You are on page 1of 3

I. Miliha wangsulan A, B, C, utawa D minangka wangsulan kang bener!

1. Kendhil iku piranti kanggo ....


A. ngliwet
B. adang
C. nggoreng
D. marut
2. Ing sendhang akeh putri kang lagi adus. Tembung
sendhang tegese ....
A. kali
B. blumbang
C. segara
D. laut
3. Putri kang ana pentasan iku putri kang ragil dhewe. Pentasan
tegese ....
A. papan ngentas
B. barang sing dientas
C. dientas saka banyu
D. papan kanggo mentas
4. Putri ragil karepe putri sing.....dhewe.
A. gedhe
B. cilik
C. ndhisik
D. tua
5. Papan lenggahe raja diarani ....
A. Kraton
B. patilasan
C. krendha
D. padusan
6. Syarat kang disuwun dening Sang Prabu nalika simboke Jaka Kendhil nglamar Sang Putri yaiku ....
A. ati tengu sing gedhene sagubug penceng.
B. kreta kencana sing mlaku ing segara.
C. pethi sing bisa ngemot wong sajagad.
D. kayu gung susuhing angin.
7. Jaka Kendhil wusana ditampa dadi garwane sang putri tanpa syarat amarga sang prabu ngimpi
menawa sing bakal nguwalake keraton saka..........................yaiku Jaka Kendhil.
A. memala
B. lesus
C. bebendu
D. prahara
8. Crita kang ngrembaka ana ing satengahing masyarakat diarani crita ....
A. rakyat
B. impen
C. pengalaman
D. masyarakat
9. Salah siji ciri crita rakyat yaiku ....
A. asipat istana sentris
B. awujud gambar
C. isine ora ajeg
D. awujud tulisan
10. Dongeng kang paragane kewan arane ....
A. fabel
B. sage
C. mite
D. legenda
11. Legenda yaiku dongeng ....
A. bab alaming lelembut
B. kang paragane kewan
C. dumadining sawijine panggonan
D. kang ngandhut bab-bab kang ajaib
12. Crita Nyi Rara Kidul kalebu tuladhane ....
A. fabel
B. sage
C. mite
D. legenda
13. Hikayat iku dongeng kang entuk pengaruh saka ....
A. Arab
B. Inggris
C. India
D. Amerika
14. Wujude hikayat biasane arupa ....
A. geguritan
B. prosa
C. tembang
D. cerkak
15. Wong maca hikayat lumrahe mengku karep ....
A. nggolek kanca
B. nglipur pamiyarsa
C. ngajak tepungan
D. kanggo seneng-seneng
16. Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora ....
A. salugune
B. sakarepe
C. sasenenge
D. saanane
17. Ing basa Indonesia tembung entar diarani kata ....
A. Karangan
B. perluasan
C. kiasan
D. perbandingan
18. Susanti padhang ulate, mula disenengi dening liyan. Tembung padhang
ulate tegese ....
A. galak
B. nesunan
C. sabar
D. sumeh
19. Pantes lha wong weteng karet, mula awake mlenthu kaya Bagong. Tembung weteng
karet tegese...................................mangan
A. doyan
B. akeh
C. seneng
D. gelem
20. Adol bagus tegese ngendelake ....
A. awake
B. rupane
C. baguse
D. gedhene

You might also like