You are on page 1of 2

Assalaamu’alaikum Wr.

Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho
poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito
panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu
puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge
mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal
punopo.
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito
panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu
puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge
mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal
punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW,


engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah
engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu
syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe


maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko


Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing
dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an


ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek
Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:


Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji,
dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo
sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng
panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kulo
sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji,
dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho
panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a,


dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking
Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro


pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani


dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin
pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

You might also like