You are on page 1of 8

KLIPING

TETANEN

Dening :

Nama : Sabian Rasqa Abiyu


No. Absen : 29
Kelas : 4 Ibnu Khaldun

SD ISLAM AL-AZHAR 31 YOGYAKARTA


2024
Artikel Basa Jawa
Tetanen
Tetanèn iku kagiyatan pamanfaatan sumber daya hayati kang diayahi déning
manungsa kanggo ngasilaké bahan pangan, bahan baku indhustri, utawa sumber ènèrgi,
sarta kanggo nglola lingkungan uripé. Kagiatan pamanfaatan sumber daya hayati kang
kalebu sajeroning babagan tetanèn biyasa dimangertèni minangka budidaya tuwuhan utawa
nenamdur (basa Inggris: crop cultivation) sarta nggedhèkaké kéwan (raising), sanadyan
cakupané bisa uga wujud pamanfaatan mikroorganisme lan bioenzim sajeroning pangolahan
prodhuk lanjutan, kaya pangolahan kèju lan témpé, utawa saukur ekstraksi waé, kaya golèk
iwak utawa eksploitasi alas.

Pérangan gedhé dhéwé kang ndunungi donya golèk pangan ing lingkup tetanèn,
nanging tetanèn mung nyumbang 4% saka PDB donya. Sajarah Indonésia wiwit mangsa
kolonial nganti saiki ora bisa dipisahaké saka sèktor tetanèn lan perkebunan, amarga
sèktor-sèktor iki duwé makna kang wigati banget sajeroning nemtokaké pambentukan
manéka realitas ékonomi lan sosial masarakat ing wewengkon-wewengkon Indonésia.
Miturut data BPS taun 2002, babagan tetanèn ing Indonésia nyadiakaké lapangan kerja
tumrap 44,3% kang ndunungi sanadyan mung nyumbang watara 17,3% saka total pametu
domestik bruto.

Kelompok ngèlmu-ngèlmu tetanèn nyinaoni tetanèn kanthi panyengkuyung


ngèlmu-ngèlmu pendhukungé. Inti saka ngèlmu-ngèlmu tetanèn ya iku biologi lan ékonomi.
Amarga tetanèn tansah kaiket déning ruang lan wektu, ngèlmu-ngèlmu pendhukung, kaya
ngèlmu lemah, météorologi, permesinan tetanèn, biokimia, lan statistika, uga disinau
sajeroning tetanèn. Usaha tani (farming) wujud pérangan inti saka tetanèn amarga nyangkut
sakumpulan kagiyatan kang diayahi sajeroning budidaya. Petani utawa among tani iku
sebutan tumrap wong kang nyelenggarakaké usaha tani, contoné "wong tani tembako"
utawa "wong tani iwak". Pelaku budidaya kéwan (livestock) kanthi mirunggan sinebut
peternak.

1
Artikel Basa Jawa
Olah Tetanen Ritual Petani yang Terpinggirkan

Kaya dene tradhisi kang kentel biji religi liyane, kalangan petani ing desa-desa ing
tanah air nduweni macem-macem tradhisi. mangkono uga dnegan kaum tani ing tlatah
kabupaten tuban, jatim. siji diantara tradhisi kang wiwit ditinggalake yaiku ulah tetanen.
kanthi etimologis, ulah tetanen, bisa diterjemahake kanthi mardika dadi tata cara bercocok
tanam. serumpun karo tradhisi petani liya ing indonesia, petani ing sigaraning desa ing tlatah
tuban uga nduweni tradhisi bercocok tanam. tradhisi iki tansah lengket karo ritual. konon
ulah tetanen ora kenal klasifikasi masarakat. â wiwit saka juragan, tuan lemah, nganti buruh
tani uga nglakoni tradhisi kasebut. apa maneh, konon, tradhisi iki wis dadi perangan ora
kapisahake saka kauripan masarakat petani ing bumi ranggalawe. ing perkembangane ulah
tetanen wiwit ditinggalake. ritual wektu miwiti bercocok tanam nganti arep menuai pari iki, â
kaya karem digerus jaman. padahal tradhisi iki tau ngoyod lan nyawiji jero kauripan
masarakat petani.

ulah tetanen uga nduweni aspek filosofis. diantara apa wae kang arep ditindakake
dening petani lan gayutane, dheweke kabeh sadari dadi perangan saka makhluk tuhan.
diakoni uga anane dheweke kabeh dadi mahluk tuban, uga ditakdirkan kanggo ndonga lan
ngucapake raos syukur marang panciptane. pira-pira ritual ulah tetanen iku ing antarane yaiku
kawit ngluku kang biyasane dilaksanakake wektu arep membajak sawah. ritual nampek
menawa arep wiwit nyebarake benih, ndawut tandur kanggo wiwit nandur pari,â koleman
kang ditindakake ing wektu tanduran pari molai wewiji. ana uga wiwit dadi awal â menawa
awake dhewe arep memanen pari.

