You are on page 1of 11

Tugas Terstruktur KD 3.

2
Nama : Muhammad Akif Tajuddin
No : 17
Kelas : IX Tahfidz 1
SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

DURMA
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang
ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar
berkurang nafsu yang menggelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun ana kang
Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam
kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginanmu terkabul
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking
wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukankah berasal dari dirimu sendiri? Bukan dari
orang lain. oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan ingat
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara,
poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
Bukankah ada tiga perkara utama yang akan membesarkanmu? Ketiga perkara tersebut
adalah jangan menyombongkan diri, jangan mecela
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong
kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
Dan jangan mengritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengritik, segala tingkah orang lain
dikritik. Memang zaman sekarang sudah lumrah orang mengritik
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake
wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar,
jika perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenarannya
menggunakan (ukuran) diri sendiri
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja
sugih waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengritik. Kau ingatlah, jangan terlalu
sering mengritik, selalulah berpikir baik. Barang siapa yang lupa
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja,
mangkono tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu
seharusnya tidakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicarakan
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen
becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
Kau akan berdosa pada sesame. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan
kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena jika tidak terbukti malah akan
menjadi celaan
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan
kongsi pandirangan, matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya
maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan
baik
11
Aja ngalem aja mada lamun bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora
sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan dicela
habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang
rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.
Pada awalnya berpura-pura baik, tetapi di belakang diomongkan yang bukan-bukan,
pembicaraan pun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang
beirkutnya, yaitu wirangrong)
Tugas KD 3.3
Nama : Fika Aprilia Dwi Anggreani
No :7
Kelas : IX Sains 2.2

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya
Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani
Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT
ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi
katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi
petunjuk dumateng kita sedoyo.
Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken
sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.
Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi
masyarakat Indonesia umumipun. Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika
mboten saged tata. Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan
saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken
pendidikan kagem rakyat Indonesia.
Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.
Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan
panggonan sareng ibu bapak. Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu
kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.
Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi wonten
manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging
samudro pangeksami.
Wassalamualaikum wr. wb.
Tugas KD 3.3
Nama : Naila Bunga Sya’bani
No : 16
Kelas : IX Sains 2.2

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya
Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal
meika kita taksih pinaringan kaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal. Kula
Arini wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit
saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga
kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SMA
Banyuripan.
Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan,
kasarasan, lan karentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos
paripurna kanthi biji ingkang sae.
Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu
Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih
Bapak Ibu Guru sedaya.
Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan
rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas KD 3.3
Nama : Maia Aisyatul Khasanah
No : 13
Kelas : IX Sains 2.2

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak Bupati
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu
Ingkang kula tresnani rencang-rencang kampung Pandang
Monggo kita sesarengan njunjungaken puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun
maringi berkah lan karunia, saengga kita saged makempal sesarengan ing papan menika kanti
sehat wal afiat.
Ing papan menika, kawulo badhe nyampeaken sesorah bab lingkungan kagem mengeti Hari
Lingkungan Sedunia.
Akhir-akhir menika, kita ngraosaken lingkungan ingkang mboten sami kaliyan lingkungan
mangsa kita nom. Minggahipun toya segoro ugi tambahipun panas wonten lingkungan
ingkang kasebat pemasana global menika contonipun dampak lingkungan ingkang sampun
rusak amargi polah manungsa. Ingkang nyebabken pemanasan global inggih menika ngagem
listrik ingkang luwih, mboten wonten wit-witan ing papan rame, polusi saking motor lan
mobil, ugi kahanan hutan ingkang sampun rusak. Mula, ayo kita sedaya padha njaga
lingkungan supados saged dinikmati para generasi enom.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur saha solah bawa
ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Julia Putri Andini
No : 09
Kelas : IX G

