You are on page 1of 52

1|Panglimbang APP Taun 2024 KAS

PANDHUAN
AKSI PUASA PEMBANGUNAN (APP)
TAUN 2024

Nunggal ing Sang Kristus,


Ngrembaka ing Pangandel, lan Mawoh ing
Paseksen

TIM APP
Keuskupan Agung Semarang
2024
2|Panglimbang APP Taun 2024 KAS
ATUR CECALA

Mangsa Prapaskah kanggone umat Katulik mujudake


mangsa kang mirunggan. Ana ing mangsa iki awake dhewe
diajak “luwih temen ngrungokake Sabda Dalem Gusti lan
sembahyang; kanthi mangkono bisa cecawis ngepyakake
kekeraning Paskah” (SC 109). Kabeh pandherek Dalem diajak
nglelimbang pakaryan Dalem Allah kanggo nylametake
manungsa lan pepunthone dumadi ing sangsara, seda, lan wungu
Dalem Gusti Yesus Kristus.
Ana ing taun 2024 iki, Bapa Uskup ngajak awake dhewe
luwih nggatekake kanthi temen babagan Formatio Iman
Berjenjang dan Berkelanjutan (FIBB). Kanthi FIBB mau kaajab
umat ing KAS kang ngrasuk pangandel Katulik tansaya pinter,
bakoh, tanggon, lan misioner. Mula saka iku, panglimbang-
panglimbang ing mangsa Prapaskah 2024 iki uga dicawisake
salaras karo formatio (nggegulang) pangandel.
Sarana bahan-bahan panglimbang kang cemawis, awake
dhewe bakal diajak ngolah urip; kepiye anggone awake dhewe
nguripi pangandel Katulik lan nanggapi pakaryan Dalem Allah
kang nylametake.
Pangandel kuwi dimangerteni minangka tanggapan
marang Allah kang paring karahayon marang manungsa,
saengga ora cukup mung diakoni lan dipratelakake. Pangandel
kuwi sih nugraha saka Allah kang tinampa sarana Sakramen
Baptis. Awake dhewe perlu munjuk sembah nuwun, ngrumat lan
ngepyakake, martakake lan mujudake ana ing urip padinan.
Pangandel bakal tansaya wutuh nalika maujud ing
paseksening urip (martyria). Mula tema APP taun iki kababar
Nunggal ing Sang Kristus, Ngrembaka ing Pangandel, lan
Mawoh ing Paseksen. Awake dhewe kabeh dielingake maneh

3|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


supaya tansah nunggal ing Sang Kristus, supaya pangandele
tansah tuwuh ngrembaka saengga sumadya kautus minangka
pawarta lan seksi Dalem ing urip padinan.
Kanthi patemon-patemon lingkungan kang nglelimbang
tema-tema sing cemawis, awake dhewe kaajab tansaya ngoyod
anggone ngrasuk pangandel Katulik, bakoh ing paseduluran, lan
kuwat ing pangarep-arep. Yen pangandele tansaya jero, semono
uga anggone ngayati lan nresnani Gusti Yesus kang dadi pokok
pangandel Katulik uga bakal linuwih. Yen awake dhewe tansaya
tresna marang Gusti Yesus, bakal tansaya gampang anggone lila
dadi seksi lan ngabdi ndherek Panjenengane. Pungkasane awake
dhewe uga bakal sumadya mujudake pangandel sarana solider
utawa tepa selira marang pepadha kanthi Gerakan APP.
Gerakan APP ora mung prekara sesirik lan pasa kanggo
nyisihake dana saben Jumuah sasuwenen mangsa Prapaskah,
nanging dadi Gerakan karohanen kang bisa ngowahi kahanan
masarakat. Bab iki kang kanti teges kawulangake saka Konsili
Vatikan II, “Pamartobat sasuwene patang puluh dina kuwi aja
mung asipat batin lan pribadhi, nanging uga asipat lair lan sosial
kanggo masarakat pepadhaning urip (SC 110).”
Pungkasane, muga-muga panglimbang-panglimbang
prasaja kang kacawisake ing buku ini tansaya nyurung awake
dhewe luwih nggayemi uriping pangandel lan siyap siyaga,
sumadya aweh paseksen kanggo mujudake pangandel ana ing
urip padinan. Sugeng nindhaki APP. Berkah Dalem.

Pengetan St. Andreas Rasul,


Semarang, 30 Nopember 2023

Herman Yoseph Singgih Sutoro, Pr


Pangarsaning Panitia APP KAS

4|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


GAGASAN DHASAR APP 2024
Nunggal ing Sang Kristus, Ngrembaka in Pangandel,
lan Mawoh ing Paseksen

Pambuka
Kawigaten pokok (fokus) Paugeran Pastoral Keuskupan
Agung Semarang (KAS) taun 2024, katetepake “Nunggal ing
Sang Kristus lan mawoh: Mlaku Bebarengan kanggo Formatio
Iman Berjenjang dan Berkelanjutan.”
Fokus pastoral ini dipilih kanthi nimbang sawenehing
prekara kayata perlune tumindhak ngawekani sudaning
pangandel sawise pandemi covid-19. Ana tantangan kanggo
nuwuhake lan mbatinake kautamen-kautamen Katulik marang
kaum mudha lan bocah-bocah jaman saiki. Awake dhewe perlu
sinau ajaran-ajaran apologetik (mbelani pangandel) kanggo
nglawan tumindhak nasar utawa menggokake piwulanging
Pasamuwan suci, lan pangandikane Bapa Suci Paus Fransiskus
bab pentinge martakake pangandel sacara mirunggan. Mula
Bapa Uskup KAS, Mgr Robertus Rubiyatmoko netepake taun
2024 minangka Taun Katekese kanggo Keuskupan Agung
Semarang.
Awake dhewe diajak supaya luwih nggatekake formasio
pangandele para umat KAS kang kudune kaleksanan sacara urut
lan sambung-sinambung (berjenjang dan berkelanjutan).
Tembung formasio pangandel dudu tembung anyar ing
KAS. Tembung iki wus kawedharake wiwit taun 2014 nalika
KAS nanggapi Taun Pangandel kang ditetepake dening Paus
Benediktus XVI (taun 2012-2013). Taun pangandel kuwi
ditetepake Bapa Paus kanggo mengeti 50 taun Konsili Vatikan
II. Kanthi nglenggana yen uriping pangandel umat kuwi dinamis,

5|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


lan ora kabangun sepisan dadi, mula giyat piwulang lan
pangampinganing pangandele umat perlu kaleksanakake
sambung-sinambung lan mawa urutan manut umure umat.
Saka bab iki banjur tinemu tetembungan “Formatio
Iman Berjenjang”. Sabanjure kanggo mesthekake anane
kesinambungan ing saben urutan umur mau, mula tembunge
diowahi dadi “Formatio Iman Berjenjang dan Berkelanjutan”.
Ana ing buku Formasio Iman Berjenjang (Kanisius,
2014), Dewan Karya Pastoral KAS negesake menawa formasio
pangandel gayut karo maneka warna leladi ing greja lan
pasamuwan suci; wiwit saka giyat liturgi, pewartaan, leladi lan
paguyuban kang kaangkah kanggo wong-wong kang wis
dibaptis. Ana ing formasio pangandel ana perangan pitutur,
piwulang, pendhidhikan, panglimbang, pembinaan,
pengukuhan, sarta kasantosaning pangandel. Kanthi tembung
liya bisa dijlentrehake menawa, formasio pangandel kuwi
minangka proses ndadekake wong-wong Katulik tansaya
mangerteni pangandele. Kejaba iku, ngayati jati dhirine
minangka pandherek Dalem Gusti Yesus Kristus kang kautus ing
tengah-tengahing umat lan masarakat supaya tansaya relevan lan
signifikan (ketampa lan ketara). Formasio pangandel dadi
kalodhangan mirunggan nalika Sabda Dalem Allah tansah
keprungu ing sejarahing manungsa, maujud ing piwulang,
ajakan, pitutur, sembahyangan, lan paseksening urip.
Saka kabeh kang kajlentrehake mau cetha menawa
formasio pangandel duwe katugasan penting ana ing uripe umat
Katulik lan pasamuwan suci. Ana patang perangan penting ing
formasio pangandel, yakuwi katugasan kerigmatis, katugasan
edukatif, katugasan kuratif, lan katugasan transformatif.
Ngelingi patang katugasan penting kasebut, awake dhewe banjur

6|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


bisa mangerteni menawa kabeh panglimbang ing APP 2024
kacawisake minangka peranganing formatio pangandel.

Giyat APP minangka Formasio Pangandel


Awake dhewe kabeh kang wus dibaptis, tinimbalan
supaya ngemperi pribadhi Dalem Gusti Yesus Kristus.
Pangandel minangka tanggapane awake dhewe marang timbalan
Dalem Pangeran. Awake dhewe perlu mangerteni menawa
nguripi pangandel kuwi ora sepisan dadi, nanging butuh wektu
dawa salaras karo umure awake dhewe. Nguripi pangandel uga
ora mandheg (statis), nanging dinamis, munggah mudhun
kahanane. Mula saka iku, pangandel kudu tansah dirumat lan
dijaga, disegerake supaya terus tuwuh ngrembaka lan mawoh.
Kanthi formasio pangandel, awake dhewe diajak tansaya
ngemperi Gusti Yesus Kristus. Tegese, kanthi formasio
pangandel awake dhewe kepengen ngowahi dhiri (transformasi).
Kanthi formasio pangandel, awake dhewe diajak duwe
sesambungan tansaya cedhak lan rumaket karo Gusti Yesus
pribadhi. Kanthi tansaya kenal lan mangerteni piwulang Dalem,
banjur bisa nguripi lan nguri-uri pangandele, wani martakake
kabar kabungahan karahayon lan dadi seksi Dalem. Pangandel
kuwi ora mung mandheg ana piwulang, omongan, lan
keyakinan, nanging, dadi landhesan ana ing saben tanggung
jawab, pilihan lan putusan moral sarta misi, sarta solah tingkahe
awake dhewe sajroning urip. Yen awake dhewe tansaya kenal
Gusti Yesus lan piwulange, awake dhewe kaajab supaya tansaya
gedhe pangandele marang Panjenengane lan bisa nggawe owah-
owahan ana ing urip padinan.
Giyat APP kang bakal dileksanani iki kaajab bisa nggawa
owah-owahan urip lelandhesan pangandel lan semangat tobat.
Supaya owah-owahan iku dumadi, ora cukup mung ngganggo