2
Artikel Bahasa Jawa
Upacara Labuh Tandur

Wilujengan labuh tandur, mujudaken satunggaling upacara kangge miwiti tanem


pantun, ngiras kangge nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti ingkang Hakarya Jagat,
supados kridhaning olah tetanen rancag, kalis saking paneraking ama, lan kasil panenipun
maremaken. Upacara labuh tandur ingkang sampun awis-awis dipunlampahi dening kadang
tani, samangke wiwit dipungrengsengaken malih, mliginipun para kadang tani ing
wewengkon Ngayogyakarta. Lampahing upacara ugi dipunjumbuhaken kaliyan lampah adat
ing saben wewengkon.
Dene tatacara lan uborampe ingkang dipuncawisaken boten kados ingkang
dipunlampahi dening sesepuh ing jaman kawuri, namung dipunpendhet baku kemawon.
Saderengipun upacara kawiwiran, kadang tani nyawisaken ubarampe, sekul tumpeng,
ingkung lan tumbasan peken. Dene tumrap kadang tani ing dhusun Padasan, kawimbuhan
ubarampe mligi, inggih punika jenang sumsum. Jenang sumsum mengku werdi kangge
mulihaken otot bebayu kadang tani sesampunipun mangsa panen, supados samekta olah
tetanen malih.
Salebeting upacara kasebat, ugi dipuncawisaken ubarampe piranti olah tetanen,
ingkang nggambaraken manunggalipun manungsa kaliyan alam, sarta pralambang taqwa
dhumateng Gusti ingkang Hakarya jagat. Sedaya uborampe mau lajeng dipunkirab tumuju
sabin, kangge mbiwarakaken lampahing upacara labuh tandur. Sadumuginipun dhateng sabin,
sedaya ubarampe dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, dene sekawan pincuk jenang
sungsum dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, minangka tolak bala.

3
Artikel Jawa
Tumbuhan Kaktus

Kaktus iku tetanduran kang kerep ditemoni ing gurun utawa padhang pasir sing
garing. Senajan manggon ing wilayah garing, kaktus nduwe godhong sing awujud eri
cilik-cilik lan gagang sing nduwe kemampuan nyerep banyu akeh. Amarga godhong lan
gagange kuwi mau, kaktus bisa urip ing panggon garing lan panas kanthi taunan. Kaktus iyo
kalebu klompok sekulen, ditandhani saka kabisan gagange sing bisa kanggo nyimpen serep
banyu kanthi akeh. Meh kabeh varietas kaktus nduweni ciri khas sing padha. Misale,
godhong sing awujud eri, gagang sing bisa nyerep banyu, oyot kang dawa lan amba, lan
nduwe lapisan khusus.

Habitat kaktus sing paling umum yaiku ing padang pasir utawa gurun gersang.
Nanging kanyataane, kaktus sing urip ing gurun namung watara 25% saka total varietas sing
ana ing donya. Watara 75% liyane pada urip ing padang rumput, alas meranggas, semi gurun,
lan padang rumput kering. Metabolisme kaktus bedo banget yen dibandingke tetanduran
liyane. Iki amarga kaktus nduwe sistem metabolisme khusus sing iso marai tahan urip ing
kahanan nemen. Salah sawijining conto metabolisme khusus yaiku kaktus bakal mbukak
stomata ing wayah bengi dibandhingake karo wayah awan.

Sakliyane godhong lan gagang, oyot kaktus uga nduweni peran penting. Oyot kaktus
bakal nyebar ing samping kiwo tengen kanthi adoh banget pas wayah mangsa udan. Fungsine
kanggo golek banyu saakeh-akehe. Pas wayah musim panas, kaktus bakal medhotake oyot
supaya kabutuhan banyu fokus ing gagang lan godhong. Saiki kaktus akeh dikembangbiakke
kanggo tetanduran hias. Perawatane gampang, ora angel lan ora gampang layu.

