Professional Documents
Culture Documents
Drama Sinoman
Drama Sinoman
Babak 1
Sore isih ketok, nambah kaendahan ing Deso Gupolo iki. Cah wadon separo bule lagi
nggae batik. Jenenge Nurlele. Ora suwi, teko cah rodok Cino, jenenge Hepi Xiomy . Ketoke
wong iki seneng karo batik gawean Nurlele lan pengen pesen batike.
Xiomy : “Haiya, apikmen batikmu, ma. Oa gawekno, yo. Jeneng oa Hepi Xiomy .”
(njabat tangane Nurlele)
Nurlele : “Aku Nurlele, Mbak Hepi Xiomy . Anu, aku jane gelem wae nggawekne
batik. Nanging gak saiki.” (karo mesem)
Xiomy : “Haiya, gak popo gak popo. Seng kalem karo aku, ma. Iku bando lan
syale apik. Batik kembang-kembang, ta?” (karo nunjuk sirahe Nurlele)
Nurlele : “Iyo.”
Babak 2
Nalika Nurlele lan Hepi Xiomy omong omongan, Hasan lan Jamile ora sengaja liwat kono.
Banjur Hasan lan Jamile ngampiri Nurlele.
BABAK 3
Banjur ngono ono wong lanang rupane setengah ganteng nyedaki, jenenge yaiku Joko
Lelor. O, yo. Joko Lelor iku Budek.
Cah loro kui delok-delokan. Nurlele cemburu. Amarga Joko Lelor iku mantan pacare
mbiyen. Pas cah loro kui sek delok-delokan, ana wong aneh. Rupane melas. Nggowo gitar
sing ora ana selempange. Jenengé Iman Soliman.
Iman : “Ehem. Nuwun sewu mbak, mas. Jenengku Iman Soliman. Bocah dalanan
sing nduwe impian. Gelem berkorban nanging sering dicampakan. Aku
arep nyanyi lagune Denny Caknan. Mugo-mugo seneng lan kek ono aku
duwit, yo.”
Joko : (Ngendekne Iman) “Heh.. heh.. heh. Ojo lagu iku, lek. Seng judule
‘wododari’ wae. Ayo, ngko takbayar.”
Xiomy : “Haiya, wes to. Ora usah dirungokne. Wonge iku bolot. Sok arep nyanyi.”
Nurlele : “Yo, Man. Ayo nyanyi wae.” (Karo mbengok)
Iman : “Sek, mbak, mas.” (ngadah netangan) “Aku kliru opo, ya
Tuhan????? Kliru opoo?? Iman kesel karo urip iki, keseeel.” (merenung
nanging lebay)
Babak 5
Padha ora ruh nek Iman Soliman ngroso mangkel banget. Nanging, sak detik bar iku, Iman
lagek ileng nek cah wedok maujud ayu sing logat-cina'an nate kenal. Kanca dolan mbiyen.
Iman kaget lan Pa Nchi kaget.
Babak 6
Sakdurunge Joko ngaleh, ujuk ujuk teka bule duwur, kelakuane aneh, mlaku setengah
pincang karo nggawa kain putih lan mbengok takon menawa ana wong sing bisa nggawe
batik. Jenenge Pernandes silinga. Nanging, gak ono sing ngrungokne kajaba Nurlele.
SiliSanga : (ngampiri karo mlaku pincang lan mbengok) “WOY !! Siji loro bar
kui pitulas, Aku bule papan atas. My name is Pernandes SiliSanga. Teko
adoh soko ujung kulon mok nggolek batik. Now, koe koe koe koe iso
nggawekne aku batik, gak? ”
Nalika SiliSanga arep takok Nurlele, Hasan lan Jamile teka. Cah loro kui padha penasaran.
Lan nalika ndelok Si Bule, Hasan lan Jamile mulai lebay.
Hasan : “Hey hey. Ana opo iki kok sepi buanget?” (karo gaya lebayne)
Jamile : “Jamile yo teko. Sepurane nek telat, yo.”