7|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


rasa gela, lan wujuding pamartobat wae, nanging uga mbutuhake
“laku” utawa tumindhak. Kang dikarepake ing kene yakuwi
pasa, sesirik, lan matiraga. Kanthi Gerakan APP kaajab ana
owah-owahan ing antarane para umat Katulik babagan sikap,
prilaku, lan carane tumindhak saengga anggone guyub kumpul
ing tengahing umat lan masarakat tansaya ketara lan ketampa.
Formasio (nggegulang) pangandele umat kuwi ora mung
mandheg ana mbangun kamursidan pribadhi wae, nanging uga
kudu maujud ana ing urip padinan. Giyating APP kuwi uga
minangka giyat pangandel jalaran ora mung mandheg ana ing
rembugan lan sarasehan ing lingkungan. Giyat APP kaangkah
bisa gawe pangandele umat tansaya urip lan maujud ana ing rasa
tepa selira utawa solidaritas marang pepadha kang kesrakat lan
nandhang sangsara. Rasa tepa selirane awake dhewe minangka
umat Katulik kang nyata kuwi maujud ana ing dana APP kang
diklumpukake.
Mesthi wae giyat APP ora mung prekara nglumpukake
dana nanging uga dadi sarana pamartobat kang dibarengi kanthi
pasa, sesirik, lan matiraga. Dana sing diklumpukake kuwi dadi
wohing rasa pamartobate umat kanggo solidaritas kamanungsan.
Saka giyat APP kuwi, awake dhewe diajak supaya
tansaya mulyakake Gusti Allah kanthi ngregani manungsa
minangka citra Dalem Allah, supaya manungsa tansaya duwe
martabat lan urip raharja. Kanthi giyat APP awake dhewe
mbangun daya amrih pangandel tansaya urip, nduweni teges, lan
kabeh patrap sarta tumindak uga salaras karo kautamaning urip.
Pangandel ora mung kanggo mbangun kamursidaning pribadhi
nanging uga nggawa kabecikan tumrap pepadha (bonum
commune), kabecikan kang nyata, lan dirasakake dening wong
akeh.

8|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


Awake dhewe tinimbalan minangka murid Dalem Gusti,
supaya dadi memper karo Panjenengane, ora mung dadi
pandherek sing ela-elu wae. Dadi murid Dalem kuwi kudu
nunggal karo Sang Guru, sarana Sabda Dalem, Ekaristi, lan
anggone awake dhewe ambyuk nyawiji ing urip bebarengan ana
tengahing masarakat lan pasamuwan suci.
Ngrasuk pangandel Katulik kuwi kudu wani metu seka
awake dhewe lan komunitas (paguyubane). Pangandel kuwi
duwe sipat misioner, ngajak wong liya tumindhak, lan melu
ambyuk ing urip bebarengan. Pangandel kuwi bakal tansaya urip
nalika awake dhewe bisa aweh paseksen (martyria) ana ing lara
lapaning urip padinan. Awake dhewe ora kena mung waton
melu, katut obyaking wong sing ngenut pangandel Katulik lan
melu giyating pasamuwan. Awake dhewe uga diutus dadi
pawarta lan seksi Dalem Gusti kanthi wutuh (full timer) sarana
urip lan pakaryan saben dinane. Awake dhewe dudu wong kang
mung bisa necep nikmating karahayon, nanging uga kudu dadi
pawartaning karahayon.
Mangsa Prapaskah kang diisi sarana giyat APP kuwi dadi
wektu kanggo mawas dhiri. Ing mangsa prapaskah iki awake
dhewe diajak nggegulang lan nata meneh pangandel Katulik
kang wis kapilih supaya ana owah-owahan anyar. Kanthi
sarasehan lan nglelimbang pangandel, awake dhewe diajak
ndeleng meneh anggone wus nglakoni urip minangka wong
Katulik sasuwene iki supaya pangandel kuwi bisa tansaya
ngrembaka. Kanthi mangkono awake dhewe siyaga kautus
minangka pawarta lan seksi Dalem ana ing urip, pakaryan, lan
timbalane dhewe-dhewe. Mula saka kuwi tema APP 2024
kapilih “Nunggal ing Sang Kristus, Ngrembaka ing
Pangandel, lan Mawoh ing Paseksen”

9|Panglimbang APP Taun 2024 KAS


Patemon lan panglimbang APP taun iki bakal kaleksanan
sarana sarasehan. Kanthi sarasehan iki awake dhewe diajak atur
panuwun ing Allah amarga pinaringan pangandel Katulik kang
nggawa awake dhewe marang pamartobat lan nganyarake urip,
ngrumat pangandel supaya tuwuh ngrembaka lan ngoyod.
Minangka paseksening urip, pangandel perlu diwujudake, lan
kariyayakake ana sawenehing pahargyan mirunggan, pangandel
uga perlu diwartakake lan diwarisake, pungkasane pangandel
uga kudu nyata wujude ana ing urip padinan.
Pandhuan iki kaangkah bisa mbiyantu umat anggone
nglelimbang tema APP. Meshi wae ana kalodhangan kanggo
para pemandhu supaya bisa ngolah bahan kang kacawisake
kanthi kreatif lan nengsemake. Urutaning patemon, kidungan,
sembahyangan, lan ilustrasi kanggo mancing sarasehan bisa
diganti kang luwih trep karo kahanan ing lingkungane umat.
Pungkasane, sugeng nindhaki mangsa Prapaskah. Muga-
muga kanthi panglimbang APP iki, para umat bisa kabiyantu
anggone mbangun pamartobat, amrih bisa rumaket nunggil ing
Sang Kritus, ngrembakake pangandele, lan banjur siyap siyaga
kautus minangka seksi Dalem Gusti.
Berkah Dalem. Gusti mberkahi.

Cathetan kanggo Pemandhu APP KAS 2024:


1. Patemon-patemon kanggo nglelimbang tema APP 2024
“Nunggal ing Sang Kristus, Ngrembaka ing Pangandel,
lan Mawoh ing Paseksen” bakal kaleksanan kaping 5
(lima).

10 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


2. Patemon panglimbang tema APP 2024 kaleksanakake ing
lingkungan lan kaajab kabeh umat bisa rawuh: wong tuwa
(diwasa), kaum mudha, remaja, lan bocah-bocah.
3. Para pemandhu APP Paroki bebarengan karo panitia APP
Paroki bisa ngowahi buku pandhuan iki menawa kaanggep
kurang trep karo kahanan ing lingkungan/parokine.
Urutaning patemon, kidungan, sembahyangan, lan ilustrasi
kanggo mancing sarasehan bisa diganti kang luwih trep karo
kahanan ing lingkungane umat sacara mirunggan.
4. Para pemandhu APP Paroki kasuwun nyawisake kanthi
premati, temenanan bebarengan karo pemandhu liyane (ing
wilayah/stasi utawa paroki).

11 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


PATEMON I
MARTOBAT KANGGO ATUR PANUWUN
KAPARINGAN PANGANDEL KATULIK

Ancasing Patemon
Ana ing patemon iki umat kaajak muji sokur amarga kaparingan
mangsa Prapaskah minangka wektu mirunggan kanggo
nglelimbang lan ngaturake panuwun pinaringan rahmat welas
asihing Allah kanggo mbangun pamartobat lan ngrembakakake
pangandel minangka pandherek Dalem Sang Kristus.

Kidung Pambuka: Amba Pratignya KA. 355

Konjuk lan Pambagya


P Konjuk ing Asma dalem Hyang Rama, Hyang Putra, lan
Hyang Roh Suci
U Amin
P Muga sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci
tansah manunggal ing awake dhewe kabeh.
U Amin.

Cecala
Para sedulur kang kinasih, wiwit dina Rebo awu awake
dhewe wis mlebu ana ing mangsa Prapaskah. Kanggone awake
dhewe mangsa Prapaskah mujudake wektu mirunggan amarga
awake dhewe dielingake kanggo atur panuwun awit Gusti Allah
nyata maha mirah lan kebak welas asih. Rasa kebak sokur iki
kaajab bisa nyurung awake dhewe minangka pandherek Dalem
Sang Kristus ora lali mbangun pamartobat, tansaya
12 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
ngrembakakake pangandel, pengarep-arep, lan katresnan
minangka putra-putri Dalem Allah kang wus nampa pakaryan
panebusan Dalem saka rahmat Baptisan.
Watara 40 dina ing mangsa Prapaskah iki, awake dhewe
sacara pribadi lan bebarengan bakal mesu dhiri kanthi temen,
mbangun pamartobat, ngrembakane pangandel, kamursidaning
urip, lan bela rasa marang pepadha. Ayo padha nyuwun
pinaringan sih nugraha sarta kekuwatan, supaya saben dina
sasuwene 40 dina ing mangsa Prapaskah iki, awake dhewe bisa
sinau mesu dhiri lan tuwuh ngrembaka minangka pandherek lan
murid Dalem Sang Kristus.
Kanggo miwiti patemon iki, ayo padha nyawisake manah
lan budi, kanthi andhap asor ngakoni lan nggetuni kabeh
kakurangan lan dosa, sarta ngunjukake panuwun awit kasaenan
lan welas asih Dalem Gusti Allah.

Sembahyangan Pamartobat
P + U : Kawula ngakeni ….
P : Muga Allah kang Mahakuwasa kersaa paring palimirma
lan pangapuraning dosa, sarta nuntun marang urip
langgeng.
U : Amin.

Sembayangan Pambuka
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)
Allah, Rama ingkang mahawikan, kawula ngaturaken
agunging panuwun kepareng makempal ing wiwitaning mangsa
Prapaskah punika. Karsaa rawuh ing pepanggihan punika lan
madhangi budi kawula, supados saged nglelimbang lan munjuk
atur panuwun dhateng sadaya kamirahan lan welas asih Dalem.
Rawuh Dalem damel kawula saged mangertosi lan keduwung

13 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


dhateng sadaya dosa, sarta mbangun niyat badhe saestu martobat
ing mangsa Prapaskah punika. Kanthi makaten kawula saged
nuwuhaken gesang ingkang suci, ngrembakakaken pangandel,
pangajeng-ajeng, lan katresnan kawula. Sadaya punika kawula
suwun lantaran Sang Kristus, ingkang jumeneng Pokok anggur
sejatos, ingkang sesarengan kaliyan Hyang Rama lan Hyang Roh
Suci, gesang mengku keprabon, Allah ing salami-laminipun.
Amin.

