You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wb
‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد‬

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro Kyai, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil
khusus dumateng panjenenganipun Almukarom Abah Ky. Nurkholis Selaku Pengasuh Pondok Pesantren Al Huda
ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 Barokah soho Do’anipun.

Dumateng panjenenganipun Gus. Fatkhur Rozaq, M.Pd selaku Ketua Pondok Pesantren Al Huda.

Dumateng Panjenengan nipun Ust. Muhammad Ngubaidillah Selaku Ketua Madrasah Takmiliyah Pon Pes Al Huda,
Mboten Kesupen Dumateng Sedoyo Dewan Pengurus Engkang Tansah Kawulo Hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan
dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka,
bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Rutin Khitobah Pondok Pesantren ingkang mboten wonten
alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito
ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah
meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan


Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an
Acara ingkang kaping tigo, Sholawat
Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
Acara ingkang kaping gangsal, mauidloh khasanah
Acara ingkang kaping nenem, do’a
Acara ingkang kaping pitu-penutup.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.


‫لرضا هللا تعالى ولشفاعة رسول هللا صلى هللا عليه وسلم‬

Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz
Muhammad Ngubaidillah, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng
Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko Sholawat nabi, ingkang bade dipun sampeaken deneng Ustz. Eva dan
Ustz. Ulfa dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun, mugio waosan sholawat meniko ndadosaken lantaran
kito sedoyo angal syafa’at e nipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amiin Amiin Ya Rabbal’alamin.

Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan

Sambutan ingkang sepindah, Dumateng Penjenenganipun Bpk Ust. Riki Ardiansyah kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo aturaken.
Sambutan ingkang nomer kaleh, Dumateng Panjenenganipun Ning Elly Rosdiana kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo aturaken.
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Gus. Fatkhur Rozaq,
M.Pd. Dumateng penjenengaipun wekdal sepenuhnya kawulo summanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb

You might also like