You are on page 1of 14

MATPEL : BAHASA JAWA

Kelas : XII
Multiple Choice

Wacan 1 (kangge soal nomor 1–6)


Kiki bisa kasil mlebu SMA negeri ing kuthae, nanging ora sekolah kang favorit.
Atine mangu-mangu banjur sowan ing daleme Bu Gita minangka Guru BK SMP-ne.
Kiki : Kulanuwun.
Bu Gita : O, Kiki, kadingaren sore-sore. Kene-kene lungguh!
Kiki : Inggih, Bu. Nyuwun pangapunten saderengipun.
Bu Gita : Ora apa-apa kok. O iya, aku krungu kabar jare Kiki ketampa SMA negeri?

Kiki : Inggih Bu. Nanging mboten SMA ingkang favorit. Raosipun kirang
mantep.
Bu Gita : Padha wae. Lha, ngapa ta?
Kiki : Wonten ingkang ngendika bilih saking SMA mboten favorit rekaos ketampi
dhateng PTN Bu.
Bu Gita : Sapa sing kandha? Gene Dika kae ketampa PTN lewat jalur SBMPTN.
Kiki : Inggih Bu, kula nggih mireng.
Bu Gita : Wis, waton atimu mantep, duwe karep, lan sregep wis mesthi bisa.
Kiki : Nggih Bu.

1. Basa sing digunakake dening paraga Kiki, yaiku …


A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. ngoko lan krama
D. ngoko alus
E. krama alus
ANS: E
2. Bab kang dadi sumelange Kiki manut wacan ing dhuwur, yaiku …
A. ora ketampa SMA
B. suwe kuliah
C. angel mlebu PTN
D. gagal olehe tes
E. ora bisa lulus \
ANS: C
3. Manut wacan ing dhuwur, carane supaya Kiki kasil mlebu PTN, yaiku …
A. ragate cukup lan sregep
B. atine mantep, duwe karep, lan sregep
C. kudu sregep makaryo
D. sinau kanthi sengkut
E. golek ragat sing akeh
ANS: B
4. Latar wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Sekolah, sore, sedhih
B. sekolah, awan, sumelang
C. omah Bu Gita, wengi, seneng
D. omah Bu Gita, sore, sumelang
E. omah Kiki, sore, sedhih
ANS: D

5. Amanat wacan ing dhuwur yaiku…


A. kudu yakin marang pilihane dhewe
B. kudu awas marang omongan wong
C. ora nglakoni kahanan kang durung jelas
D. ora perlu nglakoni kang dudu senengane
E. ora perlu sedhih yen durung ketrima PTN
ANS: A

6. Basa sing digunakake dening paraga Bu Gita, yaiku …


A. Ngoko lugu
B. krama lugu
C. ngoko lan krama
D. ngoko alus
E. krama alus
ANS: A

7. Adi : “kowe apa wis nggawa buku gawe sinau mengko?”


Rani : “durung, aku nyilih motormu, gawe njupuk buku Di!”
Saka kutipan ing ndhuwur, basa sing digunakake dening Adi yaiku ...
A. Ngoko alus
B. Krama alus
C. krama lugu
D. Krama deso
E. Ngoko lugu
ANS: E

8. Petruk : “Ben, takaturna Bapak. Isin aku, mosok bola-bali aku ditimbali Pak
Guru merga sampeyan, ta dhik, dhik. Mbok aja ngono, mesakake
Bapak karo Ibuk, ta dhik, dhik.”
Ibu : “Uwis, ta uwis. Ora pareng tukaran. Karo sedulur kok ora rukun.”
Bagong : “Ya, Petruk iku sing crigis. Sok ngatur lah, sok nuturi. Kaya dewa,
bener benera dhewe ae.”
Ibu : “Wis hayo, mature sing apik. Ora pareng njambal karo mase.”
Paraga ing ndhuwur sing kalebu paraga antagonis yaiku ...
A. Bagong
B. Ibu
C. Petruk
D. Ibu lan Bagong
E. Ora ana
ANS: A

