You are on page 1of 10

‫‪KHUTBAH JUMAT‬‬

‫)‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬
‫‪Babaran Basa JAWI‬‬

‫‪KAMULYANING WULAN RAJAB‬‬


‫‪LAN NASIBIPUN UMAT‬‬
‫‪KHUTBAH I‬‬

‫َ ُ‬ ‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َّ َ‬ ‫ْ‬


‫َّإن ال َح ْم َد ِلل ِه‪ ,‬ه ْح َم ُد ُه‪َ ,‬وو ْظ َخ ِع ُُى ُه‪َ ,‬وو ْظ َخغ ِف ُس ُه‪َ ,‬وو ُعىذ‬
‫َّ‬ ‫َّ ْ ُ ُ َ ْ ُ َ َ َ ّ َ َ‬
‫اث ؤ ْع َم ِال َى َام ْن َي ْه ِد ِه الل ُه‬ ‫ِبالل ِه ِمن شسو ِز ؤهف ِظىا‪ ,‬وط ِِئ ِ‬
‫َ َ ْ َ َ َ‬ ‫َ َ ُ َّ َ ُ َ َ ْ ُ ْ َ َ‬
‫ض ِل ْل فال َه ِاد َي ل ُه‪,‬ؤش َه ُد ؤ ْن ال ِال َه‬ ‫فال م ِضل له‪ ,‬ومن ً‬
‫َ‬ ‫َ َ َ‬ ‫َ َ‬ ‫َّ‬
‫للا َو ْح َد ُه الش ِسٍْ ًَ ل ُه‪ ،‬ش َه َادة َم ْن ُه َى خ ْي ٌر َّم َل ًاما‬ ‫ِلِا ُُ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫َوؤ ْح َظ ُن ه ِد ًًّا‪.‬‬
‫ُ‬ ‫ُ ُْ‬
‫مح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْىل ُه اْل َّخ ِصف‬ ‫َو َؤ ْش َه ُد َؤ َّن َط ُّ َد َها َ‬
‫ِ‬
‫ب ْاْلَ َيازم ه َبا ًزا َو َ‬
‫ص ِب ًُّا‪.‬‬ ‫ِ ِِ ِ‬
‫ص ِاد َق‬ ‫ان َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ّ‬
‫ص ِ ّل َو َط ِل ْم َعلى َط ُِّ ِدها ُم َح َّم ٍد و َ ُ‬ ‫َا َّلل ُه َّم َف َ‬
‫َّ‬
‫ص ْح ِب ِه ال ِر ًْ َن‬ ‫ان َز ُط ْى ًال َهب ًُّا‪َ ،‬و َع َلى آله َو َ‬ ‫ْال َى ْعد َو َو َ‬
‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫ًُ ْح ِظ ُى ْىن ِإ ْطال َم ُه ْم َول ْم ًَ ْف َعل ْىا ش ِْ ًئا ف ِسًٍّا‪ ،‬ؤ َّما َب ْع ُد‪،‬‬
‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ ُّ َ ْ َ ُ ْ َ َ َ ُ ُ ُ ُ‬
‫للا‪ ،‬ا ْو ِص ُْ ِن ْي ه ْف ِس ْي َوِإ ًَّاه ْم‬ ‫اضسون ز ِحمىم‬ ‫فُا ؤيها الح ِ‬
‫َ َ ْ َ َ ْ ُ َّ ُ ْ َ َ َ ُ َ َ‬ ‫ََْ‬
‫للا ح َعالى ‪:‬‬ ‫للا‪ ،‬فلد فاش اْلخلىن‪ .‬كاٌ‬ ‫ِبخلىيُ ِ‬
‫َ‬ ‫ّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ََ‬
‫فال َو َز ِّب ًَ ال ًُ ْؤ ِم ُى ْىن َح ّٰتى ًُ َح ِى ُم ْى َن ِف ُْ َما ش َج َس َب ُْ َن ُه ْم‬
‫ّ‬
‫ض ِْ َت َو َُ َظ ِل ُم ْىا‬ ‫ُث َّم َال ًَج ُد ْوا ف ْٓي َا ْه ُفظه ْم َح َس ًجا ّم َّما َك َ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫َ‬
‫ح ْظ ِل ُْ ًما‬
‫‪(QS An-Nisa‟ [4]: 65).‬‬
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Minangka pambuka atur, sumangga kita
sesarengan hangunjukaken raos syukur wonten
ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta‟ala, awit
sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng
kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pandhèrèkipun
ingkang tansah setya tuhu, mangga sareng-
sareng hatur shalawat dalasan salam, kunjuk
dhumateng Rasulullah Muhammad Shallallahu
„Alaihi Wa Sallam, sumarambah dhumateng
para kulawarganipun, para sahabatipun, para
tabi‟in, ugi para tabi‟utabi‟in.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al
fakir khotib mboten bosen-bosen tansah atur
pepémut dhumateng dhiri pribadhi kula
piyambak, sumarambah dhumateng para
jamaah Jum‟at, kanthi atur, sumangga tansah
ngandelaken iman, nambahi jejeging taqwa kita
dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta‟ala, jumbuh
kaliyan dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad
Shallallahu „Alaihi Wa Sallam :
َ َ َ َ َ ْ َ َ ّ َّ ََْ َ ْ ُ َ ُْ َ َ
،‫ وؤج ِب ِع الظ ِِئت الحظىت جمحها‬،‫ِا َُّج ِم للا حُثما هىت‬
َ ُ ْ
ُ ُ َ َّ َ
ُ ٍ ‫اض ِبخل ٍم َح َظ‬
‫ن‬ ‫َوخ ِال ِم الى‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi
waé mapanira. Imbangana pakartimu kang
nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan
bakal isa hangganti kanisthan. Srawunga karo
sapepadhané manungsa kanthi pakerti kang
becik.” (HR Tirmidzi).
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala ugi sampun
paring firman makaten:
َْ ْ ُ َّ ْ َ َّ َ ُ َّ َ َ َ
ِ ‫الخ ْل َىي َو َّاج ُلى ِن ًَاؤ ْو ِلي لْال َبا‬
‫ب‬ َّ ‫الصاد‬
ِ ‫وجصودوا ف ِئن خي َر‬....
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené
becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah.
Hé wong kang padha duwé akal, sira padha
wediya marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]:
197).
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala ugi paring
dhawuh makaten:
َّ َّ ُ ُ َ َ َ َ ُ َّ َ َ ّ ْ ُ َّ ْ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫ًا ؤيها ال ِرًن آم ُىىا اجلىا الله حم جل ِاج ِه وال جمىجن ِإال‬
َ‫َ َ ُ ُّ ْ ُ ن‬
ُ ‫وؤهخم مظ ِلمى‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha
bektiya ing Allah, kelawan sejatineng bekti, lan
sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan
Islam.” (QS Ali Imran [3] : 102).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Alhamdulillah, èstu untung sanget kita
kaum Muslimin. Kathah kaberkahan ing saben
wekdal ingkang dumugi dhumateng kita. Kados
ing wekdal sak menika, wulan Rajab. Kathah
kasaénan ingkang Allah subhanahu wa ta‟ala
lumunturaken dhumateng hamba-hambanipun,
ingkang nindakaken amal shalih. Menika karana
wulan Rajab minangka salah satunggaling wulan
ingkang Allah subhanahu wa ta‟ala
minulyakaken. Wulan ingkang istiméwa utawi
pethingan.
Ing nglebet hadis mursal, ingkang dipun
riwayataken déning Imam asy-Syaukani saking
Imam Hasan al-Bashri. Dipun ngendikakaken
déning Nabi Muhammad shallallahu „alaihi wa
sallam, bilih Rajab minangka wulan
kagunganipun Allah (syahrulLaah), mertandhani
kamulyan saha keutamanipun. Panjenenganipun
paring sabda mekaten:
ُ َ ُ َ ََ َ ْ ْ َ ُ َْ َ َ َ َ
ُ‫ان ش ْه ُس ؤ َّم ِت ْي‬ ِ ‫َزج ُب ش ْه ُس‬
‫ و زمض‬،‫ و شعبان شه ِسي‬،‫للا‬
Rajab minangka wulané Allah, Sya‟ban
minangka wulanku, lan Ramadhan minangka
wulané umatku. (Asy-Syaukani, Nayl al-
Awthaar, 4/293, Maktabah Syamilah).
Kénging menapa dipun sebat wulan
Haram? Miterat Al-Qadhi Abu Ya‟la
rahimahulLaah, karana ing wulan kasebat,
langkung dipun haramaken merjaya, saha
wonten awisan nindakaken tumindak haram,
tinimbang ing wulan sanèsipun, karana
minulyanipun wulan kasebat.
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Wonten kalih perkawis ingkang penting
murih katindakaken déning saben Muslim,
maliginipun ing Wulan Rajab niki.
Kaping setunggal: Saben kawula ingkang
gadhah iman lan mangrantu ridhanipun Allah,
saktrepipun menawi tumunten ningkataken
amal shalih, saé ingkang wajib menapa déné
ingkang sunnah, tanpa dipun mendhé-mendhé
malih. Allah subhanahu wa ta‟ala sampun paring
firman makaten:
‫الظ ٰم ٰى ُث‬ ُ ‫َو َطاز ُع ْٓىا ا ٰلى َم ْغف َسة ّم ْن َّزّب ُى ْم َو َج َّىت َع ْس‬
َّ ‫ض َها‬ ٍ ِ َ ِ ٍ ِْ ِ ِ
ُ ُ َْ
‫َولِا ْزض ُا ِع َّد ْث ِلل ُم َّخ ِل ْي ُن‬
Lan sira padha gegancangana nyuwun
pangapura saka Pangéranira lan suwarga kang
jembaré madhani ambané langit lan bumi
dicawisaké marang wong kang bekti ing Allah.
(TQS Ali Imran [3]: 133).

