You are on page 1of 4

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA

KD 3.3 TEKS SESORAH


KELAS XI SEMESTER 4 TP 2023/2024 SMA NEGERI 1 BOYOLALI
===================================================================
Pilihen wangsulan kang koanggep paling bener kanthi milih option A,B,C,D, utawa E ana ing
lembar jawaban!

1. Gatekna teks sesorah Ing ngisor iki!


Ingkang punika pasrah panjenengan, nun inggih temanten
kakung sampun kula tampi, ingkang sampun piniji mratitisaken
menggah panggihipun panganten awit tata cara ing
wewengkon Dukuh Sidosari Desa Urut Sewu Kecamatan
Ampel, sae tata cara adat punapa dene tata cara agami taksih
lumampah.

Wacan kasebut mujudake sesorah babagan … .


a. panampi pasrah temanten putri c. panampi pasrah temanten kakung e. sabda tama
b. pasrah temanten putri d. pasrah temanten kakung

2. Sesorah kang kanggo nampa rawuhe para tamu, ana ing acara apa wae, kayata ing pahargyan,
syukuran, lsp, iku klebu sesorah kang aran....
a. Tanggap wacana b. Atur pambagya c. atur pawarta d. atur uninga e. sabdatama

3. Tatacara sesorah kang katindakake kanthi migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi
langsung, iku klebu teknik sesorah kang arane metode……
a. Naskah b. apalan c. impromptu d. ekstemporant e. dadakan

4. Ing ngisor iki kang klebu dadi ancase sesorah, kajaba...


a. Panglarang b. Pangajak c. Atur pawarta d. Atur pambagya e. atur
panglipur

5. Patrape wong wasis guneman kang kena ditindakake nalika sesorah, yaiku....
a. Gugup grothal-grathul d. Mumpuni lan nguwasani kang dirembug
b. Ngleboke tangan ana sak clana e. Mbesengut ulate mrengut
c. Ngadeg tanpa nggateke papan panggonan

6. Isinipun panyuwun lan pangajeng-ajeng saking tiyang ingkang kagungan kersa dhateng para tamu,
punika klebet urut-urutaning sesorah ingkang sinebat....
a. Salam pambuka b. Pangarep – arep c. Purwaka d. Panutup e. Isi / Wigatining atur

7. Isinipun puji syukur dhateng Gusti Allah, atur panuwun dhateng para tamu ingkang sampun kersa
rawuh ing adicara, punika klebet urut-urutaning sesorah ingkang sinebat...
a. Salam pambuka b. Pangarep-arep c. Purwaka d. Panutup e. Salam panutup

8. Gatekna teks sesorah ing ngisor iki!

Ningali kawontenan ingkang kados mekaten,


para wanita mliginipun remaja putri kedah
cancut taliwanda tumut menggalihaken
drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep
lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan
ingkang nedahaken bilih wanita inggih saged
damel aruming bangsa.

Pethikan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng peranganing sesorah ingkang sinebat.....
a. Purwaka b. Salam pambuka c. Surasa d. Pambagyaharja e. Wasana

9. Jinise sesorah kang kudu antuk wangsulan utawa tanggapan iku arane.....
a. Sabdatama b. pambagyaharja c. tanggap wacana d. imbal wacana e. pambyawara

10. Makaten pepuntoning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat
nyuwun pangapura”
Pratelan punika kalebet peranganing sesorah ingkang aran.....

a. salam pambuka b. pambuka c. isi d. panutup e. salam panutup

11. Patrap utawi solah bawa ing ngandhap punika kedah dipun-tindakaken nalika sesorah, kajawi....

a. Jumeneng kanthi sigrak d. Polatanipun sumeh mboten dipundamel-damel


b. Astanipun ngapurancang e. Sukune dibukak samba-ambane
c. Panyawangipun tumuju dhateng para pamirsa

