You are on page 1of 1

LELAYU

Jumat Wage, 2 Februari 2024


Mugi Katur Panjenenganipun,

Bp/Ibu/Sdr. ___________________

Pidalem Ing ___________________


Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kalepatan nyerat asma, gelar tuwin alamat

Inna Lillahi wa inna Illaihi Roji’un


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, ngaturi wuningo bilih sampun kapundhut wonten ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Moho Kuwaos, panjenenganipun:

Alm. Bp. LEGINO HARJO MULYONO


Yuswo 55 Tahun
Rikolo:
Dinten : Jumat Wage
Suryo : Kaping 2 Februari 2024
Wanci : Tabuh 03.00 WIB
Wonten ing : RS Mitra Keluarga Pedan
Amargi : Gerah sakwetawis wekdal

Ewadene layon badhe kasareaken/kamakamaken:


Dinten : Jumat Wage
Suryo : Kaping 2 Februari 2024
Wanci : Tabuh 13.00 WIB (1 siang)
Bidal Saking : Griyo Dhukito Dk. Kwageyan RT 19, RW 06,
Bulusan, Karangdowo
Wonten ing : Makam Margo Mulyo Dk. Kwageyan

Menggah mekaten pawartos duhkito meniko kulo aturaken. Hambokbilih rikolo


sugengipun Almarhum hanggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedoyo, keluarga
tansah nyuwunaken pangapunten. Lan nyuwun donga pamuji mugi dipun paringi
pangapuro sedaya kalepatanipun, dipun paring ganjaran sedaya amal kesaenaipun,
arwahipun tinampi wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, dipun golongaken umatipun
ingkang iman lan taqwa ugi hanggadahi amal ingkang sae. Aamiin.

Wasana borong amrih waradinipun pawartos dhuhkito puniko dhumateng para


sanak sedherek soho mitra patepangan.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang Nandang Dhukito:


1. Bp./Ibu Hadi Minarjo Tiyang Sepuh
2. Ibu Waginem Garwo
3. Agung Muryanto Putro
4. Adi Setiyawan Putro
5. Toma Dimas - Dwi Putro
6. Nabila Dwi Putro
7. Sedoyo Warga Dk. Kwageyan RW 06, Desa Bulusan

You might also like