You are on page 1of 2

SAMBUTANN KELUARGA PENGANTIN WANITA

Assalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh


Wonten pangarsanipun poro alm ulama,bapak kyai soho ibu nyai,ingkang kulo mulyaaken,ugi dipun mulyaaken dening
ALLOH Subhanahu watangala.
Wonten pangarsanipun poro sesepuh,pinisepuh,aji sepuh, ingkang satuhu dahat kinabekten
Pangarsanipun bapak kepala desa Desa ………………… dalah perangkat desanpun lan lembaga desanipun ingkang
satuhu dahat kinurmatan.
Wonten ngarsanipun poro pangombyong kemanten kakung dalah keluargo ageng pun ingkang kinurmatan.
Ugi wonten ngrasanipun sedoyo poro rawuh ingkang sami kulo hormati.
Langkung – langkung pnanganten kekalih nun njih Mas……………..lan mbak………………..ingkang berbahagia.
Sakdereng ipun kulo ngaturaken nopo ingkang bade kawulo aturaken mangke, langkung rumiyen kawulo muji
syukur dateng Gusti Allah taala, ingkang sampun paring Rohmat ugi Nikmat dateng kito sedoyo sehinggo ing saat meniko
kito saget pepanggihan wonten puniko majlis kanti kawontenan ingkang aman boten wonten setunggal alangan.
Ingkang kaping kalih mugio sholawat ugi salam tansah katetepno dateng junjungan kito Nabi Muhammad ugi
poro ahli lan poro sohabat ipun sedoyo. Lan mugi-mugi kito ingkang rawuh ing majlis puniko saget angsal syafaat saking
beliau benjang ing dinteng kiamat. Amin ya Robbal alamin.
Poro bapak poro ibu hadirin sekalian.

Wonten ing mriki kwulo minongko wakil saking shohibul hajjah inggih meniko bapak
(.................................................) sekalian, minongko tyang sepuhipun mbak……………………….wontening meniko
kesempatan kaulo ngaturaken: “Marhaban ahlan wa sahlan bihudurikum, Sugeng rawuh, sugeng pepanggihan, dumateng
sedoyo tamu undangan lan sedoyo poro pengantar kemanten kakung saking …………………………… lan sedoyo poro
rawuh ingkang sampun rawuh wonten ing dalem ipun bapak ………………………….. mriki boten sanes kawulo ugi
ngaturaken matur suwun atas kerawuhanipun.
Ingkang selajeng ipun mbok bilih bapak ………………………… sekalian anggadahi kalepatan soho kekhilafan
sami ugi ngingingi anggen ipun caos penghormatan, anggen ipun nyediaaken papan panggenan, utawi anggen ipun caos
pasugatan ingkang arupi unjukan lan daharan, utawi kirang sopan, soho kirang berkenan tumrap penggalih panjenengan,
kulo suwun kanti kesadaran poro bapak lan poro ibu lan hadirin sekalian kersoho paring kemaafan lahir dan barin.
Poro bapak ibu lan hadirin sekalian,
Ingkang selajeng ipun nanggapi nopo ingkang sampun dipun dawuhaken bapak ………………….. ingkang
mewakili rombongan kemanten soho wakil saking tiyang sepuh ipun temanten kakung, bilih kolowau sampun
nyampekaken pinten-pinten amanat saking tiyang sepuh ipun kemanten kakung, ing antawis ipun inggih meniko kintu
salam ingkang katujuaken dateng besan mriki soho sedoyo poro tamu ingkang rawuh ing majlis puniko.
Pramilo kulo wakil ipun bapak …………………………. kulo jawab kanti ucapan: Waalaikum salam
warohmatullahi wabarokatuh
Lan amanat ingkang nomor kalih inggih meniko masrah aken pinanganten kakung ingkang nami mas
…………………………. dateng pihak keluargo bapak ………………………………….. soho sedoyo warga masyarakat
mriki, pramilo kulo wakil ipun bapak ………………………………………. kanti bungah ipun manah kanti ngucap”
Bismilah, Alhamdulillah, Tawakaltu nglalaloh la haula wala kuwata illa billah, Anggen ipun pasrah kulo tampi
kanti asto kalih, lan kanti marem ipun penggalih, bilih mas ……………………………… sak meniko sampun resmi dados
keluargo mriki,
Kulo sakeluargo nyuwun pandongo dateng poro rawuh sedoyo mugi-mugi kulo saget membina soho ndidik lan
anggulo wentah ingkang sak sae-sae nipun sesuai kalian syariat agami islam, supados mempelai berdua saget bentuk
rumah tangga ingkang barokah, sakinah, mawadah, warohmah, bahagia lahir batin slamet dunyo lan akhirat ipun. Amin ya
Robbal alamin.
Poro bapak poro ibu hadirin sekalian,
Kolowau inggih dipun sampeaken mbok bilih acara meniko mangke cekap soho sampun paripurno sedoyo poro
pengiring penganten kakung ugi terus nyuwun pamit lan terus kondur dateng dalem ipun piyambak-piyambak, ing mriki
kulo minongko wakil ipun bapak ……………………………., ngaturaken sugeng kondur lan boten saget nyangoni
punopo-punopo, boten saget betani punopo-punopo kejawi namung dongaaken mugi-mugi kundur ngantos dumugi dalem
ipun piyambak-piyambak tansah dipun paringi aman, lancar, wilujeng, mboten wontwn alangan punopo, Amin ya Robbal
alamin.
Kinten ipun namung mekaten ingkang saget kulo aturaken, awal ngantos akhir kirang langkung ipun nyuwun
agung ipun pangapunten, kulo akhiri....