12. Gatekna petikan teks dsesorah ing ngisor iki!


Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi
saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan
kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.
Kita minangka siswa hanggadhahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng
anggenipun sinau. Minangka pemudha kita ugi kedah semangat saha sregep
anggenipun sinau ngisi pembangunan bangsa.
Nitik saka surasane, sesorah kasebut ditindakake nalika….
a. Mengeti pitulasan d. Mengeti Hari Pendidikan Nasional
b. Mengeti Sumpah Pemudha e. Mengeti Hari Kartini
c. Mengeti tanggap warsa sekolah

13. Pratelan ing ngisor iki jumbuh karo isine petikan teks sesorah kasebut ( nomer 12), kajaba…..
a. Wosipun sumpah prasetya wajib dipunwarisaken dhateng putra wayah.
b. Warisan semangat dados sarana kagem mujudaken gegayuhan kamardikaning bangsa.
c. Minangka pemudha nggadhahi jejibahan njagi semangat perjuangan para pahlawan bangsa.
d. Para pemudha kedah semangat saha sregep anggenipun sinau ngisi pembanguan bangsa.
e. Gegayuhan gesang kanthi gemah ripah loh jinawi saged maujud tanpa pambudidayaning
pemudha.

14. Ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh, ugi panuwun ingkang tanpa pepindhan panjenengan
sedaya kersa rawuh hanjenengi dhauping pangantin Bagus Pramudya kaliyan Rara Dyah Puspita
putrinipun Bapa Rustono sekaliyan.

Pethikan teks kasebut, minangka sesorah….


a. Pengetan ambal warsa d. Atur pambagyaharja penganten
b. Atur panampi pasrah penganten e. Atur pambagyaharja pamitan haji
c. Atur pasrah penganten

15. Satriyo sesuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas XII minangka wakile kanca-kancane kabeh.
Sing bakal rawuh yaiku kepala sekolah, bapak ibu guru, lan kanca-kancane kabeh.
Anggone Satriyo atur pambuka sesorah kang trep yaiku….
a. Assalamualaikum wr.wb.
Kepala sekolah, Bapak Ibu Guru ingkang kula bektosi, kanca-kanca sing daktrresnani.Sumangga
kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur dhumateng Allah SWT, awit saking ridhanipun
panjenengan saged makempal ing papan punika nirbaya nir ing sambekala.
b. Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula bektosi, kanca-
kanca ingkang kula tresnani. Sumangga kula dherekaken maringaken puja puji syukur
dhumateng Allah SWT, awit saking ridhanipun panjenengan saged makempal ing papan punika
nirbaya nir ing sambekala.
c. Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula bektosi, kanca-
kanca sing daktresnani. Sumangga kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur dhumateng
Allah SWT, awit saking ridhanipun kula sakanca saged makempal ing papan punika nirbaya nir
ing sambekala.
d. Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula bektosi, kanca-
kanca ingkang kula tresnani.Sumangga kula dherekaken nyuwunaken puja puji syukur
dhumateng Allah SWT, awit saking ridhanipun kita sami saged makempal ing papan punika
nirbaya nir ing sambekala.
e. Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula bektosi, kanca-
kanca ingkang kula tresnani.Sumangga kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur dhumateng
Allah SWT, awit saking ridhanipun panjenengan dalah kula saged makempal ing papan punika
nirbaya nir ing sambekala.

16. Perangan panutuping pidhato biasane isine….


a. Njaluk pangapura menawa ana klentuning atur
b. Atur salam pakurmatan marang kang sami rawuh.
c. Pangajak supaya tansah ngucap syukur marang Gusti Allah
d. Ngatuarke panuwun awit para tamu kersa rawuh.
e. Ngandharake pokok-pokok isine sesorah

17. Gatekna teks ing ngisor iki!


Bapak-bapak dalah ibu-ibu, ing samangke kathah sesakit
demam berdarah ing pundi-pundi. Pramila sumangga
panjenengan sedaya dalan kula sami semangat anggenipun
njagi karesikaning salebet tuwin sanjawinipun griya.
Langkung-langkung got-got, sakiwa tengenipun griya ampun
ngantos mampet.

Pethikan sesorah ing ndhuwur iku nduweni ancas…..


a. Ajak-ajak b. Menehi panglipur c. Mituturi d. Atur informasi e. Atur puja lan puji

18. Gatekna pidhato ing ngisor iki!


Murwakani atur kula, sumangga kula dherekaken ngaturaken
puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awis
saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan
kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi
kawilujengan, kasarasan, miwah kabagyan.

