You are on page 1of 3

AKBAR KECANDUAN NARKOBA

Alkisah diceritakne ing wayah muleh sekolah ono konco seng omong-omongan ing
tengah
dalan.

Azki : Heh, mengko sore nang omahku yo, ngerjakne tugas bahasa jawa!
Akbar : Aku gak iso, soale aku mengko sore ngaji.
Inas : Alim e ehh.
Azki : Oalah iyo wes, mene ae ngerjaknoe yo?
Akbar lan Inas : Iyo.
Akbar : Yo wes. Aku mulih dikek.
Azki lan Inas : Iyo bar, ati-ati.

Pas mlaku ape moleh, ing dalan Akbar diceluk karo bocah sing ora kenal.

Laga : He le le le reneo le!


Akbar : Wonten punapa mas?
Laga : Wes talah le reneo, tak kandani.

(Akbar marani Laga)

Laga : Iki lo permen, cobaken dikek enak iki.


Akbar : Permen napa niki mas? Emoh aku.
Laga : Wes talah, enak-enak. Durung nyobak ae wes ora gelem.
Akbar : Iyo mas. kene tak jajale.

(Akbar terus-terusan mangan permen iku, tibak e permen iku narkoba. Suwe-suwe
Akbar ketagihan, pas wayah e tuku Akbar ora duwe duwek. Akhire Akbar mekso
Ibuke.)

Akbar : Buk, njalok duwek buk.


Ibuk : Gawe opo to le?
Akbar : Penting iki! Pokok sakiki njalok duweke!
Ibuk : Ibuk gak duwe duwek le.

(Akbar langsung mlaku nang kamare Ibuke, dadakan langsung jukuk kotak
sing didekek ndek kamar e Ibuke, sing isine duwek lan mas-mas an.)
Ibuk : Oalah le le... iku celengan gawe sekolahmu mben!
Akbar : Yo mben lak iso golek maneh a buk, sakiki tak gae dikek aku yo perlu
nemen.

(Akbar mlaku cepet-cepet metu teko omah)


(Ibuke Akbar nelongso lan nangis. Anak siji-sijine wani nang Ibuke.)

Laga : Bar, wes onok ta duwek e? Iku lo permen e, ndi duwekmu!


(Akbar ngekekno duweke lan njupuk permen e)
(Sakulan sakwise iku, Akbar loro-loroen lan koncone ngerti kate nyambangi)

Azki : Mas Lag, Akbar loro tah?


Laga : lyo jarene, wes nemen kate mati koyoke.
Azki : Ojo muni ngono tah mas, omongan iku dungo lo.

(Inas mlayu-mlayu marani Laga lan Azki)

Inas : Heeehh......
Azki : Lapo to Nas kok mlayu-mlayu?
Laga : lyo i koyok bocah cilik ae!
Inas : Onok berita puenting iki!
Laga lan Azki : Opo?
Inas : Akbar wes mati, sek tas diumumno!
Azki : Innalillahi..
Laga : Loh cah kui mati tenan tibak e.
Azki : Yo wes ayo nglayat!
Inas : iyo ayo ki.
Laga : Aku melok Ga,ki.

(Azki, Laga lan Inas mlaku nang omah e Akbar)


(Ndek omah e Akbar, wes akeh wong seng podo nglayat, gak suwe Azki, Laga lan
Inas teko)
Azki,Laga Inas : Assalamualaikum
Ibuke Akbar : Waalaikumsalam
Inas : Bulek, turut berduka cita nggeh atas meninggalnya Akbar
Azki : Nggeh bulek, kulo mekanten.
Ibuke Akbar : iyo nak.. Bulek njalok sepuro yo, lek Akbar nduwe salah nang awakmu
kabeh.
Laga : Nggeh bulek, kulo nyuwun pangapunten menawi kata kalepatan dateng
Akbar.
Nathan : Kejadian gene iki ojo sampek kebalenan maneh.
Azki,Laga Inas : Nggeh Pak Lurah
Nathan : Iki plajaran gawe kabeh wong, narkoba iku gak apik gawe awak, gak onok
gunane/kaedahe, dadi kudu di adohi gak usah nyobak masio murah lan enak
rasane.
Azki,Laga Inas : Nggeh Pak....
Nathan : Lalek sampek onok mane wargaku sing nggawe narkoba, langsung tak
laporne nang polisi.

Azki,Laga Inas : Nggeh Pak Lurah


Nathan : Nggeh pun buk, kulo badhe wangsul rumiyin
Ibuke Akbar : Monggo pak. matur nuwun pun mriki
Nathan : Nggeh buk, sami-sami. Sugeng siang
(Azki, Laga, Inas lan Ibuke Akbar nyauri pak Lurah "Sugeng siang")

Laga : Bulek, ngapunten nggeh menawi kulo dados konconipun Akbar ingkang
mboten sae.
Ibuke Akbar : Oalah le.. wes kedadean kate diubah yo wes ora iso.
Laga : Ngapunten ingkang katah nggeh bulek.
Ibuke Akbar : yo le, ojo dibaleni maneh, iku bahaya iso-iso awakmu mati koyok Akbar.

Laga : Nggeh bulek.


Inas : Nggeh sampun bulek, kulo badhe wangsul rumiyin, sampun sonten.
Azki lan laga : Kula mekanten nggeh bulek.
Ibuke Akbar : Yo wes nduk, le. Suwun yo sek eleng nang Akbar, ojok ditiru kelakuane
Akbar.
Azki Laga Inas :Nggeh bulek,Assalamualaikum
Ibuke Akbar : Waalaikumsalam.

(Teko drama iku mau awake bisa metik pelajaran menawi narkoba kuwi ora on
kaedahe tapi malah nggarai mala, bisa nggarai mati. Mangkane iku ayo kita ngadohi narkoba
lan urip sehat lan seiantera.)

Akbar : Akbar Narayana


Ibuke Akbar : Gita Dewi Mayangsari
Pak Lurah : Nathanael Berthrand S
Narator : Adinda Yanuba
Koncone Akbar : Qolbiyyatul Azkiyah
-Inas Nada Zafira
-Laga citra piningit

DENING : NAFA’UL RIKA NUR CAHYATI


: REZA AYU ARDIANA PUTRI

You might also like