You are on page 1of 8

SHOLAWAT JIBRIL

Nrimo ing pandum Nglairno totoane nyowo


Kangggo anak wong tuwo rido
Kerjone wong tuwo iko soro
Nggak ngerti wengi klawan rino mulakno ojo digawe loro
wong tuwo kunci sukses ndonyo
sing wis mati ayo di dungakno
kubure podo ziaroh ono dungane anak sing di jagakno
entenge sikso munggah suwargo

pangeran katomunyo wong tuwo atine ojok mbok sio sio


mulakno senengno lan dungakno supoyo uripmu oleh rido
atine jogoen kang utomo butue ayo ndang cukupono
karepe ayo ndang lak sanakno mergo pengcape iku sabdo
sangang bulan 10 dino ngandung siro nang alam garbo

kawit cilik bapak ibumu mikiraken lan nyukupi sandang papan kanti temen
mulo siro wajib bekti kani temen
piuture wong tuwo di gateno aken

bapak ibumu angerteni marang siro susah payah lan nyukupi butuh iro do elingono
marang welase wong tuwo mulo siro ojo sembrono
bapak ibu wes ngrumati rino wengi susah payah ngandung niro sangang sasi
mulo siro ojo lali mbales budi ojo wani wani marang dawue gusti
Naliko menungso wes tumekane pati
baa pedot amal ora ono ganti kejobo telong perkoro
kang wegati sopo pingin slamet ayo digondeli
Kang sepisan rupani amal jariyah ngetokake bondo
kroon sabilillah biso nolak kabeh bolo lan msibah
nekakake rizki kang jembar ln berkah
Ilmu kang manfaat iku kapindone kanti taklim
marang wong kang alim ngimulne sebab ilmu dadi pepandang
uripe insyaallah slamet dunyo akherate
duwe anak soleh kang pungkasan bagus pakertine lan budine
wadain njunjung dowor bapak ibune
sekalian mendem njero. Urib ono dunyo iku ora suwe
ojo ganti getun ing tembe mburine

nalikane menungso wis den jabut nyaane bakal pedot


ngamale kejobo 3 perkarane
siji amal jariyahe kang dadi paringake kanti iklas niate
bakal langgeng ganjarane
loro ilmu manfaat kang wis den wulangake
di ngamal ono ndunyane bakal entuk ganjaran e
telo anak kang soleh kang gelem
ndungak ake marang wong tuwo lorone gawe mjembar kubure
gusti allah dawuh sejastine mati
mbesok nang akhirat ake sing njalok bali
pingin arep ibadah bekti marang gusti
sakwise ngalami kebendu sing miris miris
kanjeng nabi dawuh sejatine mati sak wise mati getuni kapati pati
setitik sing amale apik getune mung setitik
sing amale olo getune tumindak murko
mumpung isih urip ayo podo ngati ngati
ayo diakei anggon bekti marang gusti.

Wulan romadhon tumurene kitab alquran


tanggal 17 ditumurunake ayat wahyu kang kawitan
kanggo pedoman tuntunan soho panutan
wulan kang penuh berkah lan campuran
Puoso ramodhon rukun islam kang kaping 4 sopo puoso dingapuro duso kang wis
liwat amale ibadah ganjarane lipat lipat
biso njogo hawa nafsu lan sahwat
Puoso ramadhon setahun naming sak wes wajib tumindakno kang netepi syarat
Kanggo wong islam mugi kito sedoyo saget netepi
kwajiban ngakehno ibadah ono ing bulan romadhon
Lalatulqodar mung ono ing wulan romadhon luwih mulyo tinimbang 1000 bulan
Podo tumurune malaikat ora itunge 10 dino kang akhir ono wulan romadhon
Saben malam jumat ahlikubur muleh nang umah
Kanggo ngarep ngarep dungo mocoquran snajan sak kalimat nangging ora dikirimi
banjur mbalik mbrebes mili balik kuburuan mangku tangan tetangisan
Kebacut ten kowe anakku kowe ora wirang podo mangan tingalanku lamu aku biso
balik nang alam ndunyo bakal bakal tak kandani nger soro nang alam barzah
Tego kowe marang aku wong tuwomu tngisk pating claret ning kuburan ora leren
leren sepiro abote yen fatekah mbok ucapne bebunga atiku ngurangi siksoku

Awargo tansah mengo lawange dicawisake kanggo sopo wae


Sing kuwat imane lan becik amale rikolo urip nang alam ndunyone
Tiket swrgo regane murah nagging akeh sing wegah tumindak becik angel lakonane
akeh godane lan rintangane sing kuwat iamane slamet uripe.

