Berikut penjelasan setiap bagian dari rumah joglo:
1. Pendhopo adalah bangunan tambahan yang terletak di bagian
depan Rumah Joglo. Pendopo ini digunakan untuk menerima tamu, pertemuan formal, upacara adat, dan pertunjukkan seni seperti wayang kulit dan tarian. Bagian ini tidak memiliki meja maupun kursi melainkan hanya beralaskan tikar, ini dilakukan untuk menciptakan kesetaraan antara tamu dan pemilik rumah. Pendopo di Rumah Joglo ini pun tidak memiliki dinding karena mencerminkan sifat orang Jawa yang ramah dan terbuka. 2. Pringgitan adalah bangunan penghubung antara Pendopo dengan Omah (rumah utama). Fungsinya sebagai lorong untuk jalan masuk ke rumah. 3. Emperan adalah teras depan yang menghubungkan Pringgitan dengan Omah atau rumah. 4. Omah njero yaitu rumah utama. 5. Senthong atau krobongan adalah bagian tengah dalam rumah tradisional jawa. Bagian ini berada di bagian tengah dari pada omah jero dari suatu rumah. Senthong umumnya dibentuk berupa kamar berukuran kecil atau juga berbentuk seperti tempat tidur bertiang yang dikenal dengan istilah krobongan. 6. Dalam senthong diletakkan patung loro blonyo. selain itu senthong dihias dengan bantal, tirai, kecohan, bokor, dan aneka kain kainan. Pada senthong umunya dihias dengan tiraai dan kelambu, seprai, bantal dan guling berhias kain cindai kembang atau cindai cakar. 7. Senthong dipakai untuk menyimpan aneka pusaka dan beras pertama hasil panen. Senthong merupakan bagian paling sakral dalam rumah tradisional jawa. 8. Gandhok adalah bangunan tambahan yang terletak di sebelah kiri dan kanan rumah. Bangunan ini biasanya digunakan sebagai tempat tidur keluarga atau tamu yang berkunjung. 9. Bagian Belakang Rumah. Pada bagian paling belakang dan luar Rumah Joglo, terdapat dapur, kamar mandi dan sumur. Sumur biasanya terletak di sebelah timur. 10. PERANGAN OMAH JOGLO 11. March 04, 2019 12. 13. A. Teras / Pendhapa 14. Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe prakara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iki uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo. 15. 16. B. Pringgitan 17. Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/public. Ing jaman biyen ruwangan iki karep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri- uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan. 18. 19. C. Dalem Agung 20. Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ruwangan iki nuduhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpane ana prakara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari prakara kang lagi disandhang. 21. 22. D. Krobongan / Senthong 23. Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal, lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan 24. 25. E. Gandhok / Pawon utawa Pekiwan 26. Papane ana ing mburi. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prsaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak-masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panggonane, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat geni, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).