You are on page 1of 5

PEMERINTAH KOTA SEMARANG

DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI KARANGANYAR GUNUNG 02
KECAMATAN CANDISARI
Jl. Jangli Tlawah 1 / 4  (024) 8447805 Semarang 50255

SUMATIF TENGAH SEMESTER GENAP SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : Rabu, 28 Februari 2024
Kelas / Semester : VI / II Waktu : 08.00 – 09.30 WIB

SESORAH KD 3.1
Wenehana tandha ping (x) ing wangsulan sing koanggep paling bener!

Sesorah
Sesorah utawa tanggap wacana iku sarana ngandharake gagasan ing sangarepe wong akeh
khanthi tujuan kang gumathok. Sesorah iku mbutuhake latihan sing tenanan. Matur ana ngarepe
wong akeh iku ora gampang. Beda karo wong omongan lumrah, jagongan karo kanca. Jajal majua
menehi pengumuman ing ngarep kelas, sapa sing wis wani?
Nah, nyatane ora saben kancamu bisa utawa gelem maju sesorah ta? Apa jalarane?
Alesane amarga grogi, wedi, isin, lan liya-liyane. Iku wis lumrah. Pancen sesorah iku perlu
Latihan lan pengalaman.
Ajar sesorah bisa kawiwitan menehi pengumuman ing kelas. Banjur sesorah atur
pambagya ing acara perpisahan kelas. Tuladha liya maneh yaiku, sesorah ing pengetan ambal
warsa utawa ulang tahun, mahargya Dina Kamardhikan, Kartinian, Pahlawan. Sesorah iku ora
maca nanging ngapalake utawa langsung tanpa teks. Sadurunge ngapalake cengkorongan
(kerangka)sesorah kudu digawe luwih dhisik. Cengkorongan banjur dikembangake dadi teks
sesorah lan diapalake.
1. Sesorah kuwi uga diarani ….
a. tanggapa wacan c. tanggap wacana
b. tanggap wacanan d. tanggapan wacan
2. Kang dibutuhake kareben bisa sesorah yaiku ….
a. latihan lan cengkorongan c. latihan lan pengalaman
b. teks kanggo latihan d. cengkorongan kanggo latihan
3. Tuladha sesorah ing sekolahan yaiku….
a. Pengetan Dina Kamardikan lan Kartinian c. Pengetan ambal warsa lan Kartinia
b. Pengetan ambal warsa lan Kamardikan d. Pengetan Kartinian lan khitanan
Setitekno sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 4-7 !

Ingkang sepisan manga tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang karya
jagad, bilih awit sih kawelasanipun, kita pinaringan bagas waras, satemah saged kempal ing
pahargyan Pepisahan Kelas VI tamatan warsa 2023/2024 ing dinten Kemis, 2 Mei 2023 ing SDN
Karanganyar Gunung 02 kanthi kawilujengan. Ing kalodhangan menika kula aturaken sugeng
rawuh saha manga dipunsekecakaken anggenipun lelenggahan.

4. Perangan sesorah ing dhuwur diarani ….
a. Salam penutup b. Panutup c. Surasa d. Pambuka
5. Tembung kang digares ngisor tegese ….
a. keslametan , taun c. taun, kawarasan
b. taun, keslametan d. kawarasan, taun
6. Sesorah ing dhuwur isine bab tentang ….
a. Perpisahan kelas VI c. Kemerdekaan
b. Hari Kartini d. Kesehatan
7. Perangan pambuka ing sesorah isine bab pratelan ….
a. Rasa syukur lan atur rasa bungah bisa sesorah
b. Rasa bungah lan seneng bisa rawuh sesorah
c. Rasa syukur lan atur panuwun awit rawuhe undangan
d. Rasa wedi amarga durung paham sing dikarepake
Satitekno sesorah ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 8 – 9!
Kula kinten cekap semanten atur kula, kangge adhi-adhi kula kelas 1 dumugi gangsal,
tansaha mbangun turut dhumateng sedaya dhawuh lan awisanipun bapak/ibu guru, sengkud
sinau, satemah dados lare ingkang saged njunjung drajadipun tiyang sepuh, nusa, lan
bangsa.
Kula tutup kanthi sekar mijil mekaten :
Para kanca wektu dina iki,
Kita sami lolos,
Ngangsu ngelmu uga budayane,
Sekolah ingkang kita tresnani,
Bekti mring nagari,
Dadya kondhang kombul,
Kupat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten.