9. Aldo : “Heh, bocah-bocah wes padha latiyan drama Bahasa Jawa,


kelompoke awake dhewe piye?”
Deni lan Parman : “Trus gue harus bilang wow gitu ? wow”
Aldo : “Heladalah, iki tenanan lho!”
Parman : “Lha kowe dhek wingi menyang ngendi wae?”
Aldo : “Nyapo aku sing kok takoni?”
Deni : “Lha wayahe kan kelompok, kowe ya wis diomongi!”
Aldo : “Kapan anggonmu omong?” ( wiwit nesu )
Paraga utama sajrone petikan drama ing ndhuwur yaiku ....
A. Deni
B. Aldo lan deni
C. Aldo
D. Parman
E. Kabeh
ANS: C

10. Sule : “apa! oh tidak munggkiin! Maksude bangrut? ora urusan! Pokoke
kudu tuku Hp! Titik!!”
Bapak : ( Brakkkk!!) “We!!, ora usah ngeyel, mbok ya ngerti kahanane wong
tuwa sithik ngono lho!”
Sule : “ning . . . ning . . ak aku. .”
Pitutur sing kepengin disampekake pangripta saka drama ing ndhuwur
yaiku ....
A. Dadi bocah kudu prasaja
B. Dadi bocah kudu bekti marang wong tuwa
C. Dadi bocah kudu wicaksana
D. Dadi bocah kudu bisa nriman
E. Dadi bocah kudu eling kahanan
ANS: B

Wacan 2 (kangge soal nomor 11–15)


Lutung Kasarung
Kacarita, sawijining kraton ing tlatah Jawa duk nalika semana, Raja Tapa
Agung arep lengser keprabon amarga yuswane wus sepuh lan wus ora kuwawa
maneh anggone mimpin kratone.
Raja : Aku rumangsa wus ora kuwawa maneh anggonku dadi ratu. Aku rumangsa
ora sanggup maneh.
Patih : Paduka taksih kiat. Paduka taksih strong. Paduka taksih ROSA! ROSA!
Raja : Aku wis mumet mikirke konflik antarane KPK (Komisi Pengamanan
Kerajaan) lan FPB (Forum Pasukan Berkuda).
Patih : Sinaosa kasus menika kadlarung-dlarung, sampun ndadosaken Paduka
nglokro.
Raja : Patih, aku ora nduwe anak lanang. Aku mung nduwe anak wadon loro,
yaiku Purbararang lan Purbasari. Yen miturutmu sapa sing pantes nggenteni
aku, Patih?
Patih : Kula mboten ragu malih Gusti, temtu kemawon Putri Purbasari.
Piyambakipun tansah pikantuk juwara setunggal dhateng sekolah,
piyambakipun ugi pinter masak, lan mboten remen pacaran.
Raja : Lha yen anakku Purbararang?
Patih : Menawi Putri Purbararang ngawatiraken sanget, saben dinten namung
online, instagraman, kaliyan remen gonta-ganti pacar.
Raja : Okelah yen ngono, undangen kabeh pejabat kerajaan, dina iki uga aku
arep nganakake upacara lengser keprabon.

11. Basa sing digunakake dening paraga Raja, yaiku …


A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. ngoko lan krama
D. ngoko alus
E. krama alus
ANS: A

12. Bab kang dadi sumelange Raja manut wacan ing dhuwur, yaiku …
A. Mumet mikirke konflik ing njero kerajaan
B. Mikir ora duwe anak lanang
C. Wus ora kuwawa maneh anggone mimpin kraton
D. Mikir Putri Purbararang kang nambah ngawatirake
E. Nemtokake upacara lengser keprabon
ANS: C

13. Latar wacan ing dhuwur yaiku ...


A. Kraton lan kamar raja, sedhih
B. kamar raja, sumelang
C. kamar raja, seneng
D. kraton, sumelang
E. kraton, sedhih
ANS: D