Refleksi lan Sharing


Pemandhu macakake utawa ngajak umat maca lan nggatekake
crita ing ngisor iki.

Awake dhewe miwiti patemon iki kanthi kidung “Amba


Pratignya” Apa isih padha kemutan syaire? Utawa malah wis
apal kidungan kuwi? (kidungan bisa dibaleni maneh menawa
perlu). Biyasane kidung kuwi ditembangake kanggo liturgi
Baptis. Saiki awake dhewe coba nglelimbang meneh bab iki.
1. Kapan aku dibaptis? Ngapa kok wektu kuwi dibabtis? Sih
nugraha apa wae kang wis padha daktampa sasuwene iki
saengga aku pantes ngucap sokur ing Pangeran? Kepiye
caraku supaya bisa neges lan nemokake sih nugraha,
kawelasan, lan maha mirah dalem Gusti marang aku ing
mangsa Prapaskah iki?
2. Krana baptisan kang wus tinampa, awake dhewe uga
nampa palimirma lan pangapuraning dosa. Pamartobat
sing kepiye sing bakal daklakoni sajroning mangsa
Prapaskah iki? Apa sebabe?
3. Apa kang bakal daklakoni sajroning mangsa Prapaskah iki
supaya pangandelku tuwuh ngrembaka?

14 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Waosan Kitab Suci
Pemandhu bisa macakake utawa ngutus salah sawijining umat
kang rawuh utawa ngajak kabeh umat sacara genti-gumanti
maca perikop Kitab Suci ing ngisor iki.

Waosan kapethik saking Seratipun Rasul Yohanes ingkang


kapisan (1Yoh. 3:1-6)
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake
dening Hyang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut
para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah.
Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora
wanuh marang Panjenengane. He, para kekasih, saiki kita
padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kepriye
bakal kahanan kita ing tembe. Mung bae kita padha
sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi
padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng
kahanane Panjenengane ing sajatine. Sok wonga kang duwe
pangarep-arep mangkono marang Panjenengane, iku mesthi
nucekake awak, kayadene Panjenengane kang asipat suci.
Sok wonga kang nglakoni dosa, iku iya nerak angger-
anggering Allah, sabab dosa iku nerak angger-anggering
Allah. Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane
wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta
Panjenengane iku ora kadunungan dosa. Marga saka iku sok
wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa
maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan
ora wanuh marang Panjenengane.

P Makaten Sabda Dalem Gusti.


U Sembah nuwun konjuk ing Allah.

15 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Panglimbang
Ana ing perangan iki, pemandhu lingkungan bisa njlentrehake
bab-bab kang wigati gayut karo tema patemon nganggo
panglimbang kaya ing ngisor iki.

• Wiwit dina Rebo awu kepungkur, awake dhewe minangka


umat Katulik mlebu ing mangsa Prapaskah. Ngenut
Konstitusi Liturgi Suci, Sacrosanctum Concilium artikel
109, mratelakaken menawa “Sajroning Liturgi lan ing
katekesis liturgi ana rong perangan minangka ciri “patang
puluh dina” kang kudu dijlentrehake kanthi luwih gamblang,
yakuwi nglelimbang utawa nyawisake Baptisan sarta
ngrembakake tobat. Mangsa iki luwih grengseng ngajak
wong-wong sing setya ngrungokake pangandika Dalem
Gusti Allah lan ndedonga, lan kanthi mangkono nyiapake
kanggo ngepyakake kekeran Paskah. Mula: a) Perangan-
perangan Liturgi patang puluh dina kang gayut karo Baptisan
kudu luwih kerep dipigunakake; yen dianggep mupangati,
sawetara unsur tradhisi kuna kudu tetep dipigunakake; b) Iki
uga ditrapake kanggo perangan pamartobat. Babagan
katekese, perlu kanggo nuwuhake ing atine wong-wong
pracaya nenangi dosa kang bisa duwe akibat sacara sosial lan
hakekat pamartobat sejati, yaiku nolak dosa kang ngucemake
Gusti Allah; kita uga ora kudu nglirwakake apa kang digawe
dening pasamuwan suci nyengkuyung pamartobating umat,
lan sembahyangan kanggo wong dosa kudu luwih grengseng
diadani.”
• Sabanjure, ana ing artikel 110, awake dhewe dielingake
menawa: “Anggone mbangun pamartobat sajrone patang
puluh dina kudune ora mung ana ing batin lan kanggo awake
dhewe wae, nanging uga kudu asipat lair lan sosial ana ing

16 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


masarakat. Dene anggone nelakake laku tobat, bisa manut
kahanan jaman saiki uga kahanan dhaerah lan kahanane
umat ing lingkungan, kudu digrengsengake, lan ngenut
pangandikane pangarsane pasamuwan kaya sing kasebut ing
artikel 22. Nanging, pasa Paskah kudu dianggep suci lan
kaleksanan ing dina Jemuah, ing ngendi-endi papan, kanthi
nglelimbang Sengsara lan Seda Dalem Gusti, lan yen
dianggep mupangati, diterusake nganti dina Setu Suci,
supaya atine dhewe bisa sumringah lan tinarbuka, kanggo
nampa kabungahan ing dina wungu Dalem Gusti.”
• Giyat Aksi Puasa Pembangunan (APP) sing wis
katindhakake sasuwene iki kapiji minangka salah sawijining
wujud anggone awake dhewe ngisi lan neges mangsa
Prapaskah kaya kang kasebut ing dokumen ing ndhuwur.
Awake dhewe diajak miwiti mangsa Prapaskah iki kanthi
mardikaning ati, nglelimbang lan muji syukur marang sih
nugraha Dalem Gusti. Sanadyan dosane awake dhewe kuwi
akeh lan gedhe, nanging sih nugraha Dalem Gusti Allah iku
luwih gedhe. Gusti Allah nimbali awake dhewe wong dosa
iki ana ing sih nugraha Dalem. Bab iki uga bisa dilelimbang
saka Sabda Dalem mangkene, ”Delengen, sepira gedhéning
katresnan sing diparingaké déning Hyang Rama marang kita,
nganti kita kasebut para putrané Gusti Allah, lan kita iki
pancen para putraning Allah.” Ing kene awake dhewe diajak
ngeling-eling lan atur panuwun dene wus nampa sih nugraha
Baptisan kang ngangkat awake dhewe dadi putra-putri
Dalem Allah..
• Krana sih nugraha Dalem, Gusti Allah ngersakke supaya
kabeh wong martobat lan urip. Mula, kanthi giyat APP iki,
awake dhewe kabeh, wong tuwa (diwasa) tekan bocah-bocah
tinimbalan supaya mertobat, sacara pribadhi lan bebarengan.

17 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Ora ana wong kang sampurna, nanging sih nugraha Dalem
Gusti kang kebak welas asih nimbali awake dhewe supaya
kita sadhar, getun, lan banjur ninggal pakulinan kang ala saka
uripe dhewe, ninggal dosa-dosa kang njalari awake dhewe
adoh saka Gusti lan pepadha. Ana ing mangsa Prapaskah iki,
awake dhewe uga diajak sregep mbangun urip kang mursid
utawa suci, ya kasucianing Rohani kang maujud kanthi
sregep sembahyang, maca lan nglelimbang Sabda Dalem
Gusti, sregep ndherek bojana Ekaristi, nampa sakramen
tobat, sinau bab-bab sing gayut karo pangandel Katulik lan
kautamaning urip kang maujud ana ing tumindhak becik ing
urip padinan. Pasa lan sesirik kang katindhakake sajroning
mangsa Prapaskah iki mujudake silih tobate awake dhewe
lan wujud panuwun Amarga sih nugraha lan welas asih
Dalem Gusti. Awake dhewe diutus dadi wong apik kang
martakake kabecikan lan anggen Dalem Gusti sabela rasa
marang pepadha.
• Sanadyan abot lan asring wegah nglakoni, nanging awake
dhewe perlu mertobat minangka atur panuwun marang sih
nugraha Dalem Gusti. Pamartobat kuwi ora mung prekara
ngakoni dosa lan ngandhakake. Amartobat kang sejati kuwi
kudu maujud ana ing urip padinan lan tumindhake. Anggone
mbangun pamartobat, awake dhewe ditimbali tinarbuka
marang sih palimirma lan pangapuraning dosa saka Gusti
Allah piyambak. Pangapura saka Gusti kuwi nguwali awake
dhewe saka sakehing rasa wedi, kuwatir, kang marai ati ora
jenjem lan tentrem. Kuwasa Dalam ngapura dosa kuwi marai
uripe wong dadi katon ayem, semangate anyar, nganyarake
komitmen minangka pandherek Dalem sing luwih diwasa.
Dina-dina uripe kebak atur panuwun, dheweke uga luwih
bisa ngrasakake anggone Gusti ngampingi uripe. Anggone

18 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


urip minangka wong kristiani uga luwih ngrembaka Amarga
Gusti tansah nenggani.
Mbangun Niyat – Wening sawetara
Umat kepareng wening sawetara mbangun niyat sajroning ati.
“Apa kang bakal daklakoni supaya ing mangsa Prapaskah
iki pangandelku tansaya tuwuh lan ngrembaka?”
Niyat iki bisa diaturake ing sembahyangan umat.