8. Sesorah ing ndhuwur mujudake perangan kang diarani ….


a. salam pambuka b. pambuka c. isi/surasa d. panutup
9. Sesorah ing ndhuwur ngemot salah sijine tembang … kang diarani ….
a. Macapat, mijil b. Dolanan, mijil c. Macapat, gambuh d. Dolanan, gambuh
10. 1. Cengkorongan dikembangake
2. gawe cengkorongan
3. nemtokake underan
Urut-urutane gawe sesorah yaiku ….
a. 2-1-3 b. 2-3-1 c. 3-1-2 d. 3-2-1

PACELATHON KD 3.2
Wenehana tandha ping (x) ing wangsulan sing koanggep paling bener!
1. Gatekno pacelathon ing ngisor iki !
Pak To : “Roti …roti … roti ….!”
Roni : “Pak To nimbali kula ?”
Pak To :” Ora, Ron, aku dodol roti”
Roni : “Owalah, tumbas pak To !”
Pak To : “Roti sing endi ?”
Roni : “Donat wonten Pak To ?”
Pak To :” Ana, iki Ron. Kari siji”
Paraga wicara iku ….
a. Pak To b. Roni c. Pak To lan Roni d. Roti
2. Gatekno pacelathon ing ngisor iki !
Fani : “ Bagas, ayo sarapan dhisik sadurunge mangkat !”
Bagas : “ Wegah, aku jeleh sarapan ing ngomah. Mengko aku jajan bae.”
Watake Bagas, yaiku ….
a. bocah kang sugih dhuwit
b. bocah kang ora ngajeni liyan lan sak senenge dhewe
c. bocah seneng ngirit dhuwit
d. bocah kang lagi prihatin
Gatekno pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 3 – 4 !
Toni : “Mar, melu kemah apa ora?”
Umar : “ya melu, piye to? Kowe melu apa ora ?”
Toni : “…. ”
Umar :” Lo, kok embuh ki karepmu kepriye? Apa alesanmu ?”
Toni :”Amarga aku durung matur bapak lan ibu”
Umar :” ….”
3. Wangsulane Toni sajrone pacelathon ing dhuwur yaiku …
a. “Emoh ah, Toni” c. “Miturutmu kepriye Ton “
b. “Aku ora melu” d. “Embuh, ya!”
4. Dene ukara kang diucapke Umar….
a. “Aku durung matur bapak” c. “Yow is, yen ngono matur dhisik.”
b. “Apa kudu matur dhisik ?” d. “Ora perlu matur, ora papa”

Gatekno pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 5 – 6 !


Ibu :”Sis, ana PR apa ora ?”
Siska :”… bu.”
Ibu :”Wes mbok garap apa durung, kok malah nonton TV.”
Siska :”Sampun, bu.”
Ibu : ….
5. Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon Siska yaiku ….
a. Wonten b. Mboten c. Inggih d. Sampun
6. Dene ukara kang diucapake Ibu yaiku ….
a. “yen ngono, nonton TV dhisik.” c. “Ojo turu dhisik sadurunge maem.”
b. “Yen ngono saiki digarap dhisik.” d. “Enggal turua kareben ora kerinan “
7. Tina :”Ayo, sing durung diimunisasi, kene enggal melu antri.”
Ing sekolahane ana acara ….
a. imunisasi kanggo para siswa c. lomba kasarasan
b. lomba olah raga d. andum panganan
8. Hanung :”Kabeh kudu manut karo aku, amarga aku anake Pak Lurah.”
Watake Hanung yaiku ….
a. Boros b. Gumedhe c. srakah d. loma
9. Fitri :”… “
Desi :”Ing dalan ngarep perumahan kae, wingi nalika mulih sekolah.”
Pitakone Fitri yaiku ….
a. Yogene kowe nganti nemahi kacilakan?
b. Neng ngendi olehmu nemahi kacilakan?
c. Ing ngendi kacilakan iku lan kapan kedadeyane?
d. Sapa bae kang nemahi kacilakan ?
10. Bab kang ora perlu digatekake nalika nindakake pacelathon yaiku …
a. praupan b. Intonasi c. titi laras d. lafal

AKSARA JAWA KD 3.4


Wenehana tandha ping (x) ing wangsulan sing koanggep paling bener!
1. Tulisan latine ukara ing ngisor iki yaiku ….

a. Roti kari siji dibagi loro. c. Roti mari siji dibagi loro
Aku lan adhiku. Aku lan adhiku.
b. Roti kari siji dibagi loro d. Roti mari siji dibagi loro
Aku karo adhiku Aku karo adhiku
2. Ukara aksara Jawa ing ngisor yen ditulis latin yaiku ….

a. Susi mangan sosis. Sosis kari ayam. c. Susi mangan sosis. Sosis isi ayam.
b. Susan mangan sosis. Sosis kari ayam. d. Susan mangan sosis. Sosis isi ayam.
3. Nemo tuku jagung bakar.
Tuku neng pasar bulu.
Ukara latin ing ngisor yen ditulis aksara jawa yaiku …
a.
b.

c.

d.

4. Ukara ing ngisor iku yen diganti nganggo aksara latin ….

a. Surya Putra iku ratu Ngawangga. c. Surya Putra narpati ing Awangga.
b. Surya Putra narpati Ngawangga. d. Surya Putra narpati Awangga.
5. Ukara ing ngisor iku yen diganti nganggo aksara latin ….

a. Sawah lan tegal b. Tegal lan sabin c. Tegal lan sawah d. Sawah lan tegalan
KUNCI JAWABAN
SESORAH

1. C
2. C
3. A
4. D
5. A
6. A
7. C
8. D
9. A
10. D

PACELATHON
1. C
2. B
3. D
4. C
5. A
6. D
7. C
8. B
9. C
10. C

AKSARA JAWA
1. D
2. C
3. C
4. B
5. D

You might also like