You are on page 1of 3

NAMA= SILVIA AL KHANZA

UMUR = 9 TH
TANGGAL LAHIR = 28 – 04 – 2014
Alamat = Genuksari, RT 05, RW 07
Sekolah = SDN Gebangsari 01
Kota = Semarang

CRITO KANCIL KARO BOYO


Ana ing sawijing dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir
kali. Dhewe lagi susah mergane wetenge krasa luwe wis wiwit
wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan. Lho kok bisa
kancil ora mangan wiwit wingi? Critane kaya ngene iki.
Desane kancil saiki lagi ono pagelabuk. Timun – timun sing
ditanduri PAK Tani padha cmati gabung. Kumangka ngerti
dhewe ta, timun kuwi rak panganan kancil to. Wong sak desa
uga padha gumun, kok bisa tanduran timune padha mati
gabug senajan ora ungsum ketiga. Udan tetep mudhun saka
langit. Kali pinggir desa yo ora asat, malah luwih akeh.
’’wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus ’’, ugeme kancil
karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine.
’’ woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing
gabug. Sial ….. jan tenan siale,’’ batine kancil saya mangkel
atine.
Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger
desa kuwi kancil karo kelinci . Kelincine katon bagas waras
nandhakake dheweke war’eg . ‘’ Lho, Cil, ‘’ana apa kowe kok
katon lemes ,’’ kelinci ngaruh - aruhi kancil. ’’ Apa durung
mangan kowe cil , ’’ kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri
karo rada nesu , ‘’ Wis ketok lemes kaya ngene kok malah di
takoni wis manga napa durung. Ngece kowe !!’’, kelinci malah
nesu, kelinci tetep sabar. ‘’Iki mesthi ana apa – apa ’’ batine
kelinci . ’’ Aku njaluk ngapura ya. Cil yen aku ana salah. ’’ Aku
ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah. Mbok crita karo
aku, sapa ngerti aku bisa nulungi,’’ kelinci ngomong alus karo
nyedhaki kancil.

’’ Oooohhh dadi ngono to critane,’’ kelinci lagi ngerti


masalahe kancil’sak wise di critani kahananae, ’’Eh, ngerti
opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun. Aku
ngerti dhewe pas, PAK Tani nyabrang numpak prau. Pak Tani
nyangking timun gedhe-gedhe tur katon seger – seger ,’’
kelinci nerangake apa sing bardidelok. ‘’TUR ijo -ijo meling –
meling,’’ Ujar kancil , ‘’ ya wis aku tak mara rana …..! , ‘’ kancil
mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo
kelinci.
Kancil meneng. Ngadeg kaya patung. Ora Obah bapar
pisan sak tekane pinggir kali ana ing pingir desa. Dheweke
nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh bayane.
Saking luwene critane kelinnci ora dipikir akeh. Saiki dheweke
saya bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya. Tur
dhasare kancil ora isa ngalangi. Arep melu prahu mesthi ora
isa ngalangi. Kancil wis kondhang tukang nyolongi timune PAK
Tani, arep liwat kerteg gedhe kudu mlaku ndhisik telung dina
telung krucuk …..’’. Ora let suwe mripate abang mbranang
mbrebes mili. Iluhe netes. Nangis, ora sadhar,merga di surung
karo kahanan wetenge, kancil mlaku maju. Sikile mlebu kali
sithik mbaka sithik.

You might also like