You are on page 1of 8

A. Pilihen wangsulan kang paling bener!

Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana
ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka
Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem

1. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan

Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata:
kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan,
papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.

2. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan

Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo
dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane
kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.

3. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….

a. Idhentifikasi
b. Klasifikasi
c. Kolaborasi
d. Deskripsi bageyan
“Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
mriki”
4. Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung ….
a. Aran
b. Kriya
c. Wilangan
d. Katrangan
“Yen bu guru dhawuh prayogane bocah - bocah kudu ngrungokake, amarga pituture
bu guru iku becik yen ditindhakak”
5. Tembung dhawuh ing dhuwur kalebu tembung .…
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
6. Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba
nembang macapat.
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Cara
b. Wektu
c. Upaya
d. Panggonan
7. Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk
rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma,
ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
8. Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
9. Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan
pribadi utawa kendaraan umum.
Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
10. Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
11. Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
12. Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo
royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa
njaga alam ing sakiwa tengene.
Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer
amarga tembung saka ….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
13. Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar
kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing
sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
14. Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka
kutha.
Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….
a. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring
b. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg
c. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg
d. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring
15. Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan,
akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik,
kelinci, bebek, menthog.
Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….
a. Sapi
b. Kebo
c. Kelinci
d. Wedhus
16. Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha
Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri
Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha,
sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake
kamardikan.
Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
17. Wekasan Riwayate
Perjuwangan lan lelabuhan
Riwayat Pakaryan
Asal Usul tokoh
Anugrah kang diterima
Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.
a. 2 lan 3
b. 1 lan 5
c. 2 lan 4
d. 1 lan 3
18. Tokoh iki salah sawijining tokoh ing bal balan ( sepak bola ) kang ana ing Negara
Indonesia dhewekke nalika dadi pemain bal-balan iku dadi kapten kang kasil gawa tim
Indonesia dadi juwara ngrebutake piala AFF tahun 2013 Saka watake kang teges lan
disiplin, mimpin kanca kancane dadi tim kang kuat lan bisa dibanggaake.
Paraga utama crita ing dhuwur yaiku ….
a. Evan Dimas
b. Lionel Messi
c. Antony Ginting
d. Valentino Rossi
19. Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif
wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta
inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi
Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara
ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu
ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung
Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge
kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.
Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
20. Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
Potlote apa wis kokbalekake
Payunge digawa bapak
Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna
Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
a. Nyilih
b. Digawa
c. Dakgawakna
d. Kokbalekake

b. ISIEN KANTHI JAWABAN KANG TREP!

21. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi
patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin
perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane
paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 22 lan 23!
Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya
Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae.
22. Tembung “ nembang “ yen karunut pikantuk ….
23. Pakaryan ( penggawean ) bu Lastri inggih menika ….
Ing Tahun 2004 ing Negara Yunani dianakake pesta olahraga kang disengkuyung
dening para atlit sadonya, ana salah sawijining paraga saka Negara Indonesia kang
antuk juwara ing olahraga badminton yaiku Taufik Hidayat.
24. Taufik Hidayat uga sinebut pahlawan amarga ….
Kaprigelane nggunakake biola nuwuhake cipta lagu kayata Indonesia Raya, Di
Timur Matahari lan sapanunggalane. Saka kuwi dheweke banjur diwenehi anugrah
Pahlawan Nasional.
25. Tembung “kaprigelane“ ing dhuwur nduweni teges ….
Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petrok lan Bagong iku dadi batur lan drajate
mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama.
Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake. Punakawan sing
jujur, prasaja lan ora neka-neka.
Crita wayang ing dhuwur nuduhake unsur ....

KARNA TANDHING

Perang Bharatayuda tambah dina ora mendha, ananging tansaya sengit lan nggegirisi.
Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan
Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih
akeh sing ora karukti. Ambune anyir ludirane para prajurit campur bangere bathang
kewan tunggangane.

27. Perang Bharatayuda yaiku perang antarane ....

Wacanen dialog ing ngisor iki!
Anak: Assalamualaikum
Ibu : Waalaikumsalam, piye kabarmu
Nak ?”
Anak : Alhamdulillah, kabar sae Bu.”
Ibu : Sliramu apa wis mangan, Nak ?”
Anak : ...
28. Manut unggah-ungguhe, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ....
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 29 lan 30!
Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati
Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para
kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa
maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

29. Teks narasi ing nduwur kalebu struktur .…

30. Dudutan/ kesimpulan sing bisa dijupuk saka paragraf ing nduwur njelasake nilai .…

C. ESAY HOTS
1. Orientasi
2. Resolusi
3. Komplikasi
4. Klimaks
5. Reorientasi
6. Koda/ amanat
31. Urutne struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku!
........................................................................................................................................

“Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger
banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene
sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane
Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi,
lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”
32. Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean apa?
..........................................................................................................................................

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan
punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga
Adipati Karna.
33. Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean apa?
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki)
ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih
wetan.
34. Tembung sang bagaskara tegese apa?
........................................................................................................................................
........................................................................................................................................
........................................................................................................................................
........................................................................................................................................
........................................................................................................................................
35. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa!
“Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa”
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

You might also like