Hasan : “Heh, ono bule neng kene!” (karo nunjuk bule)
Iman : “Menengo, opo tak tempeleng?” (nada datar)
Xiomy : (Meh nampar pipi Iman lan gak sido) “Haiya, oek lali a oek gak oleh
tampar- tampar wong maneh a, ojo kasar-kasar Iman.”
Iman : “Iya, Hepiku” (mesem)
Jamile : (mbentak) “Hey! Iki tenanan!”
Xiomy : “Oek duarius a!”
Hasan : “Duarius? hah? Oke, abaikan wae! (ngampiri Nurlele) Lele, ana opo, sih?
Kok enek bule nneh kene? Kesesat to?”
Nurlele : “Anu, San. Iki si mister njaluk digawekne batik.” (karo nunjuk bule)
Jamile : “Duh Gusti… bule iki njaluk digawekne batik? Tumben bule adoh adoh
teko mrene njaluk digawekne batik. Tapi bule iki kok Duwur, unyu.”
(ngampiri bule)
Hasan : “Heh? Unyu? Aku gak salah krungu?”
Iman : “Amit-amit jabang bayi.”
Joko : “Ya Tuhan Jamile! We minus piro? Kok gelem karo bule siluman iku?”
Iman : “Lah!!!!!!! Tos dulu bro.”
Joko : (Tos karo Iman) “Heh Kuman ! Ngapain sampeyan! Ojo nyedek aku.”
Jamile : (sinis) “Ih berisik deh. Tokne wae. Mending karo mister iki ketimbang
karo abang joko. Bolot sih ! Yo gak, mister?”
Hasan : (narik lengan Jamile) “Ojo cedek-cedek! Mister mister, aku iso lho
nggawe batik. Ki, deloken klambiku wes batik. Rupaku barang.”
SiliSanga : “Kalem Gaes. SiliSanga ogak pandang bulu sopo seng gae
batik. SiliSanga mok pengen batik, mboh iku batik pring, opolah jenenge.
Kabeh batik, is good. I love you too , I love you too.”
Xiomy : (mbentak) “We jane nyapo, sih?”
Nurlele : “STOP ! Iki kok lanange gak enek sing waras? Hasan barang. Ayo rene
wecah loro.” (mbentak Jamile lan Hasan)
Hasan&Jamile : (rai melas)
Xiomy : “Oke Mister SiliSanga, saiki karepmu apa a?”
SiliSanga : “Aku pengen you you ngekeki aku barang sing kok nggo iku. Pokoke
ono batike. Pokoke opo carane aku kudu entok batik. Jane opo sih sakrale
batik iku? Kok ngasi nggarai ribet dewe?” (mlaku mondar-mandir karo sikile
setengah pincang)
Iman : “Heh Bule kamfret! Iki batik dadi simbol bangsaku.” (suarane lantang,
banter, lan tegas)
Jamile : “Kabudayaanku!” (karo ngepalne tangan)
Hasan : “Corekan lan lengkungane bakal terus dadi keindahan neng
sanubariku!” (nepok dadane)
Xiomy : “Slalu milike Indonesiaku a!”
Nurlele : “Martabatku!”
Joko : “Pokok’e Mak Nyus!”
SiliSanga : “Wah wah wah. Kuper banget sampeyan. Mesti cah iki krungune
martabak. Kuper banget sampeyan.Yowes nek iku karepmu. Aku tak
ngaleh. Neng kene soyo sui soyo panas.” (karo cekatan langsung njupuk
kain-kain batik gaweane Nurlele sing isek dipeme neng kursi-kursi) “Matur
nuwun boloku sing kuper. Salam Mars Perindo”(mlayu ninggalne wong-
wong dengan gaya diperlambat)
KABEH KAGET
Jamile : “WOII!”
Hasan : “OJO!”
Xiomy : “STOP!”
Iman : “MISTER!”
Nurlele : (mbengok) “BULEEEE, BALIKNO BATIKUUUUUUUUUUUU!!!”
Joko : “ATI-ATI MISTER. WA’ALAIKUMUSSALAM
WARAHMATULLAHI WABARAKATU.”
Kabeh : “JOKOOOO BOLOOOTT!!!!”