You are on page 1of 4

ِ ‫ض َّل لَ حه ومن ي ح‬ ِ َ‫هلل ِمن سروِر اَنح ُف ِسنَا وِمن سيِئ‬

ِ ‫ من ي حه ِد هللا فَ ََل م‬،‫ات اَ حعمالِنَا‬ ِ ِ ِ ِ


ُ‫ضللحه‬ ُ ‫ََ ح‬ ُ ُ َ ‫َ َح‬ َ ‫َ ح‬ ‫ َونَ ُع حوذُ ِِب ح ُ ُ ح‬،‫اَ حْلَ حم ُد هلل َحَن َم ُدهُ َونَ حستَع حي نُهُ َونَ حستَ غحف ُرحه‬
ِ ِ ِ
‫ قال هللا تعاىل ىف القران‬،‫ِب بَ حع َد حه‬ َ ‫ اَ حش َه ُد اَ حن ََلالَهَ اََّل هللا َو حح َدهُ ََل َش ِريح‬،‫ي لَ حه‬
َّ َِ‫ َواَ حش َه ُد اَ َّن ُُمَ َّم ًدا َعبح ُدهُ َوَر ُس حولُهُ ََلن‬،‫ك لَ حه‬ َ ‫فَ ََل َهاد‬
‫ اما بعد‬.‫اجا لِتَ حس ُكنُ حوا اِلَحي َها َو َج َع َل بَ حي نَ ُك حم َم َو َّدةً َوَر ححَ حه‬ ِ ِ ِِ ِ
ً ‫ َوم حن اَ ََيته اَ حن َخلَ َق لَ ُك حم م حن اَنح ُفس ُك حم اَ حزَو‬: ‫الغزيز‬

Hadlrotan Nujaba’il kuroma’ wonten ngarsanipun Poro Alim, Romo-romo Kiyai, Poro sesepuh
dalah pinisepuh soho aji sepuh ingkang satuhu dahat kinurmatan soho ingkang tansah
satuhu kinabekten.

● Fadilatal Muhtaromiin

✓ Panjenenganipun al-Mukarrom
✓ Ingkang kawulo hurmati petugas pencatat Nikah Kantor Urusan Agama Kecamatan Dawe
Bopo H. Abdul Malik
✓ Mboten kesupen Shohibul Hajah Bopo Ari Tusiyono dalah Ibu Uswatun Chasanah
ingkang tansah kitho hurmati.
✓ Poro Bapak, poro Ibu, poro Sederek, tuwin poro penderek pinangganten kakung, ugi poro
tamu undangan kakung sumowono putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkani purwakaning atur sumonggo kulo tansah dereaken angaturaken puji syukur
Alhamdulillah wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho
lumeberipun rohmat taufiq soho hidayahipun, kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal
manunggal wonten setunggal majlis, saperlu derek-derek maringi do’a restu soho ayekseni
wontenipun acoro aqdun nikah wonten enjang puniko, kanti kawontenan wilujeng nir ing
sambikolo kalis ing beboyo.

Sholatullahi wa salamuhu mugi katetepan wonten ngersanipun junjungan kito Nabi


Muhammad SAW. Lumebering dumateng shohabat ipun, sageto mahanani dumateng
panjenenganipun ingkang hamangku gati bopo H. Mas’udi dalah Ibu Hj. Muthi’ah ingkang
enjang puniko badhe angklampahaken darmanipun kasepuh nun injih anikahaken putro
estrinipun ingkang asesilih Roro Ayu ROSSYANA LATIFATUL FAJRY, Putri Bopo Ari
Tusiyono dalah Ibu Uswatun Chasanah Lau Dawe Kudus., kadaupaken kaliyan Kang Mas
Bagus AHMAD ANTON WAHYUDI., putro kakungipun Bopo Noor Said dalah Ibu Sufiyah
Saking tlatah Bulung Kulon Jekulo Kudus, ing pangajab, mugio aqdun nikah sak mangke
dadoso aqdun mubarokun maimun ing akhiripun dodoso keluarga ingkang sakinah
mawaddah warohmah soho nuwuhaken durriyatan thoyyibah putro putri ingkang sholih
sholihah kanthi do’a pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin Ya Robbal
Alamin.
Saking puniko sak estu saking keluargo anggaturaken matur nuwun sanget ingkang tanpo
upami atas kerawuhan soho barokah do’aipun panjenengan sami, inggih saking keluargo
namung andunga’aken mugio kerawuhan panjenengan sedoyo leres-leres dados amalan
sholihan maqbula kanthi atur jazakumullah ahsanal jaza’ jaza’an katsiro Amin ya Robbal
Alamain. Kejawi saking puniko, ingkang hamengku gati, mbok bilih anggenipun nampi
karawuhan panjenagan sami sajak wonten pahormatan ingakng mbten trep tuwin wonten
perkawis ingkang sajak mboten ngeresepaken penggalih panjenengan sedoyo, inggih keluargo
nyuwun gunging samudro pangak sami. Poro rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan,
minangkani murottibul maudhu’at keparengo kawulo angatoraken menggah tartib soho
urutan adicoro AQDUN NIKAH ingkang badhe kalampah wonten siang puniko :

▪ Adicoro urut sepisan (1) nun injih PAMBUKO UTAWI IFTITAHUL MAJLIS bil fatihah,
Kasuwun barokah Iftitah dumateng panjenenfanipun …….
▪ Adicoro urut kaping kalih (2) WAOSAN AYAT SUCI AL QURÁN kaaturaken dumateng
panjenenganipun Bopo H. Syafi’i
▪ Urut adicoro ingkang ongko (3) inggih puniko ATUR KHUTBAH NIKAH kalajenganken IJAB
QOBUL ingkang sak mangke badhe kaaturaken dumateng panjeneganipun Bopo H. Abdul
Malik petugas saking Kantor Urusan Agama Kecamatan Dawe
▪ Urut adicoro ingkang ongko sekawan (4) inggih puniko DO’A NIKAH, kasuwun barokah
do’aipun dumateng panjenenganipun Bopo H. Abdul Malik petugas saking Kantor Urusan
Agama Kecamatan Dawe
▪ Urut adicoro ingkang ongko gangsal (5) inggih puniko PEMBACAAN SHIGOT TA’LIQ
▪ Prastowo sak cariikipun nun injih adicoro ingkang ongko nenem (6) Penandatanganan soho
penyerahan BUKU NIKAH saking petugas Kontor Urusan Agama Kecamatan Dawe.
▪ Adicoro ingkang ongko pitu (7) temu pinanganten.
▪ Kalajengaken adicoro ingkang ogko songo (8) nun injih panutup utawi Ikhtitamul Majlis.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan, mekaten menggah urutan adicoro engkang
sampun rinakit deneng sedoyo kulowargo. Dumateng poro Romo-romo Kiyai, poro Haba’ib
soho poro Ustadz kasuwun angklenggahi soho aninda’aken adicoro kasebat kanti tartib wan
nidhom soho kaaturaken matur sembah nuwun. Saking kawulo wal afwu minkum
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

You might also like