You are on page 1of 5

Awan awan pas Bu tedjo mlaku moleh mari tekan indomart, ngerti farid karo juned ana ing

warkop seragaman sekolah.

Bu tedjo : “Loh iku lak juned karo koncone, kok nyamene gak sekolah malah nang warkop.”

Bu tedjo langsung moleh ora ngurusi juned lan farid. Ndek tengah dalan bu tedjo ketemu karo
pak eko.

Pak eko : “saking pundi bu tedjo?”

Bui tedjo : “niki lo saking blonjo mi teng indomart. Loh juned mboten sekolah ta pak eko?”

Pak eko : “loh yo sekolah to bu, mau isuk pamitan kok disusul farid.”

Bu tedjo : “ndoh, aku mau lo ngerti juned karo farid nang warkop seragaman , sikile nang
nduwur, rokokan, omongane cak cok cak cok.”

Pak eko : “mosok se, temenan ta bu? Areke mang lo pamitan njauk sangu nang aku”

Bu tedjo : “nek mboten percoyo, sampean parani nang warkop ikulo, lor e embong.”

Pak eko : “se, tak paranane arek iku, ancene arek nduablek.”

Bu tedjo pamitan langsung ngaleh lan moleh

Pak eko : “ndue anak gaiso dikandani, gaiso dipercoyo, senengane nggarai bapake emosi”

Pak eko langsung marani juned karo farid nang warkop karo emosi.

Pak eko : “woi, koen yo maeng pamitan budal sekolah lahkok malah ning warkop rokokan.
Di sekolahno cek pinter ilmune kok tambah pinter mbujuk, kae dadi opo kon pas gede,
bapakmu iki wes tuwek, mbok yo sing ngerteni. Nek aku mati kate sopo seng ngramut,
nuturi, nyangoni awamu. Kon iki wes gede, mbok yo nurut gausah kakean polah. Wes ayo
moleh, wes gausah dolen dolen.”

Pak eko karo juned mbalek moleh karo emosi, akhire pak eko karo anake nglanjutno tukaran
nang omah.

Juned : “lapo se pean iki pak, aku iki lanang, wis gerang, ga perlu diatur, ngisin ngisin i ae
marani nang warkop, dekek endi raiku nek koyok ngene.”

Pak eko : “nek wes gerang lapo kok ga kenek diatur, awan isuk bengi dolan terus gangerti
wayah, kate dadi opo kon mene?”

Juned : “wes ga ngomong ae pak, sumpek aku (langsung melbu kamar, nggebrak lawang)

Pak eko langsung lungguh ning mbale karo mikirno anake sing gaiso diatur (spontan dialog)
Scene juned ning kamar

Juned sumpek langsung mikir minggat nang omahe farid. Juned njauk tolong susul farid,
sakwise njauk susul, Juned lngsung ngepaki klambine lan dilebokno nang tas terus areke
minggat liwat jendelo.

Bengine pak eko nyeluk juned kanggo mangan, tapi ga di semawuri

Pak eko : “Ned, juned ndang mangan le, wis bengi.” (karo ndodok lawang kamare juned)

Amarga ora ono semawur an pak eko langsung mbukak lawang e juned. Pak eko kaget soale
juned ora ono nang kamar, kamare mureh mureh koyo kapal pecah, jendelo e bukakan. Pak
eko curiga yen juned minggat teko omah.

Pak eko ndoleki juned nang sekeliling omahe tapi ora ono. Pak eko mikir mosok temenan
minggat. Pak eko bingung kepikiran, ga kolu mangan sampek loro loroan mikirno anake.

Skip 3 hari

Scene nang omahe bu tedjo

Bu tedjo : “pak kok aku gatau tumon pak eko se, biasae isuk isuk wes makani manuk.”

Pak tedjo : “iyo yo, kok gatau tumon” (kebingungan)

Bu tedjo : “mosok wonge loro pak? Ayo diinguk a?

Pak tedjo : “se tak inguk e dewean ae buk.”

Sampek e nang omahe pak eko, adakno pak eko loro wes 2 dino, akhire pak tedjo nelpon bu
tedjo kongkon gawakno mangan.

Pak tedjo : “halo buk, iki lo pak eko ternyata loro, sampean rene karo risma gowo panganan
gae pak eko.”