Amal shalih boten ngemungaken kasaénan


ingkang katraju saking pamawasing manungsa
utawi masyarakat, utawi miterat hukum
yasanipun manungsa ingkang lumampah. Mugi
kagatosaken sabdanipun Kanjeng Nabi
Muhammad shallallahu „alaihi wa sallam
menika:
َ َ َ َ َ َْ ً َ َ َ َ ْ َ
‫ع َعل ُْ ِه ؤ ْم ُسها ف ُه َى َز ُد‬ ِ‫من ع ِمل عمال ل‬
Sapa waé kang nindakaké sawijining amalan
kang tan ana ing sajroning agamaku, mangka
bakal ditolak (HR Muslim).

Tuladhanipun: Satunggaling tiyang Muslim


manginten sampun tumindak saé dhumateng
keluwarganipun, karana sampun maringi nafkah
dhumateng piyambakipun. Sanajan anggènipun
maringi nafkah saking margi usaha ingkang
haram, kados muamalah ribawi, nampi suap,
korupsi, lan sak panunggalanipun.
Satemenipun kathah tiyang ingkang
manginten sampun nindakaken amal saé,
éwosemanten piyambakipun nandhang
kapitunan. Allah subhanahu wa ta‟ala sampun
paring firman makaten:
ً َ َْْ ُ ُ ُ
ۗ ‫ك ْل َه ْل ه َى ِّب ُئى ْم ِباالخ َظ ِسٍْ َن ا ْع َماال‬
ُّ ‫ض َّل َط ْع ُي ُه ْم فى ْال َح ُٰىة‬
‫الد ْه َُا َو ُه ْم ًَ ْح َظ ُب ْى َن‬ َ ‫َا َّلر ًْ َن‬
ِ ِ ِ
ُ ‫َا َّن ُه ْم ًُ ْحظ ُى ْى َن‬
‫ص ْى ًعا‬ ِ
(Muhammad) sira dhawuha:”Apa sira nyuwun
dak wejangaké kahanané wong-wong kang
luwih kapitunan (ana ing akhirat)? Yaiku wong-
wong kang kesasar, miturut panemuné wong
mau mungguh penggawéné kang dilakoni iku
wis becik. “ (TQS al-Kahfi [18]: 103-104).

