You are on page 1of 2

JULA JULI / GUYON MATON

GUGUS DEPAN 09.087 – 09.088


PANGKALAN SDIT AL-AZHAAR
Sukorejo – Gandusari - Trenggalek

Pembuka.
Aqila: Cah pramuka podo seneng berbagi
Mergo atine dermawan…
Kenzie: Aku pramuka soko santri
Sopo seng wani ngelawan…
……………………………………………………………………………………………
Aqila : Assalamualaikum…
Kenzie : Waalaikumsalam, ono opo Qil?
Aqila : Awakmu arep ning ndi? Sajak e kok semangat banget, kaya wong arep oleh
PIP ae.
Kenzie : Lho... awakmu ki pye ta Qil… opo pancen lali yen iki mau arep nampa PIP.
Aqila : Walah tenan pye Zi?
Kenzie : Ora…
Aqila : Ladalah Zi… La terus pye?
Kenzie : Tak kandhani ya Qil, iki mau ning Al-Azhaar ana kegiatan pramuka yaiku
Kemah Ta’aruf. Lha ning kono kui akeh tampilan lan atraksi, salah sijine nyumet
api unggun.
Aqila : Oalah ngono ta Zi… Wah mesti rame iku Zi…aku ya pengin nonton.
Kenzie : Nah yo ngono Qil… Ojo pancet youtube ae sing mbok tonton, lan wis mesti
ning kono dijamin rame banget, nanging sing paling penting kegiatan pramuka
iku akeh faedahe.
Aqila : Iya Zi… bener kandhamu, kegiatan pramuka iku iso nglatih sikap mandiri,
rajin, terampil, nduweni pribadi sing tangguh lan liya-liyane.
Kenzie : Nah iyo bener kui Qil, dungaren omonganmu pener…
Aqila : Lah ngene ngene aku yo tau melu pramuka lo Zi… aku yo eroh artine pramuka
Zaq, lek pra aksara kui jaman rung kenal tulisan, lha lek pramuka berartikan
jaman rung kenal rai, yo to??
Kenzie : Ladalah Qil Qil bar digunggung lekas ngawur eneh awakmu ki…
Aqila : hehe sepurane guyon Zi…
Kenzie : Iyo wis sakarepmu… Qil tak kandhani to, enek lo bocah pramuka, pangkate
wis ndrembel kiwo tengen, ngarep mburi, nanging isih gembengan.
Aqila : Opo yo enek ta Zi bocah sing ngono kui?
Kenzie : Yen ning kene ora ana, enek e ning kidul kono lo...
Aqila : Alkhamdulillah…
Kenzie : Qil krungu-krungu kegiatan api unggun ana Al-Azhaar iku ora kaya biasane
lo…
Aqila : Lho opo sing ora kaya biasane? Sing dibong dudu kayu ngono opo piye?
Kenzie : Lah… lah… awakmu ki piye ta Qil… sing dibong ya tetep kayu ta, nanging
pranoto carane nggawe basa jawa.
Aqila : Alah… alah… jaman saiki nyapo dadak nggawe basa jawa? Basa jawa kuwi
angel pengucape, uga angel pemahamane, kok dadak kurang gae.
Kenzie : Qilaa… kowe kuwi piye ta… Ora oleh ngono kuwi… Basa jawa kuwi
minangka salah sijine warisan budaya Bangsa Indonesia, sing wis dadi
kewajibane awak e dewe, minangka generasi penerus bangsa, nguri-uri lan
nglestariake.
Aqila : O… ngono ya Zi?
Kenzie : Iya Qil… awakmu kuwi aja kaya paribasa kacang lali karo kulite, wong jowo
ilang jawane.
Aqila : Iya Zi, wiwit saiki aku arep sinau sing tenan, supaya dadi pelajar sing ngerti
kawruh basa jawa.
Kenzie : Sip… ya ngono Qil… iku salah siji cirine profil pelajar Pancasila.
Aqila : Walah… ditinggal ngomong ngalor ngidul awak e iki mengko selak
ketinggalan kegiatane api unggun.
Kenzie : Bener kandhamu Qil… ayo gek ndang budhal
Aqila : Ayo Zi…

You might also like