You are on page 1of 6

NAWALA PRAPASKAH USKUP

AGUNG SEMARANG
Kawaosaké/diterangaké Setu-Minggu, 10-11 Februari 2024

“Nunggal Ing Sang Kristus, Tuwuh Angrembaka ing Pangandel,


lan Mawoh Ing Paseksèn”

Para sadulur, Umat Keuskupan Agung Semarang kang kinasih,


Dina iki Pasamuan Suci sawegung mèngeti “Hari Orang Sakit
Sedunia” kang kaping 32. Ana ing panunggalan karo Kanjeng Santo Bapa
Fransiskus, kita kaajak nyenyuwun lan sembahyang supaya para sadulur
kang lagi nandhang gerah tansah teguh ing pangandel lan pangarep-arep
sarta kaayoman lan linuberan berkah Dalem Gusti. Kita uga sembahyang
kanggo para dokter, perawat lan sapa baé sing kanthi tulus lan sabar
ngrawat para sadulur kang lagi nandhang gerah. Muga Gusti tansah
ngrentahaké sih palimirma Dalem, njangkung, ngayomi, lan paring
kekuatan sarta panglipur marang sadulur-sadulur mau.
Waosan Injil dina iki nyaritakaké wong kang nandhang budhugen
kaparingan kasarasan déning Gusti Yésus (Mrk. 1:40-45). Pasujarahan
pangandelé wong kang nandhang budhugen mau bisa dadi sarana
panglimbang kita. Wong kang budhugen mau marak sowan ingarsa Dalem
Gusti Yésus banjur sujud ingarsa-Né lan nyuwun pitulungan Dalem sarta
matur: ”Manawi kersa Panjenengan saged nyarasaken kula”. Wong mau

1
kumawani matur mangkono amarga percaya manawa Gusti Yésus bisa
paring saras. Kanthi welas asih Gusti Yésus nanggapi panyuwuné wong
mau, ngulungaké asta lan ngandika: ”Iya Aku kersa; dadia resik”.
Wong kang budhugen mau nyuwun marang Gusti kanthi andhap
asoring ati déné Gusti Yésus ngatingalaké sih wilasa Dalem Allah.
Panyuwunan lan kersa Dalem Gusti nunggal nyawiji dadi siji. Wong mau
nyuwun kanthi ngasih-asih lan Gusti Yésus, kanthi welas asih minangkani
panyuwunané wong mau lan paring saras. Wong mau ora mung mari saka
lelarané ananging martabate minangka jejering manungsa uga kapulihaké.
Ana ing ngendi baé wong mau wis ora kudu bengok-bengok najis-najis
manèh. Ora kudu ndhéwé ana ing jaban pakuwon, ananging bisa ambyuk
manèh, urip bareng karo wong-wong liyané ing masyarakat wektu semana
(Waosan I: Kitab Lèwi 13:1-2.44-46). Sanajan wus dipenggak déning
Gusti Yésus supaya aja wewarta lelakon iku marang sapa baé, éwosemono
wong mau tetep wewarta apa kang dialami. Saka ing kéné kita bisa methik
maknané manawa wohing pangandel iku mawujud ing atur panuwun lan
paseksèn.

Para sadulur kang kinasih


Ora suwé manèh kita padha miwiti mangsa Prapaskah, wektu
mirunggan kanggo laku pamartobat. Kita kaajak sowan ingarsaning Allah
lan nyuwun sih wilasa Dalem srana laku tobat. Laku pamartobat iku
mesthi katon lan nyata ana ing tindak tanduk kita, yaiku gentur
sembahyangé, matiraga lan dedana, sarta pungkasané dimakuthani nampa
Sakramen Rekonsiliasi. Téma Prapaskah tahun 2024 iki, yaitu “Nunggal
Ing Sang Kristus, Tuwuh Angrembaka ing Pangandel, lan Mawoh ing
Paseksèn”. Kita diélingaké supaya tansah nunggal ing Sang Kristus,
amrih pangandel kita sangsaya ngrembaka lan kanthi mangkono kita
pantes kautus dadi seksi-seksi Dalem Sang Kristus. Téma Prapaskah iki
uga jumbuh karo pambudidayané Keuskupan Agung Semarang ing tahun
2024 iki, yaiku “Tinggal dalam Kristus dan Berbuah: Berjalan Bersama
untuk Formatio Iman Berjenjang dan Berkelanjutan”. Mawa laku tobat,
2
mangsa Prapaskah iki bisa uga dadi sarana kanggo nggladhi pangandel
kita. Manawa kita bisa ngayati mangsa Prapaskah iki kanthi tumemen, aku
yakin manawa kita bisa sangsaya raket karo Sang Kristus kang kersa
nandhang sangsara sarta séda kanggo keslametaning umat manungsa.
Wohing panunggalan kita karo Sang Kristus, yaiku pangandel kita bakal
tansah tuwuh ngrembaka sarta katon ana ing urip padinan dadi paseksèn
kita.