Bu tedjo : “loalah enggeh pak, sek mariki rono karo risma.”

Bu tedjo karo risma langsung nang omahe pak eko gowo panganan iku maeng. Akhire pak
eko crito yen juned minggat teko omah sampek garai pak eko kepikiran terus loro.

Pak tedjo : “yaallah pak kok sampean isok smpek koyok ngene se?”

Pak eko : “yoopo maneh pak, aku mikirno anakku.”

Bu tedjo : “loh lapo anak sampean, juned ning ndi”

Pak eko : “ngeten loh pak, juned wingi tak tuturi tapi areke mboten kenek dituturi, terus
malah minggat. Aku jane wis pegel ngandani tapi yo jenenge anakku siji-sijine, aku kadang
mikir opo anaku iki kurang kasih sayang ibuk, soale areke wis ditinggal ibuke ket cilik”
Mene isuk

Pas mulih sekolah Risma ngerti juned lungguh karo rokokan ning taman, terus risma marani
juned sing lagi dewean

Risma : “Ned awakmu gak mulih ta”

Juned : “lapo mulih mbak, sumpek ning omah dioreng-oreng terus ae karo bapak”

Risma : “Awakmu iku ojo ngunu, ngunuiku bapakmu, awakmu iku jik di eman karo
bapakmu, awakmu mgerti ta nek bapakmu lara saiki?, wonge sampek gak tau mangan gara-
gara mikirno awakmu gak mulih-mulih”

Juned : “Gak ngurus mbak bah lara lak wes”

Risma : “Ojok sampek awakmu nyesel loh yo” (karo ninggal juned)

Pas ditinggal risma, juned kepikiran omongane risma, areke langsung mulih. Pas liwat ngarep
omahe bu tedjo, juned krungu pak tedjo karo bu tedjo omong omongan bahas pak eko.

Bu Tedjo : “Sakno pak, pak eko wonge loro gara-gara mikir anak e”

Pak Tedjo : “Yoopo maneh anak e ya kaya ngunu gaiso diuturi, diuturi malah minggat teka
omah”

Bu Tedjo : “Lahyo pak, piye Juned iki ora mulih-mulih. Muga muga Juned sadar terus
langsung mulih lan njaluk sepura nang bapake”

Juned krungu iku langsung mbalek ning omahe Farid langsung pamitan mulih ning omahe
bapake

Scene nang omahe Farid

Farid : “Kate nandi kon Ned” (karo nyawang juned sing lagi ngeringkesi klambinene nang
tas)

Juned : “Moleh cok”

Farid : “Lapo moleh kon, tobat ta wisan”

Juned : “Matamua, bapakku loro cok”

Farid : “Alaahhhh gayamu, biasae kon gak tau ngereken bapakmu”

Juned : “Gak ngomong ae rid” (langsung metu ninggal Farid)

Scene nang omahe pak eko

Juned : “Pak pak” (karo ndodok lawang omah nanging ora ana jawaban)
Amerga ora ana jawaban akhire Juned langsung melbu mbukak lawang terus ngerti pak eko
sing lagi turu ing kamar

Juned : “Pakkkk”

Pak Eko : “Teka endi ae le, bapakmu iki mikir awakmu sampek lara, ora sakno bapakmu
Ta?”

Juned : “Nggih pak, kula nyuwun sepura sing katah sakniki kula pun sadar yen kula salah”

Pak Eko : “Sakjane koe iki nyapo se ora manut karo bapak.”

Juned : “Kula niki asline iri pak kale Risma sing nggadah wong tuwa lengkap, tapi kula
mboten. Kula pengen ngerasakne disayang kale seorang ibuk.”

Pak Eko : “Sepurane le bapak paham opo sing mbok rasakne tapi piye neh, wis takdire kaya
ngene. Sing nurut ya karo bapak, anggep ae bapak iki ibumu masio bapak ora bisa ndidik
sakmestie ibuk ndidik anak e.”

Juned : “Inggih pak, sakniki kula pon ngrerti pon paham, ngapunten nggih pak”

Pak Eko : “Wis le ra popo dadi arek seng pinter yo” (karo ngelus sirah e juned)

SELESAI

You might also like