4
Artikel Bahasa Jawa
Manfaat Lidah Buaya

Lidah buaya ingkang ugi dipuntepang kaliyan nama aloe vera nggadhahi kathah
kandungan ingkang cekap pepak, kados mineral, vitamin, enzim, protein, uga asam amino.
Lidah buaya saged mbiantu kita sedaya awiti saking njampeni tatu, ngantos dados
macem-macem produk kesarasan mawi kelokan. Lidah buaya saged mbiantu nginggili tatu
besem, gigitan serangga utawi pun masalah pencernaan. Kita sedaya saged mengonsumsi gel
saking lidah buaya utawi dipundamel jus. Benteran niki nyabenan dados panjampen sacara
internal uga panitados badhe mbiantu mencegah konstipasi uga nglancarke saluran cerna.

Lidah buaya saged mbiantu mangsulaken jaringan cucal ingkang tatu. Lebet hal niki,
lidah buaya nyabenan dados jampi eksternal, dipunpundi ngginakaken gel saking lidah buaya
ingkang lajeng dioleske ing cucal ingkang bermasalah, awiti saking akibat tatu besem,
ngantos jerawat. Lidah buaya ugi saged ningkataken metabolisme badan uga mbiantu
mencegah sesakit degenerative. Amargi kandungane cekap pepak, mila lidah buaya kathah
dipunginakaken ing macem-macem produk kelokan utawi kosmetik, kados ta krim, lotion,
uga sabun.

Kandungan niki badhe ningkataken kadar oksigen ingkang nggina kunjuk cucal,
ngiyataken jaringan cucal, ngantos mbiantu mencegah panyepuhan dini. Amargi kandungane
cekap pepak, mila lidah buaya kathah dipunginakaken ing macem-macem produk kelokan
utawi kosmetik, kados ta krim, lotion, uga sabun. Kandungan niki badhe ningkataken kadar
oksigen ingkang nggina kunjuk cucal, ngiyataken jaringan cucal, ngantos mbiantu mencegah
panyepuhan dini. Gina ingkang setunggal niki kadosipun sampun kasumarepan kathah tiyang.
Kaliyan mendhet gel ing lidah buaya uga ngoleske ing cucal sirah sacara teratur, mila rambut
kita sedaya badhe tuwuh subur. Saksampune dioles gel lidah buaya, ampun kesupen konjuk
ngresikaken uga membilas rambut kaliyan toya resik.

5
Artikel Basa Jawa
Nandur Pari

Minangka conto, lahan garapan jembare 2.500 meter persegi utawa sebageyan ( ¼
hektar) biayane ngluku lan nggaru nganggo traktor Rp 200.000, opah tandur Rp 200.000,
matun kaping pindho kanthi tenaga harian cacah 2 kaping 6 biayane Rp 300.000, rabuk
(organik utawa anorganik) Rp 300.000, pestisida Rp 100.000, bibit Rp 50.000, biaya
ngundhuh Rp 200.000, kiriman Rp 100.000. Total jendral biaya sing diwetokake kanggo
nandur pari jembare sebageyan watara Rp 1.450.000 utawa dibunder dadi Rp 1.500.000.
Tekan wektu iki kanggo jenis pari ungggulan kaya C 64 lan Menthik rega tebasane ana
sawah isih paling onjo ditandhing jenis liyane kaya Cisadane, Mamberamo, apadene PB.

Taun 2010 tebasan paling dhuwur ing laladan DIY kanggo saben hektar yaiku Rp
16.000.000 sing ateges saben bageyan Rp 4.000.000.Menawa saka ngurit (menyemai bibit)
ketug panen suwene 3,5 – 4 wulan ateges : Rp 4.000.000 – Rp 1.500.000 = Rp 2.500.000
saben 4 wulan. Menawa kasil iki dietung sasen ateges Rp 2.500.000 : 4 = Rp 625.000 / wulan
/ bageyan. Kasil semene iki menawa petungane netes. Jalaran, petani pari paling gampang
(rentan) kena gagal panen (puso). Lire, ora panen krana tandurane rusak kepangan ama.
Lusinan ama pari ngadhang petani saka wiwit ngurit ketug panen.

