You are on page 1of 3

Bangun Nikah kanggone Wong Jawa

Sasi besar ing sistem kalender Jawa, manut kepercayaane wong jawa klebu salah sasi kang
paling istimewa. Sasi iki dianggep istimewa merga mujudakake sasi paling apik kanggo
nindakake apa wae. Wiwit saka ngedegake omah, ngedegake usaha anyar, pindah omah, nganti
sasi paling apik kanggo nikah.
Ing masyarakat Jawa ana kepercayaan sing unine kurang luwih ngene: wong sing nikahe ing sasi
besar, mbesuke rumah tanggane bakal kebak kabagyan, rejekine akeh, anggene bebrayan nganti
kaki-nini, bakal pinaringan momongan sing pinter-pinter, lan sing paling wigati sandhang
pangane ora bakal kekurangan.
Anane kapercayan sing kaya ngene iki kang ndadekake akeh para wong tuwa ing Jawa kang
milih sasi iki kanggo ngrabekake anake. Kahanan sing kaya ngene iki kang ndadekake sasi besar
ora mung mujudake sasi kang endah kanggone pawongan sing wis sesandhingan karo yhange ing
cedhake kembar mayang. Nanging, sasi besar uga mujudake sasi kang ndadekake ati ambyar
kanggone sing tresnane kesasar.
Senajan jamane wis modern, nanging nyatane kepercayaane wong Jawa marang sasi besar kang
dianggep istimewa iki durung luntur. Buktine, bisa ditonton ing lingkungan sekitar. Cacahe
wong Jawa kang ngrabekake anake ing sasi besar luwih akeh tinimbang sasi liyane.
Babagan rejeki, jodho, lan pati kabeh pancen rahasiane Gusti. Manungsa bisane mung saderma
ngupaya lan ndedonga supaya ing tembe tansah pikantuk sing paling apik dhewe. Dene kabeh
kaputusan manggone tetep ing ngarsan-E Gusti. Ngenani kapitayane wong Jawa kang
ngrabekake anak ing sasi besar sing isih diugemi tekan saiki iki. Sanyatane mujudake upaya
kang ditindakake masyarakat Jawa, supaya anak kang dirabekake ing sasi besar mau ing tembe
mburine uripe bakal kebak kabagyan.
Babagan rabi ing masyarakat Jawa iku klebu samubarang kang wigati banget. Ora kena dienggo
coba-coba lan dolanan. Sarehne dianggep wigati banget. Mula akeh banget petungan lan syarat
sing kudu dicukupi karo wong sing bakal rabi.
Anane petungan lan syarat sing kudu dicukupi iki ora mung ndadekake anggene wong sing wis
nindakake sesambungan ing babagan asmara (pacaran) bisa ngundakake anggene sesambungan
nganti tingkatan sing luwih dhuwur. Nanging bisa uga malah suwalike. Anggene sesambungan
kudu dipedhot ing tengah dalan jalaran anggene sesambungan dianggep kurang apik manut
etungan Jawa. Kahanan sing kaya ngene iki kang ing masyarakat Jawa kerep sinebut trensa kang
kapenggak petungan Jawa.
Ngenani etungan Jawa sing bisa ndadekake tresna kapenggak iki cacahe akeh banget. Wiwit saka
gehing (wage-pahing) maksude wong kang duwe weton wage dianggep kurang apik yen rabi
karo wong sing duwe weton pahing, lusan (telu-pisan) maksude wong Jawa sing lagi sepisanan
anggene anake dianggep kurang apik besanan karo wong sing wis kaping telu ngrabekake anake,
lan wong lanang dianggep kurang apik rabi karo wong wedok sing omahe lor-kulon saka omahe
wong lanang iku mau.
Etungan sing kaya ngene iki kerep sinebut wewaler sajroning petungan nikah wong Jawa. Ning
gandhenge jaman sing wis modern. Wewaler sing kaya ngene iki wis jarang dipercaya. Mung
wae ing kalane anggene nikahan wis lumaku suwe lan anggene nikah iku mau ora ngrasakake
nikmat kaya sing dikarepake. Banjur tuwuh pitakonan: Apa ana sing kleru karo nikahku biyen?
Yen sing tuwuh mung pitakonan isih kapetung beja. Ning yen sing tuwuh liyane kayata nyalahke
pasangan utawa liyane iki sing kliru. Jalaran sing jenenge nikah iku kudu lair saka kaputusane
dhewe lan ora kena dipeksa karo pihak sapa wae. Babagan iki kudu digatekake temenan. Jalaran
sing bakale ngrasakake lan nglakoni iku awake dhewe lan dudu wong liya.