Pratelan kasebut minangka peranganing tanggap wacana kang sinebut….


a. Purwaka basa b. Salam pambuka c. Surasa Basa d. Wasana basa e. Panutup

19. Cengkorongan ( kerangka) panulise teks sesorah kang isine sawijining amanat utawa pesen kang
dadi wigatining rembug, diandharake dening pamaos tanggap wacana diarani…..
a. sesirah c. pangarep-arep e. panutuping wedharan
b. pambukaning wedharan d. surasaning wedharan

20. Kanggo ngilangi rasa mindher utawa kurang kapitadosan dhiri nalika sesorah, prayogane nggatekake
pratelan-pratelan ing ngisor iki, kajaba….
a. Nguwasani isi utawa wose sesorah kang diandharake
b. Nganggo sandhang penganggo sing rapi, sopan, jumbuh karo swasana.
c. Duwe panganggep manawa sesorah iku gampang, tanpa latihan mesthi bisa.
d. Rumangsa yakin manawa kang diadhepi iku sejajar, dadi ora perlu wedi.
e. Akeh gladhen micara supaya teteh, tetes, lan wijang anggone sesorah

21. Gatekna pethikan teks ing ngisor iki!


Nuwun,
Kawilujengan, kasarasan tuwin karahayon mugi tansah …(1)... panjenengan lan kula.
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha bapak ibu guru ingkang bagya mulya. Sumangga ,
kula dherekaken …(2)…. pepuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking
keparengipun panjenengan saha kula tansah ginanjar kawilujengan, satemah saged nindakaken
pahargyan wisudha purna siswa ing siyang punika …(3)….

Purwakaning sesorah kang isih gothang kasebut bisa diganepi kanthi tetembungan kang trep yaiku…
a. Kaparingaken – ngaturaken – tanpa sumadya d. Kacarita – nyaosaken – tanpa sambekala
b. Kasarira - maringaken – nir ing sambekala e. Kasarira – ngaturaken – nir ing sambekala
c. Kasarira – menehaken – nir ing sambekala

22. (1). Asring kukur-kukur peranganing awak


(2). Gandhang swarane, gunemane ora kesusu
(3). Solah bawa kang lumrah, nengsemake ora digawe-gawe
(4). Ngadeg tanpa greget, sikile rapet, lendhetan podhium

Patrap utawa solah bawa kang ora kena ditindakake nalika lagi sesorah yaiku…..
a. 1 – 2 b. 1 – 4 c. 2 – 3 d. 1 – 3 e. 2 - 4

23. Gesang bebrayan ingkang limrah, tansah nengenaken sambang _________, awit saged
ngraketaken___________
Tembung sing cocok kanggo ngganepi pratelan kasebut...

a. surung, pasedherekan c. sambung, cecongkrahan e. sambung, bebrayan


b. sambangan, kekancan d. sinambang, pasedherekan

24. Gatekna andharan iki!


(1) Bapak saha ibu ingkang winengku ing pakurmatan.
(2) Keparenga kula nyuwunaken tambahing pangestu, mugi penganten sarimbit lestari
widada anggenipun jejodhowan.
(3) Karahayon, kasugengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sami…..
(4) Kajawi punika, kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami tumrap sedaya
peparing pratandha sih panjenengan……
Pokok-pokok peranganing pambagyaharja kasebut kang klebu surasa utawa isi yaiku…
a. 1-2 b. 2 -3 c. 3 – 4 d. 1 – 4 e. 2 - 4

25. Ukara ing ngandhap punika leres ragam


basanipun manut unggah-ungguh….
a. Bapak arep nyaosi dhuwit marang ibu kanggo mundhut klambi.
b. Ora lali aku maringi oleh-oleh simbah ana desa.
c. Budhe lagi wae rawuh nalika aku siram.
d. Bapak kondur kantor nalika kula nembe nedha.
e. Bu Ariyanti ngasta buku akeh banget, dene aku ngastakake tase.

You might also like