Saking pérangan amal shalih ingkang ageng


kautamanipun inggih menika, dados pemimpin
ingkang adhil. Pemimpin ingkang adhil inggih
menika pemimpin ingkang mangetrapaken
syariah Islam kanthi kaffah, saha gesang wonten
pangayomaning hukum-hukum Allah subhanahu
wa ta‟ala. Nabi Muhammad shallallahu „alaihi
wa sallam paring sabda mekaten:
ً َ
‫ َو َحد‬،‫ًَ ْى ٌم ِم ْن ُ ِإ َم ٍام ُ َع ِاد ٌٍ ُخ ْي ٌر ِم ْن ِع َب َاد ِة ِط ِّخ َين َط َىت‬
ً‫ص َباحا‬ َ ‫لْا ْزض ب َح ّله َؤ ْش َوى م ْن َم َطس َؤ ْزَبع َين‬ َْ ُ َُ
ِ ِ ِ ِِ ِ ِ ‫ًلام ِفي‬
Sedina bareng sawijining pemimpin kang adhil
luwih utama tinimbang mangibadhah 60 tahun.
Siji hukum kang dijejegaké kanthi haq ing bumi
luwih suci (resik) tinimbang udan 40 dina. (HR
ath-Thabarani).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Menawi perkawis ingkang angka setunggal
ing nginggil wau babagan gegancangan
nindakaken amal shalih, ingkang kaping kalih:
ingkang mesti katindakaken déning para
Muslim, inggih menika tumunten, utawi
gegancangan ninggalaken rupi-rupi kezaliman,
karana ajrih dhumateng Allah subhanahu wa
ta‟ala. Mekaten niku awit ing wulan Rajab,
piwalesing tumrap tumindak zalim ugi tikel-
matikel. Imam Qatadah rahimahulLaah ing
nglebet tafsiripun paring katerangan, “Karana
kezaliman kang ditindakaké ing sasi-sasi haram
luwih gedhé kesalahan lan dosané, tinimbang
kezaliman kang ditindakaké ing sasi-sasi sak
liyané...”
Awit saking menika, ing wulan Rajab niki,
kaum Muslim kedah langkung gumrégah,
sengkut gumregut ninggalaken kezaliman lan
kemaksiatan. Ing antawisipun sifat zalim ingkang
kedah tumunten dipun icali, inggih menika
hanolak penerapan hukum-hukum Allah. Allah
subhanahu wa ta‟ala sampun paring firman
mekaten: ٰۤ
َ ّٰ ٰ ُ َ ّٰ َْ ٓ ُ َّ
ُ‫ َو َم ْن ل ْم ًَ ْحى ْم ِب َما اه َص ٌَ الل ُه فاول ِٕى ًَ ُه ُم الظ ِل ُم ْىن‬....
.... Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi
barang kang wis diturunaké déning Allah,
sumurupa yen dhèwèké iku wong kang padha
nganiaya. (TQS al-Ma‟idah [5]: 45).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Perlu dipun émut, boten cekap menawi kita
namung nindakaken amal shalih saha
ninggalaken kemaksiatan tumrap dhiri kita
piyambak. Kita ugi gadhah tanggel jawab
dhumateng sesamining Muslim. Sedhèrèk kita
ing Paléstina, ing Myanmar, ing Xinjiang, Suriah,
Kashmir mapan ing kawontenan ketertindasan
déning kaum kufar saha rezim zalim. Émanipun
para panguwaos Muslim kèndelan, mbisu.
Karana niku, umat niki hambetahaken amal
ageng lan nyata, kanggé manolak manéka warni
kezaliman niki. Kezaliman niki boten saged ical
muspra kejawi kanti wontenipun pemimpin
ingkang jumeneng minangka junnah (perisai)
tumrap umat. Hinggih menika, Khalifah ingkang
badhé mangetrapaken syariah Islam. Khalifah
ugi ingkang badhé hamaringi pambéla
dhumateng kaum Muslim ingkang katindhes,
ngiras pantes maringi pambiyantu saha
mangintun pasukan ingkang badhé
hambébasaken negeri-negeri kaum Muslim
saking manéka warni kezaliman.
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmatipun
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing
khutbah Jum‟at menika. Hanglenggana bilih
sedaya kasampurnan namung kagunganipun
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala samukawis atur
kula ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, lumantar Rasulipun, mangga
kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula
ingkang lepat, awit saking kirangipun
pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal
ingkang tebih, lan mugi panjenengan sedaya
kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi
khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan,
mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang
yuswa, séhat lahir batin, manfaat donya
akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan
kekiyatan, sahéngga saged dados péranganipun
ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat Islam kanthi
kaffah, tansah setya tuhu hanuladhani kanjeng
Nabi Muhammad Shallallahu „Alaihi Wa Sallam
ngantos puput yuswa kanthi kawontenan
husnul khatimah, aamiin ya rabbal‟alamiin.