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)

Dhuh Allah, Rama ingkang kebak welas asih, kawula


ngaturaken panuwun awit pepanggihan APP kapisan lumampah
kanthi sae. Mugi mangsa Prapaskah iangkang nembe kawula
wiwiti punika sagaed kawula ginakaken kanthi saestu kangge
necep, neges, lan atur panuwun dhateng sih nugraha Dalem.
Kawula ugi ngaturaken panuwun awit sih nugraha
Baptisan ingkang kawula tampi, saengga kawula kaangkat dados
pura-putri Dalem piyambak. Kawula nyuwun, kaparingna sih
nugraha Dalem supados ing mangsa Prapaskah punika, kawula
saged ngakeni lan keduwung dhateng sadaya dosa lan
kekirangan, sarta kanthi setya mbangun pamartobat lan gesang
suci minangka putra-putri Dalem. Sadaya punika kawula suwun
lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

Kidung Panutup: Kepareng Ngaturaken KA. 426


19 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
PATEMON II
PANGANDEL KANG NGOYOD LAN
NGREMBAKA

Ancasing Patemon
Ana patemon kaping pindho iki, umat lingkungan diajak
ngonceki lan neges menawa pangandel kuwi sih nugraha
mirunggan. Kejaba saka iku, pangandel uga perlu dirumat
supaya tansaya ngoyod lan ngrembaka.

Lagu Pembuka: Yen Pinareng Mlebet Amba KA. 170

Konjuk lan Pambagya


P Konjuk ing Asma dalem Hyang Rama, Hyang Putra, lan
Hyang Roh Suci
U Amin
P Muga sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci
tansah manunggal ing awake dhewe kabeh.
U Amin.

Cecala
Pada sedulur kinasih, salah sawijining woh pamartobat yakuwi
ngrembakane pangandel. Ana ing patemon iki, awake dhewe
diajak nglelimbang pangandel minangka sih nugraha Dalem
Gusti. Kejaba kuwi, awake dhewe duwe tanggung jawab kanggo
ngrumat, ngipuk-ipuk pangandel kang wis tinampa mau.
Kanggo miwiti patemon iki, ayo padha nyepakake ati lan budi,
kanthi andhap asor ngakoni lan ngeduwungi sakehing

20 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


kekurangan, lan dosane dhewe, uga kanggo atur panuwun awit
kasaenan lan welas asih Dalem Gusti Allah.

Sembahyangan Pamartobat
P + U : Kawula ngakeni ….
P : Muga Allah kang Mahakuwasa kersaa paring palimirma
lan pangapuraning dosa, sarta nuntun marang urip
langgeng.
U : Amin.

Sembahyangan Pambuka
Ayo padha munjuk (wening sawetara)
Dhuh Allah Rama ingkang Mahasae, kawula ngaturaken
puji sokur awit agunging welas asih Dalem. Gusti sampun
maringaken sih nugraha arupi kawilujengan, lan atur panuwun
kawula ugi konjuk awit kanugrahan piandel ingkang
kaparingaken ing manah kawula. Hyang Roh Suci tansah
manjing ing manah kawula nggesangaken lan nuntun kawula
supados nanggapi timbalan karahayon Dalem.
Kaparingana kawula pangandel ingkang gesang, manah
ingkang tinarbuka lan ngener ing Paduka. Kaurubna manah
kawula supados tansah ngrimat lan ngrembakakaken sih nugraha
pangandel wau. Sadaya punika kawula aturaken lantaran Sang
Kristus, ingkang sareng Hyang Rama lan Hyang Roh Suci,
gesang lan mengku keprabon, jumeneng Allah ing salami-
laminipun.
Amin.

Refleksi lan Sharing


Pemandhu macakake utawa ngajak umat maca lan nggatekake
crita ing ngisor iki.

21 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Tuladhane Mbah Sulati

Timin nindakake Kejungkel (Kerasulan Kunjungan


Keluarga) yakuwi pakaryan pasamuwan kang nggatekake brayat
ing lingkungan. Anggone niliki brayat karo Tim Bantuan
Keluarga Paroki Wates. Bebarengan karo Sr. Vita AK, Ibu
Ridhar, lan Ibu Santi, Timin Kejungkel wiwit jam 16.00 WIB.
Biasane, Kejungkel sing paling cepet bisa rampung watara jam
21.00 WIB, sok-sok luwih, gumantung saka jumlah kulawarga
sing ditekani. Ing Kejungkel sing dianakake Timin dina Jemuah,
20 Oktober 2023, ana prastawa mirunggan.
Tim Kejungkel duweni niyat nemoni salah sawijining
warga Katulik, yakuwi Mbak Dita. Nanging, jebule tim kuwi
tinampa ing teras omahe Mbah Sulati, kepernah mbahne Dita.
Mbah Sulati umure wis luwih saka wolung puluh taun. Nanging,
dheweke isih duwe pangeling-eling sing kuwat. Malah mbah
Sulati isa mangerteni lan wanuh karo pangarsane lingkungan
Panjatan sing ngancani Timin lan rombongan Tim Kejungkel
bengi iku. Mbah Sulati kepara malah mangerteni cilikane salah
sijine tamune.
Pancen ragane mbah Sulati wis ringkih. Anggone mlaku
wis wungkuk, ngenut dedege awak. Tangane uga wis tremor.
Nanging, semangaté anggone pracaya marang Sang Kristus tetep
makantar-kantar. Mbah Sulati pancen pandherek Dalem Sang
Kristus saka pepanthan Kristen Jawa (GKJ) Panjatan. Nanging,
sawetara anak lan putuné padha ngrasuk agama Katulik. Sing
paling nggumunake kanggone Timin yakuwi pangandele mbah
Sulati. Nganggo basa Jawa krama inggil, dheweke njlentrehake
menawa anggone ndherek Sang Kristus iku jalarane krungu
Sabda Kabungahan Dalem Gusti Yesus. Sabda Rahayu!

22 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Simbah iku pracaya banget marang Sabda Dalem kuwi
tekan saiki. Senajan dhewekan ing trahe, Mbah Sulati tetep setya
lan pracaya marang Gusti Yesus, kang nelakake sih nugraha lan
karahayon Dalem Allah Hyang Rama. Bab kuwi sing tansah
dibolan-baleni diulang-ulang terus nalika Timin anjangsana ing
papane. Kawitane arep niliki Dita putune mbah Sulati, nanging
Gusti Allah kepara nemokake Timin karo mbah Sulati sing
nduweni pangandel mirunggan. "Nyuwun pangapunten, Simbah
kok malah lajeng ngaturi pitedah dhateng Rama...!" kandhane
Simbah Sulati mungkasi patemon, sadurunge Timin nutup kanthi
sembahyangan lan berkah.

(terj: Timin, “Teladan Nenek Sulati”, Inspirasi, No. 231


Tahun XX November 2023, hlm. 3)

Sawise mangerteni lelakone mbah Sulati, ayo padha metani isine


crita mau kanthi mangsuli pitakonan-pitakonan iki.

1. Sapa mbak Sulati kuwi? Apa kang narik kawigaten saka


lelakon uripe? Apa kang bisa dadi tuladha awake dhewe
saka anggone mbah Sulati pracaya marang Sang Kristus?
2. Apa kang bisa daklakoni kanggo ngrumat pangandel
peparing Dalem Gusti Allah marang aku?
3. Apa wae sing asring ngreridhu anggonku ngrembakake
pangandel Katulik? Apa kang bisa daklakoni kanggo
mbengkas bab kuwi?
4. Apa kang bisa ditindhakake dening bocah-bocah, remaja,
kaum mudha, wong diwasa, lan para sepuh (lansia) ing
lingkungan kanggo ngrembakake pangandel Katulike?

23 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Waosan Kitab Suci
Pemandhu bisa macakake utawa ngutus salah sawijining umat
kang rawuh utawa ngajak kabeh umat sacara genti-gumanti
maca perikop Kitab Suci ing ngisor iki.

Waosan kapethik saking Seratipun Rasul Petrus ingkang kaping


kalih (2 Petrus 1:3-10)
Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha
kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang
mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis
nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan
ngeram-eramake. Kalawan patrap mangkono iku
Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya
kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa
tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-
nepsu kadonyan. Iya marga saka iku kowe padha kudu
mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu
kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan
ing kawruh, tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya
ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri
kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid, mursid
kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang
sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.
Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh
nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing
panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh
marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku. Nanging sing
sapa ora kadnungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta
cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane
kang dhisik wis dibirat. Mulane para sadulur, tansaha
mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan

24 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe
bakal padha ora tau kasandhung.

P Makaten Sabda Dalem Gusti.


U Sembah nuwun konjuk ing Allah.

Panglimbang
Ana ing perangan iki, pemandhu lingkungan bisa njlentrehake
bab-bab kang wigati gayut karo tema patemon nganggo
panglimbang kaya ing ngisor.

• Ing waosan perikop dina iki, Rasul Petrus maringi pitutur


menawa ngrembakakake karohanen kuwi penting kanggo
para pandhereke Sang Kristus. Gusti Allah wis maringi lan
nuwuhake wijining pangandel ing atine para pandherek
Dalem. Pangandel kang ngoyod bakoh lan peng-pengan
kuwi ora tuwuh ngono wae. Nanging, dadi tanggung jawabe
kabeh pandherek Dalem supaya ngrumat ngipuk-ipuk, lan
ngrembakake sih nugraha pangandel Katulik mau.
• Pangandel iku ora mati lan mandheg, nanging pangandel iku
tuwuh ngrembaka amarga pangandel iku urip. Ana ing
pangandel mau bisa ditambahake kabeh sing mbangun,
nguripi, lan nyempurnakake. Rasul Pétrus ngendika,
”Mulané kowé kudu mbudidaya kanthi temen nambahi
perangan ana ing pangandelmu, yakuwi kabecikan, ana ing
kabecikan kawruh, ana ing kawruh ngendhaleni dhiri, ana
ing ngendhaleni dhiri mugen, ana ing mugen kamursidan, lan
ana ing kamursidan katresnan marang para sadulur, lan ana
ing tresna marang para sadulur, tresna marang kabeh wong."
Ing kene, kabeh wong pracaya tinimbalan supaya luwih
pracaya marang Gusti Allah, lan masrahake sakehing

25 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


pangarep-arep uripe ana ing Panjenengane. Jeroning
pangandel utawa pangandel sing ngoyod mung bisa maujud
nalika manungsa preduli, srawung rumaket, lan tinarbuka
karo Gusti Allah. Bab iku bisa kalakon sarana sembahyang,
ziarah utawa laku devosi, pangibadah, sakramèn, refleksi
utawa panglimbang babagan urip, utawa kanthi nyinau
piwulanging pangandel Katulik.
• Pangandel bakal ngrembaka nalika diuripi minangka
prastawa katresnan kang tinampa, uga bisa diwartakake
minangka prastawa sing penuh ing sih nugraha lan
kabungahan. Pangandel kuwi njalari awake dhewe mawoh
subur, sebab tansaya jero pangandel mau ketandur ing ati,
bakal njembarake pengarep-arep lan nguwatake awake
dhewe anggone aweh paseksen kang nguripi: pancen,
pangandel kuwi mbukak ati lan budine sapa wae sing
ngrungokake lan nanggapi timbalan Dalem Gusti supaya
tansah setya marang Sabda Dalem
• Pasamuwan suci Keuskupan Agung Semarang nglenggana
menawa ngampingi para umat Dalem Keuskupan Agung
Semarang supaya dadi umat Katulik kang pinter, peng-
pengan, lan misioner kuwi penting lan dadi kawigaten.
Kahanan iki sing sabanjure nyurung pasamuwan Keuskupan
Agung Semarang supaya luwih nggatekake formatio
(nggegulang) pangandel kanggo kabeh pandherek Dalem
Sang Kristus ing saben perangan umur, wiwit bocah-bocah
nganti wong tuwa (lansia).