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Budi Luhur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Budi Luhur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Budi Luhur
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kartini, sumangga kita
sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih
nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita
sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Kula ugi
ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken
wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun
1879. Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan
perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan
drajating priya.
Para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan ing jaman rumiyin, saengga mboten dipun
keparengaken sekolah, mboten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Kita saged
mirsani samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya, saged makarya
lan saged nerusake pendidikan. Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing jabatan
penting, contonipun dados pemimpin. Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur,
wanita kedah dipun parengaken supados mboten naming ing pawon.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging
panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyengkuyung pangetan dinten Kartini.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Nabilah Putri Ade Resta
No : 13
Kelas : IX G

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA 17 Yogyakarta
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA 17 Yogyakarta
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA 17 Yogyakarta sedaya
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya
taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan. Kula minangka, Alya, wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun
dhumateng Bapak la Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen
ngangsu kawruh wonten ing SMA 17 Yogyakarta.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel
Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya. Pangorbanan Bapak lan Ibu Guru ingkang mbiyantu
kula lan rencang-rencang mboten saged kula wales. Kula lan rencang-rencang naming saged
ndedonga mugi Bapak Ibu Guru tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin.
Cekap semanten atur kula. Menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Farah Anisa Fauziah
No :5
Kelas : IX G

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Dinas Kesehatan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu pengurus Puskesmas Dinirejo
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu ingkang sampun rawuh
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kesehatan, sumangga kita
sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih
nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita
sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun
nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan kagem mengeti dinten kesehatan ing papan
puskesmas Dinirejo menika. Samenika, papan lan lingkungan kita sampun kathah tercemar
amargi sampah. Menawi sampah kasebat mboten diolah kanthi bener, masyarakat ingkang
wonten ing papan menika saged kena penyakit. Mula kagem njaga resikipun papan
panggonan, kerja bakti marang keluarga lan warga kampung saged diuri-uri. Menawi
lingkungan papan panggonan lan lingkungan kampung saged resik, penyakit nular mboten
bakal wonten.
Mekaten pidato saking kula. Menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun pengapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Talitha Salis Fatin
No : 26
Kelas : IX G

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Ketua Pemuda Kampung Klayaran
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kampung Klayaran ingkang sampun rawuh
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi ing wekdal menika kita taksih
pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten acara pengetan dinten Sumpah
Pemuda kanthi pinaringan karaharjan. Kula Amarila, ngaturaken agunging panuwun
dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.
Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi bilih rikala 28
Oktober 1928, para pemuda Indonesia nglaksanakaken Sumpah Pemuda. Para pemuda saking
kathah wilayah saking Indonesia ngaturaken sumpah kagem niteni menawi para pemuda ugi
gadhah semangat kagem njagi NKRI. Sumpah Pemuda ingkang kawujud deklarasi dados
tanda menawi semangat njagi kesatuan NKRI mboten namung wonten tiyang sepuh
kemawon, nanging ugi tiyang nom. Isi sumpah pemuda inggih menika:
“1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia”
Mugi-mugi isi sumpah pemuda menika saged dados diamalke kagem Indonesia ingkang
luwih becik. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kulanyuwun agenging
pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb.
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Tsabitah Isna Fadiyah
No : 28
Kelas : IX G

CONTOH TEKS SESORAH

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW 70 Sambikerep
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu RW 70
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem ngawiwiti kerja bakti, sumangga kita
sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih
nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya mboten kirang satunggal menapa.
Perlu kita mangerteni menawi lingkungan penting sanged kagem papan panggenan lan
nggantungaken urip. Menawi lingkungan resik, masyarakatipun ugi sehat lan saged rukun.
Menawi manungsa njagi lingkungan lan manfaatke kasilipun saking bumi, urip dados luwih
becik lan rukun. Salah sawijining cara njagi lingkungan inggih menika mboten mbucal
sampah ing trotoar utawi papan kanthi salah. Salajengipun, kita saged milah sampah ingkang
taksih saged manfaat utawi sampah ingkang kudu dibucal.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging
panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami rawuh. Kula matur wonten kalepatan saha
solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum wr.wb
Tugas Terstruktur KD 3.3
Nama : Muhammad Akif Tajuddin
No : 17
Kelas : IX Tahfidz 1

GEGURITAN

You might also like