You are on page 1of 9

PEMERINTAH KABUPATEN MALANG

DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 1 SUMBERPUCUNG
Jl manggar no. 28 Kec. Karangkates Kec. Sumberpucung
Tep.0341-385409 Malang 65165
e-mail: smpnegeri1sumberpucung@yahoo.co.id

SOAL SUMATIF AKHIR SEMESTER (SAS) GANJIL


SMP NEGERI 1 SUMBERPUCUNG
TAHUN PELAJARAN 2023-2024

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Hari, Tanggal : 9 Desember 2023


Kelas : VIII Waktu : 60 menit

Pilihen salah siji jawaban sing bener !!!


1. Kang menehi pengaruh ing sawijining anggitan cerkak yaiku anane unsur ekstrinsik,
kang kalebu unsur eksterisik yaiku ….
a. Paraga
b. Alur/plot
c. Tema
d. Agama

2. Unsur ana ing cerkak kaperang (dibagi) dadi loro yaiku …


a. Intrinsik lan ekstrinsik
b. Maju lan mundur
c. Agama lan kabudayan
d. Latar lan plot

3. Saben crita mesti nduweni tema, apa kang diarani tema …


a. Undhering(inti) crita
b. Puncaking crita
c. Paraga kang ana ing crita
d. Panggonan kang ana ing crita

Stimulus 1
Wacanen kanthi premati!
Jubriya
Dias kari dhewe ing njero angdes (angkutan pedesaan) nalika dheweke bali sekolah.
Ora let suwe ana sawijining ibu kang mudhun karo nyangking tas. Panase awan iku
nyebabake Dias sumuk. Kringet kang nelesi bathuke asring dilap. Nalika tekan ing ngarep
regol gang, Dias mudhun karo njingglengi dhompet sing dicekel.
"Takgawa bali, apa dakterne nyang sing duwe ya? " pikire. "Apa takserahne Polisi wae? "
Dias ora age-age jumangkah bali. Dheweke bener-bener bingung ing antarane pilihan
loro kuwi. Ing njero dhompet kandel mau ora mung isi KTP lan SIM, nanging uga isi dhuwit
atusan ewu rupiyah kang bisa ngganggu pikirane bocah saumure Dias. Wong diwasa kang
jujur wae bisa dadi ora jujur yen nemu dhompet isi dhuwit akeh ngono kuwi.
Dhompet sing ditemu Dias ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu
pikirane. Ing ngarepe Dias lungguh mau ana sawijining ibu kang dheweke isih eling lan apal
banget karo rupane.
"Dhompet iki takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahake marang
sing duwe? " Dias mikir dawa. "Dhompet iki rak isine dhuwit akeh? "
Dias dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Sikap iku kang tansah
diwulangake wong tuwane wiwit dheweke isih cilik. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe
bapake. Wong dianggep luhur derajate yen jujur tumindake.
4. Dias nemu dhompet kang isi dhuwit atusanewu ana ing …
a. Sekolahan
b. Kursi omah
c. Angdes (angkutan desa)
d. Kantor polisi

5. Saka pethikan cerita cekak ing dhuwur, tema kang trep yaiku ….
a. Sosial
b. Budaya
c. Ekonomi
d. Agama

Stimulus 2
Wacanen kanthi premati!

Kagiyatan Karang Taruna Kanggo Mbrantas Kacingkrangan

Risa, salah siji bocah wadon kang kalebu anggota Karang Taruna ana ing Desa
Sumber Aji. Karang Taruna ana ing desane kasebut bakal menehi sembako marang
warga-warga kang kekurangan ana ing patang RT, yaiku RT 1,4,6,lan 8. Akehe warga
kang kekurangan saben RT mesthi wae beda-beda. Tabel dhata ngenani jumlahe
warga kang mbutuhake sembako kaya ana ing ngisor iki.