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

26 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)
Rama ingkang penuh welas asih, kawula sami muji sokur
awit sih nugraha Dalem arupi piandel ingkang kaparingaken ing
manah kawula. Kawula ugi ngaturaken panuwun awit rawuh
Dalem ing pepanggihan punika ingkang ngemutaken supados
kawula njagi lan ngrimat piandel kawula kanthi sae. Kawula
nyuwun sih nugraha Dalem supados saged ngresepaken sadaya
kautamen ingkang saged ngrembakakaken piandel kawula
saengga langkung lebet lan ngoyod.
Mugi anggen kawula ngrasuk lan ngayati piandel Katulik
saben dintenipun tansaya ngrembaka. Kanthi makaten saged
dados tuladha kangge sesami lan atur paseksen ing tengahing
pasamuwan suci saha masarakat. Sadaya punika kawula suwun
lantaran Sang Kristus, ingkang jumeneng Pangeran lan juru
wilujeng kawula.
Amin.

Kidung Panutup: Hardaning Pitaya KA. 265

27 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


PATEMON III
PANGANDEL KANG DIPRATELAKAKE
LAN DIKEPYAKAKE

Ancasing Patemon
Sawise nglelimbang pangandel minangka sih nugraha Dalem
Gusti lan padha tinimbalan kanggo ngipuk-ipuk, awake dhewe
uga tinimbalan supaya nguripi pangandel lan ngepyakake
pangandel mau. Ana ing patemon iki, awake dhewe diajak
ngaturake panuwun amarga nampa kekeran pangandel, warisan
pangandel kang nggawa awake dhewe tansaya neges lan necep
kekeran karahayon Dalem Gusti saengga kanthi mongkog bisa
ngepyakake.

Kidung Pambuka: Memuji Pangéran KA. 156

Konjuk lan Pambagya


P Konjuk ing Asma dalem Hyang Rama, Hyang Putra, lan
Hyang Roh Suci
U Amin
P Muga sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci
tansah manunggal ing awake dhewe kabeh.
U Amin.

Cecala
Pada sedulur kinasih, ana ing patemon sadurunge awake dhewe
diajak nglelimbang anggone kudu ngipuk-ipuk pangandel
supaya tetep tuwuh, ngrembaka nganti ngoyod tansaya jero.
Kanggo ngrumat pangandel mau, awake dhewe saweneh tradhisi
28 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
utawa pakulinan kang diwarisake saka para leluhur. Ana ing
patemon iki, awake dhewe diajak nglelimbang kepiye bisane
nelakake lan ngepyakake pangandel mau ana ing urip padinan.
Kanthi nelakake lan ngiyayakake pangandel saben dina, awake
dhewe tinimbalan necep lan ngrasakake urip lan karahayon kang
dadi sih nugraha Dalem Gusti ana ing prastawa padinan. Kanggo
miwiti patemon iki, ayo padha nyepakake ati lan budi, kanthi
andhap asor ngakoni lan ngeduwungi sakehing kekurangan, lan
dosane dhewe, uga kanggo atur panuwun awit kasaenan lan
welas asih Dalem Gusti Allah.

Sembahyangan Pamartobat
P + U : Kawula ngakeni ….
P : Muga Allah kang Mahakuwasa kersaa paring palimirma
lan pangapuraning dosa, sarta nuntun marang urip
langgeng.
U : Amin.

Sembahyangan Pambuka
Ayo padha munjuk (wening sawetara)
Allah Rama ingkang Mahaasih, kawula sami ngaturaken
agunging panuwun awit pinaringan piandel, sih nugraha Dalem
ingkang nuntun dhateng karahayon Dalem. Karsaa rawuh ing
pepanggihan punika supados kawula saged mangertosi lan neges
saben pangibadah kawula, saengga piandel kawula tansaya
teguh. Kanthi makaten kawula saged martosaken wonten ing
pasedherekan saha anggen kawula lelados ing tengahing
masarakat. Sadaya punika kawula aturaken lantaran Sang
Kristus, ingkang sareng Hyang Rama lan Hyang Roh Suci,
gesang lan mengku keprabon, jumeneng Allah ing salami-
laminipun. Amin.

29 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Refleksi lan Sharing
Pemandhu macakake utawa ngajak umat maca lan nggatekake
crita ing ngisor iki.

Kirik Religius

Iki crita babagan kirik kang relijius (ngrasuk agama).


Preta, jeneng sawijining kirik ing Portugal, bisa mlaku nganti
adohe 26 kilo saben minggu kanggo melu misa (bojana ekaristi).
Saben dina Minggu sasuwene telung taun iki, Preta, kirik jinis
Pooch, yaiku jinis kirik sing awake lemu, cendhek, lan irunge
pesek, metu saka omahe bendarane ing sawijining kutha ing
wilayah Sobrado, Portugal sisih lor, wayah tabuh lima esuk.
Mangkono kang dilaporake kalawarti Correeio da Manha ing
wiwitan minggu iki.
Preta kuwi tilas kirik ora kopen, dheweke mlaku dhewekan
menyang gereja ing wilayah Ermesinde kanggo melu misa
wayah tabuh 07.30. Dheweke mesthi lungguh ana papan
panggonan sing paling disenengi ing jero greja, yaiku ing jejere
altar. Nalika para umat ngadeg utawa lungguh, Preta uga melu
nindakake persis. Nalika misa rampung, kirik kuwi biyasane
mlaku mulih, nanging sok-sok uga nunut kendharaane wong sing
ditepungi. Saiki umate greja kuwi tansaya akeh jalaran padha
kepengen meruhi Preta kuwi.
(Harian Surabaya Post, Rabu, 11 Juli 2001).
Sumber: Yustinus Sumantri Hp, SJ, Senyuman: Kumpulan 100
Cerita Bijak, Yayasan Pustaka Nusatama, Yogyakarta, 2007

Sawise mangerteni lelakone Preta, kirik sing seneng melu misa,


ayo padha metani isine crita mau kanthi mangsuli pitakonan-
pitakonan iki.

30 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


1. Apa kang ditindhakake dening Preta saben dina Minggu?
Apa mergane umat ing greja kuwi tansaya tambah akeh?
2. Apa sing sasuwene iki ndayani aku saben dina Minggu
menyang greja?
3. Apa kabeh umat ing lingkungan padha ketarik melu teka
lan ngregengake sembahyangan lingkungan, patemon
lingkungan, utawa rosario lingkungan? Apa sebabe?
4. Kepiye anggone awake dhewe bisa gawe greget ana ing
olah karohanen, kang ana ing paroki utawa lingkungan,
supaya bisa nengsemake lan dikangeni dening bocah-
bocah, remaja, kaum mudha, nganti para sepuh lansia?

Waosan Kitab Suci


Pemandhu bisa macakake utawa ngutus salah sawijining umat
kang rawuh utawa ngajak kabeh umat sacara genti-gumanti
maca perikop Kitab Suci ing ngisor iki.

Waosan kapethik saking lelampahanipun Para Rasul (Kis 2:41-


47)

Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis.


Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu. Wong-
wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan
anggone tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu
nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga. Wong kabeh padha
kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake
mukjijat lan pratandha akeh. Sarta kabeh wong kang pracaya
padha lestari manunggal, kabeh barang darbeke padha
dianggep duweke wong akeh. Apadene tansah ana
panunggalane kang ngedol barang darbeke, banjur diedum-
edumake marang wong kabeh, mawa-mawa kabutuhane.

31 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman
Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti
ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan
bungah lan ati kang tulus, kambi memuji marang Gusti
Allah, apadene padha disenengi ing wong sabangsa kabeh.
Sarta maneh ing saben dinane cacahe diwuwuhi dening
Gusti wong kang padha kapitulungan rahayu.

P Makaten Sabda Dalem Gusti.


U Sembah nuwun konjuk ing Allah.

Panglimbang
Ana ing perangan iki, pemandhu lingkungan bisa njlentrehake
bab-bab kang wigati gayut karo tema patemon nganggo
panglimbang kaya ing ngisor iki.