Mula saka kuwi saiba apike yen nikah ngono ora mung kanggo ngowahi status sing wiwitane
lajang dadi duwe pasangan, nanging kanggo kebutuhan lan kewajiban. Gandhenge nikah
mujudake kebutuhan lan kewajiban. Anggene nikah kudu dilambari kemantepan lan
tanggungjawab sing gedhe. Tur sing ora kalah pentinge. Wong sing wis wani nikah kudu bisa
nyukupi kabutuhane pasangane sacara lair lan batin.
Saliyane kuwi rasa pangerten marang pasangane uga penting diduweni. Saka anane rasa
pangerten iki kang ing tembe ora ndadekake rasa lumrah marang pasangane, ora seneng
mbanding-mbandingne pasangane karo wong liya. Babagan iki kudu digatekake jalaran ora
sethithik balewisma sing bubrah merga ana salah siji sing ora duwe rasa lumrah lan seneng
nandhing-nandhingne pasangane.
Bali maneh ing babagan petungan Jawa. Wong Jawa ngono kagolong pinter ‘nyara’. Dadi masia
yen manut etungan dianggep kurang apik kanggo jejodhoan. Sarehne wis kebacut wis padha-
padha tresna lan angel dipisahake. Akeh wong tuwa sing gelem nglilakake anake rabi karo
pasangane sing wis kebacut ditresnani.
Anggene wong tuwa nglilakake ing kene ora mung nglilakake tok. Nanging wong tuwa
nindakake sawijining cara supaya efek ala sing kemungkinan tuwuh saka rabine anake mau
sabisa-bisane bisa diminimalisir. Carane meminimalisir akeh banget. Kaya-kaya saben dhaerah
ing Jawa duwe cara sing beda-beda. Saliyane nindakake sedekahan lan slametan. Anake sing rabi
mau ing tembe diajab gelem nindakake ijab-qabul ulang klawan pasangane. Ijab-qabul ulang
kang dikarepake ing kene dudu nikah ulang. Ning babagan iki ana gayutane klawan tradhisi ing
masyarakat Jawa sing sinebut bangun nikah.
Kanggone saperangan gedhe masyarakat Jawa. Bangun nikah mujudake sawijining upacara kang
bisa nylametake pernikahan saka perceraian. Masia anggene urip bebrayan wis ora bisa
ngrasakake kantentreman lan kenikmatan kaya sing dikarepake biyen, ning merga isih padha-
padha tresnane lan ora gelem pepisahan. Banjur akeh sing nindakake bangun nikah kanthi
pangajab anggene nikah bisa dadi kaya sing dikarepake.
Ning sing jenenge bangun nikah ing kepercayaane masyarakat Jawa ora mung kanggo
ngraketake sesambungan anggene urip bebrayan. Ing perangan liya bangun nikah kerep
didadekake sarana kanggo ngluwari masalah-masalah liya sing umume dirasakake wong sing wis
rabi. Misale ana wong sing rabine wis mataun-taun nanging durung pinaringan putra. Biyasane
wong sing ngalami masalah kaya ngene iki banjur nindakake bangun nikah kanthi pangajab
enggal pinaringan momongan.
Bangun nikah dhewe iki sejatine ora perlu angel-angel lan ora butuh dana sing gedhe. Wong sing
nindakake bangun nikah ora kudu nyepakake dana sing gedhe. Jalaran ing adicara bangun nikah
iki ora kudu nganakake resepsinan. Jalaran sing kudu ditindakake mung ijab-qabul ulang lan
slametan sing tujuane kanggo nyenyuwun supaya anggene bangun nikah iki nggawa perbawa
apik kanggo anggene nikahan.
Supaya anggone nindakake bangun nikah ing tembe temen nggawa perbawa apik kanggo uripe
sing nindakake. Sing kudu ditindakake yaiku kudu mbangun sipat positif. Babagan iki kudu
ditindakake jalaran ing wong Jawa iku duwe unen-unen sing kurang luwih isine kaya ngene: sing
jenenge manungsa iku kahanane manut ciptane, manut apa sing dipikir. Yen sing dipikir mung
bab sing apik-apik, manungsa sing mikir uripe bakal keturutan dadi apik. Yen sing dipikir mung
bab kang nekake rahayu, semono uga kang bakal dumadi. Babagan sing kaya ngene iki uga
lumaku kanggo sing suwalike. Mulane aja seneng mikir sing ala supaya uripe ora ngalami
samubarang sing kurang mranani ing penggalih.

You might also like