14. Tembung lengser keprabon duweni teges ...


A. Ganti kepemimpinan
B. Pindah kraton
C. lengsere kerajaan
D. ganti kerajaan
E. pension
ANS: A

15. Ukara-ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ..
A. Adhikku senengane ngunjuk es dhawet.
B. Kucing anggoraku saben dina dhahare daging ayam.
C. Sampean badhe dhateng pundi?
D. Eyang lagi wae sare.
E. Saben sore pitikku nek tilem ing kandhang mburi.
ANS: D
16. Pak Har : “Boten. Kula boten saged matur kathah, Bu. Benjing senin kemawon
Bapak kersanipun tindak sekolahan.”
Ibu : “Inggih, inggih. Matur nuwun, Pak.”
Cecaturane paraga Pak Har nggunakake basa ....
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama desa
E. Krama alus
ANS: E

17. Pak Guru : “Lha ya ngono, lek gotong royong bareng kan bisa apik asile.”
Nipon : “Kula nyuwun pangapunten, Pak. menika sampun boten sopan
kalihan bapak.”
Geneya paraga Nipon nggunakake basa krama alus ...
A. Amarga pak guru karo Nipon wis raket banget
B. Amarga Pak guru karo Nipon ora raket
C. Amarga pak guru luwih tuwa tinimbang Nipon lan wis raket
D. Amarga pak guru luwih tuwa lan ora raket banget
E. Amarga pak guru luwih tuwa lan drajate luwih dhuwur
ANS: E

18. Ina : “Ika ewangi aku ngerjakake soal iki? Aku ora bisa.”
Ika : “Sepurane Ina, lek susah aja ajak-ajak. Ayahku wis nyusul. ”
Ina : “Kok ngono ta? Kowe kancaku apa dudu?” (karo nggebrak meja)
Ika : “Ayahku wis teka, gak usah mangkel kaya ngono! Susah kok ngajak-
ngajak.”
Pitutur sing kepengin disampekake pangripta saka drama ing ndhuwur
yaiku ....
A. Kekancan mesthine ora tukaran
B. Kekancan mesthine tulung-tinulung
C. Kekancan kudu ngerti empan-papan
D. Kudu ngandalaken kapentingan
E. Kudu ngandalaken wong liyo
ANS: B

Bapakku
Dening: Silvi Nurul W.
Arip bali mulih bebarengan karo kanca-kancane. Arip meruhi bapake lagi
ngresiki sampah ana ing kali. Arip mandheg. Dheweke ora wani mbacutake
lakune. Dheweke isin tur campur bingung. Mengko yen bapak nyeluk dheweke
piye? Rak ya kanca-kancane padha ngerti yen bapake mau tukang sampah. Ora
suwe bapake Arip ngalih. Ngusungi sampah ing gerobag. Sawise tekan omah Arip
meneng.
Dheweke nyawang ibune. Sabubare nyawang ibune, Arip nangis. Ibune
bingung, geneya kok Arip nangis. Apa omongane mau kasar. Nganti gawe anake
nangis? Nanging rumangsane ya ora kasar olehe ngomong mau. Ibu terus takon
menyang arip,
“Hlo, le, cah bagus, kok nangis iki piye ta? Apa omongane ibu
mau kasar?”
“Boten kok bu, hu hu hu” jawabe Arip
“Lha terus apa sing kok tangisi?”
“Bapak bu huhuhuhuhuhuhu” jawabe Arip
“Geneya bapakmu Rip?” pitakone ibu rada bingung.
“Boten kenging menapa-menapa bu”
“Hla piye ta Rip? Aja gawe ibumu bingung ta Le, coba genahna
neng ibu supaya ibu ngerti apa sing kok karepake”
“Arip isin bu, bapak dados tukang sampah” jawabe Arip.
“Hla piye, coba saiki delengen. Bapakmu dadi tukang sampah iku
gaweyan kang mulya banget. geneya kok ibu ngarani mulya? Yen ora ana
bapakmu lan kanca-kancane sing ngresiki sampah, kaya apa dadine kahanan
kiwa tengenmu? Sampah ana ngendi-endi, dirubung laler, ambune ora enak.
Malah-malah bisa nyebabake penyakit lan marai banjir. Yen diumbar-umbar
sampah kang numpuk akeh iku mau nyepet-nyepeti panyawangmu. Bener apa
ora?”
Arip mung meneng wae, ora wani wangsulan. Dheweke rumangsa
luput banget yen isin karo penggaweyane bapake. Bener apa kang
dingendikakake ibune. Lapo kok dheweke isin? Malah-malah durung angger
wong gelem dadi tukang sampah. Yen ora ana bapak lan kanca-kancane bapak,
kaya apa dadine? Sampah morat-marit ing ngendi-endi. Marai penyakit, marai
banjir. Pungkasane Arip sadar yen apa kang dipikirake sasuwene iki pancen
luput, kamangka dheweke nduweni tekad yen bakal nrima apa anane kahanan
bapake.
19. Tema sing kinandut saka cerkak ing ndhuwur yaiku ....
A. Pepenginan
B. Katresnane wong tuwa
C. Parjuangane wong tuwa
D. Kekancan
E. Salah pangertene bocah
ANS: E