• Saka waosan kuwi, awake dhewe mangerteni bab uripe


pasamuwan suci (Kristen) wiwitan. Wong-wong sing padha
krungu lan banjur pracaya marang piwulangé para rasul,
padha nyuwun dibaptis lan pracaya marang Gusti Yésus
Kristus. Ing pangandel kang isih anyar iki, kabeh padha
sregep kanthi temen nyinau piwulange para rasul, mbangun
urip paguyuban, tansah kumpul kanggo bojana bebarengan,
mecah nyuwil roti lan sembahyang. Kejaba saka kuwi,
wong-wong paha nggatekake siji lan sijine uga padha
ngedum-edum barang darbèke supaya ora ana wong kang
nandhang kecingkrangan.
• Nglelimbang anggone pasamuwan suci wiwitan padha urip
iki menehi tuladha kanggo awake dhewe supaya nguripi,
nelakake, ngepyakake lan martakake sih nugraha pangandel.
Ana maneka warna cara kanggo nelakake lan mujudake

32 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


pangandel ing urip padinan, bisa kanthi sembahyangan, mati
raga, sawernaning pangibadah gayut karo sakramèn uga
sakramèntali, lan anggone urip becik minangka wong
Katulik. Menawa awake dhewe grengseng anggone nelakake
lan mujudake pangandel, bakal nuntun marang ngrembakane
urip rohani kanthi pangandel Katulik kang sejati.
• Nalika ngepyakake pangandel, awake dhewe tinimbalan uga
ngepyakake patemon karo Gusti Allah piyambak. Ana ing
patemon kuwi, awake dhewe diajak mbukak ati marang
timbalan Dalem Gusti kang kebak katresnan. Perangan iki
sing bakal nuntun awake dhewe nampa menawa pangibadah
utawa tata liturgi pangandel Katulik kuwi dudu kuwajiban,
nanging dadi pratelaning rasa kangen ketemu karo Gusti
kang nresnani awake dhewe. Ana ing pangibadah kuwi,
awake dhewe bisa nelakake rasa tresna lan kurmat katur ing
Gusti. Kanthi rasa kurmat lan tresna kuwi, pangibadah utawa
tata liturgi bakal dadi pahargyan kang agung, wangun,
khidmat, dadi renaning panggalih Dalem Gusti, lan nglairake
berkah kanugrahan kanggo uripe awake dhewe. Mula saka
kuwi, ora mokal menawa ana wong kang tansaya jero lan
gedhe pangandele, dheweke bakal tansaya kepengen
patemon karo Gusti piyambak, ngrasakake kayangapa
gedhene tresna Dalem Gusti, lan suka gambira nglakoni
uripe sing kebak kanugrahan, lan gelem mbagekake uripe
marang wong akeh.
• Ing saben pahargyan pangandel utawa pangibadah, awake
dhewe mangerteni anane akeh pralambang sing ngemu teges.
Awake dhewe tinimbalan kanggo mangerteni lan ngayati
pangandel Katulik sarana simbol sing digunakake saben
dina. Contone, tandha pamenthangan, kidungan, iringan,
beksan, arsitektur, solah bawa, lan sapiturute.

33 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


• Ana ing pahargyan pangandel iku, awake dhewe tinimbalan
kanggo nggawa kabeh wohing pakaryan, pasambat lan
panyuwunan, uga rasa kepengen nampa kekuwatan kanggo
ngadhepi bot-repote urip padinan. Lumantar pahargyan
pangandel, awake dhewe kautus martakake pangandel sing
wis katampa lan dipahargya saben dinane kanthi urip sing
luwih migunani, mengku kautamaning urip: wicaksana,
andhap-asor, sabar, dhadhag, jujur, loma, tulus-ikhlas, setya,
lan preduli marang pepadha.
• Ing saben pangibadah/pahargyan pangandel, awake dhewe
tinimbalan supaya ora mung teka, lungguh, meneng, lan
sawise rampung mulih, lan ndadekake pangibadah minangka
rutinitas tanpa teges. Awake dhewe tinimbalan supaya aktif
ngepyakake pangandel ing saben pangibadah sing
katindakake. Ayo padha sinau kanggo ngrumat pangandel
kanthi menehi teges ing saben pangibadah utawa pahargyan
pangandel mau.

Mbangun Niyat – Wening sawetara


Umat kepareng wening sawetara mbangun niyat sajroning ati.
“Kepiye anggonku bakal mahargya pangandel ana ing
sembahyangan lan pangibadah?”
Niyat iki bisa diaturake ing sembahyangan umat.

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)

34 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Rama ingkang Mahaasih, kawula ngunjukaken agunging
panuwun awit sadaya sih nugraha Dalem ingkang kaparingaken
dhateng kawula, langkung-langkung karahayon langgeng
ingkang paduka paringaken lantaran korban Dalem Sang
Kristus. Kasunarana manah lan budi kawula supados saged
mangertosi karahayon Dalem wonten ing gesang kawula saben
dintenipun.
Kawula nyuwun, mugi karana pahargyan lan pangibadah
ingkang kawula tindhakaken, saged ndamel piandel kawula
tansaya teguh, minangka putra-putri Dalem ingkang kinasih.
Kanthi raos sokur kawula badhe tansah memuji pakaryan Dalem
ingkang agung wonten gesang kawula.
Kaberkahana ugi brayat kawula piyambak-piyambak
saengga kawula saged dados brayat Katulik ingkang sejatos.
Sadaya punika kawula suwun lantaran Sang Kristus Gusti
kawula. Amin.

Kidung Panutup: Gusti Pangeran Mba Puji KA 264

35 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


PATEMON IV
PANGANDEL KANG DIWARTAKAKE
LAN DIWARISAKE

Ancasing Patemon
Ana ing patemon kaping papat iki, kabeh umat diajak
mangerteni tanggung jawabe marang sih nugraha Dalem Guti
wujud pangandel Katulik kang wus tinampa. Saben umat
tinuntun dening Allah, saben dinane supaya wani
ngrembakakake pangandele nganti wutuh, saengga kanthi
mantep bisa ngugemi kautamaning urip kristiani. Kuwi mengku
teges wani narik awake dhewe-dhewe nganti wasis nguwasani
piwulang Katulik saengga bisa martakake lan marisake marang
liyan.

Kidung Pambuka: Gusti Pangraning Buwana KA. 409

Konjuk lan Pambagya


P Konjuk ing Asma dalem Hyang Rama, Hyang Putra, lan
Hyang Roh Suci
U Amin
P Muga sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci
tansah manunggal ing awake dhewe kabeh.
U Amin.

Cecala
Pada sedulur kinasih, ana ing patemon iki awake dhewe
bakal munjukake atur panuwun Amarga pinaringan warisan
pangandel Katulik saengga padha dadi pandherek Dalem Sang
36 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
Kristus. Ana ing patemon kepungkur, awake dhewe wus diajak
nglelimbang timbalan Dalem Gusti supaya ngipuk-ipuk sih
nugraha Dalem, yakuwi pangandel Katulik.
Ana ing patemon iki, awake dhewe bakal nglelimbang
dhawuh Dalem Gusti supaya martakake lan marisake pangandel
supaya sih nugraha Dalem wujud karahayon kang wartane
tinampa sarana pangandele awake dhewe bisa diwartakake lan
diwarisake marang anak turune dhewe. Kanthi mangkono bakal
tansaya akeh gunggunge wong kang bakal melu nammpa sih
nugraha karahayon Dalem Gusti.
Kanggo miwiti patemon iki, ayo padha nyepakake ati lan
budi, kanthi andhap asor ngakoni lan ngeduwungi sakehing
kekurangan, lan dosane dhewe, uga kanggo atur panuwun awit
kasaenan lan welas asih Dalem Gusti Allah.

Sembahyangan Pamartobat
P + U : Kawula ngakeni ….
P : Muga Allah kang Mahakuwasa kersaa paring palimirma
lan pangapuraning dosa, sarta nuntun marang urip
langgeng.
U : Amin.

Sembahyangan Pambuka
Ayo padha munjuk (wening sawetara)
Allah Rama ingkang Mahaasih, Panjenengan sampun
manjalma saperlu maringaken pakaryan agung, karahayon
Dalem dhateng kawula. Kanthi piandel kawula tinimbalan
nanggapi sih nugraha Dalem wau. Kawula ngunjukaken
agunging panuwun awit pinaringan para leluhur ingkang kanthi
cara werni-werni sampun marisaken piandel Katulik.

37 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Kaberkahana kawula, supados dados tiyang Katulik
ingkang bakoh piandelipun, lan wantun martosaken piandel wau
dhateng tiyang kathah sarana paseksening gesang padintenan lan
piwulang Katulik ingkang murugaken tiyang sanes ugi nampi
karahayon Dalem Gusti. Sadaya punika kawula aturaken
lantaran Sang Kristus, ingkang sareng Hyang Rama lan Hyang
Roh Suci, gesang lan mengku keprabon, jumeneng Allah ing
salami-laminipun. Amin.

Refleksi lan Sharing


Pemandhu macakake utawa ngajak umat maca lan nggatekake
crita ing ngisor iki.

Warisan

"Pijekna wektu kanggo mulang agama, amarga ayahan iki klebu


ayahan suci lan bisa nyengkuyung urip karohanenmu."
Mangkono welinge bapak sakdurunge seda. Sakawit, aku ora
nggatekake welingan kuwi. Nanging, jebule piweling kuwi
tansah keprungu ana kupingku, bola-bali ngosikake atiku lan
mara ora jenjem. Yen tak pikir-pikir, piwelinge bapak kuwi
klebu angel kaleksanane. Amarga seka SD nganti kuliyah, aku
mlebu ing pawiyatan umum. Piwulang agama sing daktampa ya
mung sacukupe, klebu kotbah saka romo ing greja.
Yagene bapak meling kaya mangkono? Apa merga aku ora
kaya bapak kang nalika sugenge mulang agama? Utawa amarga
bapak wis ngrasakake necep lan neges paedahe mulang agama
ana ing urip pribadhine saengga banjur meling anake supaya bisa
ngalami sing padha? Yen bab iki diwelingake nalika bapak arep
seda mesthi wae banjur dadi kawigatenku. Nanging, banjur

38 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


kepiye anggonku bakal ngleksanani welinge bapak kuwi? Aku
ora duwe sangu kang nyukupi kanggo nindhaki ayahan kuwi.
Nalika aku goreh mikir welinge bapak kuwi, banjur aku
ngeling-eling pribadhine bapak. Pancen, aku uga asring gumun
nyawang bapakku kang urip karohanene katon menep. Bapak
kuwi wong sing pribadhine prasaja, nanging bakoh tanggon.
Bapak tansah mulang nuduhake endi sing pokok lan endi sing
ora. Ngadhepi prekara uripe kanthi sabar lan anteng. Sanajan
brayate urip prasaja, nanging kabeh ngrasakkake rukun lan
tentrem. Aku ngeling-eling meneh nalika isih remaja akil balik.
Saben rong minggu pisan, omahku kanggonan wulangan
katekumen (calon baptis).
Alon-alon aku wiwit kelingan, apa wae kang diwulangake
bapak ana ing wulangan katekumen kuwi. Sabanjure tuwuh
kekarepan ing atiku bakal nerusake pakaryane bapak mulang
agama. Saben ana kalodhangan mulang katekumen, aku wani
tawa yen saguh mbiyantu. Mesthi wae bab iki tinampa becik.
Pranyata dadi katekis kuwi ora angel kaya sing takpikir
sasuwene iki. Senajan aku dudu katekis profesional, nanging
anggonku ngayahi bisa lancar. Sanguku mung niyat, krenteg
kanggo ngleksanani welinge bapak.

