Professional Documents
Culture Documents
Babad Pritdandun
Babad Pritdandun
Sakwijining Dina ana mbok Randa duwe anak lanang siji jenenge Pritdandun.
Wayah esuk Pritdandun menyang ngalas sangu tulup arep nulup manuk dinggo lawuh. Nang alas
Pritdandun pethukan manuk sing Isa omong.
"Prit, Pritdandun. Sira aku tulupen. Aku manuk Gudali. Iwakku legi wangi."
Plup, pleper...
Manuk Gudali mabur golek pencokan nang pang uwit Jambu, banjur ngece Pritdandun maneh.
Pritdandun mlayu ngoyak ebure manuk Gudali lan siap-siap arep nulup.
"Prit, Pritdandun. Sira aku tulupen. Aku manuk Gudali. Iwakku legi wangi."
Plup, pleperr...
Bola-bali Pritdandun luput nulup manuk Gudali sing terus nyanyi-nyanyi sajak ngece deweke. Nganti
titi wancine manuk Gudali kasil ditulup Pritdandun sing sabar ngenteni lenane manuk Gudali. Banjur
digawa bali. Dimasak ro mbok Randa dinggo lawuh Pritdandun kabeh, mergane sadurunge mati
manuk Gudali pesen: Masaken dagingku lan sing mangan kudu Pritdandun dewe. Pritdandun
mangan telap telep merga saking ngelihe. Mbok Randa ngalahi mangan lawuh tempe garit merga
deweke wis seneng weruh anak lanange bali kanthi slamet lan mangan seka usahane dewe. Sauwise
madang Pritdandun banjur turu merga saking kesele sedina oyak-oyakan karo manuk Gudali.
Ing tengah wengi Pritdandun dumadakan tangi merga wetenge krasa ora beres. Pritdandun krasa
kebelet ngising, banjur mlayu nang kebon, nanging ora bisa metu. Pritdandun banjur mlayu menyang
kali, nanging tetep wae regedan neng wetenge ora bisa metu. Pritdandun bai menyang omahe.
Sambat ro mbokne.
Mbok Randa dionek-onekne tangga teparone merga darani ngece lan diaggep wis edan. Nanging
mbok Randa tetep berusaha demi anake sing ditresnani: Pritdandun. Mbok Randa isih ndodog saben
lawang omahe tangga. Dok...dok..dok..
Tengah wengi kuwi kahanan dadi rame, merga kabeh tanggane pada metu karo muni-muni. Merga
keganggu mbok Randa sing golek silihan kasur. Nganti Bu Lurah melu metu.
Mbok Randa metu ngomah, Pritdandun ngising nang kasur. Pritdandun mulai ngeden.
Hegghh...heegghh...klunthing...krimpying...Hegghh...krimpying...krimpying...krompyang...kromoyang
...krompyang...Krompyangg...
"Mbook...Simbok mrenea! metune duwit emaas mbok. Aku ngising emas Mbok...!!"
Mbok Randa kaget campur seneng merga weruh duit emas sak gunung ngebaki kasur.
Singkat kacarita saiki mbok Randa dadi sugih. Tangga teparone pada kisinan. Bu Lurah melu seneng.
Mbok Randa lan Pritdandun kerep mbantu warga desa lan kanggo kemajuan desane.
****
Ana nom-noman liya sak desa jenenge Joko Bodho gaweane tura turu lan madang. Ing wayah esuk
mbokne Joko Bodho wes grubyakan asah-asah lan nggoreng tempe garit nang pawon. Joko Bodho
sing isih turu ngorok dumadakan tangi merga ngambu tempe garit digoreng.
Joko Bodho menyat seka amben mlaku nang Pawon njupuk sego lan tempe garit lima. Nang duwur
amben Joko Bodho madang ngethemul. Kaose disampirne pundake.
2
"Mbok, aku wes Wareg. Saiki aku arep nyeneng-nyenengne kowe mbok"
"Welha... dingaren gelem obah kowe Le? Lagi kangslupan demit pa?"
"Ora mbok. Aku sadar. Saiki aku tak menyang ngalas golek manuk ben isa sugih kaya Pritdandun."
"Ya Le, sing ati-ati nang ndalan"
Joko Bodho njupuk Plinteng, dikalungke gulune njur mlaku menyang ngalas, golek manuk. Joko
Bodho mlaku turut dalan, sithik-sithik ongap-angop lan ngelus-elus wetenge sing mbetotong. Kaose
isih semampir nang pundake.
Joko Bodho ora isa nahan ngantuke, pikirane ming arep turu nangisor wit gede. Tekan pinggir kali
Joko Bodo leren lingguh nangisor wit Randu. Angin sing semilir marai Joko bodho langsung ngorok..