20. Alur cerkak ing dhuwur, yaiku …


A. Mundur
B. Maju
C. Campuran
D. Mundur-maju
E. Flashback
ANS: B

21. Isine pitutur paraga Ibu marang Arip yaiku ....


A. Ora oleh nangis
B. Pakaryane wong tuwa iku kanggo anak
C. Sampah ana ngendi-ngendi
D. Apa kang ditindakake bapake iku pakaryan kang mulya banget
E. Dadi bocah kudu nriman
ANS: D
22. Bab-bab sing mbedakake cerkak karo novel, ing antarane ....
A. Cerkak iku paragane winates, novel iku critane cekak
B. Cerkak iku dhawane antarane 1-5 kertas folio, novel iku paragane winates
C. Cerkak iku ana paraga utama lan panyengkuyung, novel iku mung paraga
panyengkuyung
D. Cerkak iku wujude gancaran, novel iku wujude tembang
E. Cerkak iku kasusun saka sak alur crita, novel iku kasusun saka akeh alur
crita
ANS: E

23. “Ran, kowe ngerti sapu kelas ana ing ngendi?” pitakone Ira marang Rani.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep yaiku ....
A. Ira takon marang Rani menawa sapune ilang
B. Ira takon marang Rani menawa ngerti sapu kelas ana ngendi
C. Ira takon marang Rani yen ngerti sapu kelas
D. Ira takon marang Rani yen ngerti sapu kelas ilang
E. Ira takon marang Rani manawa ngerti sapu kelas
ANS: B

24. Ing ngisor iki sing kalebu alesane Arip rumangsa isin yaiku ....
A. Bapake ora nyambut gawe sing bener
B. Pakaryane bapake marai ngisin-ngisini
C. Diseneni ibuke bab pakaryane bapake
D. Weruh bapake dadi tukang sampah ing ngarepe kanca-kancane
E. Mlaku karo kanca-kancane
ANS: D

25. Titikane ukara kanda yaiku ....


A. Ukara sing cara nyampekake kanthi ora langsung
B. Nduweni tembung panggandeng
C. Trep jejer, wasesa, lan lesane
D. Nggunakake tanda wacan pethik loro (“)
E. Nggunakake tanda wacan titik
ANS: D

26. Titikane ukara crita yaiku ....


A. Ukara sing cara nyampekake kanthi ora langsung
B. Nduweni tembung panggandeng
C. Trep jeje, wasesa, lan lesane
D. Nggunakake tanda wacan pethik loro (“)
E. Nggunakake tanda wacan titik
ANS: A
Wacan 4 (kangge soal nomor 22–27)
................................................................................
Sadalan-dalan kanca-kanca campursari padha cekakakan. Mung Joko sing
kelangan guyu. Dheweke mung mesam mesem cilik nadyan semu kepeksa.
“Lan.. mengko aja nyanyi Wuyung utawa Weke Sapa, ndhak Joko ora bisa
ngendhang,” tembunge Bagus karo isih mbeda.
Joko nyikut bangkekane Wulandari. Sing dibingungake Joko, nasibe sing repot.
Yen Hardi ditangkep polisi, mengko bengi iki uga dheweke kudu menyang Wonogiri
nglamar Sriasih, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Joko. Pikire wong-wong
mesti iki pangudine Joko anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak
orkes “Nyidham Sari” padha mangerti persaingane Joko karo Hardi rebutan sindhen
campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Sriasih, lha njur Wulandari
piye? Loro-lorone sindhen campursari.
“Ana apa ta mas?” pitakone Wulandari alon, karo mesem.
Joko mung mengo karo nggleges, “Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik
nggregetne,” celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli.
Wulandari mesem karo njiwit lengene Joko. Sing dijiwit isih bingung.