Para sadulur kang kinasih ing Sang Kristus


Salah sawijining wohing pangandel kita marang Sang Kristus, yaitu
kasedyan kita, minangka warganing masyarakat, mranata bangsa. Ing
kalodhangan iki aku ngélingaké para sadulur kabeh supaya migunakaké
hak pilih panjenengan kanthi becik lan wicaksana mbésok tanggal 14
Februari 2024, kanggo milih Présidèn, Wakil Pésidèn sarta wakil rakyat.
Para sadulur kang wis nduwèni hak pilih ora pareng GOLPUT. Ayo padha
migunakaké hak pilih kita kanthi wicaksana, lan milih sapa kang ana ing
sajeroning ati. Kang dadi pandoman anggon kita padha migunakaké hak
pilih, yaiku pitedahé Konferensi Para Uskup Indonesia (KWI), supaya kita
milih para pemimpin kang tetep setya lan ngugemi Pancasila lan UUD
1945, ngurmati bhinnéka tunggal ika, kapribadèné bisa diconto lan
tinuladha, ngemungké kepentinganing bangsa dudu kepentingané dhéwé
utawa golongané, preduli marang sing kasrakat, sèkèng, kasingkir lan
difabel, nduwèni rekam jejak kang becik, njunjung martabating umat
manungsa sarta njaga wutuhing alam tumitah. Kanggo para sadulur kang
pinarcaya dadi petugas pemilu muga bisaa migunakaké kapercayaan iki
lan nindakaké jejibahan luhur iki sak becik-beciké lan bisaa dadi paseksèn
minangka jejering murid-murid Dalem Sang Kristus.

Para sadulur kang kinasih ing Sang Kristus


Mungkasi nawala iki aku ngajak para sadulur kabeh supaya tansah
nyenyuwun ingarsa Dalem Gusti, muga-muga pemilu ing tanggal 14
Februari 2024 bisa kaleksanan kanthi becik, lancar, aman, tentrem
3
tinebihna saka sakèhing crah sulaya. Pilihan mbok manawa béda ananging
paseduluran tetep kudu dijaga. Ayo miwiti mangsa Prapaskah iki kanthi
tinarbukaning ati, tetep nunggal ing Sang Kristus supaya tinemu wohing
panunggalan iku ana ing urip padinan kita. Berkah Dalem

PRANATAN PASA LAN SESIRIK TAHUN 2024

Jumbuh karo apa kang kaserat ana ing Ketentuan Pastoral Keuskupan
Regio Jawa tahun 2016 pasal 138 No.2.b, pranatan bab pasa lan sesirik
katetepaké mangkéné:
1. Dina pasa tahun 2024 dileksanani ing dina Rebo Awu tanggal 14
Februari 2024 lan Jemuah Adi tanggal 29 Maret 2024.
Dina sesirik dileksanani ing dina Rebo Awu lan saben dina Jemuah
ing sajeroning mangsa Prapaskah nganti tekan Jemuah Adi.
Catetan:
Kanggo para sadulur kang pinarcaya dadi petugas pemilu,
manawa ora bisa ngleksanani pasa lan sesirik ing dina Rebo Awu,
bisa nindakaké pasa lan sesirik ing dina Kemis tanggal 15 Februari
2024.
2. Tegesé pasa, yaiku ing dina Rebo Awu lan Jemuah Adi mung
mangan sepisan. Kang wajib pasa, yaiku umat sing wis umur 18
taun nganti tekan umur 60 taun.
3. Tegesé sesirik, yaiku ora mangan daging lan dhaharan liyané sing
dadi karemenané ing dina Rebo Awu lan saben dina Jemuah ing
sajeroning mangsa Prapaskah. Miturut padatan Pasamuan Suci,
umat uga bisa nindakaké sesirik iki saben dina Jemuah ing
sajeroning setaun, kejaba yèn dina Jemuah iku ana Pésta wajib
utawa dina riyaya gedhe miturut kalender liturgi. Kang wajib
sesirik yaiku umat kang wis umur 14 taun lan sateruse.

4
Amarga pranatan bab pasa lan sesirik iki ènthèng, prayoga manawa umat,
sacara pribadi utawa bebarengan ing brayat utawa komunitas bisa
nemtokaké piyambak kanggo olah rohani pamartobat lan matiraga sing
cocok upamané:
a. Saben pribadi, brayat utawa komunitas biara nemtokaké wujud
matiraga (pasa lan sesirik) kang luwih migunani lan trep karo
swasana pribadi, brayat utawa komunitas.
b. Ing dina sesirik utawa dina-dina liyané, saben brayat utawa
komunitas biara bisa dhahar saliyané sega ganti bahan liyané.
c. Ing sajeroning 40 dina, sacara pribadi utawa bebarengan ing brayat
lan komunitas biara milih wujuding pamartobat sing migunani lan
ndayani kanggo urip kang luwih becik.
d. Saben pribadi, brayat utawa komunitas bisa awèh dedana kanggo
sapa baé kang mbutuhaké.
e. Saben pribadi, brayat utawa komunitas bisa ngisi mangsa
Prapaskah iki sarana gladhi rohani, kayata maos Kitab Suci,
nglelimbang renungan APP, rékoleksi/retrèt, sembahyang dalan
pamenthangan, nampa Sakramèn Rekonsiliasi (Tobat), mèdhitasi
(nglelimbang), utawa adhorasi (caos pakurmatan ing ngarsaning
Sakramen Maha Suci).
Téma APP tahun 2024, yaiku “Nunggal Ing Sang Kristus, Tuwuh
Angrembaka ing Pangandel lan Mawoh Ing Paseksèn”. Téma iki wis
kajlèntrèhaké ana ing buku panduan APP kang wus kacawisaké déning
Panitia APP Keuskupan Agung Semarang.

Semarang, 25 Januari 2024


Pèngetan Martobaté Santo Paulus, Rasul

† Robertus Rubiyatmoko
Uskup Agung Semarang
5
6

You might also like