You are on page 1of 3

1000

“Dina setu iki wektune bayaran!!” sorak cah wadon nganggo seragam biru putih kang
ngendong tas cilike mlebu menyang jroning kamar.
Ceklek
“Assalamu’alaikum….” swara kang ora asing kanggo kendhang kupinge.
“Wa’alaikumsalam, ibuuuuu!!” cah wadon iku langsung mlayu metu kamar nemoni ibune.
“Ais, dhuwit minggu wingi isih ana ya?” ngendikane ibu.
Eseme Ais luntur krungu penuturan ibune. Piyambake ndeleng ibune karo rai sedhih lan
kedher.
“Minggu iki ibu ora gajian, dadi luwih sangu minggu wingi di sambung gawe minggu
ngarep ya?” ujar ibune saka arah pawon.
“N-nggih bu.” Ais ngrogoh sak rok birune, mung ketemu siji dhuwit sewu wae.
‘1000 gawe 7 dina? bisa ora ya?’ batine.
***
Esuk dinane Ais tangi esuk kaya biasane, piyambake nyiapake sangu kanggo mangan
awan, nanging wektu mbuka tudung saji
“Bu, ora ana lawuh utawa janganan?” pitakone
“Ibu ora ana dhuwit Ais, sarapan sega karo uyah wae ya?” ujar ibu menehake sepiring
sega kang wis dicepakke.
Ais nrimane karo sathithik ragu. Sanadyan piyambake wis kakean mangan kaya ngene,
piyambake kadhang mikir menawa kakean mangan uyah iku ora apik.
“Sangune gawa sega wae rapopo ya?” tutur ibu karo esem kang sathithik katutup dening
kebul.
“Mboten nunopo bu”
***
Saktekane ing ngarep gerbang sekolah, Ais weruh kanca-kancane sing diterake nganggo
montor karo wong tuane. Kadhang kala piyambake meri karo iku, nanging piye maneh,
kahanan durung teka ing Ais.
“Kapan ya aku bisa sugih kaya liyane?” ujare.
“Bisa dolan tanpa ngatekake wayah, sekolah mangkate diterake baline yo dipetuk, ora
perlu mlaku adoh,” pikire.
“Kena apa kowe ndelokke montorku?! kana lunga!” ungsir pawongan kang ngrasa
didelokake karo Ais.
***
Kabeh murid metu saka kelas kanggo lungo ing kantin, nanging ora arang akeh bocah
kang nggawa sangu mangan saka omah kaya Ais.
“Ihhhhh, sangu mangan apa kuwi?!” kanca sekelase nekani meja Ais lan ngala-ala
panganan sing Ais gawa.
“Sego thok!” ece kanca liyane.
“Pantes kuru, kurang gizi jebule.” Ais mung meneng ora nanggepi.
Alga nyedhaki meja Ais, banjur ngomong, “kowe kuwi bisa ora si, ora usah nganggu
wong?”
“Seneng tenan ngangguni wong!” Bagus melu nanggepi.
“Ngapa mbelani cah mlarat kaya dheweke?!” sentak Putri, bocah sing mau ngece Ais.
“Aku ora mbela sapa-sapa, namung ulah kowe kabeh gawe lara sirah!” jawab Bagus.
“Golek perhatian oleh, nanging ora usah bengak bengok, berisik!" cah wadon iku lunga
karo jengkel.
‘saumpama aku waninan kaya dening Alga lan Bagus, mesti dheweke kabeh ora arep
ngganguni aku meneh’ batine Ais.
***
Mulih sekolah jam 5 sore amarga sawise rampung les kanggo ancang-ancang ujian. Langit
ireng mendung lan tetes banyu wiwit mudhun. Dalanan sepi lan peteng, Ais mlaku cepet ben
ora kudanan.
“Ngopo si kabeh tega karo aku?”
“Apa amarga aku mlarat?” Ais mikirake iku sakdawane dalan mulih nganti ora ngatekake
menawa udan wis mudhun deres.
Ais ngeyup ing warung tuwa ora kanggo bareng wadon tuwa kang lungguh mbungkuk
karo tongkat dadi tumpuane.
‘duhh mbah putrine mesakke, aku ora nduwe dhuwit utawa panganan maneh,’ Ais
bingung.
“Nduk, apa simbah oleh nyilih dhuwit, gawe simbah mulih?” takon simbah kasebut.
Ais ping pirang-pirang ngrogoh sak seragame ngarep-arep ana keajaiban piyambake nemu
dhuwit, nanging ora ana. Piyambake mung nemu sekoin dhuwit 1000.
“Niki arto pungkasane Ais, kulo sukakke damel simbah mawon. Pangapurane menawa
mung 1000 rupiyah.” Ais menehake luwih sangune marang simbah kasebut. Simbah kasebut
nrima karo seneng ati.
“Alhamdulillah, matur nuwun nduk, muga-muga apa kang kowe karepake katekanan,
ngabekti marang wong tuwa, tansah bersyukur karo nikmat secilik apa wae iku, lan kudu
legowo karo kahanan kang wis ora bisa dibenahi maneh,” ucape. Ais manthuk melu ndonga.
“Saka kene, kowe arep menyang ndi?” takon simbah.
“Wangsul tindhak ngriya mbah,” jawab Ais sathithik lesu.
Simbah iku njikuk tangane ais, banjur ngomong, “ora kabeh wong sampurna, amarga
kasampurnaan mung duwene Gusti Allah.” Ais gumuyu tipis.
“Nggih mbah, Ais tansah kemutan pesen simbah. Ais wangsul rumiyin nggih mbah,
assalamu’alaikum!!” Ais nyalimi geger tangan simbah iku sadurunge lunga.
“Wa’alaikumsalam, kowe bocah kang apik,” ujare.
***
Kenangan manis iku isih Ais eling nganti wektu iki. Ing ngendi saiki uripe wis obah 180
derajat saka sadurunge.
Tok..tok..tok..(swara ndodok lawang).
“Nuwun sewu bu, iki ana pira-pira berkas kang perlu di tandha tanggani,” ujar pawongan
sinambi ndelehake pira-pira berkas ing dhuwur meja.
“Delehake ing kono wae mbak, mengko aku tandha tanggani.” dheweke kabeh padha-
padha ijolan esem, sadurunge piyambake metu saka ruwangan.
“Pancen bener anane, menawa awake dhewe ora bisa legawa karo kahanan kang wis ora
bisa dibenahi maneh, awake dhewe mung arep berlarut-larut ing jerone nganti lali menawa
kauripan iku isih dawa,” ujare karo nyawang metu jendhela kang langsung madhep menyang
arah kutha.
Ting! layar hpne murub ngetokake ana pesen sing mlebu.
“Mangan dhisik sayang, aja nyambut gawe terus” piyambake maca pesene.
“Iya bu, aku sayang karo ibu” balase.

You might also like