You are on page 1of 2

NAMA :

NO URUT :

Wacanen Geguritan ing ngisor iki, kanggo wangsulan soal nomer 1-4!

Sekolahku
Dening : Slamet Riyadi
Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-Ibu guru

Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki


Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
Kareben ngesuk dadi wong kang ajimiguna tumprap bangsa lan nagari

1. Sapa kang ngripta geguritan ing nduwur?


Wangsulan :

2. Apai irah-irahan geguritan kasebut?


Wangsulan :

3. Tembung “panggonan” ing sajroning geguritan kasebut mujudake sesulih kanggo ?


Wangsulan :

4. Apa budi pakarti kang bisa dijupuk saka geguritan kasebut?


Wangsulan : _____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________

5. Gawea geguritan tema bebas!


Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa kang diarani macapat iku?


2. Sebutna 6 tembang macapat!
3. Jelasnna pengertian
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
4. Sebutna guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang Maskumambang!
5. Apa kang diarani cerita legendha iku?
6. Sebutna 3 judul cerita legendha!
7. Sebutna titikane cerita legendha!
8.

You might also like