[]
ُ َ َ ‫َبا َز َن للا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
‫ َوه َف َع ِني َوِإ ًَّاه ْم‬،‫لع ِظ ُْ ِم‬ ِ ِ ِ
ُ ‫ُم َو َج َل َّب َل‬ ْ ْ ّ ْ
‫للا ِم َّىا‬ ُ ِ ‫الره ِس ال َح ِى‬ َ ًَ ‫ب َماف ُْه م َن ْلا‬
ِ ‫اث و‬ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ
‫ وؤكىٌ كى ِلي‬،‫و ِمىىم ِجالوجه وِإهه هى الظ ِمُع الع ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس للا الع ِظُم ِإهه هى‬
‫‪KHUTBAH II‬‬

‫َ‬ ‫َ َ ْ َ َ ُّ ْ َ‬ ‫َْ‬
‫الشى ُس ل ُه َع َلى ج ْى ِف ُْ ِل ِه‬ ‫ال َح ْم ُد هللِ على ِإحظ ِاه ِه و‬
‫للا َو ْح َُد ُه َال َشسًٍَْ‬ ‫للا َو ُ‬ ‫َوا ْمخ َىاهه‪َ .‬و َؤ ْش َه ُد َؤ ْن َال ا َل َه إ َّال ُ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬
‫الد ِاعى إلىَ‬ ‫َل ُه َو َؤ ْش َه ُد َّؤن َط ُّ َد َها ُم َح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْى ُل ُه َّ‬
‫ِ‬
‫ض َى ِاه ِه‪.‬‬ ‫ز ْ‬
‫َ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ص ّل َعلى َط ُّدها ُم َح َّم ٍد و َعلى اله َوؤ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫ص َح ِاب ِه‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬
‫ُ َّ َ‬
‫اللهم ِ‬
‫ّ َ‬
‫َو َط ِل ْم ح ْظ ِل ُْ ًما ِه ْثي ًرا‬
‫ىاللا ِف ُْ َما َؤ َم َس َو ْاه َت ُه ْىا َعماَّ‬ ‫اض ا َّج ُُل َ‬
‫ِ‬ ‫ُ‬ ‫َؤ َّما َب ْع ُد َف َُا َا ُّي َها الىَّ‬
‫للا َؤ َم َس ُه ْم بإ ْمس َب َدؤ ف ُْه ب َى ْفظه َو َثـنىَ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫اع َل ُم ْىا َؤ َّن َ‬ ‫َه َهى َو ْ‬
‫ِ ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ٍ‬
‫عا َلى إ َّن للاَ‬ ‫ََ َ َ َ‬
‫ح‬ ‫اٌ‬ ‫ك‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫ط‬ ‫د‬ ‫ب َمآل ئ َىخه ْاْلُ َظ ّب َحت ب ُل ْ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِِ‬
‫َ ُّ َ َّ ْ َ َ ُ ْ َ ُّ‬ ‫ص ُّل ْى َن َع َلى َّ‬ ‫َو َمآلئ َى َخ ُه ًُ َ‬
‫صل ْىا‬ ‫الى ِبى ًأ ايها ُال ِرًن آمىىا‬ ‫ِ‬
‫ّ َ‬ ‫َ‬
‫َعل ُْ ِه َو َط ِل ُم ْىا ح ْظ ِل ُْ ًما‪.‬‬
‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬
‫للا َعل ُْ ِه َو َط ِل ْم‬ ‫صلى‬ ‫اللهم ص ِل على ط ُِ ِدها محم ٍد‬
‫َ ّ َ ُ َ َّ َ َ َ َ ْ َ َ ُ ُ َ َ َ َ‬ ‫َ ََ‬
‫آلئى ِت‬ ‫ُأئً وزط ِلً وم ِ‬ ‫وعلى ِآٌ ط ُِ ِدها محم ٍد وعلى اه ِب ِ‬
‫َّ ْ َ َ َ ْ‬ ‫ْ َُ‬ ‫ْ ُ َ َّ ْ َ َ ْ َ ّ‬
‫ض الل ُه َّم َع ِن الخل َف ِاء الس ِاش ِدًن ؤ ِبى بى ٍس‬ ‫اْللسِبين واز‬
‫َ ُ َ ُْ‬
‫الخ ِاب ِع ْي َن‬ ‫الص َح َابت َو َّ‬
‫وع َمس وعث َمان وعلي وعن ب ِل َُّ ِت َّ ِ‬
‫َ َ َ َ ْ َ‬
‫ض َع َّىا‬ ‫الد ًْن َوا ْز َ‬ ‫الخابع ْي َن َل ُه ْم با ْح َظان ا َلى ًَ ْىم ّ‬ ‫َو َجابعي َّ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫َ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬
