You are on page 1of 3

BIDHALING LAYON

Audzubillahiminas syaitonnirrojim
Bismillahirohmannirrohim
Assalamu’alaikum Wr Wb
Alhamdulillah…
Alhamdulillahirobbil’alamin
Washalatu ‘ala ambiya’i wa mursalim
Sayidina muhammadin wa’ala alihi wa shobihi ajma’in. ama ba’du.
Dhumateng para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating nagari
minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan, para pambela sungkawa
kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika kula piniji dening para kulawarga
panandhang inggih puniko Bp. Ngadimo Mardi Mulyono sak sedherek Kinen njejeri
minangka pambiwara wontenipun tata upacara badhe bidhaling layon sedanipun almarhummah
Simbah Lasiyem Kromo Pawiro.

“INNALILLAHI WA INNA LILLAIHI RAJI’UN”


Sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi almarhumah Simbah Lasiyem Kromo
Pawiro awit saking lantaran nandhang gerah wekdal. Ingkang punika sak sampunipun
pangruktining layon sampun paripurna keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhukita
inggih panjenenganipun Bp. Ngadimo Mardi Mulyono sak sedherek ing hari kalenggahan
punika dipun wonteni tata upacara sawatawis ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan
Kwaron.
Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga dhumateng para pambela
sungkawa kakung putri tansah kula derekaken hangluhuraken asmaning Gusti ingkang Maha
Kuwaos, karana rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula, saengga taksih saged ndherek bela sungkawa kanthi pinayungan karaharjan
tebih ing sambikala.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsono, wahyaning mangsa
kala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados sampun
karakit dening kulawarga, ingkang punika :
Pranata adicara ngaturaken reroncening adicara :
1. Ingkang sepindhah pambuka
2. Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko pangrupti layon soho sholat jenazah
3. Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko tanggap pasuryan, ingkang sakmangke dipun
pratitisaken dening Bp …………………………………………….

4. Adicoro Ingkang kaping sekawan atur pambagyo Harjo yuwono, ingkang sak mangke nyuwun
gungan dhumateng Ingkang ngasta songsong Agung Ing Desa Karangdowo, Bp. Kepala Desa,
Bp Sri Hartanto S.Pd
5. Acara ingkang kaping sekawan inggih menika atur panglipur, mahasinul Mayyit saha Donga
bidhaling layon dening tetuwonggo ingkang piniji inggih Panjenenganipun Bapa H. Purwanto,
B.A
6. Acara kaping enem “Paripurnaning upacara pratandha yekti bidhaling layon, sakmangke
keparengipun keluarga dipun wontenaken adicoro brobosan
Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, makaten reroncening adicara
ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.
Kangge morwakani adicara ingkang sepindhah inggih punika pambuka sumangga kita
miwiti kanthi maos basmalah ingkang angrasuk agami Islam, wondene ingkang anggadhahi
kapitadosan sanes kawula sumanggakaken.
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
Mugi-mugi kanthi waosan basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara
pametaking layon ing siang punika saget lumampah kanthi wilujeng purwa madya dumugi
wusananipun. Aamiin

Saparipurnaning pambuka kalajengaken adicara Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko
pangrupti layon soho sholat jenazah, caos wuningo dhumateng para asum pambela sungkawa
bilih pangupti layon soho sholat jenazah sampun kalampahan kanti wilujeng dening para
tetuwangga saha keluarga lan sanak sedherek. Ingkang meniko sumonggo kalajengaken
lumebet wonten ing adicoro ingkang ongko 3, inggih puniko TANGGAP PASURYAN.
Dhumateng ingkang piniji mratitisaken adicoro tanggap pasuryan meniko kasuwun enggal
saego gati ngayahi jejibahan.

Dhumateng putro, wayah, buyut para sedherek, mitra patepangan ingkang bade ningali
pasuryanipun Almarhummah Simbah Lasiyem Kromo Pawiro Kasumanggaaken lumebet
wonten ing griyo dhukito.
Adicoro tanggap pasuryan sampun kalampahan kanti lancer saha wilujeng, selajengipun
monggo kita ngancik wonten ing adicoro ingkang ongko 4 inggih puniko atur pambagyaharja.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan, nadyan
panjenenganipun Bp. Mardi Mulyono sak sedherek ing wekdal punika raosing manah mboten
saget ginambaraken karana kawontenan ribet saha bebeg, parandene keparengipun sedya badhe
matur wonten ngarsa panjenengan nun inggih atur pambagya yuwana miwah atur panuwun
karana bebeging manah mboten kuwawa matur amung kandheg wonten ing madyaning jangga,
pramila ingkang piniji minangka sulih salira mboten wonten malih kejawi panjenenganipun
Ingkang ngasta songsong Agung Ing Desa Karangdowo, Bp. Kepala Desa Karangdowo, Bp Sri
Hartanto S.Pd
Dhumateng Bpk Bp Sri Hartanto S.Pd Wekdal kasumanggakaken.
###################################### JEDA#############
Para pambela sungkawa, para ta’ziah, ta’ziin ingkang kinurmatan kanthi terwaca cetha atur
pambagyaharja saking Bpk Bp Sri Hartanto S.Pd
Minangka sulih salira kulawarga panandhang, ingkang salajengipun ngancik panglipur,
mahasinul mayyit kalajengaken Doa Jenazah dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating
panembah, pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene ingkang nyalirani nun inggih
panjenenganipun Bpk. H. Purwanto, B.A dhumateng Bpk H. Purwanto, B.A Wekdal sak
cekapipin kasumanggakaken. Sumangga nun.
############ JEDA ###############
Para pambela sungkawa ingkang pantes sinudarsana paripurno adicoro Atur Panglipur
soho doa Jenazah kalajengaken adicoro angkating kendogo loyo tumuju dhumateng palataran,
dhumateng panjenenganipun
1
2
3
4
5
6
Kepareng manggul kendogo loyo dhumateng palataran katampi dening
1
2
3
4
Kabantu kadang kadang kaneman Pamudi Kwaron ingkang dipun pandhegani Raka Mas
Sartana

Sakderengipun dipun bidhalaken dhumateng putro wayah, buyut ingkang bade nglampahi
adicoro brobosan kasumanggakaken.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan layon menika
samangkih badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing makam sasono loyo Dk Kwaron kirang
langkung 200 m mangetan. panyuwunipun para panandhang hambok bilih para pambela
sungkawa mboten wonten pambengan kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi
ing pemakaman. wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulowarga panandhang hamung
saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

Salajengipun kendogo loyo kabidhalaken kanthi waosan tahlil La ilaha illalah 3x

Kulo minangka pranata adicara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening
adicara wonten kiranging trap sila, subasita miwah kiranging basa tuwin sastra karana budi
dhayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasti
mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama. Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal
hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr Wb

You might also like