You are on page 1of 2

A.

Menulis Geguritan
Geguritan yaiku karangan sastra kang awujud pada – pada, tanpa titi laras, dudu gancaran rowa.
Geguritan iku ora kaiket dening cacahing larik, wilangan, lan guru lagu. Geguritan bisa migunakake
tembung entar, basa lelungidan, purwakanthi, tanggap na-, bawa ma-, lan pangumpama utawa lambang
liyane. Basa ing geguritan kadhangkala madhet, tegese sing tinulis amung sethithik, nanging mengku karep
sing jembar.
Nulis utawa ngarang iku mujudake pakulinan. Sapa sing kulina bakale bisa, nanging sing sapa ora
kulina, ya ora bakal bisa.
Panulise geguritan padha karo puisi modern ing kasustraan Indonesia, ora kaiket aturan – aturan tartamtu
kayadene pantun utawa puisi lama. Cacahing pada (bait) bebas, mengkono uga cacahing larik. Bab sing
kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku :

1. Tema (undhering gagasan)


Gagasan sing tuwuh ing pikiran utawa atine panganggit mujudake dhasar panulise geguritan.Maneka
warna bab bisa didadekake tema, upamane : ketuhanan, kemanusiaan, nasionalisme, lsp.Sadurunge
nulis geguritan luwih dhisik kudu nemtokake tema. Tema ing kene sing dikarepake undheran utawa
wosing tulisan. Tembung – tembung kang digunakake gegayutan karo babagan apa. Kanthi mangkono
tulisan kasebut bisa munjer, ora mrona – mrana kang diomongake.

2. Diksi (pilihan tembung)


Tembung – tembung sing dipilih nalika nulis geguritan kudu bisa kanggo medharake gagasan kanthi
trep, bisa uga tembung mau ngemu makna kias utawa simbol-simbol. Tembung-tembung mau kapiliha
sing bregas. Tuladhane yen arep ngandhakake srengenge, kena nganggo tembung-tembung baskara,
bagaskara, dite, radite, raditya utama pratanggapati. Kanthi mangkono prayoga nggegulang dasanama
(sinonim).

3. Imajeri (penginderaan/pencitraan)
Tembung kang dipilih, sakliyane mentes uga kudu bisa nggawe pamaos kaya-kaya ngrasakake apa
sing ditulis dening panganggit (kaya melu weruh, krungu, ngambu, nyecep, lsp). Kanthi mangkono
ana citraan pandulu (visual), pangrungu (audio) lan panggrayang.
4. Purwakanthi (persajakan)
Pamilihe tembung uga kudu nggatekake swara, sing kala-kala swara mau kudu dibaleni supaya luwih
nges lan manjila kaendahane uga pakacepane,lamun kawaca kanthi pedhotan kang semesthine.
Sajroning geguritan yen katulis awujud larik-larik, nanging nalika kawaca pamedhoting tembung siji
lan sijine njumbuhake karo karep kang kinandhut ing geguritan kasebut.
Purwakanthi dhewe kena ditegesi runtuting swara. Swara kang runtut kadadean saka vokal, konsonan
lan tembunge. Adhedhasar karuntutane swara, purwakanthi kabedakake dadi telu (3), yaiku :
1. Purwakanthi Swara (runtuting swara vokal)
Tuladha : ana dina, ana upa (a-a)
Sapa jujur bakal makmur(u-u)
Tutwuri Handayani( i-i )
2. Purwakanthi Sastra (runtuting swara konsonan)
Tuladha : katula tula katali (t-l)
Bibit, bobot, bebet (b-b-t)
Titi, tata, tatas, titis (t-t)
3. Purwakanthi Basa (runtuting swara tembung, lumaksita)
Tuladha : kolik priya, priyagung anjani putra (priya)
Tepi wastra, wastra tumrap mustaka (wastra)
Pandhu suta, suta penengah pandhawa (suta)
5. Tipografi (Tata Wajah/Tulis)
Supaya luwih narik kawigaten, tata tulise geguritan bisa direka-reka kaya guritan “Ra Mokal” ing
ngisor iki.
RA MOKAL
Ra Mokal yen bocah-bocah takon aku Pak angka
Jawa nggo ngetung apa Apa bisa ndak nggo bakulan
ula
Apa bisa ndak nggo tamba lara Lha yen pasar wis
nganggo kalkulator
Pak dhokter wis nganggo sarwa komputer Ditutul thet,
dadi mesin jet Diuntir thir, dadine nuklir
Nganti ambune kiyamat wis cedhak Katon tombole ing
pangkalan-pangkalan Lan aku isih kok pleter carakan
Apa aku bisa balapan Le, thole
Basa jawa ora bisa dienggo golek bojo Angka Jawa ora
ateges etung-etungan
Ngleluri sastra Jawa ora ateges dodolan kewan Kuwi
sawijining kabudayan
Yen copot ateges awakmu ora kathokan

Geguritan mau nate karembug isine ing majalah Pustaka Candra Edisi 244 taun 2002. Sumbere saka
majalah Panjebar Semangat, panganggit lan taune kapan ora cetha. Isine apik amarga mujudake
pangunggah marang para generasi mudha sing wektu iki dirasa rada luntur katresnane marang
kabudayan Jawa kalebu carakan utawa aksara Jawa. Panganggit ing tulisane kepengin ngelingake yen
kabudayan iku mujudake identitas, mula yen nganti dilalekake ya ateges kita wis ora duwe identitas
minangka wong Jawa.

6. Lelewaning basa (majas)


Lelewaning basa (majas) perlu kaecakahe minangka sarana mbregasake karep lumantar tembung-
tembung kang digunakake. Tuladha : Embun-embun kang lumaksana, nerangake menawa embun-
embun mau kaya-kaya mlaku, kamangka kanyatane menawa embun iku ora duwe sikil. Kanthi
mangkono embun kaanggep kaya dene bisa mlaku nggunakake sikil. Lelewaning basa iki prayoga
kaudi kanthi mirunggan amrih reriptane awake dhewe manjila susastrane.

7. Amanat (piweling)
wong nganggit mesthi ana tujuane. Tujuane panganggit mau bisa mujudake sawijining piweling utawa
pitutur sing migunani tumrap para pamaos.

You might also like