Groook...grookk...grookk...grookk...Grookk...grookk...
Saking nglintegke sing turu, ora kerasa yen srengenge wis mlaku mengulon. Joko Bodho tangi lan
kaget, merga krasa nek wis Sore. Deweke durung oleh manuk siji sijia. Joko Bodho ora gek ndang
menyang alas, malah isih klesetan.
Dumadakan Joko Bodho weruh Pitik Babon Dere liwat nang ngarepe. Ora nganggo mikir dawa Joko
Bodho langsung njupuk plinteng. Pitik Babon Dere sing lagi wae liwat mau diplintheng kena endase.
Keookk...keeookk...keookk...kekkk..kkkk..
Pitek Dere sing statuse pitike mbok Narto Djenar mau kejek-kejek nang lemah awake lemes banjur
mati. Joko Bodho marani Pitek sing wes mati mau, digawa muleh arep dimasak mbokne. Saktekane
omah Joko Bodho marani mbokne sing lagi masak nang pawon.
Joko Bodho klekaran nang amben nunggoni Mbokne olah olah pitek Dere. Ora let suwe Joko Bodho
wes ngorok maneh.
Grokk...grook...grookk...grookk...
Joko Bodho tangi mak gregah ngambu iwak pitek goreng lan krungu nek wes mateng.
"Haaaeeegghh....hhaaegghh... aku wes wareg mbok.. saiki tak turu neh ya Mbok.."
3
"Ya, Le cah Bagus. Kana gek mapan"
"Mengko bengi nek wes kebelet ngising aku mesti tangi mbok.."
Joko Bodho mapan turu nang amben. Let sedelo uwis ngorok maneh.
Grookk...Grrookk...Grrookk...Grookk..
Nganti tengah wengi kliwat Joko Bodho durung tangi. Jago-jago padha kluruk pratanda wayah esuk,
nanging srengenge durung mencungul. Dumadakan Joko Bodho tangi merga krasa kebelet ngising.
Mbokne gage metu raup nang padasan banjur nembung nyilih kasur tanggane sing wis dha sibuk
reresik latar.
Turut dalan desa mbokne Joko Bodho bengak bengok golek silihan kasur.
"Sederek-sederek nuwun sewu. Kula badhe ngampil kasur kagem bebuwang putra kula Joko Bodho."
Ora let suwe wong wong desa rebutan pingin nyilihi kasur.
Kabeh pada nawakne kasure kanggo ngising Joko Bodho. Mbokne Joko Bodho bingung milih kasur
sing arep digawa muleh.
"Sederek sederek awi sesarengan teng griya kulo. Kasure dibeta piyambak-piyambak nggih."
Wong-wong ndesa rame-rame ngusung kasure digawa menyang omahe Joko Bodho. Kabeh pada
pingin kasure diisingi Joko Bodho. Kabeh mbayangne bakal oleh duit emas akeh.
Kasure ditata tarik-tarik ana njero omahe Joko Bodho kebak, banjur kabeh nunggu nang latar.
"Wis kana mbok kowe metu disik aku arep ngisingi kasur mbaka siji."
Joko Bodho kaget mergane sing metu dudu duit emas. Deweke mlangkah nang kasur jejere. Ngeden
maneh.
Heeegghh...heeghh..blekothott...brroott..mblekothot..brroott...
4
Joko Bodho kasil ngisingi kabeh kasur. Sing metu dudu duit emas nanging telek uwong.
Ora let suwe Joko Bodho metu saka omahe. Wong wong ndesa gage mlayu nggrudug mlebu omahe
Joko Bodho.
Kabeh padha kaget. Kabeh padha nutupi irunge. Kabeh padha muring-muring. Malah ana sing gumoh
manggon.
Wong wong ndesa nesu-nesu marani Joko Bodho lan Mbokne sing deleg deleg nang latar. Kabeh arep
ngantemi Joko Bodho nanging Bu Lurah teka ngalang alangi.
"Uwis! Uwis! uwis! Saiki meneng kabeh! Joko Bodho lan Mbokne ora salah! Kowe kowe kabeh sing
salah merga duwe milik pingin oleh duit emas."
"Saiki kabeh ora kena nesu. Kabeh kudu nampa kahanan sing nyata. Kasure dijupuki dewe-dewe arep
mbok resiki utawa dibuang kali sak karepmu."
Wong wong ndeso manut ngendikane Bu Lurah. Kabeh pada njupuki kasure dewe-dewe.
Kasur pirang-pirang kintir kintir nang kali. Wong-wong ndesa pada muleh nang omahe karo
grundelan. Awake lemes lempe-lempe kaya Gatotkaca ilang gapite.