27. Tema cerkak ing dhuwur yaiku ...


A. cecongkrahan
B. katresnan
C. adat masyarakat
D. kabudayan
E. kekancan
ANS: B

28. Watak paraga Joko yaiku …


A. welas asih
B. setya
C. ora bisa teges
D. wicaksana
E. atos
ANS: C

29. Manut cerkak ing dhuwur pakaryanane paraga Joko, yaiku ...
A. pemaen orkes
B. pranatacara
C. sastrawan
D. penganggit seni
E. sindhen
ANS: A

30. Perkara kang dibingungi Joko ing cerkak dhuwur, yaiku....


A. saingan marang sindhen campursari
B. milih wong wadon kang padha-padha diaboti
C. rebutan karo Hardi
D. nyimpen tresna marang Wulandari
E. kepengin ngerebut Sriasih saka Hardi
ANS: B

31. Pungkasan cerkak ing dhuwur, yaiku ..


A. Seneng
B. Bingung
C. seneng campur bingung
D. sedhih
E. nggantung
ANS: E

32. Tembung pangudi ing wacan dhuwur duweni teges …


A. Usaha
B. gawean
C. tingkah polah
D. siasat
E. akal
ANS: A

33. (1) tema


(2) tokoh
(3) latar masyarakat
(4) latare pangripta
(5) pamawas
Kang kalebu unsur-unsur intrinsik cerkak, yaiku …
A. 1, 2, 3
B. 2, 3, 4,
C. 1, 3, 5
D. 1, 2, 5
E. 3, 4, 5
ANS: D

34. Kalungguhane pengarang ing sajroning crita, yaiku ...


A. Tema
B. Alur
C. Pamawas
D. Tokoh
E. latar
ANS: C

35. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane cerkak, yaiku …
A. Wujude gancaran
B. Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing masyarakat
C. Ngandhut piweling, pitutur, pasemon, lan sapanunggalane
D. Nyeritakake akeh perkara
E. Dawa crita ing antarane 1-5 kertas folio
ANS: D

Wacan 5 (kangge soal nomor 28–32)


Gawe Undang-Undang
Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon ing
kutha. Ing sawijine esuk, Dodi ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone numpak mobil
lan Allan sing nyetir. Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan
tetep bablas mlaku. Dodi banjur ngomong karo Allan.
Dodi : Lampu abang kok mlaku terus?
Allan : Alah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe Undang-Undang kok.
Dodi : Kepiye carane? Sing gawe Undang-Undang rak ya DPR karo pamarintah, ta?
Allan : (minggirake mobile)
Dodi : Geneya kok minggir?
Allan : Arep mangsuli pitakonanmu kuwi.
Dodi : Geneya kok kudu minggir?
Allan : (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur ngetokake dompet
sing dhuwite kandel banjur diselehke ing ngarepe Dodi) Iki wangsulane!
Dodi : Oh…!!! (Dodi mangerteni maksude Allan)

36. Abstraksi saka teks anekdot irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku …


A. Allan ngetokake dompet sing dhuwite kandel.
B. Dodi takon marang Allan kepiye carane gawe Undang-Undang.
C. Allan nyopir mobil banjur nindakake pelanggaran.
D. Ing prapatan bangjo, nalika lampu abang Allan tetep mlaku.
E. Dodi dolan menyang omah sepupune sing aran Allan.
ANS: E

37. Orientasi saka teks anekdot irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku …


A. Dodi takon marang Allan kepiye carane gawe Undang-Undang.
B. Allan nyopir mobil banjur nindakake pelanggaran.
C. Ing prapatan bangjo, nalika lampu abang Allan tetep mlaku.
D. Dodi karo Allan budhal tuku sarapan numpak mobil.
E. Dodi dolan menyang omah sepupune sing aran Allan.
ANS: D