(Sumber: GP Sindhunata, SJ, Bisikan Daun-daun


Sabda, Kanisius, Yogyakarta, 2000

Sawise maca isining crita “Warisan” ing dhuwur, ayo padha


nlesih luwih premati, supaya mengerteni isine crita mau kanthi
mangsuli pitakonan-pitakonan iki.
1. Apa kang dadi welinge bapak marang putrane ana ing crita
“Warisan” kasebut? Yagene si anak banjur gelem nglakoni
dadi katekis?

39 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


2. Warisan apa kang bakal dakcawisake kanggo anak putuku
samengko?
3. Apa awake dhewe wis mijekake kawigaten kanggo
marisake pangandel marang anak putu?

Waosan Kitab Suci


Pemandhu bisa macakake utawa ngutus salah sawijining umat
kang rawuh utawa ngajak kabeh umat sacara genti-gumanti
maca perikop Kitab Suci ing ngisor iki.

Waosan kapethik saking seratipun Rasul Paulus dhateng


Tmotius ingkang kaping kalih (2 Tim 1:5-14)

Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas,


yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu
Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku
uga dumunung ana ing kowe. Iya marga saka iku kowe
dakelingake supaya kowe ggrengsengake sih-peparinging
Allah kang ana ing kowe sarana daktumpangi tanganku.
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku
dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake
kakuwatan, katresnan lan katertiban. Mulane aja isin
nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka
aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane,
nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan
kakuwataning Allah, kang paring karahayon marang kita lan
nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar
panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate
piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning
Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman. Sarta
kang saiki kawujudake ana ing rawuhe Sang Juruwilujeng

40 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


kita Gusti Yesus Kristus kang wus nyirnakake pati sarta
nggiyarake urip kang ora bisa rusak. Iya Injil iki kang
netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru. Iya
iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging
aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake
sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa
marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti
tumeka ing Dinaning Pangeran. Apa kang wus kokrungu
saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-
becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing
Sang Kristus Yesus. Rajabrana kang endah, kang wus
dipitayakake dening Panjenengane marang kita iku reksanen
kalawan Roh Suci, kang dedalem ana ing kita.

P Makaten Sabda Dalem Gusti.


U Sembah nuwun konjuk ing Allah.

Panglimbang
Ana ing perangan iki, pemandhu lingkungan bisa njlentrehake
bab-bab kang wigati gayut karo tema patemon nganggo
panglimbang kaya ing ngisor.

• Ing waosan iku, Rasul Paulus ngandharake bab warisan


pangandel. Pangandel kuwi asring ora katon nanging bisa
ngowahi uripe manungsa. Pangandel mbukak mripat batine
manungsa, saengga bisa ngrasakake sih nugraha Dalem
Allah, yakuwi karahayon. Awake dhewe uga tinimbalan, ora
adhedhasar tumindhake dhewe, nanging amarga katresnan
lan karsa Dalem Gusti piyambak, kang maujud ana ing Sang
Kristus saka sadurunge wiwitaning jaman.” Kanthi
pangandel, awake dhewe bisa ngrasakake sih nugraha Dalem

41 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Allah, urip ing kekuwatan, katresnan, lan paugeran kang
tertib, sarta ora isin aweh paseksen bab Panjenengane. Mula
saka kuwi Rasul Paulus sembahyang supaya Timotius tansah
temen anggone nguripi warisan pangandel kang wus
tinampa.
• Ing wosan kuwi, Rasul Paulus uga ngandharake menawa
Hyang Roh Suci uga makarya ana ing tuwuh ngrembakane
pangandel mau. Krana Hyang Roh Suci, Gusti Allah
ngersakake sapa wae bisa martakake lan mulangake
pangandel marang wong akeh minangka warisan urip. Paulus
mangerteni menawa Timotius nampa warisan pangandel
saka ibune, Eunike, kang nampa warisan pangandel saka
mbahne, Lois. Dene Timotius kang diwulang dening Paulus
uga ngrasakake lan bisa atur panuwun awit nampa sih
nugraha warisan pondasi urip karohanen mau saka leluhure.
Warisan pangandel kuwi sing nuntun Timotius tansaya
ngenerake uripe marang Sang Kristus.
• Warisan rohani sing kuwat pancen ora njamin menawa
awake dhewe bakal nduwé pangandel Katulik. Nanging,
tuladha lan tuntunane wong liya bisa mbiyantu nyawisake
dalan kanggo mbangun pangandel. Sawise awake dhewe
nampa Gusti Yesus Kristus minangka Sang Pamarta, Hyang
Roh Suci bakal nuntun awake dhewe anggone mijekake urip
kanggo mulyakake asma Dalem. Kejaba kuwi, Hyang Roh
Suci uga bakal ngampingi anggone awake dhewe mbiyantu
nuwuhake pangandele pepadha, ngrembakakake pangandel
kang lagi thukul, lan kanthi pitulungan Dalem Gusti, mbaka
sethithik pangandel mau bakal tansaya ngrembaka nganti
wutuh penuh. Sabanjure wong mau bisa mantep nguripi
kautamaning pangandel Katulik ing urip padinan. Kahanan

42 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


iki uga tinemu ing uripe wong mudha lan diwasa, kepara para
sepuh (lansia).

Mbangun Niyat – Wening sawetara


Umat kepareng wening sawetara mbangun niyat sajroning ati.
“Kepiye anggonku bakal martakake pangandel lan
marisake ana ing brayatku lan urip padinan?”
Niyat iki bisa diaturake ing sembahyangan umat.

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)
Rama ingkang Mahaasih, kawula munjuk sembah nuwun
awit sampun kakempalaken ing pepanggihan punika. Kawula
ugi munjuk sembah nuwun awit kaparingan warisan piandel
ingkang tuhu aji minangka sih nugraha Dalem. Karsaa paring sih
nugraha, supados piandel kawula tansah tuwuh ngrembaka, lan
saged kawula wartosaken ing tengahing brayat, lingkungan,
utawi wonten pepanggihan kaliyan sadaya tiyang.
Kawula ugi nyuwun kabiyantu supados saged
ngrembakakaken gesang ingkang nggegegi kautamen kristiani,
supados pakaryan lan karahayon Dalem yektos dipun prangguli
ing gesang kawula. Kanthi makaten saged kawula wartosaken
ing gesang padintenan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Kidung Panutup: Cahya Lumaris KA. 259


43 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
PATEMON V
PANGANDEL KANG DIURIPI LAN
DIWUJUDAKE

Ancasing patemon
Ana ing patemon iki, kabeh umat diajak mangerteni menawa
wohing pangandel kang ngoyod lan ngrembaka kuwi katon ana
ing asil tumindhake. Kejaba iku, kabeh umat uga diajak gawe
aksi tepa selira (belarasa) minangka wujud atur panuwun awit
kaparingan wektu mbangun pamartobat sajroning mangsa
Prapaskah.

Kidung Pambuka: Gusti Ulun KA. 413

Konjuk lan Pambagya


P Konjuk ing Asma dalem Hyang Rama, Hyang Putra, lan
Hyang Roh Suci
U Amin
P Muga sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci
tansah manunggal ing awake dhewe kabeh.
U Amin.

Cecala
Para sedulur kinasih, tan rinasa awake dhewe wus tekan
patemon APP kang pungkasan. Awake dhewe munjukake atur
panuwun amarga isih pinaringan wektu kanggo ngolah dhiri ing
mangsa Prapaskah iki lan ngrasakake welas asih Dalem Gusti.
Muga-muga anggone awake dhewe mbangun pamartobat lan
nggegulang pangandel sajroning mangsa Prapaskah iki bisa
44 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
ngasilake kabungahan ing wektu Paskah samengko. Awake
dhewe bakal ngriyayakake pakaryan Dalem Gusti anggone
paring karahayon marang manungsa.
Ana ing patemon iki, awake dhewe bakal nglelimbang lan
ngenam-enam kepiye anggona bekal mujudake pangandel mau
ana ing urip padinan. Kanggo miwiti patemon iki, ayo padha
nyepakake ati lan budi, kanthi andhap asor ngakoni lan
ngeduwungi sakehing kekurangan, lan dosane dhewe, uga
kanggo atur panuwun awit kasaenan lan welas asih Dalem Gusti
Allah.

Sembahyangan Pamartobat
P + U : Kawula ngakeni ….
P : Muga Allah kang Mahakuwasa kersaa paring palimirma
lan pangapuraning dosa, sarta nuntun marang urip
langgeng.
U : Amin.

Sembahyangan Pambuka
Ayo padha munjuk (wening sawetara)
Dhuh Allah Rama ingkang kebak welas asih, kawula
ngaturaken agunging panuwun awit kepareng makempal malih
ing pepanggihan punika. Kawula saestu muji sokur awit mangsa
Prapaskah ingkang paduka paringaken lan kawula lampahi
minangka wekdal mirunggan kangge nglelimbang lan
ngunjukaken panuwun awit welas asih Dalem. Kawula ugi matur
nuwun awit kaparingan wekdal kagem mbangun pamartobat an
ngrembakakaken piandel.
Rawuha ing antawisipun kawula sarta kaurubna
kabingahan ing manah kawula supados saged mbangun

45 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


pasedherekan lan nelakaken bela raos kawula dhateng sesami
ingkang mbetahaken pitulungan.
Sadaya punika kawula aturaken lantaran Sang Kristus,
ingkang sareng Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, gesang lan
mengku keprabon, jumeneng Allah ing salami-laminipun. Amin.
.
Refleksi lan Sharing
Pemandhu macakake utawa ngajak umat maca lan nggatekake
crita ing ngisor iki.

