You are on page 1of 1

Bismillahirohmanirrohim,Assalamualaikum Warahmnatullohi wabarokhatuh.

Innalilahi Waina
illaihi rojiun.
Sakyektosipun sedoyo ingkang gesang ingkang ngalam donya menika kagunganipun Gusti Allah
pramilo boten mokal bilih samangkenipun badhe kondur dhateng ngarsanipun Gusti Allah.
Kados prastowo ingkang kasandang penjenenganipun Alm/Almh Bapak/Ibu.................Ingkang
katemben marak sowan dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT rikala dinten...............surya
kaping.............wonten.........lantaran gerah sakwetawis wekdal.
Estunipun poro sanak kadang tonggo tepalih, mitro pitepangan boten kirang-kirang anggenipun
murih Alm/Almh saget waluyo jati, jati satemah waluyo, namung pambudidayaning manungso
boten saget nduwo karsaning Gusti ingkang Maha Kawasa kridaning budi datan saget mbedhah
kutaning pasti hawit saking meniko poro putro wayah sageta ngiklasaken sedanipun
Alm/Almh............
poro pepunden, poro pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para takziah/takzizin
ingkang kulo hormati,hawit saking raos sungkawaning manah panjenenganipun
bp/ibu......ingkang katemben nandang duhkito labet tinilar alm/alh.................,panjenenganipun
bp/ibu................mboten kuwawi matur wonten ngarsi jengandiko sami,kanthi meniko kulo
pinongko sulih sariro soho talang ing boso saking bp/ibu..........sak putro wayah,keparengo
kawulo hangaturaken gatraning sedyo wonten ing pangruktinipun layon ing rahino puniko.
para takziah/takzizin ingkang satuhu kinurmatan,ingkang sepisan panjenenganipun
bp/ibu.................sak putro wayah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami hawit
kerawuhan panjenengan sami,soho ngaturaken sugeng rawuh,mugi kasekecakno lenggah kanthi
mardu mardikaning manah dumugi sak paripurnaning pangruktinipun layon samangkih.Lan
ugi hambok bilih anggenipun nanggapi kerawuhan panjenengan sedoyo,wonten kirang ing
samudayanipun sae arupi gupuh,suguh menopo dene tambuh,saking bp/ibu...............tansah
nyuwun pangapunten ingkang agung.
Ingkang ongko kalih,mboten katalumpen ugi panjenenganipun bp/ibu........mawantu-wantu
nyuwun tambah ing dungo pamuji mugi-mugi alusanipun alm/almh..................katampio
wonten ngarsanipun Gusi Allah,dipun paringono papan panggenan ingkang langkung sae
tinimbang wonten alam ndunyo,dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun,dipun apunten sedoyo
duso kalepatanipun,dipun fajaraken kuburipun,tinebihno sikso kuburipun,kalebetaken sedo
ingkang khusnul khotimah.Soho poro putro wayah ingkang tinilar tansaho manggih bagyo
mulyo,rahayu wilujeng,tansah dipun paringi ketabahan,kesabaran,kesehatan soho kekiatan
iman sahenggo saget nglajengaken cita-citanipun alm/almh.................duk rikolo taksih
sugengipun..
Ingkang ongko tigo,hambok bilih rikolo sugengipun alm/almh............... hanggadahi kalepatan
dumateng panjenengan sedoyo,mugi panjenengan ugi kerso paring pangapunten,lan hambok
bilih duk rikolo sugengipun alm/almh.....................ggadahi petangan awujud menopo kemawon
dumateng panjenengan sedoyo,samangke sak bibaripun pangruktinipun layon kulo aturi
menghubungi poro ahli warisipun supados dipun rampungaken sahenggo estu pisowananipun
alm/almh.........................saget resik saking petangan kadunyan.
Ingkang ongko sekawan,panjenenganipun bp/ibu............ngaturaken gunging panuwun
dumateng poro sanak,kadang,tonggo tepalih,poro mitro pitepangan ingkang sampun kepareng
paring jurung pambyantu awujud menopo kemawon,sae bau,suku,eguh pratikel lan sak
pinanggalanipun.Mugi sedoyo kacatet dados amal sholeh panjenengan,satemah Gusti Allah
paring lintu ngkang sak traju kaliyan amal kesaenan panjenengan sedoyo.
Ingkang ongko gangsal,nyaosi pirso bilih layonipun alm/almh......................bade kasareaken
wonten makam................,pramilo hambok bilih poro takziyah,takziyin pambelo sungkowo
samangkeh wonten sepen ing pambengan dalasan dangan ing penggalih,kaaturan nderekaken
soho nguntapaken layonipun dumugi pemakaman,namung hambok bilih taksih kathah ayahan
ingkang mboten saget tinilar,konduripun nderekaken sugeng kondur sowang-sowang,mugi-
mugi rahayu-rahayu ingkang samyo pinanggih,dumugi dalemipun piyambak-piyambak.
Ingkang pungkasan,kawulo pribadi hambok bilih angen kawulo ngaturaken pambagyo nawung
sungkowo kathah kekirangan,kekhilafan,soho wonten kecer,cewet ing atur kulo,mboten
langkung kulo nyuwun agunging samudro pangaksami ugi,pinongko pinutuping atur,wabillahi
toufik wal hidayah,wassalamu alaikum warohmatullohi wabarokhatuh..

You might also like