38. Krisis saka teks anekdot irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku …


A. Dodi takon marang Allan kepiye carane gawe Undang-Undang.
B. Allan nrobos lampu abang, banjur Dodi takon marang Allan, “Lampune
abang, kok, mlaku terus?”
C. Dodi karo Allan budhal tuku sarapan numpak mobil.
D. Allan ngetokake dompet sing dhuwite kandel.
E. Dodi dolan menyang omah sepupune sing aran Allan.
ANS: B

39. Reaksi saka teks anekdot irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku


A. Allan ngetokake dompet sing dhuwite kandel.
B. Dodi takon marang Allan kepiye carane gawe Undang-Undang.
C. Allan nyopir mobil banjur nindakake pelanggaran.
D. Ing prapatan bangjo, nalika lampu abang Allan tetep mlaku.
E. Dodi dolan menyang omah sepupune sing aran Allan.
ANS: A

40. Koda saka teks anekdot irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku …


A. Allan ngetokake dompet sing dhuwite kandel.
B. Dodi takon marang Allan kepiye carane gawe Undang-Undang.
C. Dodi mangerteni maksude Allan.
D. Ing prapatan bangjo, nalika lampu abang Allan tetep mlaku.
E. Dodi dolan menyang omah sepupune sing aran Allan.
ANS: C

41. Urut-urutan teks anekdot sing bener, yaiku …


A. Orientasi-abstraksi-krisis-reaksi-koda
B. Krisis-abstraksi-orientasi-reaksi-koda
C. Abstraksi-orientasi-krisis-reaksi-koda
D. Abstraksi-orientasi-koda-krisis-reaksi
E. Abstraksi-reaksi-orientasi-koda-krisis
ANS: C

42. Lina : kowe menehi panganan apa marang garwamu?


Tukimi : dak wenehi TTS
Lina : apa iku TTS, aku wae iwak pithik
Tukimi : iku loh TTS, Tahu Tempe Sambel
Lina : hoalah mesakake ....
Teks ing ndhuwur ora kalebu anekdot amerga ....
A. Ngandharake pasemon
B. Ngandharake sindiran
C. lucu
D. ngandharake bab kemasyarakatan
E. ora duwe pitutur
ANS: E

43. Ing sawijine pos satpam, ana pawongan sing arep nglamar kerja,
Satpam : geneya kowe arep nglamar kerja dadi satpam
Pelamar : kula pengin pados pengalaman Pak.
Satpam : bisa kerja wayah wengi? Sanggup?
Pelamar : saged banget Pak, kula makarya dalu sampun pengalaman.
Satpam : geneya kowe pengin dadi satpam? Pengalaman wis an dadi
satpam?
Pelamar : kula pengin dados satpam amergi tiyang-tiyang samenika remen
melekan Pak, kan ngirangi mata pencaharian kula, kula pingin nambah kawruh
ngenani masyarakat Pak, supaya mata pencaharian kula boten ical.
Satpam : loh emange kerjamu apa sadurunge?
Pelamar : MALING Pak!!
Saka teks ing nduwur kalebu teks anekdot amerga ....
A. Ngandharake pasemon
B. Ngandharake sindiran lan lucu
C. Lucu
D. Ngandharake bab kemasyarakatan
E. ora duwe pitutur
ANS: B

