kang isih dilestarekake dening
masyarakat Demak, Jawa Tengah. Tradhisi menika dipuntindakaken kangge nglestantunaken
piwulangipun Kanjeng Sunan Kalijaga saha dipunginakaken kangge tiyang ingkang Nandang
Sukerta utawi wonten ing desa.
Ruwat bisa ditegesi ngatasi utawa nyingkiri kesusahan mental kanthi nganakake pagelaran utawa
ritual. Umume ritual iki nggunakake medhia Wayang kulit kang nggunakake tema utawa crita
Murwakala. Istilah Ruwat asale saka istilah Ngaruati sing artine njaga marang nasib sial saka Dewa
Batara.
Ing masyarakat Jawa, tradhisi ruwatan dikenal. Dene ruwatan mujudake ritual sesuci sing isih akeh
ditindakake dening masyarakat Jawa. Tradhisi iki ditindakake kanthi nggunakake media Wayang
Kulit. Tradhisi menika saged dipuntindakaken dening tiyang Jawi nalika ngalami sial ing
gesangipun.
Upacara Ruwatan biyasane ditindakake dening wong Jawa nalika ngalami nasib ala
Tradhisi Ruwatan kang biyasane dianakake pas karo wong Jawa yaiku Taun Anyar Jawa ing Suro 1.
RERONCERING UPACARA ADAT JAWA RUWATAN

• Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”


Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan
lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
• Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambutlan siraman. Sing bakal nyukur yaiku wong tuwa
saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediaake.

• Kanggo syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal dilarung. Carane njukuk getheh
yakui nganggo ri, trus dioleske ning kapuk putih. Ri karo kapuke mau dilarung karo:
1. Beras 4 kg
2. Slawat 1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3. Pithik
4. Teklek (sandal saka kayu)
5. Benang Lawe sagulung
6. Endhok pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7. Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8. Rambut sing dicukur
9. Kelapa 1 cacahe

Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine,
ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.
PIRANTI LAN UBARAMPE UPACARA ADAT JAWA RUWATAN

C. Piranti Lan Ubarampe Upacara Adat Jawa Ruwatan

Ana pirang-pirang piranti sing kudu eneng ning upacara ruwatan. Piranti sing digunake miturut adat ning dianeake
ruwatan kui. Antarane :

• Piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa,lakon“Murwa Kala”,yaiku:


1. Gamelan jawa
2. Wayang kulit sak kotak,komplit
3. Kelir utawa kain
4. Blencong utawa lampu minyak
• Sesajen kang kudu disediaake yaiku:
1. Tuwuhan, Nduweni teges dadi hiasan lan penyuwunan.
2. Kembang mayang loro, diselehake ning ngarepe dhalang sing bakal dinggo kanggo ngedusi Batara Kala, lan
wong sing diruwat.
3. Geni utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunaake Kyai Dalang salebeting
tanggapan.
4. Kain mori putih kurang luwih dowone 3 meter, digelar ning ngisor debog panggungan saka kelir nyanti sak
mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ning ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang.
Macem-macem sega sing kudhu ana, yaiku :
1. Sega Golong
2. Sega Wuduk
3. Sega Kuning

• Macem-macem bubur/jenang, yaiku :


1. Jenang abang
2. Jenang putih,
3. Jenang kaleh,
4. Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna).

• Macem-macem jajanan pasar, yaiku :


Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit, gula jawa, kelapa, jajanan arupa blingo sing dikei werna abang,
kemenyan kembang, banyu sing diwadahke cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendi sing isine banyu,
empluk (kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pithik, dan duwit sak sen).
• Piranti liyane, yaiku :
1. Benang lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2. Arupa kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.

Tahap-tahap upacara ruwatan, yaiku:


•Proses cipratan kang nduweni nilai reresik awak manungsa nggunakake banyu
saka kembang cetaman, yaiku kembang ylang, kembang mlathi, lan kembang
mawar.
•Sesaji lan kawilujengan supaya wong kang diruwat ritual tansah slamet.
•Upacara cukur rambut, yaiku kabeh sing reged kudu dipotong lan dibuwang
•Tirakatan inggih menika mujudaken raos syukur saha raos syukur dhumateng
Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman
•Pawayangan kang ndadekake panguripan teks isi

https://youtu.be/Nzx-QEDZtc8?feature=shared
MATUR SUWUN

You might also like