You are on page 1of 3

BASA RINENGGA

Basa rinengga iku basa kang direngga (rengga tegese paes). Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa
dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake
ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing
pasrawungan saben dina uga kala-kala bias ditemoni basa rinengga.
1) PARIBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
(gampange kanggo mangerteni paribasan sing kaya piye yaiku ora ana pepindhan, tetep, ora
pindhah utawa ganti tegese). Ana tembung sing padha ngarep mburi.
- Tuladha :
a. Keplok ora tombok
Tegese : melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad (tombok)
b. Anak polah bapak kepradah
Tegese : tingkah lan polahe anak iku tanggung jawabe wong tuwane
c. Becik ketitik ala ketara
Tegese : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine

2) BEBASAN
Unen-unen kang ajeg panggonane, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandingake
kahanan lan ulah -kridhane manungsa (sing dipindhahake iku tingkah laku, watake manungsa, anak
sing ala lan apik)
- Tuladha :
a. Nglungguhi klasa gumelar
Tegese : mung kari nemu penake
b. Suduk gunting tatu loro
Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna
c. Nututi layangan pedhot
Tegese : mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane
d. Diwenehi ati ngrogoh rempela
Tegese : diwenehi sethithik jik kurang, njaluk akeh (rakus)
e. Kakehan gludug kurang udan
Tegese : kakehan omong ora ana kanyatan (uprus)

3) SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan utawa
perumpamaan. Nanging kang dipindhakake wonge. Iso kewan (kucing, asu, ulo, kuthuk), iso barang
(lenga, banyu, geni).
- Tuladha :
a. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah
Tegese : wong gedhe kang padha pasulayan wong cilik kang dadi korban (wong sugih
lan pejabat padha korupsi wong cilik mlarat dadi korbane)
b. Iwak lumebu wuwu (wuwu kuwi jebakan kanggo njaring iwak)
Tegese : wong sing gampang kena apus (kudu sinau lan usaha supaya ora bakal kena
apus)
c. Asu rebutan balung
Tegese : rebutan barang sing sepele
d. Kaya banyu karo lenga
Tegese : wong kang ora bias rukun, tukaran / padu wae

Basa Rinengga Teges Entar Pepindhan Cathetan


(Makna kiasan) (Perumpamaan)
Paribasan   - Nggunakake
purwakanthi (guru
swara, guru sastra, guru
lumaksita)
Bebasan   - Sing dipindhakake /
diumpamakake umum
( kahanan, sipat,
tumindak)
Saloka   - Sing dipindhakake /
diumpamakake
manungsa / wonge

PARIBASAN, BEBASAN LAN SALOKA


1) Paribasan

Tanpa teges entar (makna kiasan), lan tanpa pepindhan (perumpamaan).

Titikane :
- Nggunakake purwakanthi;
- Umume ora ana jejere / subyeke.

Tuladha :
- Adigang adigung adiguna
- Sapa salah bakale seleh

2) Bebasan

Mawa teges entar (makna kiasan) lan pepindhan (perumpamaan).

Titikane :
- Umume diwiwiti tembung kriya (kata kerja);
- Sing dipindhakake / diumpamakake umum ( kahanan, sipat, tumindak).

Tuladha :
- Diwenehi ati ngrogoh rempela
- Nututi layangan pedhot

3) Saloka

Mawa teges entar (makna kiasan) lan pepindhan (perumpamaan).

Titikane :
- Ana jejere (subyek) lan dipindhakake / diumpamakake (bias sato kewan utawa samubarang);
- Sing dipindhakake wonge.

Tuladha :
- Kebo nusu gudel
- Tengu ngedu gajah
Basa Rinengga Teges Entar Pepindhan Cathetan
(Makna kiasan) (Perumpamaan)
Paribasan   - Nggunakake
purwakanthi (guru
swara, guru sastra, guru
lumaksita)
- Umume ora ana jejere
(subyek)
Bebasan   - Sing dipindhakake /
diumpamakake umum
( kahanan, sipat,
tumindak)
- Umume diwiwiti
tembung kriya (kata
kerja
Saloka   - Sing dipindhakake /
diumpamakake
manungsa / wonge
- Ana jejere (subyek)

Gladhen
1. Becik ketitik ala ketara
- ora mawa teges entar lan pepindhan
- nggunakake purwakanthi guru swara
- ora ana jejere / subyeke
- kalebu : Paribasan
- tegese : samubarang kang becik lan ala bakale konangan / katon
2. Cebol nggayuh lintang
- Nganggo teges entar (kiasan) lan pepindhan (perumpamaan)
- Sing dipindhakake manungsa
- Kalebu : Saloka
- Tegese : Wong sekeng / mlarat kang nduweni gegayuhan sing mokal kasembadan

You might also like