RT Jumlah KK Jumlah KK kang kekurangan


RT 1 40 12
RT 4 32 16
RT 6 35 10
RT 8 42 14

Risa sakanca arep bagekake sembako 52 paket. Saben KK kang kekurangan


bakal diwenehi sapaket sembako. Nalika mbagekake paket sembako, Karang Taruna
dibagi dadi rong kelompok, yaiku kelompok abang lan kelompok putih. Kelompok
abang nduweni tugas mbagi sembako ana ing RT 1 lan Rt 4, dene kelompok putih
mbagi sembako ana ing RT 6 lan RT 8.

6. Akehe KK RT 1 kang ora nampa paket sembako yaiku ….


a. 12 KK
b. 18 KK
c. 28 KK
d. 16 KK

7. Yen dideleng saka pethikan wacan ing dhuwur, Risa sakanca kalebu bocah kang …..
a. Adigang adigung
b. Ora ngerteni marang wong tuwa
c. Seneng tetulung tanpa pamrih
d. Bocah kang seneng oleh pepujen

Stimulus 3
Wacanen kanthi premati !
Pak Darsana mlebu metu omahe karo nyawang jogan omahe. Mbok Ni, ibune
kang lagi caring sinambi ngunjuk teh panas lan dhahar roti sajake uga melu bingung. Ora
wani takon, wedine Darsana isih repot wedi nganggu, nanging dheweke uga kepengin ngerti
sajake ana apa kok putrane siji-siji kuwi mung mlebu metu omah karo clingak-clinguk.
“ Le, geneya lo kowe iki ?” takone Mbok Ni manekake omong.
“Ali aliku, Ali aliku mbok kok ora ana ing neng ngendi.”
8. Saka punggelan crita ing dhuwur, kahanan kang digambarake yaiku …
a. Seneng
b. Susah
c. Bingung
d. Medeni

9. Saka punggelan cerita ing dhuwur latar panggonan kang trep yaiku…..
a. Teras omah
b. Kamar
c. Pawon
d. Njero omah

10. Latar wektu kang digambarake ana ing cerita iki yaiku nalika wayah…
a. Isuk
b. Awan
c. Sore
d. Bengi
Stimulus 4
Wacanen kanthi premati !
Ngendikane wong biyen iki pancen nyata kabeh. Tuladhane wae, Budi bocah kang
pinter kae wiwit SMP wis sekolah ana ing kutha, SMAne uga ana ing kutha. Malah-malah
kuliyahe ana ing luar negri, neng Singapore jare iku kuliyah S1. Krasa kurang kawruhe malah
S2ne ana ing Negara Walanda, biyuh jan adoh tenan. Samarine kuliyah ana negera adoh
kana, dheweke banjur kerja. Takira merga kuliyahe nganti Negara Walanda kana kerjane uga
bakal ana ing luar kaya Amerika utawa ngeni ngono. Tibane ora, kaya kebo mulih menyang
kandhange. Kerjane bali maneh ana ing sacedhake omahe.
11. Unen-unen apa kang ana ing sajrone punggelan wacan ing dhuwur …..
a. Kebo nyusu gudel
b. Kebo mulih menyang kandange
c. Kacang lalai kulite
d. Kacang ora ninggal lanjaran

12. Unen-unen ing dhuwur kalebu ….


a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Parikan

13. Tegese unen-unen ing ndhuwur yaiku ….


a. Wong apik bakal terus dieling-eling
b. Wong sing kudune njaga malah ngrusak
c. Wong kang mbalik menyang asale
d. Wong kang tumindak ora adil

Stimulus 5
"Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para
kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu,
lan Kleting Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-
olah lan reresik griya piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha.
Pengrengkuhe Mbok Randha dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe
emban siladan, benten kaliyan putri sanesipun. ”

14. Bebasan “emban cindhe emban silada” nduweni teges, yaiku ....
a. Wong apik bakal terus dieling-eling
b. Wong sing kudune njaga malah ngrusak
c. Wong kang mbalik menyang asale
d. Wong kang tumindak ora adil
15. Nduweni teges cepak sadurunge cilaka yaiku unen-unen....
a. Aji godhong garing
b. Sumur lumaku tinimba
c. Njagakake endhoge si blorok
d. Pupur sadurunge benjut

16. Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging
kepingin dadi panguwasa, yaiku....
a. Aji godhong garing
b. Sumur lumaku tinimba
c. Cebol nggayuh lintang
d. Pupur sadurunge benjut

17. Pepindhan sing tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji
mari ditandangi, sijine kuduenggalditandangi maneh, yaiku kaya....
a. Kuthuk kelangan babon
b. Lintang alihan
c. Niba tangi
d. Ngaru napung
18. Dadi pemimpin utawa pangarsa kudu bisa paring tuladha kang apik marang para
andhahane. Yen ing tengah-tengahe para andhahan kudu bisa paring pamrayogi
kang apik kanggo ndadekake giliging tekat para andhahan. Yen ing mburi tansah
ngawat-ngawati lan paring panjurung kang apik. Kang kaya mangkono mau trep
banget klawan unen-unen …
a. ciri wanci lilai ginawa mati
b. ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
c. sayuk rukun saiyek apikka kapti
d. crah agawe bubrah rukun agawe santosa

19. Pak Bambang lagi wae kelangan duwit sepuluh yuta . Ana pira-pira kanca kantore
kang dicubriyani. Supaya dheweke ngerti sapa kang njupuk duwite mula Pak
Bambang sowan menyang daleme mbah dukun Mangun. Mbah Dukun Mangun bisa
mangsulake dhuwit kang ilang mau kanthi wragad kudu mbayar limang yuta. Pak
Bambang nyagahi mbayar mbah dukun limang yuta, nyatane dhuwit kang ilang ora
wangsul. Kahanan kang kaya mangkono iku kaya dene unen-unen ......
a. Emprit abuntut bedhug.
b. Ngglandhang carang saka pucuk.
c. Timun mungsuh duren.
d. Kebo ilang tombok kandhang.
20. Mas Adi Subiyanto iku senoran putrane wong ora nduwe nanging tansah sregep
anggene sinau. Sinau babagan pelajaran utawa keterampilan liya. Senajan saben
dinane tansah urip sarwa kecingkrangan nanging mas Adi Subiyanto dadi bocah
kang wasis sadengah kawruh, malah mas Adi Subiyanto nate dadi juwara
nasional lomba olimpiade Sains.Kang kaya mangkono mau kayadene unen-
unen….
a. Timun wungkuk jaga imbuh
b. Bathok bolu isi madu.
c. Kocak tanda lokak
d. Ngglandhang carang saka pucuk.

Pilihen rong (2) jawaban sing bener !!!

21. Basa ngoko kudune dienggo karo …(2 jawaban bener)


a. Kanca raket
b. Anak marang Bapak/ibu
c. Anak marang Bapak/Ibu
d. Ibu marang anak

22. Basa krama kudune dienggo karo …(2 jawaban bener)


a. Kanca raket
b. Anak marang Bapak/ibu
c. Anak marang Bapak/ibu guru
d. Ibu marang anak

23. Kang kalebu latar yaiku ….(2 jawaban bener)


a. Sekolah
b. Wayah sore
c. Budi
d. Grapyak

24. Kang kalebu paribasan yaiku....


a. Becik ketitik ala ketara
b. Sumur lumaku tinimba
c. Ancik-ancik pucuking eri
d. Jerbasuki mawa beya

25. Kang kalebu jinis parikan 4 + 4 X 2 yaiku …


a. Wajik kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
b. Bayeme, wis kuning kuning
Ayeme, yen wis nyandhing
c. Bisa nggender, ora bisa ndemung
Bisa njejer, ora bisa nembung
d. Tawon madu, ngisep sekar
Golek ilmu, kudu sabar
26. Kang kalebu saloka yaiku ….
a. Dhalang kerubuhan panggung
b. Kebo nusu gudel
c. Dudu beras ditempurake
d. Ndhas gundhul dikepeti

27. Unen-unen kang nduweni teges “kudune njaga malah melu ngrusak yaiku” …..
a. pecruk tunggu bara
b. belo melu seton
c. palang mangan tandur
d. cebol nggayuh lintang

28. Kang kalebu jinis saka parikan 2 gatra yaiku ….


a. 4 wanda + 4 wanda X 2
b. 5 wanda + 3 wanda X 2
c. 6 wanda + 4 wanda X 2
d. 3 wanda + 5 wanda X 2

Pilihen Jawaban Bener / Salah ing ngisor iki !!!