Wabilahittaufik walhidayah wassalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.


SAMBUTAN KELUARGA PENGANTIN WANITA
Assalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh
Ingkang dhahat kinurmatan, panjengenanipun para alim, para ulama, para kyai, lan para ustadz Ingkang tansah
kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun.
Pangemban pangembating projo minongko pangayomaning para kawulo dasih ingkang satuhu pantes
sinudarsono.
Poro rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, soho poro sanak kadang mudo taruno, ingkang tansah
winantu ing suka rahayu.
Langkung-langkung Keluargo ageng temanten kakung dalah poro kadang pengombyong temanten saking ....
…………………. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Pinanganten kekalih nun njih Mas……………..lan mbak………………..ingkang berbahagia.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, kerana sih welas
miwah barakahipun engkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahingga wonten
menika wedal pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa.
Sholawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
pepanutaning umat sejagad nun inggih Nabi agung Muhammad SAW ingkang kulo panjenengan antu-antu
syafa'atipun wonten yaumil qiyamah.
Kulo aminangkani talang atur utawi wakil saking Bapa/Ibu……………………….. keparenga
tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ……………………… engkang sampun kepareng
hamasrahaken putro temanten.
Ingkang sepisan atas nami Bapa/Ibu………………….. sakaluwargo, kula ngaturaken sugeng rawuh lan
agunging panuwun ing sarawuh penjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung saking tlatah
………………………………… Mugi-mugi rawuh panjenengan meniko dadosa lantaranipun tambahing
pasedherekan antawisipun warga …………………………………… ngriki kaliyan warga
……………………………….
Kaping kalihipun menggah salam taklimipun Bapa/Ibu…………………………………. kula tampi lan
sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bapa/Ibu .... ……………………………….. katur dhumateng
Bapa/Ibu ....(sebut nama besan) dalah gotrah kulawarga.
Kula ikroraken kanthi atur " Wangalaikum salam warohmatullohi wabarokatuh
Salajengipun, keplasing sedya panjenenganipun amasrahaken putra temanten kakung Bapa/Ibu ....
………………. sakaluwarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, Nyuwun donga
pangestu, mugi-mugi pinanganten kekalih nun njih Mas……………..lan mbak……………….. sageda dados
pasangan ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah, bagya mulyo, guyub rukun, atut runtut, engkang mugi
tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan engkang saleh solehah,
migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami, lan negari saha tansah manembah ing Gusti kang murba ing
dumadi.
Panjenenganipun poro pengombyong temanten engkang satuhu kinurmatan,
Mawantu-wantu panyuwunanipun Bapa/Ibu ... (sebut nama tuan rumah) gotrah kulawarga, keparenga
andumugekaken anggenipun lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing meniko kanthi
mardu mardikaning penggalih, soho menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bapa/Ibu
……………………………… sakaluwargo nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning
pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur,
kulo namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-
baya, nir-wikara, nir-ing sambikala. Syukur-syukur samiyo kersa pinarak utaw mampir lan nyipeng utawi
nginep wonten panggenan kulo.
Ing wasono, kados kirang wicaksono menawi kulo matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kulo matur,
anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kulo pribadi tansah nyuwun agunging samudro
pangaksami.
Wassalamu'alaikum warahmatullohi wabarokatuh.

You might also like