You are on page 1of 2

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng
ngarsanipun Allah SWT.

Dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan kenikmatan dumateng kulo
lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing
puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh.
Niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at.

Mboten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten
ing dunyo utawi akherat.

Mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking
panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi
sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih
puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal
wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin.

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa
Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah.

Kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun
Kanjeng Nabi lahir dipun wastani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten
zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah.

Tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak,
maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng
mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan,
lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi
wong mlarat. Bangkrut.
Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek
nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu.

Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek
musuh.

Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental
bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti.

Kanjeng Nabi pun dawuh:

(‫ (رواه أحمد‬. ‫ِإَّنَم ا ُبِع ْثُت ُأِلَتِّمَم َم َك اِرَم اَأْلْخ َالِق‬

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam
mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang
ngantos seluruh dunia.

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi
dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-
mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken
kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

You might also like