‫الس ِاح ِم ْي َ ُن‬ ‫َم َع ُه ْم ب َس ْح َم ِخ ًَ ًَا ؤ ْز َح َم َّ‬
‫ِ‬
‫اث‬
‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫اث واْل ْظ ِل ِمين واْل ْظ ِل َم ِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫اغف ْس لل ُمؤمىين َواْلؤمى َ‬
‫ِ ِ‬
‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫لله َّم ُ ِ ِ ِ ِ‬
‫ْ‬ ‫َا ُ‬
‫الله َّم َؤع َّص ْلْا ْط َال َم َو ْاْلُ ْظلم ْينَ‬ ‫اث ُ‬ ‫ى‬
‫ُْ ْ َ ْ َ‬
‫لِا ْم َ‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ه‬‫ن‬ ‫م‬ ‫ُأء‬ ‫ح‬
‫َ َ‬
‫لِا ْ‬
‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ص ْس ع َب َاد َن ْاْلُ َى ّحد ًْنَ‬ ‫الش ْس َن َو ْاْلُ ْشسه ْي َن َو ْاه ُ‬ ‫َ َ َّ ّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫وؤ ِذٌ ِ‬
‫َ َ ْ ُ‬ ‫ْ ُ‬ ‫ص ْس َم ْن َه َ‬ ‫َو ْاه ُ‬
‫ص َس ا ِّلد ًْ َن َواخر ٌْ َم ْن خر ٌَ اْل ْظ ِل ِم ْي َن َو‬
‫اعل َول َماج ًَ إ َلى ًَ ْىم ّ‬
‫الد ًْ ِن‪.‬‬ ‫الد ًْن َو ْ‬ ‫َد ّم ْس َؤ ْع َد َاء ّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ُ َّ ْ َ ْ َ َّ َ َ َ َ َ َ َ َ َّ َ‬
‫الصال ِش ٌَ َوا ِْل َح َن َو ُط ْى َء‬ ‫اللهم ادفع عىا البالء والىباء و‬
‫َ َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ا ِلف ْخ َى ِت َوا ِْل َح َن َما ظ َه َس ِم ْن َها َو َما َُبط َن َع ْن َبل ِدها‬
‫َّ ً َ َ ْ ُ ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َّ ً‬ ‫ْ‬
‫عأمت ًَا َز َّب‬ ‫ِاه ُد ِوه ِْ ِظ َُّا خأصت وط ِائ ِس البلد ِان اْلظ ِل ِمين‬
‫ً‬ ‫ْ‬ ‫ً‬ ‫ُّ ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ َ َ‬
‫الده َُا َح َظ َىت َو ِفى ْلا ِخ َس ِة َح َظ َىت‬ ‫لع ِاْل ْي َن‪َ .‬زَّب َىا ِآجىا ِفى‬ ‫ا‬
‫َ َ َ َ َ َّ َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َ َ ْ َ‬
‫اإن ل ْم ُحغ ِف ْس ل َىا‬ ‫و ِكىا عراب الى ِاز‪ .‬زبىا ظلمىا اهفظىا و‬
‫َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ‬
‫اط ِسٍْ َن‪.‬‬ ‫وجسحمىا لىيىهن ِمن ا ِ‬
‫لخ‬

‫خأء ِذي‬ ‫ً‬‫ْ‬ ‫إ‬ ‫و‬ ‫لع ْدٌ َو ْلْا ْح َظان َ‬‫للا ًَ ْإ ُم ُسب ْا َ‬
‫ع َب َادللا ! إ َّن َ‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ْ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ْ ُ ْ َ َ ْ َ ْ َ ُ ُْ‬ ‫ْا ُلل ْس َبى َو ٍَ ْى َهى َعن ا َلف ْ‬
‫شأء واْلىى ِس والبغي ٌ ِعظىم‬ ‫ِ‬ ‫ح‬ ‫ِ‬
‫َ ْ َ ْ َ َ ْ ُ ْ ُْ‬ ‫َ َ َّ ُ ْ َ َ َّ ُ ْ َ َ ْ ُُ‬
‫للا الع ِظُم ًرهسهم‬ ‫لعلىم جرهسون واذهسوا ُ‬
‫َ ْ ُ ُْ ُ َ َ َ َ ْ ُ ْ ََ ْ ُ َْ‬
‫للا ؤه َب ْ ُر‬
‫واشىسوه على ِوع ِم ِه ً ِصدهم ول ِرهس ِ‬

You might also like