Oraono ati sumeleh


Tansah nongso nongso uripe nuruti kowe nafsune bakal getun tembe mburine
Yen rumongso nrimo pandume iku dadi pepastine nrimo takdir
opo ananne allah paring sekabehane

kuncine lawawang swargo ora ono lafad ;iyo laillah haollaloh


gusti allah kulo nyekseni mboten wonten pengeran maleh kejawi panjenengan gisti
kang moho agung
ajine menungso
podo eling sanakkadang ojo siro lali
iling dhikir marang pangeran iku biso dadi dalan
lelakune dalan budi pekerti manggon ono sirinengbati
senajan abot dilakoni gusti allah kang maringi

mulane ojo ngersulo yen nyandang kemelaratan


setuhune mlarat lan sugeh iku gelar mung sesaat
watak nerimo ono ing pandum dadi kekasih ing pangeran
nyandang ake wong kang kurang ngolek wowo kanggo nyandang

*
ojo dumeh ayu banjur do kemayu 2X
ngeling ono tuwomu kampong ora payu 2X
ojo dumeh mlarat banjur ora gelem sholat 2X
mlarat yen ora sholat rugi ndunyo lan ahkerat

ojo dumeh sugeh banjur do semugeh 2X


bondo iku mung nyileh besok bakal muleh

*
Di kentongi di adzani ora teko iku arane wong bakal ciloko 2X
Dawuh kanjeng nabi sak kabehane umat 2X islam
Ojonganti ninggal sholat , ninggal sholat iku siksane berat
Mbesok yen yen wis ononing alam akherat.

*
Swargo panggonane wong mulyo
Mongg kito mogo sami ngibadah
Mumpung durum di cabut nyowo…
Neroko isine mowo panase pitung perkoro
Anak putu ayo nyuwun pangapuro
Dating gusti kang moho kuoso

*
Do ilingo iki jaman wes tuwo
Tutunan agoo podo di anggep
Kuno lakonono ajarane wali
Sing orakerso ojo nyacat ojo ngino ajarane wali werno 2X
Dzikir tahlil kirim dungo lakono
moco qu’aran lan sholawat kulinakno ziaroh
kubur ojo nganti di lalekno poro menungso

wis kebukten rikolo zaman semono akeh poro manungso


nyembah berholo banjur sadar laku musrik ditinggalno
podo nyerek ajarane wali 9

*
Sopo wonge wani ninggalake sholat titenono yen siro
Lagi sekarat loro banget nganti ora biso sambat
Ditekani pirang pirang moloikat
Sak uwise mati dikubur di tinggal lungo
Ditekani moloikat teko gowo alat sikso
Mulo ngati ati sikso urip ingalam ndunyo.
( rukun islam ) tombok ati
Allah humma sholiala wasali …………………………………

Eling 2X wong urip bakale mati ojo bunga


marin dunyo mulyo mukti luru ilmu
wong ibadah ingkang ngerti murid
amal miwit urip tumekani pati

wajib pasrah wong ngandel marang pangeran sarto nderek


marang nabi kang pungkasan rukune islam iku limang perkoro
ingkang dingin ngucapaken syahadat 2X

kaping pindo majeng waktu kudu sholat


kaping telu lamun sugeh lamun sugeh aweh zakat
pingkaping 4 puoso wulan rhomadon
kaping 5 munggah haji lamun kuoso

*
Hey sedulur sak wishe krungu adzanojo podo tetungkul omong omongan
Enggal enggal podo wudlu terus sholat jamaah nglakoni kesunahan
Sholat Sunnah ojo nganti ketinggalan imam
sinambi puji-pujian imam teko dikhomati terus sembahyang ojo bubaryen
durung sampung wiridan.
*
Rikolo poro menungso adoh soko poro ulama
Gusti allah bakal paring cubo …
Balak musibah telung paerkoro
No 1 ilang berkahe … saking kabeh rezekine …..
No 2 pimpinane lali marang tanggung jawabe…
No 3 rupone cobo wong kadoh soko ulama …
Bakal ninggalake donyo tanpo iman kang sempurno
Ya allah gusti kulo yuwun gesang ingkang isthikomah ..
Ya allahgusti kulo yuwun mbenjang pejah
Khusnul khotimah..

*
Iseh cilik diulang ngaji suk lek wis gede supoyo ngerti
Ngaji iku gampang syarate asal manut marang gurune
Agomo islam agomo suci sopo orangaji bakale rugi –rugi
Ndunyo ora dadi opo rugi akherat akherat mlebu neroko
Neroko iku arupo geni yen disikso mari mari
Mulo konco ayo konco podongaji mumpung durung ketekan pati.

You might also like