44. Ing ngisor iki sing kalebu teks anekdot, yaiku ...
A. Macan iku kalebu kewan mamalia. Dhuwure bisa nganti udakara 1,5 meter,
dawane udakara 3,4 meter, lan bobote bisa nganti 300 kg.
B. Senajan pamarintah wis gawe UU kanggo nglindungi kewan langka,
ananging tetep wae kewan tartamtu saya punah. Apa maneh saiki ana
jaringan dol tinuku kewan langka antar nagara.
C. Reuni lagi dianakake ing sawijining sekolah. Hendra takon marang Rendy
kancane sabangku biyen, “Ren, awakmu saiki dadi pejabat ya?” takone
Hendra. “Kok awakmu ngerti?” wangsulane Rendy. Hendra banjur kandha,
“Ya ngertilah, lha praupanmu kaya dhuwit.” Hendra lan Rendy langsung
ngguyu bareng. Kahanan sansaya regeng.
D. Kabeh wis padha ngerti menawa pendidikan formal kuwi wigati. Anaging,
pengalaman uga nggawa pangaribawa tumrap kesuksesan saliyane
pendidikan formal.
E. Akehe cacahe pendhudhuk ndadekake sansaya akehe madeg pomahan,
pabrik, perkantoran, lan sapiturute.
ANS: C

45. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane prastawa dumadi,
diarani ....
A. Abstraksi
B. Orientasi
C. Krisis
D. Reaksi
E. koda
ANS: B

46. Perangan kang nuduhake kepriye pagripta ngrampungake prakara kang


dumadi, diarani ....
A. Abstraksi
B. Orientasi
C. Krisis
D. Reaksi
E. koda
ANS: D

47. Ing ngisor iki sing kalebu titikan kabasan teks anekdot, yaiku ....
A. Ngandhut pesen moral
B. Ngemot celathunan
C. Ora nganggo tembung panggandheng
D. critane saben dina
E. crita bebrayan masyarakat
ANS: A

48. Wacanen teks ing ngisor iki !


1) Bu Guru dadi mesem
2) “Sapa sing bisa menehi pepindhan kanggo problema ukum ing bangsa kita?”
pitakone bu Guru menyang murid-murid
3) Bu Guru takon “geneya sinebut ukum kantong kresek?”
4) Ora suwe banjur sawijine murid mangsuli kanthi rupa serius
5) “Ukum kantong kresek Bu,” ature murid kuwi
6) “Mung bisa ngrampungaken kasus alit Bu, menawi kasus ageng boten
sedeng (muat)”
Susunan ukara-ukara ing ngisor iki sing bener yaiku ....
A. 1-2-3-4-5-6
B. 1-3-5-6-2-4
C. 2-4-5-3-6-1
D. 2-4-5-3-1-6
E. 2-4-5-1-3-6
ANS: C

49. Ing sawijine kelas


Bu Guru : cah dina iki kita bakal ngrembug bab teks cerkak, ana sing ngerti
cerkak iku apa?
Murid : kula Bu, cerkak menika cerita cekak
Bu Guru : tegese wis ngerti kabeh, saiki coba gaweya cerkak rong lembar
folio, 20 menit cukup ya, wis ndang digarap saiki!
Murid : nggih Bu
Bu Guru : temane bab kekancan, kekancan iku wigati banget cah, wingenane
aku tepung karo kancaku, dheweke iku saiki wis dadi dosen,
montore mewah #@%^$@*&%$&**^% (sawise 20 menit, murid-
murid isih ngrungokake bu Guru ndongeng....) wis rampung cah?
Saiki dikumpulna!
Murid : dereng Bu, lah niku wau....
Bu Guru : ora usah alesan, wis ayo gek dikumpulake!
Pungkasane murid padha mangkel lan ngumpulake kertas kosongan, biji
sakelas dadi ala kabeh.
Sing kalebu orientasi saka teks ing ndhuwur yaiku ....
A. Bu guru ndongeng ing kelas
B. Bu guru ndongeng ing kelas lan siswa mung bisa ngrungokake
C. Bu guru njaluk garapane dikumpulake
D. Bu guru nesu, muride kakehan alesan
E. Bu guru nerangake materi sing bakal dirembug, lan ngakon muride
nggarap
ANS: E
50. Ahmad : Sapa sing yen mlaku duwe sikil loro, menawa mandheg duwe sikil
papat?
Ratri : Ehm... sapa ya?
Ahmad : Bakul sate pikulan.
Teks kasebut ora kalebu teks anekdot, amarga …
A. ora ana pesen moral
B. ora ana tembung panggandeng
C. ana amanat
D. critae lucu
E. ana sindiran
ANS: A

You might also like