29. Kosok balen saka padhang yaiku peteng (B/S)

30. Kosok balen saka tuku yaiku njaluk (B/S)

31. Struktur cerkak sing kanggone nyritakake papan panggonan crita diarani latar (B/S)

Manuk emprit, menclok tebu


Dadi murid, sregep sinau
32. Parikan ing dhuwur tuladha saka parikan 4Wanda + 6 Wanda X2 (B/S)

33. Ancik-ancik pucuking eri, kalebu saloka. (B/S)

34. Kebo kabotan sungu, tegese wong tua kang rekasa merga kakehan anak. (B/S)

Jodhohna pranyatan ing ngisor iki !!!


Wacanen kanthi permati!
Bola bali Pak Lurah mirsani jame. Saben mirsani jam ing tangane dheweke
langsung ngadek karo tolah-toleh. Pak Nardi tukang kebun ing kana kok isih durung
teka. Ora kaya bisane pawongan umure meh 60 tahun iku telat lan lirwa marang
jejibahane. Iki meh nganti jam 9 awan isih durung teka ing balai kelurahan.

35. Saka wacan ing dhuwur, coba cocognya pitakonan lan jawaban ing ngisor iki!

pitakonan jawaban
1. Kang durung teka nganti jam 9 yaiku a. Pak Lurah
2. Kang dadi latar panggonan ing cerita b. Pak Nardi
ing dhuwur yaiku c. Kantor desa
d. Omahe Pak Lurah

Wacanen kanthi permati!


Aku, Ani, Budi lan Tono arep dolan lan mubeng mubeng ing kampunge. Wiwitane,
tumuju ing lapangan banjur nerusake ing taman, sabanjure tumuju ing pasar iwak sing
pungkasan tumuju marang warung rujak sing misuwur ana ing kana.

36. Saka wacan ing dhuwur, coba cocognya pitakonan lan jawaban ing ngisor iki!
pitakonan jawaban
1. Cacahe latar panggonan wacan ing a. 4
dhuwur yaiku b. 5
2. Cacahe paraga wacan ing dhuwur c. 6
yaiku d. 7

37. Saka wacan ing dhuwur, coba cocognya pitakonan lan jawaban ing ngisor iki!

pitakonan jawaban
1. Kosok balen untung… a. Sugih
2. Kosok balen lila…. b. Kuciwa
c. Kepeksa
d. Rugi

38. Cocogna teges paribasan ing ngisor iki!

Paribasan tegese
1. Anak polah bapa kepradah….. a. sakabehe tingkah polah anak dadi
2. Ajining dhiri saka lathi, ajining raga tanggung jawab wong tuwa
saka busana …… b. wong iku bakal kajen keringan yen
bisa njagi wicantenan lan njagi ngadi
busana (penampilan).
c. Ngendelake kekiyatan, keluhuran, lan
kewasisane.
d. becik lan awon bakal ketawis ing
tembe wingkinge.

39. Cocogna teges bebasan ing ngisor iki!


Bebasan Tegese
1. Kocak tandha lokak. a. wong kang umuk tandha menawi
2. Mburu uceng kelangan deleg. kirang kawruhe.
b. nguyak barang sepele kecalan
barang kang aji.
c. disenengi dening wong akeh.
d. nyingkiri piawon, nanging malah
manggihi piawon kang luwih awon.
40. Cocogna teges saloka ing ngisor iki!
Saloka Teges
1. Kebo nusu gudhel a. wong tuwa njaluk wuruk marang
2. Cebol nggayuh lintang wong enom
b. nduweni kekarepan kang ora bakal
kasembadan
c. wong kang mulih menyang asale
d. wong kang nrajang wewalere dhewe

You might also like