You are on page 1of 6

BIODATA PENULIS

Nama : Aditya Rahman Laksana

Tempat/Tanggal Lahir : Surakarta, 01 Mei 1998

Alamat : Jl. Tumbar No. 04, Pajangan Rt. 04/Rw. 12, Kec. Laweyan, Kel. Pajang,
Solo

No Telp/HP : 085799113800

Email : adityarl123@gmail.com

Pendidikan Terakhir : S1 Pendidikan Bahasa Jawa UNS

Profesi : Guru Bahasa Jawa di SMK Bhinneka Karya Surakarta


Suruping Surya
Wayah makarya sampun pungkas
Awit nyawiji marang kluwarga
Nyawiji marang bojo lan anak
Guneman lan ngandharaken keluh kesah
Marang bojo supaya atine bingah
Uga nyawang polahe bocah
Ingkang gawe tentreming manah
Kesel awak saderma pungkas
Siap nyambut ngajenge dina
Anggone makarya uga semangat
Saiki Wis Beda
Polatanmu saiki wis beda
Tumindakmu saiki wis beda
Solah bawamu saiki wis beda
Kawigatosanmu marang aku uga wis beda
Ana apa? Ana apa dhuh nimas?
Apa salahmu nimas?
Apa ana pawongan liya nimas?
Kandha a, kandha a kasunyatan sing ana
Aku janji ora bakal gela
Menawa pancen ana sing liya
Ananging, sliramu kedah ngerti nimas
Tresnaku iki pancen tenanan
Tresnaku marang sliramu ora mung awang-awang
Pantai Buyutan
Panggonane ana Pacitan
Karang pantaine katon endah disawang
Swarane manuk camar kang gawe tentrem
Uga sumilire banyu segara
Ditambah ngunjuk wohing klapa
Tansah gawe betah ana ing kana
Ndeleng klelepe srengenge Buyutan
Ingkang awarna kuning rejasa
Bisa damel trenyuh ana ing batos
Sing amung ana ing panggon kana
Aku Pamit
Nalika nyawang sliramu
Perih rasaning ati iki
Gondhelan aneng sepedha motor
Karo wong liya sing aku ora kenal
Tegel, tegel tenan
Aku ora nyangka
Ora nyangka kasunyatan kaya mangkene
Bingung parane urip iki
Rasane kepengin enggal-enggal tilar donya
Ora kuwat anggonku nandhang lara iki
Kasunyatan iki pancen nyayat ati
Matur nuwun ya, Dhik
Seprana-seprene uwis ngancani aku
Saiki aku pamit ya, Dhik\
Adus Getih
Dor! Dor!
Krungu swara pistol nembak kiwa nengen
Dor! Dor!
Kathah pawongan kang tilar donya
Ananging, pra mudha kuwi
Tansah kendel ambela bangsa
Ora duwe wedi kelangan nyawa
Kanggo mbela negara kita
Matur nuwun pra mudha
Sing sampun adus getih lan tansah bebela
Jasa-jasamu teka seprene ora bakal sirna

You might also like