Ama wujud kewan cilik klebu virus kaya uler, beluk, lodhoh, tungro, wereng, sundep,
puseren, bisa nyerang tanduran wiwit ceblok tekan ngarepake panen. Tikus, manuk, keong,
iwen (bebek, pitik, enthok, banyak), walang sangit, uga ama sing ora bisa disepelekake.
Kepara serangan tikus lan keong taun 2010 kepungkur gawe rerusak hebat ing bulak laladan
Yogyakarta lan Jawa Tengah.

Ama wereng sing arupa virus bisa derbala lan sumebar liwat angin lan banyu ingga
cepet sumebar. Cara paling becik nglawan ama wereng yaiku nandur jenis pari sing tahan
wereng utawa antiwereng. Jenis pari unggulan anyar akeh sing klebu tahan wereng. Kejaba
iku uga ana pestisida sing kuwawa nyegah derbalane wereng krana kuwawa merjaya lan
nggabugake endhog wereng. Semono uga uler, beluk, tungro, sundep, walangsangit, lan
lodhoh bisa ditindhes nganggo pestisida.

Tikus lan keong klebu ama sing bisa nyerang kanthi hebat. Tikus sing sajerone setaun
saben pasange bisa nurunake ewon tikus liyane klebu ama sing ora bisa disepekeke. Kewan
sing mangan sembarang iki racake nyusuh ing tanggul kalen, galengan, apadene dalan.
Sinambi manak-kemanak tikus nyerang tanduran tanpa angon wayah. Merga nyerange
grombolan mula sajerone wektu cepet kerusakan tanduran biasane hebat lan nyakup wilayah
kang jembar (masif). Kanggo mbrasta ama tikus cara paling hebat kanthi gropyokan. Emane,
gropyokan butuhake wong akeh ingga perlu gerakan missal. Kejaba iku gropyokan uga kudu
ditindakake kaping wola-wali ingga tikus tumpes.

6
DAFTAR PUSTAKA

Jestica Anna. 2022. “Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan Kaktus - Semua
Halaman - Adjar.” adjar.ID.
https://adjar.grid.id/amp/543533892/contoh-teks-deskripsi-bahasa-jawa-tentang-tumbuhan-ka
ktus?page=2.
Jestica Anna. 2022. “Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan Kaktus - Semua
Halaman - Adjar.” adjar.ID.
https://adjar.grid.id/amp/543533892/contoh-teks-deskripsi-bahasa-jawa-tentang-tumbuhan-ka
ktus?page=2.
Wirawan, Faiz A. 2014. “Contoh Artikel Bahasa Jawa Upacara Labuh Tandur.” Burung
Internet.
https://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-upacara-labuh-tand
ur.html?m=1.

Jestica Anna. 2022. “Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan Kaktus - Semua
Halaman - Adjar.” adjar.ID.
https://adjar.grid.id/amp/543533892/contoh-teks-deskripsi-bahasa-jawa-tentang-tumb
uhan-kaktus?page=2.
Tari Princa. 2016. “Artikel basa jawa manfaat lidah buaya kagem kesehatan.” Kumpulan
Artikel Bahasa Jawa.
https://kumpulanartikelbahasajawa.blogspot.com/2016/08/artikel-basa-jawa-manfaat-l
idah-buaya-kagem-kesehatan.html?m=1.
Wirawan, Faiz A. 2014. “Contoh Artikel Bahasa Jawa Upacara Labuh Tandur.” Burung
Internet.
https://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-upacara-labuh-tand
ur.html?m=1.

Jestica Anna. 2022. “Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan Kaktus - Semua
Halaman - Adjar.” adjar.ID.
https://adjar.grid.id/amp/543533892/contoh-teks-deskripsi-bahasa-jawa-tentang-tumbuhan-ka
ktus?page=2.
majalah njakalodang. 2012. “NANDUR PARI | majalahdjakalodang.” majalahdjakalodang.
https://majalahdjakalodang.wordpress.com/2012/04/19/nandur-pari/.
Tari Princa. 2016. “Artikel basa jawa manfaat lidah buaya kagem kesehatan.” Kumpulan
Artikel Bahasa Jawa.
https://kumpulanartikelbahasajawa.blogspot.com/2016/08/artikel-basa-jawa-manfaat-lidah-bu
aya-kagem-kesehatan.html?m=1.
Wirawan, Faiz A. 2014. “Contoh Artikel Bahasa Jawa Upacara Labuh Tandur.” Burung
Internet.
https://www.burung-net.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-upacara-labuh-tand
ur.html?m=1.

You might also like