Urip Luhur lan Mulya

Bayu mesem kecut nalika maca pesen kang mlebu ing


HP-ne. Tulisan kuwi unine mangkene: gampang temen
mbuwang dhuit mubra-mubru kanggo ngoyak kesenengane
pribadhi kang sejatine ora perlu kanggo uripe; angel temen
ngejak laku amal, weweh duweke kanggo wong liya, lan
misungsungake sing paling becik kagem Gusti Allah. Wong
padha tuku panganan kang larang. Tuku klambi, sepatu, lan
barang liyane sarwa larang, kamangka ana sing murah; kayane
awake dhewe kuwi wong paling sugih sadonya. Nanging,
menawa diajak tetulung wong mlarat, menehi sumbangan
marang paguyuban agama, urun dana pendhidhikan, ujug-ujug
wong-wong mau banjur dadi pelit; kayane dadi wong sing paling
mlarat sadonya.
Bayu ngrasakake tulisan kuwi tumuju kanggo dheeke,
lan nunjem atine. Dheweke banjur rumangsa disurung ndeleng
uripe meneh, solah bawa tumindhake sasuwene iki. Pancen ora
terus-terusan kaya mangkono. Nanging, pancen nemokake yen
dheweke wus tau tumindhak mangkono mau. Kepara nalika lagi
nindhakake, dheweke malah ora rumangsa salah lan milih

46 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


nglakoni tanpa wigah-wigih. Ngisin-isini. Kuwi sing marai Bayu
rumangsa ketampek, lan banjur mung isa mesem kecut.
Bayu nyoba nentremake atine. Sedulure tunggal wong
tuwane wis tau nglakoni tumindhak kuwi. Mangkono uga para
sedulure liyane. Kanca-kancane uga nglakoni tumindhak kuwi.
Ana ing masarakat uga akeh sing tumindhak mangkono mau,
kepara malah diwartakake ana ing medhia sosial kanthi diwaca,
keprungu, utawa ditonton wong akeh. Babagan mangkene iki
wis akeh tuladhane. Para pangarsaning masarakat, wong-wong
kang pinilih uga asring nglakoni tumindhak luput mau kepara
kanthi cara kang ngisin-isini.
Awake dhewe bisa ndeleng pakaryan Dalem kang
ngedab-edabi: alam sawegung kang endah, wong-wong kang
padha nyambut gawe abot kanggo uripe, wong-wong kang
ngupayakake karukunan lan kebecikane kabeh wong. Bab kuwi
marai Bayu tangi seka impene. Uripe ditampa kanthi cara anyar,
ora nyonto wong-wong kang tumindhak luput lan ngisin-isini,
nanging banjur gawe putusan pribadhi kepengen uripp kang
luhur lan Mulya. Dheweke wis nampa uri kang sarwa becik saka
Sang Akarya Jagad. Mula wis samesthine dheweke uga
tumindhak sing becik. Dheweke nampa urip kang luhur lan
mulya, mula banjur nata uripe supaya tansah tumindhak luhur
lan mulya uga. Sokur menawa dheweke banjur bisa dadi tepa
tuladha becik kanggo warga masarakat sakiwa tengene. Awake
dhewe uga bisa kanthi laku kang ngener ing kautaman.
(Sumber: EG. Willem Pau, Bara Kasih: Kumpulan
Inspirasi Kasih 2017, Pohon Cahaya, Yogyakarta, 2019)

Sawise maca isining crita “Urip kang Luhur lan Mulya” ing
dhuwur, ayo padha nlesih luwih premati isine crita mau kanthi
mangsuli pitakonan-pitakonan iki.

47 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


1. Apa kang marai Bayu mesem kecut ana ing crita “Urip
Luhur lan Mulya”? Apa kang njalari Bayu kepengen dadi
wong kang tumindhak becik ana ing urip padinan?
2. Kautamaning urip sing kepiye kang njalari aku ngaturake
panuwun marang Gusti Allah ing mangsa Prapaskah iki?
Ndak iya aku wis ngalami pamartobat lan ngrembakakake
pangandel kang sejati? Apa buktine?
3. Kanthi pasa, sesirik, lan matiraga sajroning mangsa
Prapaskah iki, awake dhewe diajak bisa mujudake
pangandel sarana laku belarasa (tepa selira, solider)
marang pepadha kang mbutuhake pitulungan. Bebarengan
umat ing lingkungan, tumindhak apa kang dipilih kanggo
mujudake belarasa mau? Kanggo sapa? Kepiye carane?

Waosan Kitab Suci


Pemandhu bisa macakake utawa ngutus salah sawijining umat
kang rawuh utawa ngajak kabeh umat sacara genti-gumanti
maca perikop Kitab Suci ing ngisor iki.

Waosan kapethik saking Seratipun Rasul Yakobus (Yak. 2: 14-


26)

He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku


nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene? Saupama
ana sadulur lanang utawa wadon kang kacingkrangan ing
bab sandhang lan pangane ing saben dinane, nuli ana
panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata,
daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta
mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi
kabutuhane badane, iku paedahe apa? Mangkono uga
tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni
48 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
panggawe, iku sajatine mati. Nanging bisa uga ana kang
muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki
nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana
pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal
daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”
Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku
becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha
gumeter. He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni,
manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.
Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka
panggawe-panggawene anggone kabenerake, nalika
nyaosake kang putra Iskak ana ing misbyah? Kowe padha
sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo
panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi
sampurna. Temah kayektenan nas kang surasane mangkene:
“Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah,
mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga
saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”
Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone
kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka
pracaya bae. Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora
awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika
ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose
metu ing dalan liya? Jalaran kayadene badan tanpa sukma
iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawe iku iya
mati.
.
P Makaten Sabda Dalem Gusti.
U Sembah nuwun konjuk ing Allah.

49 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Panglimbang
Ana ing perangan iki, pemandhu lingkungan bisa njlentrehake
bab-bab kang wigati gayut karo tema patemon nganggo
panglimbang kaya ing ngisor.

• Layange Rasul Yakobus tinulis udakara taun 47-48 Masehi.


Layang iki ditulis kanggo suku Yahudi cacah rolas sing
bebara (ngulandara) lan isine piwulang pokok bab
pangandel. Kejaba iku, ketambahan conto-conto prasaja
kang trep karo kahanan urip padinan supaya wong-wong iku
padha dadi wong Kristen (Katulik) kang sejati.
• Ana ing waosan Kitab Suci ing dhuwur. Rasul Yakobus
bakal nelakake menawa pangandel tanpa tumindhak nyata
kuwi mati. Ana ing piwulange, Yakobus mulangake bab
pangandel kang bener. Pangandel ora mung ana ing
tetembungan, utawa ngakoni lan precaya marang Gusti,
nanging pangandel kang sejati kuwi kudune nyata wujude
ana ing tindhak-tanduke saben dinane. Pangandel kang sejati
ora cukup mung sregep sembahyang lan ngibadah, bisa
ngidungake kidungan kang endah, ora mung waton bisa
maca utawa apal isining Kitab Suci, nanging pangandel kang
sejati kuwi pungkasane nyurung saben wong mujudake
kautamaning urip minangka wong kang ngrasuk pangandel.
• Apa gunane ngakoni dadi wong duwe pangandel, nanging
urip saben dinane kebak culika, bab-bab kang najis,
njejemberi, pitenah, apus-apus, kesed, lan sapiturute. Yen
mangkono, manut Yakobus, pangandele wong mau ora ana
tegese, muspra, lan mati. Yakobus ngajak awake dhewe wani
nliti uripe (introspeksi dhiri). Apa aku wus nguripi pangandel
kanthi bener: “Apa gunane, para sedulurku, yen ana wong
50 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS
kang kandha menawa dheweke duwe pangandel, kamangka
dheweke ora tumindhak apa-apa. Apa isa pangandele
nylametake uripe?... Menawa ana sedulur kang ora duwe
klambi, ora bisa mangan kanggo urip padinan, banjur ana
kancamu sing kandha: “Sugeng tindak, mangga katuran
ngagem rasukan benter lan dhahar ngantos tuwuk!”, nanging
dheweke ora menehi apa sing perlu kanggo ragane, banjur
apa gunane kuwi?”
• Kanthi wacan kasebut, awake dhewe diajak mikir ora cukup
mung caturan nganggo tembung-tembung kang manis,
ngakoni yen ditresnani Gusti Allah, lan sapiturute, nanging
awake dhewe diajak mujudake pangandel ana ing
kasunyatan. Ing kene Yakobus ora mulangake menawa
tumindhak becik kuwi bakal mbenerake awake dhewe
ingarsa Dalem Gusti. Nanging, pangandel kang urip, siang
tansah mujudake tumindhak-tumindhak becil minangka
wohing karahayon. Tumindhak becik kuwi wujud paseksen
saka pangandele awake dhewe.

Mbangun Niyat – Wening sawetara


Umat kepareng wening sawetara mbangun niyat sajroning ati.
“Kepiye anggonku bakal mujudake pangandelku ana ing
urip padinan?”
Niyat iki bisa diaturake ing sembahyangan umat.

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

51 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS


Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)

Sembahyangan Umat
Pemandhu ngajak umat sembahyang spontan ngaturake ujud
panyuwunane dhewe-dhewe. Sembayangan umat katutup kanthi
sembahyangan Rama Kawula.

Sembahyangan Panutup
Ayo padha munjuk, (wening sawetara)
Rama ingkang Mahaasih, kawula sami ngunjukaken
agunging panuwun Amarga salebeting mangsa Prapaskah
punika sacara mirunggan sampun kepareng nglelimbang
kamirahan lan welas asih Dalem ingkang tansah rumentah ing
gesang kawula.
Kawula ugi ngaturaken panuwun awit tedhak Dalem
Hyang Roh Suci nuntun kawula mbangun pamartobat lan
ngrembakakaken piandel saleting mangsa Prapaskah punika.
Mugi sadaya punika njalari kawula pinanggih pantes nyrantos
lan ngriyayakaken Paskah, pakaryan agung karahayon Dalem,
ing sangsara, seda, lan wungu Dalem Gusti Yesus Kristus, Putra
Dalem.
Mugi kabingahan Paskah samangke ngurubaken manah
kawula saengga saged mujudaken pangandel sarana tumindhak
sae, nelakaken bela raos kangge sesami ingkang mbetahaken.
Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Kidung Penutup: Dadia Seksi Dalem Gusti KA. 419

52 | P a n g l i m b a n g APP Taun 2024 K AS

You might also like